You are on page 1of 4

DEWARUCI

Wektu semono,Ing dhalem padepokan Sokalima,Resi Drona kaeleng marang


Brantasena kang laire wungkusan, kang bisa maujudaken Brantasena kang duweni kekuatan
ingkang kuat lan gagah perkasa. Ing wektu semono sengkuni mangertos yen Brantasena
janjian ketemu marang Resi Drona. Ing dhalem pertemuan menika, Resi Drona ngutus
Werkudhara utawi Brantasena, yen dewekke kudu madosi "Kayu Gong Susuhing Angin." ing
kawah Candradimuka.

Brantasena tanpa risa - risi terus mangkat nyuwun pangestu dining Resi Drona. Ing
dhalem wektu semono uga Sengkuni wonten ing mriku, lan mangertos pembicaraan Resi
Drona marang Brantasena. Sak banjuring Brantasena Budhal, Sengkuni medhal lan tangklet
marang Resi Drona babagan apa kang di rembug Resi Drona marang Brantasena. Resi Drona
mangsuli marang sengkuni yen dewekke ngutus Brantasena utawi Werkudara madosi "Kayu
Gong Susuhing Angin." lan Drona uga jrumusake Brantasena.

Sengkuni lan Drusasana kaparentah dening Resi Drona supayaning mata - matai
Brantasena. Ing dhalem wektu semono uga Brantasena ngocar - ngacerke alas. Sak Banjure
wonten buto kaleh kang ngalani Brantasena, akhire Buto kaleh lan Brantasena perang, buto
mau kalah. Banjur buto maleh rupa dados Bathara Indra lan Bathara Bayu.

Bathara kaleh mau atur panuhun marang Brantasena, banjur Brantasena tangklet marang
Bathara Indra lan Bathara Bayu,

"Apa kang dados maksud Bathara Indra lan Bathara Bayu?"

Bathara mangsuli,

"Umpamanipun barang kang ala saged di kalahke marang ati kang tulus iklas lan donga
marang gusthi kang maha kuasa."

Kangge atur panuwun, Branthasena di hadiahi, cincin Sesutya Mustika Manik Candrama.
Dene fungsinipun Cincin mau yaiku, ngirangi dasar samudra kang jero lan ombo. Banjur
Brantasena tangklet meleh,

"Apa Kayu Gong Susuhing Angin?"

Bathara Indra mangsuli,"yen tegese,pusat napas tentreming ati lan pikiran."

Banjur Brantasena nyuwun pamit marang Bathara Indra lan Bathara Bayu,lan arep tangklet
meleh marang Resi Drona(gurune).

Ing padepokan Brantasena ngaturaken marang gurune, opo kabeh sing kedadean marang
awake, uga Brantasena tangklet meleh babagan ilmu kasampurnaan. Banjur Drona mangsuli,

" isih ono syarat kang kaping kalih, yaiku TIRTA PAWITRA (tirta kesucian) kang ono ing
jero samudra minang kalbu." Banjur Brantasena pamit marang gurune.
Brantasena miwiti nyuwun pangestu dining ibune,Dewi Kunthi. Ananging Dewi
Kunthi ngalang-alangi tekatipun Brantasena. Babagan tekat Brantasena kang kuat,
Brantasena tetep bacutke pangarepane, ananging akhire Dewi Kunthi, mewehi restu, lan uga
Para Pandhawa ngrestoni Branthasena.

Ing tengah-tengahing perjalanan. Brantasena dak cegad Anoman, Tunggal Bayu,


Kaka Maenaka, Jajag Moreke lan Gajah Situ Bandha, Supayane Branthasena gugurke
paniatane. Brantasena tetep maju, perang mboten saged kahindarake, akhire Branthasena
kang menangke pratarungan.Banjur Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Moreke
lan Gajah Situ Bandha, nyaranke Brantasena kudhu ngati-ati ing dhalem perjalanan.

Brantasena bacutke perjalanan, sak sampunipun Brantasena ing tepi samudra kang
mboten enten pinggire, ombake kang gedhe,lan kilat kang nyamber-nyamber. Brantasena
nyilem ing dasar samudra, kanggene tetemu Tirta Pawitra. Ing dasar samudra Brantasena di
cegad dening naga kang gedhene kaya wit pal. Tarung boten saged kahindarke. Ananging
Brantasena saged ngalahke naga mau.

