Professional Documents
Culture Documents
DRAMA BAHASA JAWA 8 Orang
DRAMA BAHASA JAWA 8 Orang
Wonten salah satunggaling desa inggih menika Desa Makmur, wonten keluarga ingkang
gesangipun rukun lan sae inggih menika keluarga Bapak Wahono. Bapak Wahono kagungan
putra naminipun Prima. Prima bocah ingkang sopan lan alus anggenipun ngendika, ananging
amargi srawung kaliyan bocah ingkang mboten jelas, unggah-ungguhipun Prima sampun benten.
Kunto : “Prima….!”
Prima : (mlayu mekdal saking griya) “Weh sipek yo brow aku njupuk kunci motor dipek.”
Rita : “Yo,,cepet yo brow!”
Kunto : “Yo, beres.
Prima lajeng mlebet kamaripun mbakyune badhe nyambut kunci motor, amargi
motoripun badhe dingge mancing.
Prima banjur metu saking kamaripun mbakyune, lajeng pamit kaliyan ibuipun.
Dereng ngantos dijawab, Prima lajeng lunga. Nalikanipun madosi kunci wonten sak, dompetipun
kecer. Ananging Prima mboten mangertos amargi kesesa.
Saksampunipun Prima lunga, onten Nilam ingkang lewat dalan menika saking tumbas
bumbu masak.
Nilam : (Mendhet dompetipun Prima) “Dompete sopo yo iki? Ah yo wes go mulih wae.”
Saksampunipun wonten griya, Nilam lajeng nyaoske bumbu masakipun dhumateng ibu
Nisah.
Nilam lajeng mlebet kamar. Lan bukak dompet ingkang ditemu wau. Dompet wau onten fotone
ananging mboten wonten identitas sinten ingkang nggadhahi dompet menika.
Nilam : (sinambi ningali foto wonten dompet) “Sopo yo iki? Ganteng tenan.” (mesam-
mesem)
Wonten dalemipun Prima, Prima bingung madosi dompetipun. Prima tanglet kaleh
keluarganipun.
Ibu : “Sampeyan ki ngopo to Le? Ket mau kok mubeng-mubeng, opo gek ilang?”
Prima : “E…mboh Bu! Dompetku ilang.”
Ibu : “Loh lha adate le deleh neng ngendi?
Prima : “Yo neng sak, tapi mau tak tilekki wes orak eneng.”
Ibu : “Coba takono mbakyumu.”
Prima : “Mbak, ngerti dompetku ora?”
Zulfah : “Dompet opo to? Wong yo duwe dompet dewe-dewe kok yo rebut.”
Ibu : “Oalah….mulakno nek deleh dompet ki ora sak nggon-nggon. Neng omah iki rak
eneng gek jupuk dompetmu.”
Mifta : (Liwat sakngarepe Prima)
Prima : “Dek..dek…”
Mifta : “Ono opo Mas?”
Prima : “Neng ngendi dompetku?”
Mifta : “Dompet opo to Mas? Au ulak leti.”
Prima : (Bentak Mifta) “Rasah ngapusi! Tok nggo dolanan neng ngendi dompetku, heh?”
Ibu : “Karo adhine ki ora kasar-kasar ngono kuwi. Karo sing luwih tuo ora boso, karo
adhine mbentak-mbentak. Gek lelakon opo iki….” (ngelus dada)
Prima : “Aargh…mboh.” (Mbanting kursi lajeng lunga)
Zulfah : “Sabar nggeh Bu….”
Bapak : (Lenggahan wonten kursi) “Ono opo iki?”
Mifta : “Pak Bapak….mau mas Prima natali atu kalo ibu kalo mbak Zulfah.”
Zulfah : “Dompetipun Prima ilang Pak, lajeng muring-muring.”
Bapak : “Yo wes rak popo. Jenenge we lagi kelangan dompet. Wajar nek muring.”
Zulfah : “Pak, menawi Prima dipunleske matematika wonten nggene Bu Nisah pripun?
Bapak : “Loh loh loh…kok dadi matematika kepriye to?”
Zulfah : “Prima nate ngendika menawi mboten saged pelajaran matematika. Bu Nisah niku
tiyang ingkang ndemenakake Pak, mengke Prima ugi lajeng dipun ajari unggah-
ungguh. Pripun Pak?”
Ibu : “Aku setuju kuwi.”
Bapak : “Yo wes nek ngono. Zul, mengko ajaken Prima neng gone Bu Nisah!”
Zulfah : “Nggeh Pak.”
Prima dipun ajak Zulfah wonten gone Bu Nisah. Ananging Prima dereng mangertos
badhe dipun ajak mbakyunipun wonten pundi.
Nilam banjur mlebet nyepakkaken wedhang saha camilan kangge Zulfah lan
Prima.
Zulfah lan Prima ngunjuk lajeng pamitan kalih ibu Nisah.
Nalikanipun Prima nembe dolan kalih kanca-kancanipun, Prima nyritakaken kedadean
menika.
Dinten Minggu sampun kalampahan, sakniki dinten Senin. Dinten ingkang dipuntunggu
Nilam kangge mbalekaken dompetipun Prima. Prima les matematika wonten dalemipun Bu
Nisah.
Nalikanipun Prima metu omah Nilam sampun ngenteni wonten jobo.
Nilam : “Prima,,.”
Prima : “Eh, Nilam, ono opo?”
Nilam : “Aku arep takon.”
Prima : “Yo.”
Nilam : (Nduduhaken dompet) “Iki dompetmu duduk Prima?”
Prima : (Gumun) “Iyo bener. Kok iso eneng neng gonmu?”
Nilam : “Aku nemukake neng dalan cedak kali.”
Prima : “Ow iyo..aku lagi kelingan nek aku dek emben mancing.”
Nilam : (Maringke dompetipun marang Prima) “Maaf geh, wingi aku urung sempet
menehke dompet kuwi.”
Prima : “Orak popo kok. Nuwun nggeh.”
Nilam : “Nggeh.”
Nilam lan Prima lajeng mantuk. Saksampunipun mangertos menawi Nilam
ndemenakaken, Prima dados bocah ingkang demenakaken ugi. Kanca-kancanipun ingkang badhe
ngewangi goleki dompetipun Prima malah mboten ketemu lan Prima mboten srawung kalih
kanca-kancanipun ingkang mboten sae rumiyin