You are on page 1of 2

YAYASAN AL-FURQAN

SMP AL-FURQAN JEMBER


Jalan Trunojoyo No. 51 Telp. 0331 – 488644 Jember
ULANGAN HARIAN 1 SEMESTER I
Tahun Pelajaran 2019/ 2020 TTD WALI
NILAI
BHS. DAERAH MURID
Nama/ Nomor : ………………….........…….
KELAS VII Hari, tanggal : .............., ...... September 2019
Waktu : 40 menit

1. Tembung ing ukara ngisor iki migunakake seselan ,kajaba....


A. Bocah- bocah pating jlerit C. Sing kok geguyu iku apa ta?
B. Adicara pahargyan lumaku rancag D. Lelakone tinulis ing buku pribadine
2. Tembung wis owah saka asale jalaran oleh wuwuhan, pangrangkep lan kacambor diarani...
A. Tembung lingga C. Tembung aran
B. Tembung andhahan D. Tembung wancahan
3. Tembung golek-golek kalebu tembung andhahan krana karangkep diarani uga...
A. Dwi purwa C. Dwilingga salin swara
B. Dwi lingga wantah D. Dwi wasana            
4. Tembung ing ngisor iki kalebu tuladhane tembung lingga, kajaba...........
A. Buku C. Pangan
B. Tuku D. Nandur
5. Sapa sing (culek) mripate Budi mau?
A. Dakculek C. Diculek
B. Nyulek D. Cinulek
6. Wuwuhan kang rumaket ing ngarepe tembung lingga kasebut tembung...
A. Seselan C. Panambang
B. Ater-ater D. Andhahan
7. Ing ngisor iki kang kalebu tembung aran yaiku....
A. Gunung C. Tuku
B. Lunga D. Turu
8. Ing ngisor iki kang kalebu tembung kriya, kajaba.......
A. Gunung C. Tuku
B. Lunga D. Turu
9. Ing ngisor iki kang kalebu tembung katrangan, yaiku....
A. Lunga C. Ayu
B. Adoh D. Minggu ngarep
10. Ing ngisor iki kang kalebu tembung wilangan, kajaba ...
A. Siji C. Banjur
B. Selawe D. Pirang-pirang

Uraian
1. Wacaen kanthi teliti teks ing ngisor iki banjur golekana tuladhane tembung lingga lan tembung
andhahan!
“ Maca malih dadi hobi. Ora mung buku wae sing diwaca, nanging surat kabar uga diwaca. Menawa ana
bab-bab sing ora dingerteni Kartini nyuwun pirsa marang Ramane. Amarga sregep maca wawasane
tambah akeh. Kartini ngerti yen para wanita Eropa kuwi wes maju, pikirane maju, lan wawasane
jembar. Raden Ajeng Kartini nduweni pepinginan amrih wanita Indonesia uga maju, ora mung dadi
kanca wingking wae. Raden Ajeng Kartini nglumpukake kanca-kancane kanggo diwulang nulis lan
maca. Ing sela-selane wektu kuwi Kartini asring nulis layang kanggo kanca-kancane sing ana ing negara
Welanda. Panjenengane uga nulis surat kagem Mr. J.H. Abendanon supaya diparingi beasiswa kanggo
sekolah menyang Walanda.”
Tuladha Tembung Lingga Tuladha Tembung Andhahan
1. 1.
2. 2.
3. 3.
4. 4.
5. 5.

You might also like