Professional Documents
Culture Documents
Gagrak Ngayogyakarta
Gagrak Ngayogyakarta
PENDAHULUAN
A. PANGERTOSAN
Pangertosan ageman utawi sandhangan miturut kajawen utawi budaya Jawi menika
wonten kalih perangan inggih menika sandhangan lahir saha sandhangan batin. Sandhangan
lahir tumrap manungsa sampun mastani ing unen unen “ajining raga ana busana” dados raga
saget dipun ajeni utawi dipun aosi manawi manungsa menika tansah hanjagi wontenipun
busana ingkang ka-angge, hawit awonipun busana mahanani tiyang menika mboten saget
hanjagi prajanipun (penampilannya).
1
BAB II
PEMBAHASAN
A. GAGRAK SURAKARTA
Ngrembag bab busana jawi ing Surakarta punika boten saget uwal saking budaya Jawi, jalaran
busana Jawi kalebet wohing budaya Jawi. Dene budaya Jawi ing ngriki, tegesipun budaya Jawi
ingkang sumberipun saking Karaton Surakarta.
Peranganipun busana Jawi ingkang dipunangge ing Karaton Surakarta ing wekdal sakpunika,
saking nginggil dumugi ngandhap kanthi urut kados ing ngandhap punika:
1. Udheng
2. Kulambi
3. Sinjang /Dodot
4. Setagen
5. Sabuk
6. Epek Timang lan Lerep
7. Samir
8. Dhuwung
9. Cenela utawi selop
2
ngersakaken. Wekdal sak menika sampun kathah kasade ing toko-toko, udheng
sampun dados kantun milih ukuran sarta cakrik sekaranipun.
2. KULAMBI UTAWI RASUKAN
Kulambi utawi khas gagrak
surakatra inggih menika
beskap. Beskap makaten wujud
jas, gulonipun tutup kanthi
kancing ing sisih tengah. Dene
kapernah jaja (dhadha) sak
pangandhap katutup mawi
tangkepan mangiwa, miring
mangandhap. Kancingipun
kiwa sak pangandhap wonten
tiga. Dene sisih tengen jaja
dipun pasangi kancing (benik)
ugi cacah kalih mapanipun sami kaliyan kancing ing kiwa, minongka pasren.
Kadosdene atellah, ing wingking sak pangandhap pengkeran dipun krowok,
kangge nyengkelit dhuwung.
3. SETAGEN
4. SABUK
Sabuk punika ageman
ingkang dipun angge nutupi
setagen. Dados manawi
sinjang sampun dipun
3
singseti, lajeng dipun sinseti malih mawi sabuk, supados setagen mboten
ketingal.
8. SAMIR
4
Samir makaten kalebet perabot busana Jawi Karaton Surakarta Hadiningrat,
mligi manawi sowan dhateng Karaton minongka tandha bilih abdidalem kalawau,
nembe nampi ayahan. Dados wonten pasrawungan mboten perlu ngagem samir.
B. GAGRAK NGAYOGYAKARTA
Adat Jawi biasanipun kasebut kulambi kejawen ingkang gadhah pralambang piyambak kangge
tiyang Jawi ingkang ngagem. Kulambi Jawi kebak kaliyan piwulang, sugih ajaran ingkang terkait
kalih filosofi Jawi.
Neng jero klambi kejawen iki ono wulangan kanggo tumindhak ing donya, iki kanthi selaras
sing hubungane karo aktifitas pendhak dinane, apik hubungane karo sakpodomanusia, karo awake
dhewe, utowo karo Tuhan Yang Maha Kuasa Pencipta sakabahe.Klambi Kejawen sing dienggo neng
mustaka yaiku, udheng lan iket sing dienggo neng awak yaiku rasukan (klambi): jarik, sabuk, empek,
timang bagian mburi yaiku keris lan dienggo neng bagian ngisor utowo bagian sikil yaiku canela.
1. Udheng
2. Iket
Iket yaiku tali mustaka sing dibentuk angrupakupluk dadine bentuke bisa nutupi
mustaka manusia.Cara nganggo iket kudu kenceng, ben kuwat supaya ikatanne ora gampang
ucul.
