You are on page 1of 1

Assalamualaikum Wr Wb

Audzubillahiminasyaitonirrojim Bismillahirrohmanirrohim

Alhamdulillahirobbil ‘alamin, wabihi nasta’in ‘ala


umuriddunyawaddin, ashsholatuwassalamu’ala asrofil
ambiyaa iwal mursalin wa’ala alihi washohbihi ajma’in.
Robbisrohlisodri, wayassrili amri, wahlul uqdatammilisani
yafqohu qouli, amma ba’du
Kunjuk dumateng ngarsanipun para pinisepuh , sesepuh , ajisepuh ingkang satuhu dahat
kinabekten,kunjuk dumateng ngarsanipun poro jamaah pengaosan maulid Nabi Muhammad SAW.
ingkang dipun mulyaaken AllaH swt, wabil khusus,dumateng Ngarsanipun Bapa Kyai Haji Salisul
Ansori ingkang di pun tengga mauidhoh hasanahipun ,sepindah Mangga kawula dherekaken
ngunjukaken raos puji syukur dhateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkang Sampun Paring
kawilujengan saha kasarasan sahingga ing siang punika kita saget kempal manunggal wonten papan
panggenan mriki kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punopo2. Pramilo monggo kita
ikrar hamdalah sesarengan..ALHAMDULIILAHIROBBILALAMIN. Sholawat soho salam mugi tansah
kunjuk dhateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang dados uswatun khasanah,soho
ingkang kito antu antu,syafaatipun mbenjang ing yaumil qiyamah amiiin allahumma amiin yaaa
robb…

Saderengipun kawulo nyuwun agunging pangapunten awit sampun nggempil kamardikan


panjenengan sedoyo ingkang nembe eco-sakeco wawan pangandikan, kawulo ing mriki bade
hangaturaken lampahing adicara Pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW ing siang punika.

Parandena adicara ingkang badhe kalampah inggih punika:

1. Pambuka
2. Waosan sholawat Barjanji ingkang bade kasuwunaken barokah
panjenenganipun Bp. H.Turi
3. Sambutan saking panitia ingkang badhe kaaturaken Bp. Sukimin
4. Waosan Ayat Ayat Suci Al Quran saking Adimas Yahya
5. Mauidhoh Hasanah saha doa Ingkang badhe Kahaturaken
panjenganipun Bapa Kyai H. Salisul Ansori saking Tukangan , Ampel
6. Panutup.
Kawangsulan dateng adi coro ingkang kaping sepisan,nggih meniko
pambuko,dumateng ngarsanipun poro jamaah,monggo pengaosan
ing siang puniko kito bika kanti waosan umul kitab sesarengan

You might also like