You are on page 1of 10

Kompetensi Dasar:

3.4 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis penggunaan bahasa dalam teks


sastra dan nonsastra secara lisan dan tulis.
4.4 Membandingkan penggunaan bahasa dalam teks sastra dan nonsastra secara lisan
dan tulis

Indikator

Siswa dapat

Waos saha pahami tuladha teks ing ngandhap menika!


Teks 1 Teks 2
Kangen

Tari remo yaiku tari sing nyritakake Pitung sasi lawase nggonku ngenteni,
perjuangan sawijing Pangeran sing rina wengi mung tansah takimpi-impi,
berjuang ana palagan (medhan prang). mung sliramu wong bagus kang dadi ati,
Kanggo nari remo iku diperlokake jroning ati kangenku setengah mati,
“kamaskulinan” amarga biyasane sing jenang gula ya mas ya mbok aja lali,
nari remo iku priya. Kawitane tari remo ngelingana rikala jaman semana,
iku dienggo ana ing ludruk, lan sliramu janji aku setya ngenteni,
sabanjure dadi tari kanggo lair batin tresnaku terusing ati,
mangayubagya tamu. Sejatine tari remo kangen wong kangen ngene-ngene
iku asline saka Jombang, Jawa Timur rasane,
(Hidayah, Nurul lan Umi Nayirotin, rindu-rindu tambane kudu ketemu,
2015: 106). klapa mudha enake kanggo rujakan,
leganana aku kang nandhang kasmaran,
mbalung janur wong bagus takanti-anti,
ngusadani wong kangen kang antuk
jampi

Gladhen:
1. Manawa ditonton saka panganggone basa teks 1 ing ndhuwur kalebu teks apa?
2. Manawa ditonton saka panganggone basa teks 2 ing ndhuwur kalebu teks apa?
3. Apa bedane basa kang digunakake ing teks 1 lan teks 2? Andharna!

Basa mujudake sarana kanggo medharake gagasan utawa rasa pangrasane


manungsa. Lumrahe basa kuwi diandharake tumrap lisan utawa tulisan. Basa kuwi
uga digunakake ing karangan sastra lan nonsastra.
Basa kang digunakake ing teks sastra biasane akeh kang nduweni makna
konotatif, ekpresif, lan sugestif. Konotatif tegese tembung kang digunakake ora
ngemot teges sing sebenere. Ekspresif tegese nduweni keprigelan anggone ngolah
basa kanggo ngandharake rasaning ati, sugestif tegese kanthi sadhar utawa ora, basa
kuwi bisa aweh pangaribawa marang wong kang ngrungokake.

Titikane/ciri-ciri teks non sastra:


1. Nduweni sifat nyata/obyektif
2. Migunakake basa ilmiah
3. Pilihan tembung, ukara, lan gaya basa sing winates
4. Nduweni makna denotatif
5. Migunakake aturan basa sing ketat
6. Nduweni sifat faktatis
7. Nyentuh pikiran
8. Nuwuhake kesan logis ing batin sing maca

Titikane/ciri-ciri karangan teks sastra:


1. Nduweni sifat khayal/imajinatif
2. Migunakake basa sastra
3. Migunakake pemilihan tembung, ukara, lan gaya basa sing bebas
4. Nduweni makna konotatif (makna tersirat)
5. Migunakake aturan basa sing ora ketat
6. Nduweni sifat opini
7. Nyentuh ing rasa
8. Nuwuhake kesan kuat lan endah ing batine sing maca

