You are on page 1of 6

YAYASAN ALFURQAN JEMBER

SMP ALFURQAN JEMBER


Jalan Trunojoyo No.51 Telp. 0331-488644
Email : smpalfurqan@yahoo.co.id& smpalfurqan19812@gmail.com

Bismillahirrohmaanirrohiim
Mata Pelajaran PENILAIAN AKHIR SEMESTER I
TAHUN PELAJARAN 2019 / 2020
Bahasa Daerah
Nama / Nomor : .........................................
Kelas VII Hari / tanggal : Rabu, 27 November 2019
Waktu : 09.30-11.00

Pelihen salah sijine jawaban sing paling bener !


1. Tembung kang durung owah saka asale lan bisa madheg dewe diarani...
A. Tembung lingga C. Tembung andhahan
B. Tembung wantah D. Tembung ar
2. Tembung wis owah saka asale jalaran oleh wuwuhan; pangrangkep lan kacambor diarani...
A. Tembung lingga C. Tembung andhahan
B. Tembung wantah D. Tembung aran
3. Ing ngisor iki tuladhane tembung lingga yaiku....
A. Nandur B. Nyapu C. Turu D. Mangan
4. Ing ngisor iki tuladhane tembung andhahan yaiku....
A.Tambal B. Sapu C. Tandur D. Mlayu
5. Ing ngisor iki kalebu tembung camboran wancah/tugel yaiku....
A. Paklik B. Omah gedheg C. Sapu duk D. Rujak uleg
6. Wuwuhan kang rumaket ing ngarepe tembung lingga diarani....
A. Ater-ater B. Seselan C. Panambang D. Camboran
7. Wuwuhan kang rumaket ing tengahing tembung lingga diarani...
A. Ater-ater B. Seselan C. Panambang D. Camboran
8. “Daktuku” kalebu tembung...
A. Ater-ater B. Andhahan C. Panambang D. Lingga
9. “Tamu” kalebu tembung ....
A. Ater-ater B. Andhahan C. Panambang D. Lingga
10. –um-, -in-, -el-, -er, iku diarani...
A. Ater-ater B. seselan C. Panambang D. camboran
11. Angka saka “ pitung ewu selangkung” yaiku...
A.725 B. 7.250 C. 7.025 D. 7.050
12. “Panjenengan dipun aturi tindhak arisan rumiyin”. Ukara iku kalebu basa...
A. Krama lugu B. krama alus C. Ngoko lugu D. ngoko alus
13. Supaya adhimu ora nangis .... (gawe) dolanan lan .... (gendhong).Ceceg-ceceg ing dhuwur
kudune...
A. Gawea, gendhongen C. Gawekna, gendhongen
B. Gawene, gendhonge D. Gaweake, gendhongan
14. Sepedhane Widodo wingi apa wis .... (ulih), terus ... (deleh) ing ngendi?
A. Mbak ulihake, dakdeleh C. dakulihake, dadeleh
B. Diulihake, kokdeleh D. kokulihake, dideleh
15. Wektu kelas loro SD , aku nemu endhog bosok. Tembung sing nganggo o jejeg yaiku......
A.Endhog B. Bosok C. Loro D. Endhog lan bosok.
16.Ukara ing ngisor iki sing kalebu basa krama alus yaiku ...
A.Kowe tumbas buku? C. Eyang saweg sare.
B.Supardi tuku sate. D. Ratna ngandani Arin.
17.Tumindake manungsa akeh kang ngrusak lingkungane. Tumindake yen diudal saka tembung
linggane yaiku ...
A.Tindak + ake B. Tindak + ake C. Tumindak + ake D. Tindak + um + ake
18.Aku ora kabotan (silih), angger sesuk kudu (bali).Tembung ing njero kurung kudune katulis …
A.Disilih, balik. C. Nyilihake, dibalekake.
B.Nyilihi, balekake. D. Nyilih, balek.
19.Ing ngisor iki kang kalebu tembung aran yaiku....
A.Gunung C. Tuku
B.Lunga D. Turu
20.Ing ngisor iki kang kalebu tembung kriya, kajaba.......
A. Gunung C. Tuku
B. Lunga D. Turu
21.Ing ngisor iki kang kalebu tembung katrangan, yaiku....
A. Lunga C. Ayu
B. Adoh D. Minggu ngarep
22.Ing ngisor iki kang kalebu tembung wilangan, kajaba ...
A.Siji C. Banjur
B.Selawe D. Pirang-pirang
23.Aku tuku uyah ing Pasar Raya. Tembung “uyah”yen diowahi dadi basa krama yaiku...
