You are on page 1of 4

Oto Mogok

“....judheg aku!” punika angluhipun satunggaling priyantun ngadeg, cancut, wonten ngiringanipun
motoring oto ingkang sampun kabikak tutupipun. Wironipun kablesekaken manginggil, ngantos kathokipun
katingal sekedhik, jasipun sampun kabikak, kantun ngangge rangkepan. Pacaking badan methentheng radi
mbungkuk. Nering pandulu tumuju dhateng mesining oto. Sajak migatosaken sanget dhateng kawontenaning
oto punika.
Nitik tetesing kringetipun saking bathuk tuwin saking gulu, dalah telesing rangkepan ingkang wingking,
cetha yen priyantun wau sampun kepara dangu tumandang damel awrat. Saboten-botenipun inggih kaesuk
ngongsronging manah.
Priyantun wau umuripun udakawis seketan taun, nanging kabekta saking saening badan, lan saged ugi
anggenipun boten alitan manah, ketingalipun saweg umur kawan dasan taun.
Ing salebeting oto wau ingkang linggih ing bak wingking sisih kiwa priyantun estri, umur tigang dasa
gangsalan taun, ingkang wonten sisih tengen ugi priyantun estri wetawis saweg pitulasan taun. Memperipun
priyantun estri ingkang wonten sisih kiwa punika bojonipun, ingkang wonten tengen anakipun.
Ing salebetipun priyantun wau uthek madosi ingkang njalari mogoking otonipun, ingkang estri katingal
suntrut. Tanganipun tengen sedhakep, badan kasendhekaken ing cagaking tendha, sirahipun kabantalaken
tangan kiwa. Kados boten mokal yen ta kawastanana saweg susah manahipun.
Nanging anakipun boten mekaten. Linggihpun sendhen, ketingal sajak sasekecanipun, sumelehing
pasemon kenging dipunwastani mesem ajegan. Tanganipun tansah ngolak-alik kacunipun sutra ingkang
sinulam peni.
Ngantos sawetawis dangu priyantun tetiga wau boten wonten ingkang sami cecriyosan. Dumadakan
ingkang estri sumela sanjang dhateng ingkang jaler semu netah:
“Tho, Pak! Biyen mula aku rak wis kandha yen wong ngingu oto kuwi akeh kesusahane.”
“Hem, Ibune mono wasis yen mung nutuh.”
Anakipun nyelani:
“Yah, Ibu ki! Punapa inggih oto punika namung murugaken kesusahan tok? Wong lagi sepisan wae
dingendikakake akeh!”
“Lah ya kuwi Tien nek Ibumu.”
“Nyatan nek kaya ngene iki priye hara? Mangka neng tengah bulak, wis jam setengah nem, kathik atise kaya
ngene. Gunung Sumbing wis kemul ampak-ampak, dalan ing Kledhung ya wis meh putih, dhasar dalane
sumengka, kok jebul otone bobrok!”
“Yah, Ibune ki ta! Rak ya lumrah ta yen oto kuwi sok mogok, ora kok banjur bobrok ngono. Iki rak mung ana
adon-adon kang durung mathuk utawa mleset saka mesthine. Ana oto isih kincling-kincling ngene jare
bobrok.”
“ingkang risak menapanipun ta, Pak? Mangke gek dipunpaeka sopir ingkang mentas medal menika.”
“Mempere yo ngono, Tien, nanging Bapakmu ora priksa.”
“Hara ta Ibune kuwi rak tanduk maneh olehe nutuh ....nek pangiraku ora. Sebab metune kuwi jalaran dheweke
dadi lurah desa, tur maneh neng jajahanku, dadi mesthine ora gelem gawe wisuna marang aku.”
“Ngono-ngonoa kae nyatane! Nek kaya ngene iki banjur priye hara?”
“Sawise kepriye, lah ya kudu nrima. Mengko yen ana oto saka Wanasaba utawa saka Parakan sing wis
ngglondhang, ya padha nunggang kuwi bae.”
