You are on page 1of 5

Arjuna lan Sembadra

Dewi sembadra ugi dipuntepang Dewi Rara Ireng utawi Bratajaya inggih
menika putri Prabu Basudewa, raja Nagari Mandura saking permaisuri Dewi
Badrahini. Sawekdal Prabu Basudewa taksih urip, Rara Ireng dipangku Prabu
Basudewa ing sisih kiwa, lan Raden Permadi ing sisih tengen.
Basudewa : “Rara Ireng putriku, aja nganti kowe duwe bojo saliyane Permadi.
Lan Permadi aja nganti duwe permaisuri saliyane Rara Ireng “
Permadi : “ Inggih Bapa Prabu “
Sabdanipun Prabu Basudewa di pirsani dening para Dewa. Perkawinan
Permadi utawa Arjuna lan Rara Ireng utawa Sembadra pungkasane kelakon
senadyan akeh alangan. Baladewa yaiku kakang e Sembadra kang arep jodohake
Sembadra karo Buriswara, putrane Prabu Salya saka Mandraka.
Baladewa : “Adiku Sembrada, kakangmu iki kepengen kowe jodoh karo
Buriswara”
Sembrada : “Ngapuntene kakang, kulo mboten tresno dhateng Buriswara.
Ingkang kula tresnani inggih menika Arjuna.”
Baladewa murka lan ngetokake syarat kanggo Arjuna yen arep ngawini
Sembrada.
Baladewa :”Yen kowe temen karo adhiku, mula kowe kudu ngelakoni syarat
sing daktemtokake”
Arjuna : “Punapa kemawon syaratipun?”
Baladewa :”Ingkang sapisan, pendopo anggonmu kawin karo adhiku kudu
nganggo saka lapis emas. Ingkang kaping loro, kudu ana kencana
Jatisura kang ditarik karo wanara seta kang bisa ngomong. Kaping
telu yaiku ana dayang-dayang saka para dewa lan widodari. Lan
pungkasan yaiku tabuhan gamelan Lokananta kang muni ing
angkasa, ditabuh dening para dewa karo nembang kidung mantra
Gandarwa”
Arjuna :”Sembadra, aku mesthi bisa nglakoni kabeh syarat saking kakang
Baladewa”
Sembrada :”Kulo ngentosi sampeyan ing mriki.”
Pungkasane, Arjuna kasil lan angsal ngawini Sembrada. Kahanan ing
kerajaan Dwarawati rejo sanget amarga ono adicara kawinan Raden Arjuna lan
Dewi Sembrada. Adicara puniku dirawuhi dening para raja, ksatria, brahmana,
ngantos para dewa-dewi. Akeh banget ingkang iri kaliyan crita tresno Arjuna lan
Dewi Sembadra.
Para Dewi 1 :”Delengen Sembadra, kaya kuwi ayune nyanding karo Raden
Arjuna kang bagus parase. Dheweke katon serasi banget.”
Para Dewi 2 :”Leres sanget, dheweke padha serasi, sijine ayu sijine bagus.”
Buriswara ora seneng karo adicara kawinan antarane Arjuna lan Sembadra
amargi kebacut tresna marang Dewi Sembadra. Saben dino buriswara tansah
mikirake Sembadra.
Buriswara :”Oh, Sembadraku, aku tresno marang sliramu, separuhe jiwaku
ana ing ragamu oh Sembradaku.”
Dina lan sasi terus lumaku, Burisrawa kang isih tetep karo katresnanane
marang Sembadra saben dinane. Pungkasane Burisrawa niyat nggondol
Sembadra. Karo tekad kuwat, sekuat tresnane marang Sembadra, banjur burisrawa
lunga nemoni Sembadra ing Taman Maduganda. Nanging amarga mangkono
ketate penjagaan taman iku, burisrawa banjur nyuwun rewangan marang Batari
Durga, dewi kahyangan kang kulina menehi rewangan marang wayang-wayang
kang arep tumindak jahat lan ngupadi dalan pintas.
