You are on page 1of 4

Basa Jawa Pertemuan ke 2 (Sabtu, 1 Agustus 2020)

Piwulang 1 Teks Narasi

KD. 4.1 Menjawab dan mengajukan pertanyaan tentang isi bacaan dalam ragam karma

1. Mangsuli pitakon nganggo basa karma


Ana ing panguripan sadina-dina, para siswa srawung karo wong akeh ing masyarakat.
Yen matur karo wong liya ing sakiwa tengenmu, kuu nggatekake unggah-ungguh basa kang trep.
Unggah-ungguh basa iku tingkatan utawa jenis pilihan tembung/ukara kang trep adhedhasar sapa
kang diajak ngomong. Ing basa Indonesia unggah-ungguh basa diarani sopan santun berbahasa.
Unggah-ungguh basa ana werna loro yaiku:
1. Basa ngoko : basa kang digunakake kanggo wong sapadha-padha kang wis kulina
banget (akrab banget) lan karo wong liyo sing keprenah nom.
2. Basa karma : basa kang digunakake wong nom marang wong kang luwih tuwa. Basa
krama alus mau mratandhani yen kowe ngajeni utawa ngregani
wong liya sing koajak omong-omongan. Basa krama ana loro werna yaiku krama
lugu lan krama alus.

2. Titikane utawa ciri-cirine basa krama lugu yaiku:


a.. Tembung-tembunge nganggo basa krama lugu kabeh utawa kerep mung disebut krama
b. Tembung sesulih (kata ganti) “kowe” malih dadi “sampeyan”
c. Ater-ater lan panambang ngoko

Tuladha:
Ngoko : Apa bener ngesuk arep sinau bareng-bareng ing umahmu?
Krama lugu : Napa leres ngenjang badhe sinau sareng ing griya sampeyan?
3. Titikane utawa ciri-cirine basa krama alus yaiku:
a. Tembung-tembunge nganggo basa krama alus kabeh
b. Tembung sesulih (kata ganti) “kowe” malih dadi “panjenengan”
c. Ater-ater lan panambang krama:
Ater-ater di --dipun (disapu – dipunsapu)
Panambang ake --aken (disapoake – dipunsapoaken)
Panambang e --ipun (sapune – sapunipun)
Tuladha :
Ngoko : Apa bener ngesuk arep sinau bareng-bareng ing umahmu?
Krama alus : Menapa leres ngenjang badhe sinau sareng-sareng wonten dalem
panjenengan?

4. Video iki menehi tuladha cara mertamu nganggo basa krama alus. Ayo ditingali supoyo
kaliyan luweh paham basa krama!

5. Tugas
a. Wacanen teks narasi iki lan wangsulana pitakone, teks mboten usah dicatet !

Pitik Mogok Mangan

Bar nganakke pengajian Mbak Dewi ngresiki ruang tamu karo njukuki turah-turahan
suguhan sing ora dipangan karo tamune. Salah suwijining panganan yaiku lumpia sajake wis
rada lawas. Lumpia iku akeh sing kur dicokot sithik karo tamune, ora dienthekake. Mbak
Dewi ngambu lumpia kuwi, banjur celathu menawa lumpiane wis rada banger. Apike dipakakke
pitik wae. Ndilalahe pithike Mbak Dewi krungu omongan iku banjur grenengan marang kancane 
Pitik Blorok :  “Wah lumpia sing wis mambu kae mesthi dipakakke aku”
Pitik Putih : “Loh njuk ngapa tho”
Pitik Blorok : “Awake dhewe wiwit mbiyen dipakani sing mambu-mambu terus, ora tau sing
enak-enak. Mbok pisan-pisan ora sah dienteni mambu!.  Makani barang apik ora iso popiye?”
Pitik Putih : “Hooh bener Blo!. Awake dhewe kur diwenehi turah-turahan. Nek ngono mengko
ethok-ethok ora doyan mangan wae po”
Pitik Blorok : “Bener Put!. Engko nek diwenehi lumpia dieker-eker wae rasah dipangan.”
Wasan rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Dewi njukuk lumpia  sak gegem,  diuncalke
ning lemah ben dipangan pithike.  Ananging pitik loro kuwi malah kur ngeker-eker lumpia
nganthek sumebar tekan ngendi-endi.  Babar pisan ora gelem mangan
Weruh pitike ora doyan lumpia, Mbak Dewi  banjur njukuk sega mambu ning pawon.
Segane dilebokake ning trempolong ben dipangan pithike. Nanging pitike malah kur nendang-
nendang trempolong nganthek segane tumplak. Mbak Dewi bingung, apa sebape pitike ora
gelem mangan?.  
Untunge dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis njamur.  Mbok menawa
pitike doyan roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja, banjur dioncalke ning ngarepe pitike.
Ternyata padha wae nasibe karo lumpia banger lan sega mambu. Roti jamuran iku blas ora
dipangan karo pitike. Malah ditendang-tendang ngantek kontal ning ndalan. Mbak Dewi kaget
marang pokale pitike.
Dumadakan Adhine Mbak Dewi metu saka omah karo nuntun Ponakane sing melet-melet
kepedesen merga mangan arem-arem.  “Kowe ki durung doyan pedes Le, wis dilepeh wae arem-
areme” celathune marang Ponakane.  Weruh mbokne ponakane yaiku Majda Yulianingrum metu
saka omah, Mbak Dewi banjur cerita menawa pitike dho ora doyan mangan.
Majda Yulianingrum: “Wooo, sajake pitikmu padha gering ki, saiki lagi musim Penyakit Tetelo
loh”
Mbak Dewi: “Wooo ngono tho, nek ngono digolekke obat apa ya?
Majda Yulianingrum: “Rasah diobati. Dibeleh wae. Soale mengko malah nulari kanca-
kancane.”
Pitik Blorok kaget banget  krungu usulan dheweke dibeleh wae.  Blorok tambah kaget
wasan weruh Pitik Putih ujuk-ujuk notholi lepehan arem-arem.
Pitik Blorok: “Kowe ki piye tho ? Awake dhewe wis nolak mangan sega, kok malah trima
mangan lepehan arem-arem ki piye. Rak yo luwih njijiki tho?.”
Pitik Putih: “Timbangane dibeleh, aku milih mangan lepehan arem-arem wae.  Ben kowe wae
sing ora doyan mangan luwih pantes dibeleh...”
 Pitik Blorok: “Enak wae.  Aku ya ora gelem dibeleh ki.....  (Pitik Blorok banjur cepet-cepet melu
notholi lepehan arem-arem karo mripate merem amarga jijik)
Pitik loro kuwi rebutan ngentekke lepehan  arem-arem.  Mbak Dewi lan Majda
Yulianingrum dadi gumun. Pitik sing mau ora doyan lumpia, sega lan roti kok saiki malah
rebutan lepehan arem-arem. Lucu tenan pitik jaman saiki.

b. Wangsulana pitakon nganggo basa krama alus!


1. Wonten griyane Mba Dewi bibar ngawontenaken acara menapa? Ing griyanipun Mba dewi
wonten acara ………………….
2. Menapa ingkang dipunlampahi Mba Dewi sasampunipun acara rampung? ……………………
3. Kenging menapa pithik blorok lan pithik pethak mboten purun mangan lumpia saking Mba
Dewi? ……………………………
4. Menapa ingkang dipuntindakaken pithik blorok lan pithik pethak nalika diparingi Lumpia?
…………
5. Sasampunipun Mba Dewi ngertos pithik mboten purun mangan lumpia lajeng kepripun? …..

You might also like