“Inggih, Pak, terkadhang mangke wonten saestu, nanging sewanipun inggih lajeng awis.”
Ibunipun nyambeti:
“Prakara laranging sewan kuwi dudu barang-barang, balik anane bae durung karuwan! Mangka dina iki ora
kebener pasaran Kreteg utawa Parakan, kathik wis wayah ngene, bisane ana saka ngendi?” Wedaling wicanten
mekaten wau kanthi sugal, mratandhani saya sanget anyeling manahipun lan kados dene sampun telas
pangajeng-ajengipun. Boten dangu lajeng gremis.
Anakipun alok:
“O, gremis, Pak; mbok sampun mangga, lenggah mlebet kemawon, Pak!”
“O, la kok iya! Ya wis nrima dhisik.”
Priyantun wau lajeng mlebet ing oto, linggih ing bak ngajeng. Ingkang estri nyambeti kaliyan sajak
mbeda:
“Hara ta rasakna! Ora gremis kuwi anake sapa! Wong mendhunge kaya ngana kandele.” Criyos mekaten wau
kaliyan mbenakaken rimongipun kangge kudhung lan kaubedaken ing gulu, ngantos rapet, kupingipun boten
ketingal. Linggihipun mentengah lajeng sila. Makaten wau prelu kangge namengi pangamukipun hawa ingkang
saya sakalangkung atis.
Mogoking oto wau ing tengah-tengahing bulak, kaprenah sangandhaping Dhusun Kledhung dene
Kledhung punika dumunung wonten ing papan ingkang inggil, kleres ereng-erengipun Redi Sumbing lan
Sundara, wonten saantawisipun Parakan (Temanggung) kaliyan Kreteg (Wanasaba). Saking Kledhung dhateng
Parakan utawi Kreteg sami tumurunipun.
Ing Kledhung menika misuwur atisipun. Dhasar anginipun sumribit, sinembuh gremisipun ingkang tanpa
kendhat, sampun temtu atisipun tikel. Sampun ingkang kados kawontenan kasebut nginggil wau, saweg ing
wanci jam kalih welas siyang, tur suryanipun jumepret kemawon hawanipun meksa atis. Langkung-langkung
tumrap tiyang ing tanah ampah.
Kala semanten ing salebeting oto boten wonten ingkang sami cecriyosan, namung sami sedhakep. Awit
kejawi ngraosaken atising hawa, inggih saya judheg manahipun. Boten kantenan tujuning kajeng, sadaya
namung sami ngetut lampahing gagasanipun piyambak-piyambak. Pinten-pinten lelamunan. Nanging boten
wonten ingkang saged mbirat ewed-pakewedipun, destun malah saya ngimbeti ribeting manah.

Namung anakipun ingkang ketingal boten patos susah. Sekedhap ningali Redi Sumbing utawi Sindara,
ingkang saya dangu ketingal ngregemeng kemawon. Sekedhap ningali padhusunan ing lengkehipun Redi
Sumbing. Saweneh wonten ingkang ketingal pethak kados tiyang sami ndhodhok ningali priyantun tiga ingkang
wonten salebeting oto wau. Sekedhap malih ningali pasuryaning Ibunipun, ingkang ngendhanu kados
mendhung. Ing batos ngesemi, dene sampun sepuh teka kirang sabar ing manah.
Dangu-dangu kepingin gineman, taken dhateng Ibunipun:
“Bu, Bu! Nuwun sewu inggih, Bu! Ibu kok ngendika klesak-klesik menika ngendika kaliyan sinten ta, Bu?
Menapa saweg ndonga?” Anggenipun pitaken mekaten wau kaliyan gumujeng sarwi nutupi lambenipun mawi
kacu. Bapakipun nyambeti kaliyan mesem:
“Nengna we rak wis Tien! Ibumu kuwi lagi muja semadi, kok.”
“Kowe mono Tien bocah ora jawa, wong kuwi rak iya sebisa-bisane, nenuwun menyang Sing Gawe Urip ta.”