A.Gendhis C. Peken
B.Sarem D. Mundhut
24.Ing ngisor iki kang kalebu struktur teks narasi, kajaba...
A.Orientasi C. Klimaks
B.Komplikasi D. Latar
25.Kang diarani re-orientasi ing struktur teks narasi yaiku ...
A. Panutup utawa kesimpulan C. Prakara wis tambah ngambra-ambra lan ruwet
B. Pamawas ulang yen ana D. Sudut pandang lan pengenalan
26. Kang diarani klimaks ing struktur teks narasi yaiku ...
A. Panutup utawa kesimpulan C. Prakara wis tambah ngambra-ambra lan ruwet
B. Pamawas ulang yen ana D. Sudut pandang lan pengenalan
27. Wong kang sekti mandraguna kuwi jenenge Ki Mojo.Tembung sekti mandraguna nunggal teges karo
tembung...
A. Ora duwe tenaga C. Wong bodo
B. Ora duwe kakuwatan D. Wong kang sekti banget
28.Tembung nyumauri yen diudhal manut linggane ….
A. Nyu+maur+i C. Ny+umaur+i
B. Ny+sumaur+i D. Ny+saur+seselan um+i
29. Tembung nganggo yen diudhal manut linggane …
A. Ngang+nggo C. Ng+anggo
B. Ngang+go D. Ng+kanggo
30. Tembung mapag yen diudhal manut linggane …
A. M +papag C. Ma+pag
B. Ma+papag D. M +apag
31. Ibu mundhut oleh-oleh. Tembung mundhut nunggal teges karo tembung …
A. Njupuk B. Nganggo C.Tumbas D. Nggawa
32. Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan,
mapagsumoroting sang bagaskara ing bang wetan.Tembung sang bagaskara ing ukara
nduwur, ateges....
A. Srengenge C. Lintang
B. Bumi D. Rembulan
33. Ngendikane mangkono Dewi Citrawati sinambi mbalang liring marang Sumantri. Tembung
mbalang liring ing ukara dhuwur, kalebu jinise tembung….
A. Entar C. Saroja
B. Garbo D. Dasanama
34. Cekaking crita amarga padha sekti mandraguna, tandhing yuda ora ana rampunge.
Tembung sing katulis ngganggo aksara miring ing ukara nduwur, kalebu jinise tembung…
A. Entar C. Saroja
B. Garbo D. Dasanama
35. “ …ing sajabane padepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger banget, Resi
Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubramane sesembahan, mapak
sumoroting sang bagaskara ing bang wetan direwangi putrane Bambang Sumantri banjur
diterusake sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa Surya ing sanggar
pamujan...”
Paragraf ing dhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu peranganane..
A. Orientasi C. Komplikasi
B. Klimaks D. Resolusi
36. Bambang dipilih kanca-kancane dadi ketua kelas. Tembung sing digarisi tegese …
A. Dikarepake B. Dimusuhi C. Disayang D. Diseneni
37. Kucing kae (gondhol) iwak tongkol banjur (pangan) ana ing ngisor dipan.
Tembung ing njero kurung kudune katulis …
A. Nggondol, dipangan. C. Kagondol, kopangan.
B. Digondol, mangan. D. Dakgondol, dakpangan.
38. Nalika nekani ulang taune kancane, adhiku aklambi abang kembang-kembang. Ater-ater a- ing
tembung aklambi ngemu teges …
A. Nganggo B. Duwe C. Tuku D. Njaluk
39. Pitik iku asikil loro, dene wedhus asikil papat. Ater-ater a- ing tembung asikil ngemu teges …
A. Nganggo B. Duwe C. Nggawa D. Tumemplek
40. Tembung ‘nggusah’ migunakake swara …
A. u jejeg – a jejeg C. u jejeg – a miring
B. u miring – a miring D. u miring – a jejeg
41.Tembung-tembung sing migunakake swara a miring yaiku …
A. Nalika, dakjupuk, dakbuwang C. Klapa, saka, kena
B. Supaya, ngilangi, marak D. Lawang, karo, ngajak
Gatekna wacan ing ngisor iki banjur wangsulana soal no. 42- 44!

