You are on page 1of 2

MATERI LOMBA PIDATO BAHASA JAWA

SMP PANGUDILUHUR SRUMBUNG

Tema : Ayahaning Para Mudha Ingkang Kreatif Mapag Indonesia Emas

Nuwun, kula nuwun; para bapa-ibu dewan juri tuwin para rawuh ingkang dahat
kinurmatan, para kadang werdha miwah mudha ingkang kula tresnani. Kaparenga kula
ngaturaken pambagya kawilujengan. Mugi nugraha kabagaswarasan, kabagyan miwah
karaharjan tansah tumanduk dhumateng panjenengan saha kula. Langkung rumiyin,
sumangga kita manungku puja dhumateng Gusti ingkang mahawisesa, nyuwun sih
pitulungan, mugi salwiring gati purwa madya miwah wasana saged kasembadan lumampah
kanthi rancag, kalis ing rubeda, nir ing sambekala.

Kaparenga kula Yohana Anabel Friscabrillana, saking SMP Pangudiluhur Srumbung,


ing kalodhangan punika badhe ngaturaken andharan ringkes babagan “ayahanipun para
mudha ingkang kreatif mapag Indonesia Emas.”

Wawasan Indonesia Emas 2045 mujudaken gagasan saha gegayuhan negari


Indonesia ingkang nggadhahi kadhaulatan, majeng, adil lan makmur benjing ing yuswa
setunggal abad utawi 100 taun kamardikaning negari Indonesia. Gegayuhan punika dipun
upadi antawisipun kanthi nyawisaken para mudha, para wiranem ingkang samangke taksih
sinau wonten ing pawiyatan dhasar lan pawiyatan madya, nuninggih ing tataran SD, SMP,
SMA, ingkang mbenjing ing taun 2045 ngancik yuswa 40-50 taun, yuswa produktif ingkang
ing tembe nggadhahi kuwajiban nglajengaken pembangunan ing negari Indonesia.
Kangge cecawis mapag warsa 2045, para mudha generasi emas kedah nggadhahi jiwa
kreatif, inggih punika pinter nglairaken samukawis ingkang enggal, awujud gagasan
punapadene karya ingkang dereng nate wonten utawi saged ugi kanthi ngindhakaken saha
nyampurnakaken ingkang sampun wonten. Kreatifitas saged ugi nuwuhaken gagasan enggal,
tatacara enggal, rancangan enggal tumrap samukawis ingkang sampun wonten supados
langkung migunani tumrap dhiri pribadi punapadene tiyang sanes.
Lajeng kados pundi caranipun nuwuhaken saha ngrembakakaken jiwa kreatif punika?
Ing antawisipun inggih punika :
1. Ningkataken wawasan, nggadhahi gegambaran kawontenan ing taun-taun ingkang
badhe kalampah. Tuladhanipun para kadang tani ingkang wiwit sinau lan
ngginakaken mesin enggal kangge panen pantun, amargi mangertos bilih ing
tembe tansaya sakedhik tiyang-tiyang ingkang purun nyambut damel ing sabin.
2. Ningkataken katrampilan ing babagan punapa kemawon ingkang dipun tekuni.
Tuladhanipun tukang tambal ban tumut kursus wonten ing Balai Latihan Kerja
supados saged ngginakaken piranti-piranti enggal ingkang saged langkung
nggampilaken anggenipun nambal utawi masang ban.
3. Ningkataken daya imajinasi, nuwuhaken gagasan kangge ngripta samukawis
ingkang dereng nate wonten, umpaminipun damel piranti kangge mipil jagung.

Kangge mujudaken sadaya punika, para mudha kedah langkung sregep sinau
ngindhakaken ngelmu lan katrampilan. Kajawi lumantar piwucalan ing pawiyatan-pawiyatan,
pasinaon ugi dipun lampahi kanthi kreatif, ing antawisipun : mboten wigah-wigih ngangsu
kawruh dhumateng sinten kemawon ingkang pinunjul ing babagan ngelmu utawi katrampilan
tartamtu; ugi maos buku-buku ingkang magayutan kaliyan ngelmu utawi katrampilan ingkang
nembe dipun sinau; punapadene pados seserepan lumantar internet; lan sapanunggalanipun.

Kanthi nggadhahi daya cipta utawi kreatifitas ingkang inggil, para mudha generasi
emas sumadya ngadhepi ombyaking jaman lan makarya kangge kuncaraning bangsa lan
negari Indonesia. Pramila mangga, para kadang mudha, kanthi panyengkuyungipun tiyang
sepuh saha para dwija, kita sasarengan cecawis kangge mapag Indonesia emas taun 2045.
Linambaran greget, cancut taliwanda mujudaken negari Indonesia ingkang berdaulat, adil lan
makmur, tata titi tentrem kertaraharja.

Para rawuh ingkang satuhu sabar drana luhur ing budi, makaten andharan kula babagan
“ayahanipun para mudha ingkang kreatif mapag Indonesia Emas.”
Manawi wonten kalepatan anggen kula ngrakit basa lan paramasastra kula nyuwun
lumebering samodra pangaksami. Kula pungkasi kanthi asesanti suradira jayaningrat lebur
dening pangastuti, durga mendhak kala sirna, para mudha makarya Indonesia kertaraharja.
Nuwun, nuwun, matur nuwun.

You might also like