You are on page 1of 5

Biskuwit Ajaib

Ing sawijining desa kang asri lan rukun ana kaluarga sing nduweni putri kang ayu lan
rupawan, Titi jenenge. Titi mulih saka makaryane sing ana ing Hongkong, wis pirangane taun
Titi ora bali.

Ing isuk kang cerah Titi mlaku-mlaku ngubengi desa amargo wes suwe ora weruh tonggo-
tonggo sing ana ing sakitar omahe.

Titi : “Pak, buk monggo.”

Warga : “Loh loh loh, nduk Titi wes mulih tah?”

Titi : “Sampun buk, dhekwingi dalu.”

Warga : “Alhamdulillah.. sehat-sehat yo nduk.”

Titi : “Enjih buk.”

Sauntara kui Adi lan kancane, Gio ya mlaku-mlaku, lan papasan karo Titi. Adi lan Gio
omong-omongan lirih.

Adi : “Gi atek ayu eram iku sopo se?”

Gio : “Owalah iku anake Pak Nugroho sing tas mulih teka Hongkong iku lo.”

Adi : “Owalah layak koyo ratau ketemu.”

Gio : “Lapo, seneng tah?” (Gio nggojloki Adi sing lagi kesemsem parase Titi)

Adi : “Cangkemmu!!!” (Adi salah tingkah karo nggepuki lengene Gio)

Sabanjure kui Titi mlaku menyang omahe Lili, konco plek e SMA.

Titi : “Assallamualaikum, Lili iki aku Titi.”

Lili : “Waalaikumsallam, ya Allah gusti Titi tah iki. Atek mundak ayu ngene koyo
Jennie Blekpink, mangan opo lo???”

Titi : “Halah-halah iso wae.”

Lili : “Hahaha.... rene-rene mlebu, arep ngombe opo tak gaekne!”


Titi : “Alah sembarang, opo eneke rasah ngenek-ngenek.”

kelompok5
Lili : “Enjih-enjih” (Lili menyang pawon gawekne Titi ngombe)

Sak wise gawekne ngombe, Lili lungguh cedak Titi.

Lili : “Piye, sajak e wes enek calon durung?”

Titi : “Uwes no, kae Jimin ndek Korea.”

Lili : “Aku tenanan lo iki hadeh Ti..Ti..”

Titi : “Hahaha urung Li, iki sek fokus mbahagiakne bapak disik.”

Lili : “Halah kurang bahagia piye lo bapakmu kuwi Ti, sawah ombo, tebu
sakpirang-pirang, mobil Pajero. Kurang opo maneh, mestine sing kurang iku
mung nimang putu.”

Titi : “Pean iku lo ndang golek?”

Lili : “Lah kok aku!!!” (Lili mleroki Titi )

Sautara kui ana bakul biskuwit liwat.

Adi : “Biskuwit.. biskuwit...”

Lili : “Mas Adi.. kene tak tukune!”

Adi : “Enggeh mbak Lili.”

Lili : “Sepuluh ewu wae mas.”

Adi : “Siap, iki tak bonusi mbak, mergo wes sore tak kekne sampeyan wae kabeh.”

Lili : “Matur suwun mas Adi.”

Lili mlebu omah, nyuguhake biskuwit menyang Titi.

Lili : “Iki dipangan!”

Titi : “Enggeh mbak Lili, eh Li kui mau sing bakul sopo se?”

Lili : “Adi jenenge, tapi embuh bener opo ora jare wes dadi pacare Wiwit, anake
Pak Pandi.”

Titi : “Owalah...”

kelompok5
Ing dalan mulih Adi papasan karo Wiwit.

Wiwit : “Hey Mas Adi.”

Adi : “Beh opo eneh arek iki. Ngipi opo aku mambengi Gustiii.” (Batine Adi)

Ora let suwe Gio liwat lan nemoni Wiwit karo Adi.

Gio : “Wit-Wiwit, wong arek ra gelem atek mok gragas ae to-to.”

Wiwit : “Lah opo to Gio ki, ra ngerti opo-opo barang, jelas-jelas Adi iku seneng karo
aku” (Wiwit karo menye-menye)

Gio : “Jajal tak takoni. Di, wakmu seneng tah karo Wiwit?”

Adi : “Blass ORA!!!”

Gio : “Lho iyo ta, wong arek kok mentolo aku!!!” (Gio gregeten nyawang Wiwit)

Wiwit mecucu bar krungu omongan teka Adi sing ora demen karo dheweke. Sabanjure kui,
Adi karo Gio mlaku bareng menyang omah amargo jalure sing podo.