Ing sajerone teks non sastra kuwi ana basa rinengga. Basa rinengga yaiku basa kang
endah, endah amarga basane mau wus rinengga/dihias nganggo tembung-tembung
kang endah. Tembung-tembung kang njalari basa dadi endah mau kayata:
1. Parikan
Parikan yaiku unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Gatra kang kapisan
sinebut purwaka, dene gatra kang kapindo sinebut isi.
Paugeran utawa pathokane parikan yaiku:
a. Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindo
b. Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi
c. Tibaning ukara sing kapisan kudu padha karo ukara sing kapindo
d. Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra
Tuladha parikan:
Bisa ngendhang, ora bisa nyuling
Bisa nyawang, ora bisa nyandhing
Gladhen 2:
Parikan-parikan ing ngandhap menika lajengaken!
a. Ngasah arit, nganti landhep
.................,...........................
b. Bapak sare, ibu tindak
..............................................
2. Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen kang saemper cangkriman, kanthi mratelakake
batangane sarana sinandhi ana ing ukara candhake. Sanadyan anggone nyebutake
ora cetha.
Tuladha:
Jenang gula, kowe aja lali= (jenang gula: gulali = lali)
Gladhen 3:
a. Balung janur:......................
b. Njanur gunung:...................
3. Pepindhan
Pepindhan yaiku unen-unen jroning basa Jawa kang ora ngemu surasa kang
sejatine. Pepindhan kuwi tetembungane ditandhani kanthi tembung kaya, lir,
pindha, kadya, lan liya-liyane
Tuladha:
Omongane kalem kaya bledhek.
Tegese: wong kuwi omongane gawe larane ati
Adheme kaya es
Tegese: swasana/hawa sing bener-bener adhem
Gladhen 4: Bacutna lan wenehi teges pepindhan ing ngisor iki
a. Bocah kuwi rukune kaya....
Tegese:
b. Wong kok galake kaya....
Tegese:
4. Paribasan
Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tertemtu.
Paribasan ngewrat teges tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (Saemper
pasemon). Kang disemoni manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam
uripe.
Tuladha paribasan:
Anak polah bapa kepradah.
Tegese: tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa
Gladhen 5:
a. Desa mawa cara negara mawa tata
Tegese:
b. Diwenehi ati ngrogoh rempela
Tegese:
5. Cangkriman
Cangkriman yaiku unen-unen kang kudu dibatang. Cangkriman kaperang dadi 3:
a. Cangkriman wancah
Tuladha:
Pak lawa: tepak ula dawa
Pak bomba: tepak kebo amba
b. Cangkriman pepindhan
Tuladha:
Pitik walik saba kebon (tegese: nanas)
Emboke dielus-elus anake diidak-idak (tegese: andha)
c. Cangkriman wujud tembang
Tuladha:
Bapak pocung amung sirah klawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mbijik bata si pocung dadi dahana
(Batangane: penthol korek)
Gladhen 6:
1) Disambung dadi cendhak, dikethok malah dawa
Tegese....
2) Wiwa wite lesbadhonge
Tegese....
3) Gawenen cangkriman awujud tembang lan bedhek jawabane.
6. Purwakanthi
Purwakanthi yaiku gandhenge swara sing mburi karo swara sing wis kasebut ing
ngarepe. Purwakanthi kaperang dadi 3 yaiku:
a. Purwakanthi guru swara:
Tuladha: ana awan ana pangan
b. Purwakanthi guru sastra:
Tuladha: bobot, bibit, bebet
c. Purwakanthi guru basa
Tuladha: asung bekti, bektine kawula marang Gusti.
Gladhen 7: ukara-ukara ing ngisor iki aranana kalebu purwakanthi apa lan wenehi
pawaadan!
1) Thenguk-thenguk nemu gethuk
Wangsulan:
2) Sluman, slumun, slamet
Wangsulan:
3) Tatune methunthung mentheng mentheng
Wangsulan:
Ing sajerone teks sastra kuwi ugi ana basa kang awujud kawruh basa, yaiku
dasanama,
1) Dasanama
Dasanama tegese tembung-tembung kang nduweni teges siji utawa padha. Ing
basa Indonesia diarani sinonim.
Gladhen 7
Tembung-tembung kang kacithak kandel ing ngisor iki golekana dasanamane!
a. Denira manjing dahana
Tegese:
b. Kadya kartika katonton
Tegese:
c. Laku hambeging samirana
Tegese:
2) Tembung saroja
Tembung saroja yaiku tembung loro sing padha utawa meh padha tegese dinggo
bebarengan. Tuladha:
 Jalma manungsa
 Campur bawur
 Andhap asor
Gladhen 8
Lajengaken ukara-ukara kang kadunungan tembung saroja ing ngisor iki!
a. Bengi iki swasanane sepi....
b. Para warga padha gotong.... ndandani selokan.
c. Anggone nyambut gawe direwangi jungkir.... kanggo nyukupi kaluwargane.
3) Tembung entar