“O, inggih sukur ta, Bu!”
Thik-thiking sekon dados menit, klempaking menit dados jam. Sareng sampun sawetawis jam
anggenipun wonten salebeting oto mogok ingkang kinepang pepeteng, gremis, lan angin ngidit, dumadakan
kacaning tendha ingkang wingking mak byar, ketingal padhang. Padhangipun terus dhateng kaca ngajeng,
nyrambahi salebeting oto. Sedaya sami noleh dhateng wingking. Ingkang wonten bak wingking nginjen saking
kaca, ingkang wonten bak ngajeng kepeksa manglung dhateng jawi, nanging namung sekedhap lajeng mlebet
malih, amargi sepisan ing jawi taksih gremis, kaping kalih silo dhateng soroting lentera oto ingkang dhateng.
Anakipun gugup, sanjang dhateng bapakipun kaliyan ketingal bingah ing manah:
“Lha menika wonten oto mriki, Pak!”
“Iya Pak, jajal diendheg mbok menawa taksi barang.”
“Iya, nanging kiraku dudu taksi, awit yen taksi lumrahe lenterane ora ....“ Saweg dumugi semanten kepunggel
dening swara ... hrrrrr.Sssss! Oto wau kendel ing wingking leres. Keneking oto mandhap rumiyin, ngganjel
rodha wingking, awit wonten ing margi sumengka.
Lentera ngajeng kalih pisan dipunpejahi. Dilah panyorot dipungesangaken, punapa dene motoripun oto
inggih taksih dipungesangaken prelu kangge nggesangaken dilah panyorot. Sopiripun lajeng mandhap, murugi
oto ingkang mogok. Sanadyan wekdal semanten taksih gremis boten karaosaken. Sareng celak, sopir lajeng
taken tembungipun andhap asor:
“Punapa Ndara, kendel wonten ngriki?”
Priyantun jaler wau lajeng mandhap saking oto lan maspadhakaken dhateng tiyang ingkang taken. Ing
manah keweden anggenipun badhe mangsuli, awit ingkang taken wau radi ngodhengaken manah. Sabab
tiyangipun bregas, tata kramanipun jangkep. Yen kaanggepa sopir limrah boten pantes. Nanging saumpami
sanes sopir taksi, la punapa. Awit senadyan clananipun bregas, nanging sami ketingal pating dlemok tilas
kenging lisah, tur rambutipun morak-marik, memper yen mung sopir taksi. Langkung-langkung menawi
ngengeti anggenipun nyebut ndara. Ewadene ing manah dereng sreg. Badhe nggenahaken piyambakipun,
inggih kirang sekeca boten cundhuk kaliyan empan papanipun. Mangka anggenipun taken wau badhe suka
pitulungan. Mila murih sekecanipun lajeng mendhet palih-palih. Suka wangsulan mawi tembung madya
makaten:
“Rewel, mogok boten gelem mlaku!”
“Ingkang rewel punapanipun, Ndara?”
“Kula kirang terang.”
“Punapa kula kepareng nuweni? Mbok menawi saged ngleresaken.”
“Engga! We lah kebeneran.”
Sadangunipun sopir tumandang, priyantun estri kalih ingkang wonten wingking gadhah pangajeng-ajeng
badhe sumingkir saking kesusahan.
“Na, Na, Kasna!”
“Kula.”
“Hara jajal iki kabeh bukakana.”
“Inggih.”
Sareng sampun dipunbikaki sedaya, lajeng dipuntingali. Sarehning dilah panyorot oto wingking boten
saged dhawah ing montor ingkang mogok, anggenipun ningali inggih boten patos terang, mila lajeng nyuwun
sumerep dhateng priyantun ingkang gadhah:
“Punapa sedaya sampun resik, Nadara?”
“Yen bab resik kula tanggel nanging renggang rapete setelan kula boten ngertos, wiwit riyin boten kula owah-
owah.”
“Bab renggang-rapetipun kados sampun cekapan, sadaya sampun kula gagapi.”
