You are on page 1of 1

IKRAR SYAWALAN

Istighfar 3 x........................

Syahadat............................

Kulo ingkang makempal wonten ing papan puniko, matur wonten panjenengan sedoyo,
kanti raos manah ingkang suci lan tandes ing batos,

 Dumateng poro pinisepuh lan sesepuh, kulo ngaturaken sungkem pangabektos,


 Dumateng poro sesami lan wiranem, kulo ngaturaken salam soho taklim.
Saklajengipun kulo nyuwun pangapunten ingkang agung awit saking dosa lan kalepatan
kulo,
Lampah kulo setindak, atur kulo seklimah, soho ucap rerasan kulo ingkang kirang
mranani, sak lamining sesambetan.
Mugi-mugi Alloh paring ridho, sahinggo dosa lan kalepatan kulo lebur wonten ing
dinten Riyadin puniko. Lumantos kulo lan panjenengan sedoyo.
Lan mugi-mugi kulo ingkang makempal wonten ing papan puniko, kaparingan manah
ingkang fitrah malih, resik saking dosa lan kalepatan. Aamiin ya robbal alamiin....

DOA SYAWALAN
Audzubillahiminasysyaitonirrojim... Bismillahirrohmanirrohim....
Alhamdulillah 3 x, Allohumaghfir.....
Robbana hablana................
Duh Gusti Alloh ingkang Moho Agung lan Welas Asih, mugi Paduko paring
pangapunten dumateng kulo ingkang makempal wonten ing papan puniko;
Duh Gusti Alloh ingkang Moho Mirah, Mugi Paduko paring rezeki ingkang agung
dumateng kulo ingkang makempal wonten ing papan puniko;
Duh Gusti Alloh ingkang Moho Pirso, mugi Paduko paring keslametan donya lan akhirat
dumateng kulo ingkang makempal wonten ing papan puniko;
Duh Gusti Alloh ingkang Moho Wicaksono, mugi Paduko paring dumateng masyarakat
Petungrejo lan sakkiwotengenipun, masyarakat ingkang ayom, ayem lan tentrem,
baldatun thoyyibatun wa robbun ghofur, lan ndadosaken generasi penerus mudo lan
mudi dados piyantun ingkang sukses, lan migunani dumateng agami, nuso lan bongso,
sarto bektos dumateng tiyang sepuhipun..
Duh Gusti Alloh Ingkang Moho Mirah, mugi Paduko ngabulaken dongo panyuwunan
kulo, aamiin....
Robbana aatina fiddunia khasanah, wafil aakhiroti khasanah, wa qina
‘adzabannar...aamiin.......

You might also like