You are on page 1of 5

DEWARUCI

Wektu semono,Ing dhalem padepokan Sokalima,Resi Drona kaeleng


marang Brantasena kang laire wungkusan, kang bisa maujudaken Brantasena
kang duweni kekuatan ingkang kuat lan gagah perkasa. Ing wektu semono
sengkuni mangertos yen Brantasena janjian ketemu marang Resi Drona. Ing
dhalem pertemuan menika, Resi Drona ngutus Werkudhara utawi
Brantasena, yen dewekke kudu madosi "Kayu Gong Susuhing Angin." ing
kawah Candradimuka.

Brantasena tanpa risa - risi terus mangkat nyuwun pangestu dining


Resi Drona. Ing dhalem wektu semono uga Sengkuni wonten ing mriku, lan
mangertos pembicaraan Resi Drona marang Brantasena. Sak banjuring
Brantasena Budhal, Sengkuni medhal lan tangklet marang Resi Drona
babagan apa kang di rembug Resi Drona marang Brantasena. Resi Drona
mangsuli marang sengkuni yen dewekke ngutus Brantasena utawi
Werkudara madosi "Kayu Gong Susuhing Angin." lan Drona uga jrumusake
Brantasena.

Sengkuni lan Drusasana kaparentah dening Resi Drona supayaning


mata - matai Brantasena. Ing dhalem wektu semono uga Brantasena ngocar -
ngacerke alas. Sak Banjure wonten buto kaleh kang ngalani Brantasena,
akhire Buto kaleh lan Brantasena perang, buto mau kalah. Banjur buto maleh
rupa dados Bathara Indra lan Bathara Bayu.

Bathara kaleh mau atur panuhun marang Brantasena, banjur Brantasena


tangklet marang Bathara Indra lan Bathara Bayu,

"Apa kang dados maksud Bathara Indra lan Bathara Bayu?"

Bathara mangsuli,

"Umpamanipun barang kang ala saged di kalahke marang ati kang tulus iklas
lan donga marang gusthi kang maha kuasa."

Kangge atur panuwun, Branthasena di hadiahi, cincin Sesutya Mustika


Manik Candrama. Dene fungsinipun Cincin mau yaiku, ngirangi dasar
samudra kang jero lan ombo. Banjur Brantasena tangklet meleh,

"Apa Kayu Gong Susuhing Angin?"


Bathara Indra mangsuli,"yen tegese,pusat napas tentreming ati lan pikiran."

Banjur Brantasena nyuwun pamit marang Bathara Indra lan Bathara


Bayu,lan arep tangklet meleh marang Resi Drona(gurune).

Ing padepokan Brantasena ngaturaken marang gurune, opo kabeh sing


kedadean marang awake, uga Brantasena tangklet meleh babagan ilmu
kasampurnaan. Banjur Drona mangsuli,

" isih ono syarat kang kaping kalih, yaiku TIRTA PAWITRA (tirta kesucian)
kang ono ing jero samudra minang kalbu." Banjur Brantasena pamit marang
gurune.

Brantasena miwiti nyuwun pangestu dining ibune,Dewi Kunthi.


Ananging Dewi Kunthi ngalang-alangi tekatipun Brantasena. Babagan tekat
Brantasena kang kuat, Brantasena tetep bacutke pangarepane, ananging
akhire Dewi Kunthi, mewehi restu, lan uga Para Pandhawa ngrestoni
Branthasena.

Ing tengah-tengahing perjalanan. Brantasena dak cegad Anoman,


Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Moreke lan Gajah Situ Bandha,
Supayane Branthasena gugurke paniatane. Brantasena tetep maju, perang
mboten saged kahindarake, akhire Branthasena kang menangke
pratarungan.Banjur Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Moreke
lan Gajah Situ Bandha, nyaranke Brantasena kudhu ngati-ati ing dhalem
perjalanan.

