You are on page 1of 3

KEGIATAN PENILAIAN PAS 1 SD

SEKOLAH DASAR NEGERI NGRONGGO 5


TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Mata Pelajaran: Bahasa Jawa Hari/Tanggal : Selasa, 08 Desember 2020


Kelas : VI ( Enam ) Waktu :

I. Pilihen aksara a, b, c utawa d ing jawaban kang paling bener!


Wacan ing ngisor iki kanggo nomer 1-4, wacanen kanthi premati!

Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip, ora bakal bisa urip tanpa
banyu. Banyu sing dibutuhake, banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Nyatane ing jaman
saiki angel banget golek banyu sing resik bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat
amarga wit-witan sing nandhon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kenek polusi,
amarga kanggo buangan uwuh lan limbah pomahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebek uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi
reged. Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur
wit-witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka
iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.

1. Irah-irahan kang mathok kanggo teks wacan ing duwur ….


a. Banyu Bebas Polusi
b. Sumber Panguripan
c. Ngopeni Banyu Minangka Sumber Panguripan
d. Banyu Resik saiki wis angel

2. “Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandhon banyu wis entek ditegori” tegese
tuk yaiku ….
a. Larahan
b. Dandhang
c. Mili
d. Sumber

3. Teks wacan ing duwur kelebu teks ….


a. Persuasi
b. Pawarta
c. Pariwara
d. Sesanti

4. Ukara kang ngajak lan ngelingake ing teks wacan duwur yaiku ….
a. Banyu kali ya wis kenek polusi, amarga kanggo buangan uwuh lan limbah pomahan uga
limbah pabrik.
b. Makhluk sing urip, ora bakal bisa urip tanpa banyu.
c. Banyu sing dibutuhake, banyu sing resik.
d. Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.

5. Tembang macapat cacahe ana ….


a. Sanga c. sewelas
b. Sepuluh d. rolas
6. Semaken prayatan tembang macapat ing ngisor iki!
1) Pocung ana 4 gatra
2) Megatruh ana 5 gatra
3) Gambuh ana 5 gatra
4) Maskumambang ana 4 gatra
5) Mijil ana 6 gatra
Tembang macapat kang guru gatrane pada yaiku ….
a. Pocung lan megatruh
b. Gambuh lan maskumambang
c. Maskumambang lan mijil
d. Pocung lan maskumambang

7. Cacahe wanda saben sapada diarani ….


a. Guru gatra c. guru wilangan
b. Guru lagu d. guru swara

8. Tembang kang watake cocok kanggo katresnane ibu menyang anak (ash asuh) yaiku ….
a. kinanthi c. sinom
b. mijil d. asmaradana

9. Semaken tembang Pangkur ing ngisor iki!


Sagung pra rawuh sedaya
Mugi pinayungan nugraha yekti
Asih tresna Alloh satuhu
Tansaha kasarira
Puja-puji syukur saha sembah sujud
Konjuk ing ngarsa paduka
Gusti Alloh maha suci
Guru gatra tembang ing duwur yaiku….
a. 9 gatra c. 7 gatra
b. 8 gatra d. 6 gatra

10. Guru wilangan lan guru lagu tembang ing duwur yaiku ….
a. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i c. 8u, 12i, 8u, 7a, 11u, 8a, 8i
b. 8a, 11a, 7u, 8a, 12u, 8a, 8i d. 8a, 12u, 8u, 7a, 11u, 8a, 8i

II. Isinana titik-titik ing ngisor iki kanthi bener!


11. Teks pawarta kudu netepi wewaton BAL. BAL kuwi singkatan saka ….
12. “Tut wuri handayani” ukara iki kalebu ukara ….
13. Tembang macapat sing cacahe gatra paling akeh ….
14. Unen-unen sing ajeg penganggone /ora kena diowahi mawa teges tartamtu sing disemoni wonge
utawa ulah kridhaning manungsa diarani ….
15. Dadi wong kuwi aja ... mergo rumangsa iso, rumangsa pinter, rumangsa sugih ora butuh karo
liyan.
16. Yen makaryan kuwi ugemono bebasan “sepi ing pamrih rame ing gawe” tegese nyambut gawe
….
17. Anggonmu mergawe sing ngati-ati supaya slamet, kayata paribasan “yitna yuwana lena ….
18. Basa kang digunakake anak marang wong tuwane utawa murid marang gurune yaiku basa ….
19. Bapak taksih dereng purun dhahar, amargi gerah untu. Tembung kang digaris ngisor kuwi
kudune … lan ….
20. Wong sing kegedhen penggayuh kena diparibasakake “kegedhen empyak ….
III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
21. Sebutno 2 ciri-cirine teks pawarta!

22. Gaweo ukara iklan sing cocok karo gambar!


23. Owahana dadi karma alus ukara ing ngisor iki!
a. Sampeyan apa ora sido turu kene?
b. Bu guru mboten siyos kesah datheng Surabaya, amargi garwanipun dereng wangsul.
24. Semaken tembang ing ngisor iki!
Marang sedulur kang wigati,
Aja gampang-gampang congkrah
Among perkara sepele
Mring dulur anom tuwa
Nganggoa tata karma
Kumpul kanthi guyub rukun
Seneng tulung tinulungan.
a. Tembang macapat ing duwur diarani apa?
b. Tulisen maknane utawa isine tembang ing duwur!
25. Apa tegese unen-unen ing ngisor iki?
a. Becik ketitik ala ketara
b. Mburu uceng kelangan deleg
c. Mikul dhuwur mendhem njero

You might also like