You are on page 1of 2

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GANJIL

SMP NEGERI 4 BABAT


KELAS
TAHUN PELAJARAN 2021/2022
MATA PELAJARAN : B. JAWA IX
HARI / TANGGAL : Selasa, 19 Oktober 2021 ABCD
WAKTU : 60 MENIT

Gatekna wacan ing ngisor iki!


REKAYASA UWUH

Uwuh sing ana ing masyarakat bisa kaperang dadi loro, yaiku uwuh organik lan
anorganik. Uwuh organik yaiku sawenehing uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip-
uripan, upamane sisa panganan, godhong, lan liya-liyane. Dene uwuh anorganik yaiku uwuh
sing dumadi saka proses prodhuksi kanthi cara kimia, upamane wesi, kaca, plastik, lan liya-
liyane. Sakabehing uwuh mau menawa ora diopeni kanthi becik mesthi nuwuhake ambu sing
ora enak lan pungkasane bisa nyebabake lelara.
Kanthi nggunakake Teknologi Tepat Guna, uwuh sing ana ing masyarakat jebul bisa
migunani maneh. Ngupaya uwuh iki bisa kaperang dadi telu, yaiku kanthi didhaur ulang,
didadekake kompos, lan didadekake barang dadi utawa barang kerajinan. Ngupaya uwuh
kanthi dhaur ulang biasane awujud uwuh sing arupa uwuh anorganik. Dene carane nggawe
dhaur ulang iki kanthi diobong banjur sisane obongan didadekake lemah urug. Cara kaping
pindho yaiku uwuh didadekake kompos. Nggawe kompos iki bisa kanthi cara nglumpukake
uwuh organik banjur ditutup kanthi rapet. Sawise uwuh organik bosok dadi lemah, sisa uwuh
mau bisa digawe rabuk tetanduran. Kaping telu nggunakake uwuh supaya dadi barang
kerajinan. Nggunakake uwuh supaya dadi barang kerajinan iki bisa awujud saka uwuh organik
lan uwuh anorganik. Uwuh organik bisa didadekake barang kerajinan upamane tas saka
enceng gondhok. Uwuh anorganik upamane plastik bungkus panganan bisa digawe tas utawa
barang kerajinan liyane. Sing cetha menawa masyarakat bisa kreatif, uwuh sing maune dadi
reretu saka rekayasa malah bisa miguna lan nduweni nilai tambah.

A. Wenehana tandha ping (X) ing wangsulan kang bener!


1. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur ....
a. jinise uwuh
b. rekayasa uwuh
c. paedahe uwuh
d. bebayane uwuh

2. Uwuh bisa kaperang dadi ....


a. 2
b. 3
c. 4
d. 5
3. Uwuh organik bisa diolah dadi ....
a. kompos
b. bahan urugan
c. fosil
d. watu akik
4. Plastik, wesi, kaca kalebu uwuh ....
a. organik
b. anorganik
c. campuran
d. Gas
5. Uwuh sing ora diopeni kanthi becik bakal nuwuhake sakehing masalah kajaba....
a. ambu ora enak
b. lelara
c. reretu
d. kompos
6. ’’Simbah arep lunga menyang endi?” ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama alus ....
a. Simbah arep tindak menyang endi?
b. Simbah arep kesah menyang endi?
c. Simbah badhe kesah menyang pundi?
d. Simbah badhe tindak dhateng pundi?

7. ”Uwuh sing maune dadi reretu saka rekayasa malah bisa miguna.”
rekayasa dasanamane ....
a. usaha
b. budidaya
c. milihi
d. polah gawe

8. Fadhila saiki kelas 9. Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa....
a. ?pdilsaikikels\ ;9.

b. ?pdilsaikikels\ ;9.

c. ?p+dilsaikikels\ ;9.
d. ?p+dilsaikikels\ :9.

9. ?surti,p+niyhpdsinaunulisJw. Ukara aksara Jawa iki unine....


a. Surat paniya pada sinau nulis.
b. Surati paniyah padha sinau nulis Jawa.
c. Surati,faniyah padha sinau nulis Jawa.
d. Surat,fani iya pada sinau nulis.

10.Yen nulis angka Jawa lumrahe migunakake....


a. pada pangkat
b. pada lungsi
c. pada lingsa
d. adeg-adeg
11.Basa sing digunakake ing pacelathon dhuwur ....
a. ngoko lugu
b. ngoko andhap
c. krama
d. krama ndesa

2. Sing bisa nggunakake basa ngoko lugu yaiku .............


a. Wong anom marang wong tuwa.
b. Siswa marang gurune.
c. Guneman marang wong sing lagi kenal.
Kanca sapadha kanca kang wis akrab banget.

A. Wangsulana sing patitis !

1. Tulisen nganggo aksara jawa : Fara tuku sepatu


2. Coba ukara ing ngisor iki rubahen ngonggo basa krama alus :
Adikku melu bapak menyang toko tuku klambi

You might also like