You are on page 1of 8

PAS 1 KELAS 4 BAHASA JAWA

KD 3.1 KD 3.2 KD 3.3 KD 3.4

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !

Kd 3.1
Tansah Nyawiji
Dening: Ayundha Salsabila

Ora preduli aku sapa

Ora preduli kowe sapa
Ora preduli yen kita bda
Amarga kita tansah nyawiji
Nyawiji dadi siji
Aneng lemahe Ibu Pertiwi

Senadyan kita beda suku

Senadyan kita beda agama
Senadyan kita beda basa
Nanging kita tetep padha
Tansah nyawiji
Nyawiji dadi siji
Ing nagari Indonesia

1. Geguritan ing nduwur dumadi saka ... padha.

a. siji
b. loro
c. telu
d. papat

2. Geguritan ing nduwur dumadi saka ... gatra.

a. 11
b. 12
c. 13
d. 14

3. Sajak utawa rima pada kapisan sajrone geguritan ing dhuwur yaiku ….
a. a a a u u u
b. u u u a a a
c. a a a i i i
d. i i i a a a

4. Sing ngriptakake geguritan ing dhuwur yaiku ....

a. Fida Salma
b. Nimas Prabantani
c. Puspita Dewi
d. Ayundha Salsabila

5. Dhong-dhinge swara kang padha ing pungkasane gatra sajroning geguritan diarani ....
a. pada
b. rima
c. diksi
d. wanda

6. Yen isine geguritan iku sedih, polatane sing moco kudu ….

a. katon seneng supaya sing ngrungokne melu seneng
b. katon bungah supaya sing ngrungokne melu bungah
c. katon nelangsa supaya sing ngrungokne melu nelangsa
d. katon sedih supaya sing ngrungokne melu sedih

7. Pemilihan tembung sing mentes, trep lan mantesi kang nuwuh ake kaendahan tumrap sawijining
geguritan diarani . . . .

8. Kumpulan saka saperangan gatra sing ana sajroning geguritan diarani . . . .

9. Salah sijine cara kanggo mahami geguritan, yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi
wujud teks gancaran (prosa/crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani . . . .

10. Amarga kita tansah nyawiji. Nyawiji tegese . . . .

11. Jlentrehna apa tegese Geguritan !

.............................................................................................................................................

12. Salah sijine bab sing kudu digatekne nalika maca geguritan yaiku polatan.
Jlentrehna opo tegese polatan !
.............................................................................................................................................
.............................................................................................................................................
.............................................................................................................................................

Kd 3.2
13. Ing ngisor iki sing kalebu titikane teks pacelathon yaiku ....
a. sakabehe crita awujud pacelathon antarane rong paraga utawa luwih
b. teks pacelathon ora nggunakake tanda pethik (“........”)
c. teks pacelathon awujud ukara ora langsung
d. teks pacelathon ora nggunakake pituduh tartamtu

14. Unggah ungguh basa kaperang dadi loro yaiku ....

a. ngoko lugu lan ngoko alus
b. ngoko lugu lan krama alus
c. basa ngoko lan basa krama
d. krama lugu lan karma inggil

15. Teks pacelathon iku katulis kanti wujud ....

a. gancaran
b. pada
c. dialog
d. geguritan

16. Bab-bab sing kudu digatekake nalika meragakake teks pacelathon ing antarane yaiku ....
a. pada
b. sajak
c. intonasi
d. diksi

17. Adhik ... yen kancane mau tiba.

a. ngunandika
b. ngendhikan
c. kandha
d. dhawuh

18. Pacelathon antarane batur marang juragan nggunakake basa ....

a. ngoko lugu
b. nguku alus
c. krama lugu
d. krama alus

Bendungan
Bu Guru : Cah,ing kelas iki sapa sing nate mlaku-mlaku menyang bendungan ?
Yudha : Bendungan punika punapa ta, Bu?
Mila : Bendungan iku kolam Yud. Inggih ta, Bu?
Bu Guru : Iya, bendungan iku kaya kolam, Mil, nanging wujude luwih gedhe lan ombo.
Bendungan minangko sawijining tembok kang dibangun saka watu lan lemah kanggo
mbendung utawa nahan alirane banyu.
Farid : Kenging punapa toyanipun dipunbendung, Bu?
Bu Guru : Tujuane mbangun bendungan kuwi pancen mbendung banyu Cah.
Banyu kang dibendung paedahe akeh banget tumrap panguripane manungsa.
Yudha : Paedahipun bendungan punika punapa kemawon, Bu?
Bu guru : Paedahe bendungan salah sawijine yaiku kanggo ngalirake banyu menyang
Pembangkit Listrik Tenaga Air (PLTA) saengga bisa ngasilake energi listrik.

