You are on page 1of 2

Jangkepana tabel ing ngisor iki!

Struktur Gagasan Baku Ukarane


Teks
Salam Pambuka Nuwun dhumateng para bapak, ibu saha para kadang
ingkang kula kurmati, keparenga
kula ngaturaken kasugengan dhumateng Panjenengan
sadaya. Sugeng dalu sugeng
pepanggihan saha sugeng lelenggahan.

Atur Puji Syukur Mugi karahayon, katentreman, tuwin kebahagiaan


tansah kasarira ing Panjenengan sami, awit saking sih,
tuntunan, saha pangayomanipun Gusti ingkang maha
mirah.

Puji syukur alhamdulillah sumangga kita aturaken


dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang
tansah paring kanugrahan dhumateng kita sadaya,
saengga ing titi wanci punika kula lan Panjenengan
saged jagong sapatemon ing dalemipun Bp. Surya
Legawa kanthi mboten manggih rubeda punapa.

Atur pakurmatan Bapak, ibu saha para kadang ingkang kula tresnani
ing dalu punika Panjenenganipun Bp. Surya Legawa
nimbali kula lan Panjenengan saperlu kersa ndherek
ngestreni anggenipun Bp. Surya Legawa sagotrah
syukuran dhumateng ngarsanipun Gusti awit putra
pambayunipun anakmas Wisnu Mulya sampun
winisuda dados sarjana sujana saking paiyatan luhur
Unesa jurusan Pendidikan Basa Jawa.

Pambuka Pangajak wiwiti acara Sumangga pepanggihan punika kita bikak kanthi
maos basmallah sesarengan kula dherekaken.

Isi Atur pambagyaharja Bapak, ibu saha para kadang ingkang tansah kula
kurmati, tumapaking adi cara kaping kalih atur
pambagya saking panjenenganipun Bp. Surya Legawa
utawi ingkang kapiji anyenyulihi, kawula
sumanggakaken!
Para lenggah ingkang tansah satuhu luhur ing budi,
Atur paring dhawuh makaten kala wau atur pambagya harja ingkang
pangandikan sampun kaaturaken.Ndungkap adicara candhakipun
sesorah saking Bp. Haryosuman, minangka
sesulihipun para kadang ingkang sampun kadhawuhan
ngombyongi adicara punika. Dhumateng
panjenenganipun Bp. Haryosuman kawula
sumanggakaken!
Atur panuwun dhumateng Matur agunging panuwun kawula aturaken
ingkang sampun paring dhumateng panjenenganipun Bp.Haryosuman ingkang
dhawuh pangandikan sampun paring dhawuh pangandikan dhumateng kita
sami utaminipun kagem anakmas Wisnumulyo
ingkang nembe winisuda dados sarjana sujana. Mugi
saged amimbuhi greged anggenipun badhe anapaki
gesang bebrayan.
Adicara raos syukur Para lenggah ingkang tansah karoban sih kanugrahan,
adicara candhakipun dhumateng Panjenengan sadaya
keparenga jumeneng sawatawis jengkar tumuju
sasana boga. Minangka wujuding raos syukur Bp.
Surya Legawa sagotrah nyawisaken dhedhaharan,
sumangga sesarengan kembul bujana, binarung lan
ungelipun gendhing-gendhing langgam ingkang
sampun karacik dening juru pranata pita swara.
Dhumateng para kadang ingkang tinanggenah
angayahi jejibahan kawula sumanggakaken.
Dhumateng para tamu undangan sumangga samya
angrahapi dhedaharan ingkang sampun
kaaturaken.

Panutup Bapak, ibu, tuwin para kadang ingkang sinudarsana,


sacekapipun adicara kembul bujana sampun purna,
sumangga kita lajengaken tumapaking adicara
candhakipun inggih punika donga pangiring.
Dhumateng Panjenenganipun Bapa Ali Mursid
keparenga nyarirani, sumangga!

Bapak, ibu, para kadang kakung miwah putri ingkang


setya tuhu ngestreni pepanggihan punika, kanthi
Atur panutup donga pangiring kala wau purwa, madya, lan
wasananing adicara sampun kita tindakaken. Kula
ingkang ndherekaken lampahing adicara ngaturaken
agunging panuwun saha nyuwun pangapunten
menawi anggen kula matur wonten bab-bab ingkang
kirang mranani penggalih Panjenengan.

Sumangga pepanggihan punika kita purnani kanthi


maos hamdallah sesarengan kula dherekaken.

Salam panutup Ing wasana ngaturaken sugeng dalu sugeng kondur


wassalamualaikum wr.wb.

Nuwun

You might also like