3. Rasukan
5
Rasukan ingkang khas adat/gagrak
Yogyakarta yaiku Surjan. Surjan digawe dening
Sunan Kalijaga inspirasi dening model busana ing
wektu mbiyen lan salajengipun digunakake dening
Mataram. Sandhangan surjan bisa disebut sandhangan
"takwa", amarga iku ing sandhangan filsafat surjan
sing makna, antarane wong-wong mau: gulu klambi
benik surjan 3 pasangan (6 wiji) kabeh kang ilustrasi
rukun iman. Saliyane surjan uga ana rong benik ing
dodo kiwa lan tengen. Iku simbol saka syahadat.
4. Benik
Klambi Jawa kaya beskap mesti dipepaki karo benik neng sebelah kiwa lan tengen.
5. Setagen
6. Sabuk
Pangertosanipun Sabuk punika ageman ingkang dipun angge nutupi setagen. Dados
manawi sinjang sampun dipun singseti, lajeng dipun sinseti malih mawi sabuk, supados
setagen mboten ketingal..
7. Epek
Persamaan Epek yaiku apek; golek; nggoleki. artine jero urip iki, awake dhewe kudu
nggunakne dheweke karo nggoleki kawruh sing ngguna. Yen golek ilmu diusahake tekun,
setiti, lan cermat. Epek menika awujud setut ingkang kadamel saking bakalan kain bludru,
wiyaripun watawis 5 CM, denepanjangipun watawis 120 – 150 CM. kajawi saking bludru
epek ugi wonten ingkang kadamel saking bubatipun kapal (rambut jaran), rambut punapa
dene surinipun.
8. Timang
6
Timang yaiku pralambang menawa elmu sing ditempuh kudu dipahami seng
gamblang, ben ora gampang utawa nimbulke rasa kuatir. (samang – samang; asale saka
tembung timang). Bongkotipun epek dipun pasangi “Timang” utawi Gesper ingkang dipun
angge nyandhet ubetipun epek.
Timang (Gesper) sarta lerep, limrahipun kadamel saking “kuningan” kanthi rinengga
ukiran. Malah kepara ukiranipun wonten ingkang dipun tretes inten, barliyan, menapa dene
selamaya.
8. Jarik
9. Wiru
10. Bebed
Bebed yaiku bebed utawa jarik sing dienggo wong lanang. Bebed artine manusia
kudu ubed,tlaten lan sregep le nyambut gawe golek pangan.
11. Canela
7
Curiga utowa keris dadi wilahan, bilahan
lan ana neng jero warangka utawa wadahe. Curiga
dienggo neng buri awak. Keris iki nduweni
pralambang menawa keris sak warangkane padha
karo manusia dadi ciptaan lan penciptane yaiku
Allah Yang Maha Kuasa, manunggaling kawula Gusti. Amarga didokokake neng mburi
awak, keris nduweni arti dewe menawa nek nyembah Tuhan Yang Maha Kuasa. Supaya
manusia iso ngungkurake godhaning setan sing seneng mengganggu manusia pas manusia
arep tumindak kebecikan.
Kebaya asale saka tembung basa Arab yaiku “Abaya” sig artine klamben. Akeh sing
percaya kebaya iku asale saka Tiongkok ing atusan taun kepungkur. Banjur nyebar mring
Malaka, Jawa, Bali, Sumatera, lan Sulawesi. Nggunakake kebayak ndadikake para estri
mangkleh dadi esri kang anggun lan nduweni kepribadian kang sae.
Kebaya gadhah makna menawa bentukipun kang sederhana inggih punika saged
mewujudaken keserhanaan saking masyarakat Indonesia. Nilai filosofi saking kebaya yaiku
lembah manah, lemah lembut, sifat elegan.
C. Setagen
8
Nanging saka bentuke sing dowo kuwi ana nilai- nilai filosofi kang luhur, ngrupakne simbol supaya
sabar (dadi manungsa kang sabar) utawa dowo ususe.
D. Kemben
Kemben yaiki klamben kang digunakake para estru kanggo nutupi weteng utawa dada, lan
fungsine kanggo nggawe weteng luwih singset. Kemben digunakake dadi gantine klambi lan pemepak
kanggo nutupi payudara. Kemben wis digunakake marang suku Dayak Ngaju ewonan taun
kepungkur.