Tembung entar yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune.
Tuladha:
 Tipis lambene
 Jembar kubure
 Gedhe atine
Gladhen 9:
Tegesana tembung entar ing ukara-ukara ngisor iki!
a. Direwangi nganti adus kringet anggone nyukupi butuhe anake.
Wangsulan:
b. Krungu tembunge marno sing kaya mangkono, Darto dadi abang kupinge.
Wangsulan:
4) Tembung Yogaswara yaiku tembung loro kang nduweni swara a lan i ing
pungkasane wanda, nduweni teges lanang lan wadon.
Tuladha:
 Siswa-siswi
 Putra-putri
 Mahasiswa-mahasiswi
Gladhen 10:
Gawea ukara migunakake tembung-tembung yogaswara ing ngisor iki!
a. Dewsa-dewi
Wangsulan:
b. Pemudha-pemudhi
Wangsulan:
5) Kang Awujud Paramasastra
1- Tembung Rangkep ana 3
1. Tembung rangkep dwipurwa (utawa tembung sing suku kata/wanda ngarepe
diulangi) yaiku wewanguning tembung andhahan sing kadadeyan saka
tembung lingga kang wandane wiwitan dirangkep.
Tuladhane:
a. Ateges nganggo : kekudhung, pepayung
b. Ateges sing dianggep : lelurah, sesepuh
c. Ateges kabeh sing : pepeteng, reruwet
d. Ateges ora gumathok : tetuku, sesuluh, tetiga
2. Tembung rangkep dwilingga
Tembung rangkep dwilingga wujude ana 3:
a. Dwilingga Wantah
Dwilingga wantah yaiku dwilingga kang dumadine mung sarana karangkep
tembunge bae tanpa owah-owahan (utawa tembung lingga/kata dasar sing
diulangi ping loro)
Tuladha: boch-bocah, mangan-mangan, meja-meja, dalan-dalan
b. Dwilingga Salin Swara yaiku dwilingga kang dumadine sarana ngowahi:
 Swaraning tembung kang ngarep.
Tuladha: sopa-sopa, sendhan-sendhen, bola-bali
 Swaraning tembunge kang mburi
Tuladha: pindhah-pindheh, ngolah-ngaleh, mangan-mengen
 Swaraning tembunge loro pisan ngarep lan mburi
Tuladha: modhang medheng, gonjang genjing, comprang campreng
c. Tembung rangkep dwiwasana (utawa pengulangan suku kata terakhir)
Temung rangkep dwiwasana iku dumadine saka tembung rong wanda kang
kang karangkep wandane pungkasan kaucapake kaping pindho, wandane
kapisan swara e (pepet).
Tuladha:
Kata dasar Cenges dadi= Cengenges
Kata dasar cekruk dadi = Cekukruk
2- Rimbag wuwuhan
Rimbag wuwuhan yaiku ngowahi tembung lingga (kata dasar) dadi tembung
andhahan (kata yang mendapat imbuhan) sarana diwuwuhi
Uji Kompetensi I
I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih wangsulan A, B, C, D
utawa E tumrap pratelan kang trep!
1. Ing ngisor iki kalebu titikane teks sastra, kajaba....
a. Nduweni sifat imajinatif
b. Nduweni makna konotatif
c. Nuwuhake kesan kuat lan endah ing batine sing maca
d. Nuwuhake kesan logis ing batine
e. Nyentuh ing rasa
2. Ing ngisor iki kalebu titikane teks non sastra, kajaba....
a. Nduweni sifat obyektif
b. Nduweni makna denotatif
c. Nyentuh pikiran
d. Nduweni sifat faktatis
e. Migunakake pilihan tembung, ukara, lan gaya basa sing bebas
3. Ing ngisor iki kang kalebu teks sastra yaiku....
a. Cerkak, geguritan, artikel
b. Panyandra, cerkak, tembang macapat
c. Artikel, tembang campursari, panyandra
d. Geguritan, laporan, cerkak
e. Artikel, laporan, karya tulis ilmiah
4. Ing ngisor iki kalebu jinise basa rinengga kang awujud kasusastran, yaiku....
a. Parikan, wangsalan, pepindhan
b. Tembung entar, tembung saroja, dasanama
c. Cangkriman, purwakanthi, tembung yogaswara
d. Paribasan, cangkriman, dasanama
e. Tembung rangkep, cangkriman, paribasan
5. Ing ngisor iki paugeran utawa pathokane parikan, kajaba....
a. Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho
b. Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi
c. Ukara sing ngarep minangka isi dene ukara sabanjure minangka bebuka
d. Tibaning ukara sing kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho
e. Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra
6. Tembung pepaes, cecundhuk, kekasihe, kalebu tembung rangkep...
a. Dwipurwa d. dwilingga semu
b. Dwilingga wantah e. dwiwasana
c. Dwilingga salin swara
7. Tembung pinatut, pinilih, sinungging, tembung lingga....
a. Atut, silih, sungging d. Panut, pilih, nungging
b. Patut, pilih, sungging e. Atut, pilih, nungging
c. Patut, silih, sungging
8. Tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dinggo bebarengan diarani....
a. Tembung entar d. Wangsalan
b. Tembung saroja e. Dasanama
c. Tembung yogaswara
Semaken pethilan teks geguritan ing ngisor iki!

