You are on page 1of 2

Tuladha teks deskriptif Pakaian Adat Jawa

Tuladha 1

Batik
Batik yaiku kain ginambar saka piranti kang jenenge malam ditulisake utawa
dicorekake. Pangolahing batik ginawe kanthi cara kang khas lan nggunakake trap-
trapan tinamtu. Mula saka iku, ora mokal batik minangka sawijining asil karya luhur
bangsa Indonesia kang dilakoni dening dunia lumantar UNESCO kawitan 2 Oktober
2009.
Saliyane duwe kekhasan panggawene, maneka jinis corake iku uga dadi
perangan kang narik kawigaten. Jinising corak batik ing antarane kayata: batik
kraton, sida mukti, kawung, lan sapiturute. Batik kraton mula bukane ginawe dening
para pembatik kang dumunung ing sajroning kraton. Motif utawa corake kayata
parang barong, parang rusak, lan udan liris.
Batik sida mukti yaiku motif corak batik kang lumrahe ginawe saka zat
pewarna soga alam. Batik iki wis lumrah digunakake ing upacara mantu. Unsur motif
kang ginambar yaiku gurda. Tembung “sida” iku ateges dadi utawa kelakon. Kanthi
mangkono, corak batik kang kawitan tembung “sida” duwe karep supaya apa kang
ginayuh bisa kawujudan. Mula sida mukti duwe makna filosofis ngandhut pangarep-
arep supaya bisa kasembadan mukti lair lan batine.
Batik kawung iku duwe corak bunder saemper kaya woh kawung (saemper
klapa utawa woh kolang-kaling). Kalamangsa corak iki uga dianggep minangka
gambaran reroncening kembang trate kang mekrok. Kembang trate tumrape wong
Jawa duwe makna nglambangake umur dawa lan kasucen. Corak batik kawung uga
kaperang saka wujud gedhe lan cilike. Kawung picis iku corak kawung kang
ginambar saemper bunderan cilik-cilik. Ing jaman biyen picis iku duwit pangaji
sepuluh senyang wujude cilik. Kawung bribil corake saemper kawung picis, nanging
bunderan kang kasusun luwih gedhe saka corak picis. Bab iki dumadi amarga
adhedhasar saka jeneng bribil kang ateges duwit kang wujude luwih gedhe lan
pangajine setengah sen.

Tuladha 2

Keris
Pamor sisik sewu. Sisik sewu yaiku jeneng pamor kang dadi golekane sudagar
kang duwe pegawe akeh. Pamor iki dianggep duweni daya kang becik. Ing antarane
yaiku kanggo nggangsarake dalane rejeki lan nambah derajate sing duwe.
Pamor iki wujude klumpukan saka bunderan-bunderan cilik kang padha
tinumpuk. Ukuran bunderan iku rata-rata luwih cilik saka bunderan kang ana ing
pamor udan emas. Nanging manawa jroning pamor udan emas bunderan-bunderane
sumebar, ing pamor sisik sewu njendhel.
Tumrape kang pracaya, dayane udakara padha karo pamor udan emas. Pamor
iki kagolong pamor tiban, yaiku pamor kang wujude ora direkadaya dhisik dening
empune.
Pamor sekar susun. Sekar susun yakuwi jeneng pamor keris utawa tumbak
kang wujud gambarane meh kaya pamor melathi rinonce. Bedane, gambaran
kembang-kembang ing pamor sekar susun ukurane luwih gedhe.
Pamor iki kagolong pamor kang ora pamilih, tegese cocog dianggo dening
sapa wae. Saperangan sutresna keris nganggep manawa keris kanthi pamor sekar
susun iki bisa nggangsarake anggone golek sandhang pangan. Pamor iki arang
banget ditemokake jroning keris-keris gawean lawas.

 Gawea dudutan/ringkesan wacan ing dhuwur nganggo basamu dhewe !


 Gawea masing masing 5 pithakon adhedhasar teks wacan ing dhuwur !

You might also like