You are on page 1of 3

TEKS NARATIF

Ing ngisor iki werna wernane teks yaiku

1. Teks diskripsi yaiku : sawijining teks utawa tulisan sing nggambaraken


sawijining objek. Objek sing dimaksud bisa wujud benda, panggonan,
makhluk hidup, lan liya-liyane. Neng teks iki anggone nggambaraken objek
sing dimaksud kanthi rinci supaya wong sing maca tulisan mau kaya-kaya
ndeleng dhewe objek sing digambarake senajan dheweke ora weruh secara
langsung.
2. Teks Eksposisi yaiku : paragraf sing isine ide, pendapat, buah pikiran,
informasi, utawa pengetahuan sing ditulis tujuane kanggo memperluas
wawasan sing maca. Isine paragraf eksposisi yaiku kanggo njlentrehake hal
marang sing maca lan ora maksa sing maca supaya percaya utawa mengikuti
isi saka karangan mau
3. Teks Argumentasi yaiku : kang duweni tujuwan kanggo mbuktekake
sawijining kasunyatan.
4. Teks Persuasi yaiku : kang duweni tujuwan kanggo milut utawamenehi daya.
5. Teks naratif yaiku : nyritake pengalaman uripe wong ing saperangan wektu.

Kang arep dihabas yaiku teks narasi utawa teks naratif

Wacana narasi jenise karangan sing nyritake sawijining kadadean kanthi runtut
jumbuh karo urut urutan dumadine utawa lelakone. Dadi wacana narasi iku karangan
digawe adedasar urutan wektu kadadeane

Wacana narasi iku akeh titikane , ing antarane :

A. Anae tandang gawe


B. Ana laku cerita
C. migunakake basa padinan.
D. Anane paraga, papan wektu, lan kahanan kanggo dumadine crita
E. Ana punjere crita
F. Nengenake pikir
wacana narasi kaperang dadi 2 yaiku:
1. Narasi Ekspositoris yaiku wacan narasi kang mung menehi katrangan lugu utawa
apa anane. Umpamane siswa nyritakake kedadean ana ing njero kelas, nalika
piwulangan basa jawa.
Titkane narasi ekspositoris antarane :
a. njembarake wawasan utawa pangerten
b. mbeberake katrangan bab prastawa
c. adedasar nalar, supaya padha sarujuk
d. basa informatif
6. Narasi Sugestif yaiku wacan narasi kang ngracik kanthi runtut nganti bisa
nggugah pangangen-angene wong kang maca, umpamane dongeng, cerkak,
roman, novel.
Titikane narasi sugestif antarane
a. mbeberake makna kang sinandi
b. nguripake pangangen-angen (imajinasi)
c. nalar mung kanggo nggayuh surasa(makna), yen perlu nalar dilerwakake
d. basa figuratif

Tuladha Teks Narasi

Tuladha 1.
Pas iku, aku lagi siap-siap menyang sekolah. Nanging ndilalah ing
televisi wongten “Pawarta Enjing” ingkang mawartakake berita
tentang kajadian kebakaran. Peristiwa iku kedadean ing salah
sawijining panggong cerak marang sekolahanku.

           Kebakaran iku kedadean jam 2 esuk. Amargi ana berita iku,


aku banjur kaget lan kelingan kanca-kancaku sing manggon omah
cerak panggon kebakaran. Ning sakjroning bathin, aku ndonga
supados rencang-rencangku ora ono sing kenapa-kenapa.

           Selawise ndeleng berita, aku banjur menyang sekolah.


Sakbanjure mara sekolah, dongaku kandas, aku sedih, lan ngrasa melu
nelangsa, amarga ana 10 kancaku ingkang panggonan omahe melu
kebakar.

Tuladha 2.
Minggu bengi, aku dolan nonton konser musik ing alun-alun
karo kanca-kancaku cah papat, Dono, Joko, Andi lan Mardi.
Konsere lekas jam wolu rampung jam 10. Aku lan kanca-kanca
lunjak-lunjak saking senenge ngrongokane swarane musik band
sing lagi nyanyi ing ndhuwur panggung. Kesel ora tak rasakne.
Pokoke seneng. 
Jam sepuluh, konsere wis bubar. Aku lan kanca-kanca
banjur leren mangan ing warung karo ngobrol-ngobrol. Ora krasa
wis jam rolas bengi. Walah wis kewengen. Aku lali yen mau pamit
karo ibu, mulih omah jam sewelas. Nanging iki wis telat sak jam.
Durung mlakune. Bisa luwih iki. 
Mbuh piye mengko dadine yen aku wis tekan ngomah. Mungkin ibu
bakal muring-muring jalaran aku mulih kewengen. 
Tekan ngomah, bener apa sing tak khawatirke mau. Ibuku
nesu lan nyeneni aku. Suwe banget aku diseneni lan diceramahi.
Aku mung bisa meneng ora bisa mbantah. Iki pancen salahku. Apa
maneh isuke aku kudu mlebu sekolah. Aku banjur kelingan, aku
ana PR matematika sing durung tak garap. 
Mlebu kamar, aku langsung lungguh ing kursi, mbukak buku
nggarap PR. Sakwise rampung nggarap PR, rasane ngantuk
banget. Apa maneh, pelajaran matematika angel banget. Aku lagi
rampung jam loro bengi. 
PR wis rampung, kesel awakku lan ngantuk mripatku. Aku
nglemah ana ing kasur. Mripatku wis kriyip-kriyip ora kuwat
melek maneh. 
Dhog...dhog...dhog…. 
Swara iku banter banget. Mripatku isih abot rasane arep
melek. Nanging swara iku aku kenal banget. Iku swarane ibuku.
Ibu njeluki aku, ngongkon tangi. Tak bukak HP ku, tak delok jam,
wadhuh…. 
Wis jam 7 esuk. Telat aku. Maneh, aku diseneni ibuku
merga tangi kawanen lan telat sekolah. Ing sekolah, aku kena
hukuman ora oleh melu pelajaran pertama

You might also like