19. Irah-irahane pachelathon ing dhuwur yaiku ....

a. Bendungan
b. Sekolahan
c. Tujuane Mbangun bendungan
d. PLTA

20. Paraga sing ana sajroning pacelathon ing ndhuwur yaiku ....
a. Bu guru, Yudha, Mila
b. Yudha, Bu Guru, Farid
c. Bu Guru, Yudha, Mila, Farid
d. Farid, Yudha, Mila

21. Pacelathon ing dhuwur ngrembuk ....

a. PLTA
b. Obyek wisata bendungan
c. Kolam
d. Bendungan lan paedahi bendungan

22. Bocah-bocah kudu mituhu dhawuhi Ibu lan Bapak guru.

mituhu tegese . . . .

23. Rembugan antarane wong loro utawa luwih ngenani sawenehing bab diarani . . . .

24. Pacelathon wong enom marang wong tuwo nggunakake basa . . . .

25. Budhe badhe . . . pundi?
Tembung kang trep kanggo njakepi ukara yaiku . . . .
26. Yen guneman antarane kanca karo kancane iku nggunakake basa . . . .

27. Sebutna 3 wae nganggo basamu dhewe,kepriye carane ngirit listrik!

.............................................................................................................................................
.............................................................................................................................................
.............................................................................................................................................

28. Ukara ing ngisor iku owahana dadi basa karma alus !
Mas Galang wis mulih saka Jakarta.
.............................................................................................................................................
.............................................................................................................................................
.............................................................................................................................................

KD 3.3
TLAGA PASIR
Dhek jaman biyen ing ereng-erenge gunung Lawu dhaerah Magetan Jawa timur ana sepasang
suami istri sing asmane Kyai Pasir lan Nyai Pasir.Kyai Pasir lan bojone manggon ana gubug cilik ing
pinggir alas. Senadyan gubuge mung saka kayu kanthi atap sing asale saka gegodhongan, Kyai Pasir
lan Nyai Pasir uripe tentrem. Ing sawijining dina Kyai Pasir nemokake endhog ing ngisore wit sing
gedhe banget.Kyai Pasir banjur njupuk endhog kasebut lan digawa mulih menyang omahe.
Nyai Pasir kaget benget nalika ndeleng bojone mulih nggawa endhog sing gedhe.Kyai Pasir
banjur ngongkon bojone masak endhog kasebut kanggo mangan awan. Nalika endhoge wis mateng
dimasak, Kyai Pasir lan Nyai Pasir mangan lawuh endhog. Sawise mangan Kyai Pasir lan Nyai Pasir
awake sakojur lara kabeh banjur tuwuh sisik kaya sisike ula.Endhog sing dipangan mau pranyata
endhoge ula naga.Kyai Pasir lan bojone ora bisa ngempet lara, banjur ngguling-nggulingake awake
ing lemah lan ora let suwe wujude owah dadi ula naga.
Sumber: http//jurirakyat.com
29. Paraga sing ana sajrone teks crita rakyat ing dhuwur yaiku ....
a. Kyai Pasir lan Nyai Pasir
b. Kyai Wira lan Nyai Wira
c. Kyai Pasir lan Nyai Nira
d. kyai Nara lan Nyai Nora

30. Sawise mangan endhog Kyai Pasir lan Nyai Pasir owah wujude dadi ….
a. pitik
b. menthok
c. ula naga
d. kucing

31. Crita rakyat lumrahe nyritakake ngenani asal-usule sawijining ….

a. panggonan
b. kedadeyan
c. kabudayan
d. kesenian

32. Ing ngisor iki sing ora kalebu titikane crita rakyat yaiku ….
a. asipat anonim
b. dicritakake kanthi cara turun tumurun
c. critane dumadi saka saperangan versi
d. pangrimbage kanthi cara ditulis
33. Urutane kedadeyan sing dumadi sajroning crita diarani ….
a. amanat
b. undhering crita
c. latar
d. alur

34. Bab piweling utawa pitutur saka crita diarani ….

a. amanat
b. tema
c. latar
d. diksi

35. Dalane peteng . . . jalaran lampune mati.

36. Wong tuwa diwarahi anak, paribasane kebo . . . .

37. Guwa Akbar jembar lan endah. Kosok baline jembar yaiku . . . .

38. Ing Padesan yen bengi sepi , nanging ing kutha …. .

39. Sebutna 3 tuladhane crita rakyat sarta tulisen asal usule dhaerahe?
..................................................................................................................................
.

40. Sebutna unsur Intrinsik sajroning crita rakyat?

..................................................................................................................................
.
..................................................................................................................................
.
..................................................................................................................................
.