Brantasena bacutke perjalanan, sak sampunipun Brantasena ing tepi


samudra kang mboten enten pinggire, ombake kang gedhe,lan kilat kang
nyamber-nyamber. Brantasena nyilem ing dasar samudra, kanggene tetemu
Tirta Pawitra. Ing dasar samudra Brantasena di cegad dening naga kang
gedhene kaya wit pal. Tarung boten saged kahindarke. Ananging Brantasena
saged ngalahke naga mau.

Banjur Dewa Ruci rawuh, lan memuji Brantasena kang saged


ngalahke hawa lan nefsu kang kumanthil ing diri Brantasena,kalean tetengara
Brantasena saged ngalahke naga kang ngadang kalani paniataning
Brantasena. Banjur Brantasena nyembah dening Dewa Ruci,lan ngajokane
pertanyaan.
"Sepundhi caraning tumuju kasampurnaan ing dhalem urip?"

Banjur Dewa Ruci ngutus marang Branthasena melebet ing dhalem raganing
Dewa Ruci, manunggal marang Dewa Ruci. Brantasena seneng banget,
anyem lan tentrem. Banjur Dewa Ruci ngendhikan,

"teges e, awakmu wis iso nyikapi tabis marang Gusthi kang maha agung, lan
ojo kaged karo sinar kang werna-werni, amergo atimu kang suci."

Ing sokalima, Permadhi utawi sengkuni lapur marang Resi Drona,


yen Brantasena dereng uga mbalek.Banjur Drona sadar marang
awake.Banjur Drona nyusul Brantasena. Lan akhire Drona nemukke
Brantasena gumletak ing pinggiring samudra. Sak sampuning Drona nyesel
lan uga tetemu marang keponakane, lan sumpah arep ngrawat Brantasena.

No Unsur Intrinsik Katrangan


1. Tema Tekad kangge golek ilmu
2. Tokoh lan Watak - Branthasena : gedhe
kekarepane, kestrya, sekti
gagah perkasa, kendhel, manut
taat marang guru.
- Druyudana : pengen menang
dwe, iri, jahat, murka utawi
serakah utawi tamak, seneng
nuruti nefsu.
- Sengkuni : elek, licik,tukang
adu-adu,
- Durna : licik,sayang marang
murid.
- Dewi Kunthi : sayang anake,
apik.
- Pandhawa : care marang dulur,
kompak.
- Bathara Indra lan Bathara
Bayu : apik.
- Anoman : apik, kesatriya
- Tunggal Bayu : apik, kesatriya
- Kaka Maenaka : apik, kesatriya
- Jajag Moreke : apik, kesatriya
- Gajah Situ Bandha : apik,
kesatriya
A. Papan : - Ing Padepokan
sokalima
- Ing alas
- Ing gunung
candradimuka
- Samudra
3. Setting
minangkalbu

B. Wektu : - Wektu semono

C. Suasana : - Tegang (Ing wektu


Brantasena tarung kalean buta
uga kalean naga)
- Ngluluhing ati (Rikala Brantasena
nyuwun pamet marang Dewi
Kunthi lan Pandhawa)
- Seneng (Rikala Brantasena
manunggal kalean Dewa Ruci)
- Sedih (Rikala Drona tetemu
Brantasena ing pinggir samudra)
4. Penokohan Penokohan kang di terapke ing dhalem
crita Dewa Ruci inggih menika paraga
tiga pelaku sampingan.
5. Alur Alur maju. Amergo ing dhalem crita
nyritakake perjalananipun Branthasena
tumuju kesempurnaan,lan mboten
wonten ing dhalem crita, ngisahke
kedadian ing masa lampauing
Branthasena.
6. Amanat Awake dhewe dadi insan cendikya
kudu ngoyak elmu karo pantang
sengkuyung tanpa keraguan ing manah
awake dhewe sanadyan akeh tantangan
lan cobaan. awake dhewe dadi pelajar
kudu sinau karo giyat lan pantang
nyerah, sanadyan ana akeh cobaan lan
tantangan awake dhewe ora oleh
nyerah. amarga kerjakeras awake
dhewe saiki ora arep awake dhewe
sesali ing masa ngarep menawa
ditindakake karo tumemen.

You might also like