You are on page 1of 5

PENILAIAN TENGAH SEMESTER I

SDN KEPUTRAN 2 YOGYAKARTA


TAHUN AJARAN 2022/2023

MUATAN PELAJARAN : BAHASA JAWA


KELAS : V ( Lima )
WAKTU : 09.30 – 10.30 WIB
HARI/ TANGGAL : Rabu, 14 September 2022

I. Ayo, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!

Wacanen kanthi premati kanggo jawab nomer 1-4!


 Lemah Longsor Samigaluh
Dina Setu tanggal 18 Juni 2016, ing Kecamatan Samigaluh, Kulonprogo, ngepasi jam 5 esuk
sakwise sholat subuh kedadeyan lemah longsor. Loro omah warga rusak amarga kejugrukan
lemah sing ana ing mburi omahe. Lemah longsor iki kedadeyan amarga udan sing terqas ing
kecamatan Samigaluh pirang-pirang ndina iku. Papat warga dadi korban ing sajroning bencana
alam iki, 2 tilar donya, 1 tatu-tau lan 1 meneh isih dadi panggolekan tim SAR.
1. Wacan ing dhuwur ngrembug babagan apa?
Yaiku ngrembug babagan ….
a. lemah longsor
b. udan deres
c. Samigaluh
d. Banjir
2. Dene kedadeyan iku dumadi ana ngendi?
a. Cangkringan
b. Samigaluh
c. Imogiri
d. Wates
3. Kapan dumadine prastawa lemah longsor ing Samigaluh?
Lemah longsor ing Samigaluh dumadi nalika ….
a. tanggal 18 Juni 2019
b. tanggal 18 Mei 2019
c. tanggal 18 Juni 2016
d. tanggal 18 Juli 2018
4. Bencana alam ngisor iki kang bisa dicegah dening manungsa kayata ….
a. gunung njebug
b. udan angin
c. lindhu
d. banjir
5. Sakbenere anane wabah penyakit uga bisa dicegah, yaiku kanthi ….
a. nandur tanduran obat
b. saben dina ngombe obat
c. njaga karesikan lingkungan
d. reboisasi alas kang gundhul
6. Tegese tembung “prastawa” yaiku ….
a. jaman

b. kedadean

c. kahanan

d. wektu
7. Mangsa kang akeh udane yaiku mangsa ….
a. pancaroba
b. rendheng
c. kasanga
d. ketiga
8. Mangsa rendheng iku mangsa wayahe para tani padha nandur ….
a. jagung
b. kacang
c. dhele
d. pari
9. Saka gambar prastawa iki kang disebabake dene pokal gawene manungsane dewe yaiku ….
a.

b.

c.

d.

10. Apa wae sing metu saka gunung kang njeblug?


a. lahar, watu, pasir
b. banyu, geni, omah
c. uwit, omah, pasir
d. omah, geni, pasir
11.
Gambar ing dhuwur termasuk prastawa alam ….
a. gunung njeblug
b. angin lesus
c. kebongan alas
d. lindhu
12. Dadi wong kudu gelem (tulung) marang kang lagi kesusahan.
Tembung sajroning kurung benere ….
a. tetulung
b. ditulungi
c. tulungana
d. dak tulungi
13. Urip bareng iku kudu guyub rukun
Tembung “guyub rukun” tegese yaiku ….
a. nyawiji
b. congkrah
c. bubrah
d. tukar padu

Kinanthi
Nadyan Sentosa ing bahu
Aja ninggal bab wigati
Sapa sira kang anyipta
Nora liya ya mung Gusti
Gusti Kang Akarya Loka
Kang paring gesang rejeki

14. Tembang Kinanthi kasebut ngemu piwulang, yen dadi wong iku ora kena ….
a. medhit
b. sombong
c. sembrana
d. durangkara
15. Kudu tansah eling ….
a. marang Gusti
b. golek rejeki
c. golek urip
d. sedulure
16. Tembung kinanthi kasebut duweni guru lagu ….
a. u-i-a-i-a-i
b. u-i-a-u-a-i
c. u-i-a-u-a-i
d. u-i-a-u-i-a
17. Tembang kinanthi kasebut duweni guru gatra cacahe ….
a. 6
b. 7
c. 8
d. 9
18. Tembang macapat cacahe ana ….
a. 8
b. 9
c. 10
d. 11
19. Tembang Kinanthi kalebu jinising tembang ….
a. tengahan
b. macapat
c. dolanan
d. gedhe
20. Tembang Kinanthi duweni watak ngemu ….
a. pitutur
b. lelucon
c. kapinteran
d. keprawiran
21. Ki Hajar dewantara miyps ing kitha Ngayogyakrta.
Tegese tembung miyos padha karo ….
a. mlaku
b. liwat
c. metu
d. lair
22. Kang diarani guru wilangan yaiku ….
a. cacahing pada
b. cacahing baris
c. cacahing pocapan
d. pungkasanung swara
23. Bapak tindhak Jakarta wingi sonten
Tembung pitakonan kang trep yaiku ….
a. Kepriye anggone Bapak tindak Jakarta?
b. Geneya Bapak tindak Jakarta?
c. Kapan Bapak tindak Jakarta
d. Sapa sing tindak Jakarta?
24. Tembung pitakon sapa, digunakake kanggo mangerteni araning ….
a. paonggonan
b. manungsa
c. wilangan
d. kahanan
25. … asmane bapak Kepala Sekolah saiki?
Tembung pitakon kang trep yaiku ….
a. pira
b. apa
c. sapa
d. kapan
II Isenana cecek-cecek ngisor iki kanthi tembung kang rapi!
.
26. Supaya awake tetap sehat, mula kudu sregep …………………………………………………….
27. Para tani nandur palawija ing mangsa …………………………………………………………….
28. Amarga mbuwang sampah sembarangan, bisa nyebabake kaline dadi …………………………...
29. Yen mlaku ing dalan sing prayitno lan ngati-ati!
Tembung ngati-ati kosok balene …………………………………………………………………..
30. … sing dadi ketua kelas lima saiki?
Temung pitakon kang trep yaiku ….
III. Wangsulana pitakon ngisor iki!
31. Sebutna apa wae kang anjalari banjir!
Wangsulana: ………………………………………………………………………………………
32. Tulisen tembung dasa namane!
a. anak
b. gunung
Wangsulana: ………………………………………………………………………………………………….
33. Ukara ing ngisor iki basa ngokone!
a. Mbah Krama nembe gerah padharanipun
b. Pak Parjo mucal basa Jawi kelas gangsal.
Wangsulana: ………………………………………………………………………………………
34. Sebutna tandha-tandhane tembang Kinanthi!
Wangsulana: ………………………………………………………………………………………
35. Wanehana conto tembang macapat papat wae!
Wangsulana: ……………………………………………………………………………………….

You might also like