KD 3.4
41. Karangan sing nyritakake ngenani kedadeyan kang disusun kanthi urut adhedhasar urutan wektu
diarani karangan ….
a. deskripsi
b. eksposisi
c. narasi
d. argumentasi

42. Paraga, alur, lan latar sing diandharake kanthi cetha sajroning crita wujudake salah sawijining
titikaning karangan ….
a. deskripsi
b. narasi
c. eksposisi
d. argumentasi

43. Karangan sing ngandharake gegambaran ngenani sawijining objek/barang, panggonan, utawa
kahanan tartamtu minangka asil pengamatan langsung saka panca indra diarani karangan ….
a. eksposisi
b. diskripsi
c. Narasi
d. Argumentasi

44. Tahap kapisan sing kudu ditindakake nalika arep nulis karangan narasi yaiku ….
a. alur lan amanat
b. paraga lan alur
c. underaning crita lan amanat
d. underaning crita lan paraga

45. Langkah sepisanan sing kudu ditindakake nalika arep nulis karangan deskripsi yaiku ….
a. Nemtokake tujuwan panulisan
b. nentokake topik utawa underaning crita
c. nindakake pengamatan langsung
d. nggawe cengkorongan crita

46. Pilihan tembung ing teks deskripsi yaiku ….

a. nggambarake konflik/perang sing bisa ndadekake owah-owahan nasibe paraga
b. mung nggambarake kahanan objek ing siji wektu, panggonan, lan sosial
c. migunakake tembuing/ ukara sing bisa digunakake ing saben dina
d. migunakake tembung / ukara sing bisa nggugah rasa utawa narik kawigaten

47. Pak Toni pegaweane golek pawarta. Pakaryan Pak Toni diarani . . . .

48. Saben esuk Pak Herman nitih kreta menyang Yogja.

Jejere ukara iku . . . .

49. Ing mangsa ketiga akeh sumur padha asat, golek banyu angel.
Banyu yen dikramakake . . . .

50. Bu Narmi (pundhut) tas ing toko Lestari. Tembung pundhut benere . . . .

51. Ana saperangan teknik/ cara sing kudu digatekake anggone maca karangan narasi.
Coba sebutna 3 teknik maca karangan narasi !
...................................................................................................................................

52. Tulisen titikane utawa ciri-cirine karangan Deskripsi !

...................................................................................................................................
...................................................................................................................................
...................................................................................................................................
Kunci Jawaban BHS Jawa Kelas IV

Muatan No Kunci Jawaban Skor

1 B 1
KD 3.1 2 C 1
3 C 1
4 D 1
5 B 1
6 D 1
7 Diksi 2
8 Pada 2
9 Parafrase 2
10 Dadi siji/bersatu 2
11 Puisi basa jawa gagrag anyar (modern)kang ora kaiket 3
dening paugeran (aturan) sing gumathok
12 Ekspresi sing dislaraske karo jiwane geguritan 3
NILAI = SKOR PEROLEHAN X 5
KD 3.2 13 A 1
14 C 1
15 B 1
16 C 1
17 C 1
18 D 1
19 A 1
20 C 1
21 D 1
22 Manut,nurut 2
23 Pacelathon 2
24 Krama inggil 2
25 Tindak 2
26 Ngoko 2
27 TV dipateni yen ora di delok, wayah awan lampu di 3
pateni, nggunakake alat listrik sing hemat energi
28 Mas galang sampun wangsul sangking jakarta 3
NILAI = SKOR PEROLEHAN X 4

K D 3.3 29 A 1
30 C 1
31 A 1
32 D 1
33 D 1
34 A 1
35 dedet 2
36 nusu 2
37 ciut 2
38 rame 2
39  Asal-usule Tlaga Ngebel (Daerah Ponorogo) 3
 Asal-usule Tlaga Pasir (Daerah Magetan)
 Asal- usule Tlaga wilis (Daerah Pasuruan)
Kawicaksanane guru
40 Unsur Instrinsik crita rakyat yaiku ; 3
 Underaning crita (Tema)
 Paraga (tokoh)
 Alur
 Latar (Setting)
 Pamawase pangripta (sudut pandhang)
 Amanat
NILAI = SKOR PEROLEHAN X 5
KD 3.4 41 C 1
42 B 1
43 B 1
44 C 1
45 B 1
46 D 1
47 wartawan 2
48 Pak Herman 2
49 toya 2
50 mundhut 2
51 Teknik maca karangan narasi yaiku 3
 Lafal kudu cetha : Tegese swarane kudu banter lan
cetha nalika maca karangan narasi
 Intonasi kudu trep nalika maca karangan narasi
 Jedha kudu trep : tegese wektu kanggo mandheg
sadhela kanthi nggatekake tanda maca koma ( , )
utawa titik ( . )
52 Ciri-cirine karangan deskripsi yaiku ; 3
a. Karangan awujud gegambaran ngenani sawijining
objek/barang, papan/panggonan,utawa kahanan
tartamtu.
b. gegambaran ngenani objek/barang,
papan/panggonan,utawa kahanandiandharake kanthi
cetha.\
c. Karangan disusun adhedhasar asil pengamatan
langsung saka panca indra
d. Nduweni tujuan kanggo ngriptakake kesan utawa
pengalaman marang pamaos supaya kaya-kaya bisa
ndeleng, ngrasakake, utawa ngungokake dhewe
sajroning objek kang di gambarake
NILAI = SKOR PEROLEHAN X 5

You might also like