Eklasna aku lunga biyung


Sanadyan ing ndhuwur langite katon mendhung
Eklasna aku lunga bapa
Lungaku sangu ati lapis waja
Ora perlu panjenengan galih
Ing paran aku ora bakal mati amarga ngelih
9. Pethilan teks geguritan ing ndhuwur kadunungan jenise basa rinengga....
a. Purwakanthi guru swara d. parikan
b. Purwakanthi guru sastra e. wangsalan
c. Purwakanthi guru basa
10. Senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan kekarepane,
iku paribasane....
a. Durung pecus keselak besus
b. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh
c. Kalah cacak menang cacak
d. Entek ngamek kurang golek
e. Sabar sareh mesthi bakal pikoleh
Semaken pethilan teks tembang campursari ing ngisor iki!
Klapa mudha enake kanggo rujakan
Leganana aku kang nandang kasmaran
Mbalung janur wong bagus takanti-anti
Ngusadani wong kangen kang antuk jampi
11. Jinise basa rinengga kang katon ing pethilan tembang campursari ing ndhuwur
yaiku....
a. Parikan lan purwakanthi swara
b. Wangsalan lan purwakanthi swara
c. Cangkriman lan wangsalan
d. Parikan lan wangsalan
e. Dasanama lan parikan
12. Samubarang panggaweyan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane, iku
paribasane....
a. Mikul dhuwur mendhem jero
b. Gliyak-gliyak tumindak sareh pakoleh
c. Kalah cacak menang cacak
d. Entek ngamek kurang golek
e. Lahang karoban manis
13. Sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet, iku paribasane....
a. Yitna yuwana mati lena d. Ulat madhep ati karep
b. Madu balung tanpa isi e. Kadang konang
c. Sluman slumun slamet
14. Yen kowe tinitah dadi wong gedhe, aja lumaku nganggo egrang, bokmanawa
ditunjang dening wong cilik. Tembung tinitah kalebu....
a. Rimbag tanggap –na wantah
b. Rimbag tanggap –na i –kriya
c. Rimbag tanggap –na ke – kriya
d. Rimbag tanggap tarung wantah
e. Rimbag tanggap tarung i - kriya
15. ................... mangalad-alad mbesmi alas sarta gunung-gunung nganti ludhes.
Tembung kanggo njangkepi titik-titik kuwi yaiku....
a. Samirana d. Dahana
b. Pratala e. Kartika
c. Bantala
16. Watake wong enom kang grusa-grusu kurang petung, iku paribasane....
a. Kebat kliwat gancang pincang d. Kadang konang
b. Kaduk wani kurang deduga e. Kelacak kepathak
c. Kalah cacak menang cacak
17. Mugi-mugi Gusti ingkang Maha Agung paring piwales ing samurwatipun
samurwatipun. Tembung piwales kalebu ....
A. Tembung lingga d. Tembung wod
B. Tembung Andhahan e. Tembung Garba
C. Tembung lingga andhahan
18. Brol luhnya marawayan mili ing pangarasan, riwe nelesi busana miwah
saranduning sarira. Tembung pangarasan tegese....
a. Tangan d. pundhak
b. Bathuk e. dhengkul
c. Pipi
19. Raket, supeket, keket, temanten sarimbit anggennya kekanthen asta. Kekanthen
asta tegese....
a. Nyembah d. ngawe-ngawe
b. Ngapurancang e. gandhengan
c. Malang kerik
20. Tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneran, iku paribasane....
a. Kebat kliwat gancang pincang d. kadang konang
b. Kaduk wani kurang deduga e. kacang mangsa ninggal lanjaran
c. Kalah cacak menang cacak

You might also like