Jur jur jur manjur, jamu godhogan Cap Manjur. Tinggalane para leluhur, pancen manjur. Bisa
nambani sakabehing penyakit dalam. Lara ginjel, liver, jantung, kolesterol, kelenjar pankreas, asam urat,
asma, gula, migren bablas dening jamu cap Manjur. Bahane empon-empon sing mujarab. Dudu bahan
kimia, dadi aman kanggo sapa bae. Enom, tuwa, lanang, wadon, oleh nggunakake Jamu Cap Manjur. Yen
kepingin waras ngunjuka jamu godhogan Cap Manjur. Digodhog, didhemake, disaring, diunjuk, ilang
lelarane. Aja lali saben esuk lan sore setengah gelas, larane blabas, awake waras.

42.  Khasiate jamu godhogan Cap Manjur bisa ngobati penyakit kaya ing ngisor iki, kajaba....

A. lara ginjel C. lara asma


B.  lara jantung D. lara watuk

43.  Sing entuk ngombe jamu godhogan yaiku....

A. wong tuwa C. ibu-ibu


B. priya dhiwasa D. sapa bae kena

43.  Kaluwihane jamu godhogan dibandingake karo obat sing nganggo bahan kimia yaiku....

A. regane murah C. aman kanggo sapa bae


B. gampang carane ngombe D. kabeh penyakit bisa mari

Wacan kanggo soal no. 44 - 46


Jalaran kepengin asung renaning galih ingkang bapa kanthi iku Prabu Rama ninggal Praja tunuju
alas Dhandaka, kadherekaken ingkang garwa Dewi Sinta saha ingkang rayi raden Laksmana. Nalika ing
tengah wana garwane ditinggal sing nunggu Raden Laksmana.Margapokale ratu buta Rahwana,Laksmana
kapeksa ninggal Dewi Sinta,wusana kanthi malih rupa,Rahwana bisa nyidra Dewi Sinta kagawa menyang
Alengka dipingit ing taman Argasoka.

44. Kang ngumbara ing alas Dhandaka kasebut ing ngisor iki kajaba....

A. Rama C. Sinta
B. Dasarata D. Laksmana

45  Sing nyulik Dewi Sinta yaiku....

A. Laksmana C. Dasarata
B. Rahwana D. Bharata

46. Sawise diculik, Dewi Sinta banjur digawa menyang kraton....


A. Pancawati C. Alengka
B. Argasoka D. Manthili
47. Ukara ing ngisor iki kang nggunakake tembung sing oleh ater-ater anuswara yaiku...
A.  Kancaku nyritakake pengalamane ing wektu libur.
B.   Aku diparingi dhuwit ibu kanggo tuku buku.
C.   Buku cathetanku kagawa adhiku.
D.   Aku arep tuku buku piwulang basa Jawa.
48. Tembung kumawani asale saka tembung lingga....

A. kuma C. kumawan
B. wani D. Mawan
49. Saben dina aku mangkat sekolah jam 06.30 diboncengke bapak nitih sepeda motor, sadurunge

mangkat ora lali aku nyuwun pangestu dhisik marang ibu.Tembung ing ukara iku sing oleh ater-ater
tripurusa yaiku....

A.   mangkat C.  nitih
B.   digoncengake D.  Nyuwun

50.  Tembung ing ukara ngisor iki migunakake seselan ,kajaba....


A.   Bocah- bocah pating jlerit
B.   Adicara pahargyan lumaku rancag
C.   Sing kok geguyu iku apa ta?
D.   Lelakone tinulis ing buku pribadine

You might also like