E. Jarik
Jarik utawa sinjang yaiku kain sing digunakake kanggo nutupi awak saka bangkekan tekan sikil.
Jarik nduweni makna aja gampang serik, yen ngadepi masalah kudu ngati- ati aja grusa- grusu.
F. Cunduk Jungkat
Cunduk jungkat yaiku aksesori kang dipasang saka arah dhuwur
uyeng uyeng. Cunduk jungkat deweni nilai pendidikan gambaran saka
keprawanan, saengga yen penganten wanita nganggo wusana basahan
karo cunduk jungkat ing sirahe, mula penganten kemau isih perawan.
Cunduk jungkat uga duweni teges rapi utawa ketata. Penganten wanita
dikarepake bisa nata kluwargane saengga kacipta kulawarga sakinah,
mawadah, lan warohmah.
G. Cunduk Mentul
Ing saknduwure sanggul biasane diwenehi aksesori liyane kayata
Cunduk Mentul. Cunduk Mentul yaiku aksesori kang manggone
ngadeg ing sirah. Cunduk mentul biasane kasusun saka 5 nganti 9
bunderan cilik. Nanging sejatine bisa uga jumlahe 1,3, 5 utawa 9.
Cunduk mentul kang jumlahe 1 nduweni pralambang anane Gusti
kang Maha Esa. Cunduk mentul kang jumlahe 3 nduweni simbol
trimurti. Dene kang jumlahe 5 kuwi pralambang rukum Islam. Yen
jumlahe 7 diarani simbol pitulungan. Kang paling akeh yaiku 9
nduweni simbol wali songo. Cunduk mentul biasane dipasang madhep
mburi. Yaiku kanggo simbol yen wanita kuwi kudu ayu kadi ngarep
uga mburi.
9
H. Ronceng Melati
I. Suweng
Suweng utawa sruweng, utawa subang, utawa sungu iku sajinis
aksesori tumrap wanita sing dipasang nempel ing kuping.Bahane bisa
saka logam, plastik, kaca, watu mulia, manik-manik, lan liya-liyane.
J. Peniti Renteng
K. Selop
Sandhal Selop yaiku sandal kang digawe saka bahan kulit
kéwan, ingkang diolah lan wujude nutupi bagian driji, geger
sikil lan bageyan tungkak kebukak.
A. UDHENG/ BLANGKON
10
Filosofis Udheng yaiku supaya menungsa iku sayogyane nduweni pikiran kang
kenceng, ora gampang goyah, mung amarga situasi utawa kahanan kang ora ndukung.
Piwulangne manusia kudu nduweni pikiran sing kukuh nek wis mudheng utawa mahami
tujuan uripe. Manusia nduweni fitrah kanggo senantiasa nggoleki kesejaten urip dadi sangkan
paraning dumadi.
B. IKAT
Kanggo wong Jawa iket piwulange yaiku manusia kudu nduweni pamikiran sing
kencang, ora gampang terombang – ambing mung amarga factor situasi utawa wong liya
tanpa pertimbangan sing matang.
C. RASUKAN
Nilai filosofinipun yaiku ajaran kanggo nglakoni kabeh perkara ing donya iki kanthi
harmoni ingkah kaitan kaliyan aktivitas saben dinane, mbuh iku karo awake dewe, sapodo-
podo, utawa karo Gusti. Dadi ciptaan Yang Maha Kuasa, arepa manusia ngrasuk utawa
nganut salah siji dhalan utowoagama tetep karo kelingan nyembah Tuhan Yang Maha Esa.
D. BENIK
Lambang saka benik yaiku menawa manusia nek tumindak kudu dipikir, ojo grusa-
grusu. Opo wae sing di tindake ojo nganti ngrugeke wong liya, iso jaga antarane kepentingan
dewe lan kepentingan liyan.
E. SETAGEN
Filosofi setagen yaiku nata awak supaya tegap lan santun anggone unggah-ungguh.