Adi : “Gi, aku mau ketemu karo arek ayu sing ndeingi.” (Adi mesem-mesem)

Gio : “Terus-terus piye?”

Adi : “Bocahe mau ndek omahe Lili, anake Pak Edi iku lo, terus Lili tuku biskuwit
ku.”

Gio : “Owalah, yowes gas ae Di hahaha!!!” (Gio ngguyu blak-blakan)

Adi : “Tapi aku yo sadar diri Gi , aku mung bocah sing dodolan biskuwit. Hasil e
ae ra sak piro Gi.” (Sambat e Adi)

Gio : “Jenenge jodoh ora bakal nyandi-ndi!” (Tegese Gio karo ninggal ne Adi
mergo wes tekan omahe)

Adi mlaku dhewe, dheweke mlaku sempoyongan amargo lemes, lesu, lungkrah, love you eh
ora m-maksute lue. Moro-moro deweke ketemu botol sing tutupe kayu. Adi njupuk botol iku
lan mbukak tutupe. Ana tulisan “Minang Deng Laka Minang Suang” sak wise maca kui
moro-moro ana kebul putih metu, lan langsung muncul uwong kawujud wadon, nanging ora
dhuwur.

kelompok5
Hamid : “Aku jin, ora usah kaget!!!”

Adi : “Owalah jin.. HAA? JINN?!!” (Adi kaget koyo ketemu Shokjin Be Te eS)

Hamid : “Hmm, mergo uwes ngetokke aku teko botol hukum kui, saiki kon oleh
njaluk hadiah marang aku.”

Adi : “Iki dudu ngimpi?” (Adi nggaruk cengel e sing ora gatel)

Hamid : “Wes gek endang selak aku brubah pikiran!”

Adi : “Yowes-yowes, aku njaluk yen lamaranku marang Titi di trimo marang
bapakke.”

Hamid : “Owalah GAMPANG! iki kon tak kek i biskuwit mengko kekno bapake Titi
yen kon ditakoni penggaweanmu.” (Hamid mujudake biskuwit wadahan
baskom, terus diparingke nang Adi”

Adi : “Matur nuwun Jin!!!” (Cengengesan Adi karo ketoro untune)

Hamid : “Yowes aku balek dhisik, muga-muga ndang rabi yo Di.”

Adi : “Aamiin.....”

Kaisukane Adi langsung nang omahe Titi karo gowo biskuwit sing di wenehi Hamid tentune.

Adi : “Asallamualaikum, Pak Nugroho.”

Pak Nugroho : “Waalaikumsallam, monggo mlebet!”

Adi : “Mboten sue bosa-basi kulo teng mriki ajenge nglamar anak bapak, Titi.”

Pak Nugroho : “Kon kenal anak ku teko ngendi?”

Adi : “Kulo kepanggih teng dalan Pak.”

Pak Nugroho : “Kosek-kosek tak celuke anakku!”

Titi diceluk bapakke lan langsung menyang ruang tamu.

Pak Nugroho : “Titi dadi arek iki arep nglamar kon, kepiye awakmu gelem toh ora?”

kelompok5
Titi : “Purun pak, kulo sampun nduweni katresnan nalika sapisan nyawang Mas
Adi niki.”

Pak Nugroho : “Sek-sek, tole Adi iki penggaweane opo?”

Adi : “Kulo sadean biskuwit pak.”

Pak Nugroho : “LOH LOH LOH biskuwit? Opo iso ngragati anakku, gek khasile sepiro. Sek
yo Mas Adi, saiki toilet ndek kutha ae mbayar lho!!!”

Titi : “Pak..” (Titi nenangne bapakke)

Adi : “Niki pak njenengan rasa biskuwit kula.”

Pak Nugroho lan Titi anakke langsung ngrasaake biskuwite Adi. Lan langsung.....

Pak Nugroho : “Lho wenak se iki, iki kenek iki tak gawekne toko bakeri ndek Blitar yo cek
mengko rame.”

Adi : “Nembah nuwun pak.” (Adi mesem)

Titi : “Alhamdulillah...”

Adi : “Gak sio-sio jin Hamid iki, ancen top markotop” (Batine Adi)

Sakwise kuwi Adi lan Titi nikah lan urip seneng bareng. Adi duwe pabrik biskuwit gedhi lan
wis duwe cabang ing ngendi-ngendi.

ANGGOTA KELOMPOK 5

 Avrilla Agnesya Meifilistiara (07)


 Brilian Yaskuri Imtinan (08)
 Galih Fio Raditya (16)
 Kenyo Hamida Sektiono (20)
 Mila Dwi Oktavia (24)
 Muhammad Sabiq Ridho Raditya (26)

kelompok5

You might also like