Burisrawa : “Batari Durga, aku nyuwun petulungmu. Aku temen kesengsem
karo Dewi Sembrada. Aku bakal nyekel omonganku karo kowe,
uga marang kabeh dewata, menawa tresnaku marang subadra arep
dakgawa tekan mati.”
Batari Durga : “Oh burisrawa, dakwenehi kowe Aji Panglimunan kang oleh
nggawe kowe nduweni kesakten kanggo ngilangake awak.”
Burisrawa : “Matursuwun sanget, batari durga.”
Sawise ngolehake kesakten kanggo ngilangake awak banjur Burisrawa
gumedhe karo kakuwatane kasebut. Banjur Buriswara nemoni Sembadra. Kaya
kuwi kagete Sembadra nalika dumadakan ing ngarepe wis ngadeg Burisrawa.
Burisrawa ngomong ukara-ukara kangen lan rayuan kanggo Sembadra. Sembadra
jijik weruh tingkah polah Burisrawa, piyambake ngadoh, nanging tansah wae
Buriswara ngintili.
Buriswara : “Badra, kawin karo aku. Kowe ngerti, menawa sedayane uripku
mung ono kowe, sanadyan pancen Arjuna luwih bagus nanging
soal kasetiaan aku bedo karo bojomu, aku arep setia ning kowe.
Sembadra, kawin o mbe aku.”
Sembadra : “Ora! tekan kapan wae aku ora sudi omah-omah karo kowe.
Rungokake Buriswara, aku wis duwe bojo lan aku tresna banget
karo dekne mangkono uga piyambake nresnani aku.
Buriswara : “Duh Badraku, menawa arjuna ora tenan nresnani kowe.
piyambake bakal gelem mung mergo ayu lan budimu wae. Kepriye
mbok menawa keris iki dakmigunani kanggo nggawe ajor rupa lan
ragamu iku lan daksongko Arjuna ora kebacut marang sliramu
amarga kowe ala rupa.
Sembadra : “Tenane aku yakin omonganmu namung ngapusi. aku ora peduli
menawa kowe nggoresno keris iku menyang rupaku, malah luwih
apik aku mati ketusuk kerismu ketimbang aku kudu omah-omah
karo manungsa edan kayata awakmu.”
Burisawara : “Kowe ngomong aku manungsa edan? ahahahaha bener aku
pancen wis edan amergo awakmu, Badraku. Ayo kawin karo aku,
Badra.”
Buriswara terus wae ngoyak karo nggawa keris kanggo ngancem
Sembadra, nanging karo nekad subadra nabrakno dheweke menyang arah keris
iku. Sembadra ketusuk keris burisrawa, bersimbah getih ing pelukan buriswara.
Buriswara : “Sembadraaa …!!”
Jeritan Burisrawa ngagetake para prajurit Madukara kang ana ing Taman
Keputren. Dheweke kabeh langsung pinuju sumber swara iku. Burisrawa
dirubung. Piyambake banjur mlumpat sebanter kilat ngliwati tembok kerajaan lan
piyambake lolos saka kepungan prajurit Madukara.
Dina sesoke kebeneran Arjuna wis bali menyang Madukara, lan pancen
amarga piyambake lagi diliputi raos waswas ninggalake Madukara kesuwen.
Saliyane ana bojone, Sembadra, piyambake uga mesti asring-asring niliki anake
kang anyar lair saka rahim Sembadra, ingkang diparingi nama Abimanyu utawa
Angkawijaya. Nanging piyambake tekan nalika sakabihe wis kedadeyan. Weruh
ramene ing Keputren, Arjuna langsung nekani lan ngolehi bojone kang wis
keturon kaku.
Arjuna : “Apa kang kedadeyan karo bojoku wektu aku lunga, sri kresna?”