Banjur Dewa Ruci rawuh, lan memuji Brantasena kang saged ngalahke hawa lan
nefsu kang kumanthil ing diri Brantasena,kalean tetengara Brantasena saged ngalahke naga
kang ngadang kalani paniataning Brantasena. Banjur Brantasena nyembah dening Dewa
Ruci,lan ngajokane pertanyaan.

"Sepundhi caraning tumuju kasampurnaan ing dhalem urip?"

Banjur Dewa Ruci ngutus marang Branthasena melebet ing dhalem raganing Dewa Ruci,
manunggal marang Dewa Ruci. Brantasena seneng banget, anyem lan tentrem. Banjur Dewa
Ruci ngendhikan,

"teges e, awakmu wis iso nyikapi tabis marang Gusthi kang maha agung, lan ojo kaged karo
sinar kang werna-werni, amergo atimu kang suci."

Ing sokalima, Permadhi utawi sengkuni lapur marang Resi Drona, yen Brantasena
dereng uga mbalek.Banjur Drona sadar marang awake.Banjur Drona nyusul Brantasena. Lan
akhire Drona nemukke Brantasena gumletak ing pinggiring samudra. Sak sampuning Drona
nyesel lan uga tetemu marang keponakane, lan sumpah arep ngrawat Brantasena.
No Unsur Intrinsik Katrangan
1. Tema Tekad kangge golek ilmu
2. Tokoh lan Watak - Branthasena : gedhe kekarepane,
kestrya, sekti gagah perkasa, kendhel,
manut taat marang guru.
- Druyudana : pengen menang dwe, iri,
jahat, murka utawi serakah utawi
tamak, seneng nuruti nefsu.
- Sengkuni : elek, licik,tukang adu-
adu,
- Durna : licik,sayang marang murid.
- Dewi Kunthi : sayang anake, apik.
- Pandhawa : care marang dulur,
kompak.
- Bathara Indra lan Bathara Bayu :
apik.
- Anoman : apik, kesatriya
- Tunggal Bayu : apik, kesatriya
- Kaka Maenaka : apik, kesatriya
- Jajag Moreke : apik, kesatriya
- Gajah Situ Bandha : apik, kesatriya

A. Papan : - Ing Padepokan sokalima


- Ing alas
- Ing gunung candradimuka
- Samudra minangkalbu

B. Wektu : - Wektu semono


3. Setting
C. Suasana : - Tegang (Ing wektu
Brantasena tarung kalean buta uga
kalean naga)
- Ngluluhing ati (Rikala Brantasena
nyuwun pamet marang Dewi Kunthi lan
Pandhawa)
- Seneng (Rikala Brantasena manunggal
kalean Dewa Ruci)
- Sedih (Rikala Drona tetemu Brantasena
ing pinggir samudra)

4. Penokohan Penokohan kang di terapke ing dhalem crita


Dewa Ruci inggih menika paraga tiga pelaku
sampingan.
5. Alur Aluripun crita Dewa Ruci inggih menika
Alur maju. Amergo ing dhalem crita
nyritakake perjalananipun Branthasena
tumuju kesempurnaan,lan mboten wonten
ing dhalem crita, ngisahke kedadian ing
masa lampauing Branthasena.
6. Amanat - Aja gampang putus asa.
- Patuh marang Guru.
- Ing dhalem urip kudhu anduweni
cita-cita utawi kekarepan ingkang
gedhe.
Awake dhewe dadi insan cendikya kudu
ngoyak elmu karo pantang sengkuyung tanpa
keraguan ing manah awake dhewe sanadyan
akeh tantangan lan cobaan. awake dhewe
dadi pelajar kudu sinau karo giyat lan
pantang nyerah, sanadyan ana akeh cobaan
lan tantangan awake dhewe ora oleh nyerah.
amarga kerjakeras awake dhewe saiki ora
arep awake dhewe sesali ing masa ngarep
menawa ditindakake karo tumemen.

You might also like