You are on page 1of 1

1. Pdt.

Elia Dwi Prasetya (Bidang PWG Bapelsin XXVII GKJ)


PURWAK 2. Pdt. Maria Puspitasari (Bidang PWG Bapelsin XXVII GKJ)
3. Pdt. Oktavianus Heri Prasetyo Nugroho (Bidang PWG Bapelsin XXVII
A GKJ)
4. Pdt. Yonatan Wijayanto (Departemen PG GKI SW Jateng)
5. Pdt. Imanuel Budidarma (Departemen PG GKI SW Jateng)
Panginten kula, tanggapan pasamuwan dhumateng Buku Wulan Brayat 6. Pdt. Hendrikus Agus Raharjo (pendeta jemaat GKI Sorogenen)
sangsaya dangu sangsaya saé. Menika ketingal saking sangsaya kathahipun 7. Bapak Agustinus Budi Santoso (aktivis GKI Boyolali)
pasamuwan ingkang pitakèn ngèngingi jejer ingkang katetepaken LPP Sinode 8. Pdt. Tanto Kristiyono (GKJ Margoyudan, Surakarta)
kanggé Wulan Brayat ingkang badhé kelampahan, sanadyan kelampahanipun 9. Pdt. Lukas Eko Sukoco (GKJ Purworejo)
Wulan Brayat taksih nengga sawetawis dangu. Padatanipun pasamuwan- 10. Pdt. Seno Adhi Noegroho (GKJ Gondokusuman, Yogyakarta)
pasamuwan sami ngrancang acara-acara ingkang mawarni-warni ingkang 11. Pdt. Em. Widdwissoeli M. Saleh (Emèritus LPP Sinode)
kedah dipun samektakaken sawetawis dangu. Kejawi menika, tumraping
kathah brayat, Wulan Brayat asring dipun rantos minangka wulan ingkang Mugi-mugi bahan-bahan ing buku menika migunani tumrap gesanging brayat-
saged nyatunggilaken brayat wonten ing gréja. brayat Kristen satemah saben anggotaning brayat saged nresnani kanthi leres.
Brayat ingkang kapenuhan ing katresnan mesti badhé ngripta patunggilan
Bab ingkang makaten, tumraping kawula, sejatosipun dados pambereg kanggé ingkang ugi saged nggesangi katresnan kanthi leres.
ngindhakaken kuwalitasing bahan-bahan ing buku menika, dadosa ing bab
wekdal menapadéné isi. Ananging éman déné bab wekdal, kawula dèrèng saged Yogyakarta, Agustus 2017
nyembadani. Sedaya menika awit pacawisan kanggé mujudaken buku menika
kedah nggandheng kathah tiyang. Ananging sanadyanta makaten, mugi ing Salam katresnan,
wekdal sanès bahan-bahan menika saèstu mumpuni. PPP LPP Sinode GKJ dan GKI SW Jateng:

Ing Wulan Brayat taun 2017 menika kawula kepingin ngajak pasamuwan Pdt. Em. Darsono Eko Noegroho
supados sami tresna-tinresnan ing satengahing brayat kanthi katresnan Pdt. Wisnu Sapto Nugroho
ingkang “leres”. Kénging menapa kados makaten? Awit ing jaman samangké, Pdt. Addi S. Patriabara
katresnan ingkang “leres” menika dados bab ingkang langka. Umpaminipun, Pdt. Murtini Hehanussa
tumraping para nèm-nèman, asring katresnan dipun tegesi minangka
kasadiyan nindakaken sesambetan kados tiyang sesémahan kamangka dèrèng
sami ningkah. Tumraping tiyang sepuh ingkang sibuk nyambut damel,
katresnan asring dipun salahmangertosi minangka peparing matèri ingkang
mubra-mubru kanggé laré. Temtu kémawon, penggalihan ingkang kados
makaten menika klèntu. Ananging émanipun kita asring kablejok ing katresnan
ingkang kados makaten. Mugi-mugi lumantar bahan-bahan ing buku menika,
brayat-brayat Kristen kabereg nresnani brayatipun kanthi katresnan ingkang
“leres”.
Mawujudipun buku menika inggih amargi wontenipun kanca-kanca tunggil
paladosan ingkang sesarengan nggarap buku menika. Pramila ing wekdal
menika keparenga kawula ngaturaken panuwun tumrap:

You might also like