You are on page 1of 4

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Pentingipun Bantu-Binantu ing

dalem Kesaenan

Poro hadirin, jamaah sholat jumat ingkang minulyo, monggo kito tansah ningkataken ketaqwaan
dumateng Allah subhanahu wa taala. Ateges ngelampahi sedoyo perkawis ingkang dipun
perintahaken dening Gusti Allah, soho nebihi sedoyo awisanipun.

Hadirin jamaah sholat jumat ingkang dipun mulyaaken Allah. Salah setunggalipun sikap ingkang
paling penting lan dados kesempurnaan wonten ing agami Islam inggih punika sikap peduli utawi
tolong-menolong dateng sesami. Bantu-binantu ingdalem ngelampahi kesaenan. Sami ugi puniko
arupi bantuan materi, pikiran, utawi tenagi. Awit kito sedoyo dipun titahaken dening Allah dados
makhluk sosial ingkang mesti betahaken bantuanipun tiyang sanes.

Kagem dahar misalipun, kito betahaken petani ingkang nanem pantun, nanem brambang bawang,
lombok, sayuran, lan sakpanunggalanipun. Kagem nyandang kitho ugi betah tiyang ingkang nanem
kapas, ingkang nenun, ugi tiyang ingkang ahli njahit. Tiyang miskin betahaken pendamelan saking
tiyang ingkang gadah lapangan pendamelan. Sakwangsulipun tiyang ingkang dados pengusaha ugi
mesti betah tenagaipun buruh. Tiyang ingkang sakit betahaken ilmunipun dokter, tiyang bodo
betahaken ilmunipun poro ulama, lan tasih katah conto lintunipun, ingkang sedoyo nedahaken bilih
kito sedoyo meniko saling betahaken setunggal dateng sanesipun. Kados dawuhipun gusti kitho
kanjeng Nabi Muhammad shallahu’alaihi wasallam:

ً ‫ْضا‬ ِ َ‫ال ُمْؤ ِم ُن ْلل ُمْؤ ِم ِن َكالبُ ْني‬


ُ ‫ان يَ ُش ُّد بَ ْع‬
َ ‫ضهُ بَع‬
Artosipun: “Tiyang mukmin setunggal dateng tiyang mukmin lintunipun puniko kados setunggal
bangunan ingkang saling nguwataken.” (Muttafaqun ‘Alaih).

Keranten meniko, Islam sanget merintahaken dateng kito sedoyo supadhos gadhahi sikap peduli,
remen bebantu dateng sesami, khususipun dateng anak yatim, fakir miskin, tiyang jompo, utawi
ingkang nembe kenging musibah.

Gusti Allah dawuh wonten kitab suci Al-Qur’an


َ ‫ ِإ َّن هَّللا‬،َ ‫ َواتَّقُوا هَّللا‬،‫اونُوا َعلَى اِإْل ْث ِم َو ْال ُع ْد َوا ِن‬
َ ‫ َواَل تَ َع‬،‫اونُوا َعلَى ْالبِرِّ َوالتَّ ْق َوى‬ َ ‫َوتَ َع‬
ِ ‫َش ِدي ُد ْال ِعقَا‬
‫ب‬
Artosipun: “Lan tulung-tinulungo siro kabeh ingdalem nglakoni keapikan lan ketaqwaan. Lan siro
kabeh ojo sampe tulung-tinulung ingdalem nglakoni dosa lan maksiat . Wedhiyo siro kabeh maring
Allah. Kerono setuhune Allah iku Dzat ingkang banget siksone.” (QS al-Maidah: 2)

Wonten ayat lintu gusti Allah dawuh:

‫ُوف َويَ ْنهَ ْو َن َع ِن‬ َ ‫ْض يَْأ ُمر‬


ِ ‫ُون بِ ْال َم ْعر‬ ٍ ‫ضهُ ْم َأ ْولِيَا ُء بَع‬ ُ َ‫ون َو ْال ُمْؤ ِمن‬
ُ ‫ات بَ ْع‬ َ ُ‫َو ْال ُمْؤ ِمن‬
‫ االية‬... ‫ْال ُم ْن َك ِر‬
Artosipun: “Lan tiyang-tiyang ingkang sempurno imane, kakung utawi estri puniko dados penolong
setunggal dateng sanese. Saling merintah nglampahi kesaenan lan nyegah nglampahi kemungkaran.”
(QS at-Taubah: 71).

Saking ayat-ayat meniko, kito sedoyo mangertos bilih tolong menolong dateng sesami, dateng
sederek, dateng tanggi, utawi dateng fakir miskin, meniko perintahipun gusti Allah, ingkang menawi
kito lampahi saget dados amal ibadah ingkang nyebabaken kito sedoyo pikantuk ganjaran utawi
piwales suwarganipun Allah subhanahu wa ta’ala.

Kejawi meniko, sikap peduli dateng sesami, termasuk sifatipun tiyang-tiyang ingkang iman, ingkang
dipun puji dateng Allah wonten ingdalem kitab suci Al Qur’an.

Kanti kito ngatahaken anggen tetulung dateng sesami, persaudaraan, kekompakan, ugi raos saling
mbetahaken dateng sesami bade langkung kukuh lan kiat. Sehinggo muncul persatuan ingkang solid
ingdalem tengah-tengah masyarakat. Keribetan soho masalah-masalah sosial ingkang kulo
panjenengan adhepi ugi dados ringan lan gampil.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah. Keranten meniko, monggo kito tansah ningkataken anggen
tetulung dateng sesami, kanti nguwataken iman dateng gusti Allah, ugi tansah bagusi anggen
sesrawung dateng sesami.

Kejawi meniko, kito ugi kedah tansah rumaos bilih wonten dunyo meniko saling betahaken setunggal
dateng sanesipun. Tebihi sifat-sifat iri , hasud, sombong , saling musuhan lan sifat-sifat ingkang saget
ngrisak pasederean dateng sesami. Menawi kito terus berusaha kelawan coro ngajeng wau, insyaallah
kito badhe ngraos enteng kagem bebantu.

Ingkang langkung penting malih, monggo kito ugi belajar ikhlas, ampun sampe anggen tetulung dipun
sarengi raos riya’, ujub, utawi ngundat-undat. Kito usahaaken supados kito sedoyo meniko dados
tiyang ingkang katah anggenipun paring manfaat dateng sesami. Kados dawuhipun Gusti Kanjeng
Nabi Muhammad shallahu’alaihi wasallam:

ِ َّ‫اس َأ ْنفَ ُعهُ ْم لِلن‬


‫اس‬ ِ َّ‫َخ ْي ُر الن‬
Artosipun: “Sakbagus-baguse tiyang inggih puniko, tiyang ingkang paling katah anggenipun pareng
kemanfaatan dateng sesami.” (HR al-Qadha’i)

Mugi-mugi kito sedoyo tansah pikantuk taufiq soho pikuatan saking Allah, supados dados pribadi
ingkang remen biantu, saget manfaati dateng tiyang katah, ikhlas, lan mbenjeng wonten dinten
qiyamat dipun lebetaken suwarganipun Allah sareng-sareng kalian kanjeng Nabi lan tiyang-tiyang
sholeh. Amin, amin, allahuma amin.

You might also like