Supaya dadi wong iku kudu tegap lan santun unggah-ungguhe. Setagen ugo gadahi teges
paningset ingkang maknanipun “bebakaling sandhang” utawi cikal bakal busana kang di
karepaken ing bebrayan mangkih kekalih temanten sageto ngalampahi sedaya kondisi.
F. SABUK
Filosofi Sabuk kudu bisa tekun makarya supaya bisa menuhi kabutuhan uripe. Mula
manungsa kudu ubed supaya ora kerja tanpa asil. Ben manusia nggunakne awake kanggo
nyanbut gawe sing tenan , aja nganti kerjone ora ngasilke.
G. EPEK, TIMANG,
11
Filosofinipun Epek yaiku Supaya biso kerja kanthi sae kudu Epek (apek, golek,
mencari) ilmu kang nduweni manfaat. Yen luru ilmu kudu taberi, titis, saengga bisa mahami
kanthi jelas.
Filosofinipun Timang yaiku Ilmu kang dientukake kudu dipahami kanthi jelas lan ora ana rasa
samang.
H. JARIK
Filosofinipun yaiku supaya manungsa ora gampang serik marang wong liya. Yen ana
perkara dirampungke kanthi cara apik lan ora grusa-grusu.
I. WIRU
Wiru artine wiwiren ojo nganti kleru. Olahlah samubarang hal samangkana rupa
dadine nuwuhake rasa nyenengna lan harmonis, aja nganti menimbulkan kekleron lan
disharmoni.
J. BEBED
Bebed piwulangipun yaiku manusia kedah bubed, sregep nyambut damel, ngantos-
atos dene tumindak lan tumindak ingang becik mawon.
K. CANELA/SELOP
Filosofinipun yaiku yen nyembah gusti Allah kudu saka lair nganthi bathin, pasrah
ing njero ati marang kuasaning Gusti Allah. Selop gadhah piwulang yaiku kedah nyembah
marang Gusti Allah, supaya saka lair nganthi bathin. Ing njero ati mung sumeleh.
L. DHUWUNG
12
Tata busana iku minangka panging budaya jawa, yaiku woh pangolahing budi, manunggaling
pakarti lair lan batin. Nyandhang nganggo kudu dilaras supaya bisane pantes lair lan batine.
Kacundhukake antarane kahanan awak lan kalungguhane.
a) Patrapipun anggenipun ngagem udheng kedah trep, mboten kenging miring, methongkrong
menapadene Jeplak. Kaangkah antawisipun alis kaliyan wironing udheng wiyaripun setunggal
nyari. Ngagem Udheng ugi wonten paugeranipun, utaminipun manawi sowan dhateng
Karaton mboten kenging sak sekecanipun piyambak.
b) Sampun dados adat lupiya, busana punapa ingkang dipun agem manawi wonten ing
pisowanan, saget kawuningan saking Serat timbalan-dalem. Padatan dipun bentenaken
antawisipun pisowanan ageng saha pisowanan padintenan utawi limrah. Umumipun manawi
pisowanan ageng punika warninipun cemeng. Dene pisowanan padintenan warninipun
merdeka.
c) Menawi cara ngagem setagen punika kanthi di ubetaken wonten badan saking tengen
mangiwa wiwit ngandap padharan dumugi ngandape dada.
d) Patrapipun ngagem sabuk kanthi kaubedaken badan, kawiwitan saking nginggil, ubedipun
mangiwa. Ubedipun ingkang angka kalih kapernahaken kirang langkung kalih nyari sak
ngandhapipun.
e) Manawi badhe angagem sinjang, langkung rumiyin kedah dipun damel wironipun, inggih
punika wiwit saking pinggiraning sinjang (seretan/Tumpal) dipun lempit wolak-walik ngantos
2/3 panjangipun sinjang. Wiyaripun saben lempitaning wiron manawi kagem kakung kirang
langkung 7 CM. dene wiron kagem putri kirang langkung 3.5 CM.
f) Dhuwung dipunagem mligi minongka jangkeping ageman utawi busana adat Jawi. Punika
kemawon winates ingkang agemanipun atella punapa dene beskap ingkang wingkingipun
krowok. Dene manawi agemanipun beskap utawi atella landhung mboten perlu ngagem
huwung.
13
14