You are on page 1of 2

CRITA RAKYAT DIALEK/ LOGAT BANYUMAS

DESA LARANGAN

NAMI : DESTA FERDIAN PAMUNGKAS


KELAS/NO.URUT : VII I / 6
SEMESTER : GASAL

SMP NEGERI 1 PURBALINGGA


TAHUN 2021/2022
DESA LARANGAN

Ingkang jaman mbiyen wonten tigang tiyang saking kerajaan mataram nitih
jaran,asmanipun Udan laju mendeg ing desa Krenceng , tiyang kaping kalih
asminipun Udan Terang mandeg ing desa Larangan lan tiyang kaping tiga
asminipun Udan Sari alias Tepu Seruni mandeg Ing Bojongsari desa Kedarpan.

Wektu kui sampun ngertos wonten wit kayumas ingkang dijaga utusan
saking kerajaan Mataram lan mboten pareng wonten tiyang sing nyedeki wit
kayumas punika, lan desa punika dijenengi Desa Larangan Kayumas , mboten
suwe wonten banjir ingkang ngakibataken wit kayumas keli kegawa
banjir ,nanging wit kayumas saget ngadeg jejeg dumugi mandeg ing kedung
ngantos wit kayumas mboten ketingal malih lan marekaken toya ing kedung
murub kados emas ,teras desa niku saniki diparingi asmo Banyumas , lan lemah
bekas wit kayumas niku dibekta ing desa Karangjoho amargi penjaga wit kayumas
manggoni ing desa Karangjoho dusun Medangkara.

Desa larangan wonten tiga pedukuhan ,Ingkang pertama Dukuh Larangan


lan dipanggoni Lawaijo ,kaping kalih Dukuh Sirnabaya ingkang dipanggoni
Anggaraksa lan kaping tiga Dusun Melung ingkang dipanggoni Sukmadiningrat.
Saking tigang tiyang punika dibagi kerjanipun piyambek – piyambek lan desa
Larangan dados maling guna ingkang ngatur sandang ,pangan,keamanan. Sawektu
masyarakat kangelan pangan desa Larangan nyolong ingkang pundimawon lan
hasilipun dibagi kangge nyukupi kebutuhan masyarakat.

Pas wektu kui lawaijo saking desa Larangan seg nyolong ning desa
Pengadegan lan kena perangkap kendil wesi ngantos mboten saget ucul ,lan
akhire matur kangge keturunan masyarakat desa Larangan mboten pareng
nglakokaken kejahatan ingkang gede terutami nyolong ning desa Pengadegan
amargi mesti cilaka.

You might also like