“Pancen wingi-wingi inggih boten tau rewel.”
“Slingeripun wonten pundi, Ndara?”
“Niki onten ngriki.” Kaliyan nedahaken bak ngajeng.
“Na, slinger kae, jupuken!”
“Inggih.”
“Sarehning taksih gremis, mangga Ndara lenggah nglebet kemawon.”
“Boten dadi napa?”
“Boten Ndara, mangga lenggah kemawon, kula sampun kulina dhateng jawah lan benter, panjenengan kirang
prayogi.”
“Ning rasane kok kurang kepenak, wong ditulungi kok malah ngenak-enak.”
“Boten Ndara, sampun kagalih kados pundi-kados pundi. Yen Panjenengan boten lenggah nglebet, ngrendheti
pedamelan kula, amargi manah kula lajeng kirang tentrem, dening sumerep Panjenengan kegremisan tur
wonten ngriki, ingkang hawanipun asrep.”
“Inggih ta yen ngaten.”
“Wis, Na, puteren sing ajeg ya, Na!”
“Inggih.”
Sareng sampun kaputer kinten-kinten semenit dangunipun, sopir lajeng matur malih:
“Punapa kepareng kula bikak?”
“Engga, engga!”
“Na, padhangana nganggo rek ya, Na!”
“Inggih.”
“Nanging ngati-ati, aja kecedhaken awit tenge (wadhah bensin) oto iki ana ngarep, yen ana pipa sing borot
barang.”
“Inggih pun.”
Sareng sampun kabikak sarta dipuntingali, lajeng aken dhateng kenekipun:
“Na, jupukna gombal!”
“Inggih.”
Priyantun ingkang gadhah oto nyelani:
“Kados pundi?”
“Boten punapa-punapa, Ndara. Kinten-kinten samangke saged gesang.”
“Sokur ta.”
“Niki lo gombale.”
“Resik ora, Na?”
“Resik sanget, tiyang niku halsduk kula.”
“Hala duk kok kaya ngene.”
“Kantenan blacu ajeng kula damel rangkepan boten sida.”
“Kok ora sida ana apa?”
“Tiyang taksih kirang.”
“Lha tuku kok nganti kurang?”
“Tiyang niku boten tumbas kok. Dhek Bapak ngajal nika ulese turah, lha nggih niku turahane.”
“Wis iki enya.”
“Pundi, ngriki, ajeng kula engge kudhung, wong taksih gremis. Kula niki sok mumet nek kegremisan.”
“Pambekanmu kaya ndara menggung. Wis iki busine pasangen. Sing kenceng ya!”
“Inggih.”
Busi ingkang kabikak sampun kapasang malih, sarta sanesipun sampun kenceng sadaya, kekepipun motor
dipuntutupaken malih, sopir lajeng sanjang:
“Samangke tanggel, gesang motoripun Ndara!”
“Wah, ketrima banget. Kuwi Tien dompete ana ngesak jupuken.”
“Mangga, Pak.”
“Ndara, mangga dipunstater.”
Oto dipunstater lajeng gesang, lentera byar padhang.
“Sampun Ndara, mangga lajeng tindak, amargi sampun jam sedasa.”
“Niki lo!” Sanjang mekaten wau kaliyan ngulungaken tangan ingkang sampun isi arta.
“Sembah nuwun Ndara, mangga lajeng tindak kemawon, kula ndherekaken ing wingking.” Sopir terus murugi
otonipun piyambak kaliyan nggered rambutipun Kasna, awit Kasna mlongo dening lurahipun boten purun
nampeni arta. Mangka sayektosipun sampun kumecer sumerep tanganipun priyantun wau isi arta. Mila semu
gela sanget, dening mlesed pangajeng-ajengipun tampi panduman. Satemah namung ngingetaken kaliyan
mlongo. Nanging dereng ngantos kasumerepan dening ingkang badhe suka ganjaran kesesa dipunsered
sopiripun.

You might also like