Sri Kresna : “Ora ana kang mangerteni kanthi persis kang kedadean karo
bojomu, nanging kayane piyambake mati amarga ketusuk keris
Buriswara, lan Buriswara durung kober kecekel. Kowe kudu
legowo karo matine Sembadra, Arjuna.”
Arjuna : “kepriye aku bisa legowo, Sembadra ninggalake aku salawase,
aku tresna banget karo Sembadra. Sri kresna, tenane aku nyuwun
karo kowe rewangi kanggo nguripake maneh subadra karo
Wijayakusuma. Aku nyuwun rewangi aku, sri kresna.”
Sri Kresna : “Pangapuranipun Raden Arjuna, aku ora bisa rewangi kowe
kanggo nguripake maneh Sembadra.”
Arjuna : “Apa sampeyan ora pengin weruh subadra tetep urip lan bali
gumuyu sri kresna. aku tenane nyuwun petulungmu.”
Sri Kresna : “Aku tenane nyuwun pangapura, Arjuna. Sabenere sawengi aku
ditekani dening ruh Dewi Sembadra lan sanjang menawa dheweke
nyuwun kanggo jasade dilarung ing kali.”
Keprungu tetembungan Sri kresna, karo abot ati Arjuna kanggo nuruti
panjalukan saka ruh bojone. Banjur dina sabanjure upacara larung ragane Dewi
Sembadra kadadeyan. kabeh mirsani, karo perahu kang nggawa jasadipun dewi
Sembadra wiwit diklintiraken menyang lepen Silugangga. Pandhawa wis
makumpul. Lawase jero pelarungan Gatotkaca dipundhut kresna kanggo ngawal
kapal kang nggawa jasadipun Dewi Sembadra. Sawetara iku, ing saptapratala
utawa saptabumi, Antareja nyuwun pangestu marang ibune, Dewi Nagagini lan
mbah kakunge Batara Anantaboga (dewa wangsa ula) kanggo nemoni bapanipun,
Bima. Amarga wis cukup diwasa, antareja pengin ngabdi marang bapane kang ana
ing Indraprasta. Sadurunge menyang Indraprasta, Batara Anantaboga nyanguni
putune iku karo banyu Prawitasari utawa banyu kauripan sarta aji Kawastraman.
Putranipun Bima ingkang mbarep banjur nglakoni perjalanan liwat dalan jroning
lemah. Nalika Antareja metu saka jroning lemah, pener dheweke ing lepen
Silugangga. Satekane ing dhuwur dasare banyu, piyambake weruh siji perahu
kang teka nyedhak menyang arahe. Sansaya cedhak sansaya jelas wujud apa kang
ana ing perahu iku. Kaya kuwi kagete Antareja, jebul kang pirsa yaiku jasad siji
wadon kang turon bujur kaku.
Banjur antareja kapetuk gathotkaca ingkang njagani perahu kasebut.
Dheweke padha royokan jasade Dewi Sembadra.
Gathotkaca :”Sapa kowe nom-noman wani nyedaki sadulurku”
Antareja :”Aku Antareja, putranipun Bima saka nagari Jangkarbumi.”
Gathotkaca :”He, putrane Bima.”
Banjur kalorone tukaran lan Batara Narada mudhun menehi ngerti menawa
kaping lorone pancen isih seduluran.
Antareja :”Aku nemoni jasad wadon iki ing perahu niki lan aku niyat badhe
jajal nguripake maneh wadon iki duh ksatria.”
Gathotkaca :”Yen mangkono, dakolehake awakmu nguripake sedulurku
maneh.”
Banjur Antareja nyiprati rainipun Sembadra kaliyan banyu Prawitasari.
Sembadra banjur urip maneh lan carita apa sing kedadeyan marang dheweke.
Arjuna lan Sembadra gadhah putra ingkang dipun paringi asma Abimanyu.
Abimanyu kawin kalih Dewi Untari lan nduweni putra yaiku Parikesit. Dewi
Sembadra dados guru marang putune, yaiku Parikesit.

You might also like