You are on page 1of 3

Cerkak ;

Doktor Durmogati

Dening ; Herry Santoso

AWAN kuwi ujug-ujug ana sedan ireng meles kinclong isih gres kinyis-kinyis mlebu
kampungku. Mobil sedan kuwi direm ndadak ora adoh karo wong-wong sing lagi ngrumpi lan
ngesis ing sangisore wit kersen golek hawa edhum saka panase srengenge sing sumelet.
Tundhone wong-wong padha pating domblong, gumun, gek mobile sapa kuwi kok nyalawadi
banget, ngono batine wong-wong karo njingglengi bareng, nyawang tanpa kedhep.
Nanging ora let suwe methungul pawongan gendhut, rada cendhek ngagem setelan sapari
soklat tuwa, ngadeg njejer sajak rangu-rangu nyawang sakiwa tengene. Wong-wong isih durung
mudheng sapa sejatine priyayi kuwi, nanging saeba kagete sawise priya gendhut kuwi nyepot
kacamata irenge sing ngalingi panyawange.
"Hlo? Kuwi rak Doktor Durmogati?" aloke emak-emak sing lagi petan sangisore wit kersen.
"Durmogati sapa ta, yu?" sing ana sandhinge nyaut.
"Doktor Durmogati kulon kali, anake bakul tahu sing biyen melu nyaleg kae lho!"
"Oh iya ta? Ayo dicedhaki wae dijaluki dhit gawe nempur!"
"Ayo, ayo kabeh nyedhaki Doktor Durmogati nyuwun dum-duman!"
"Iya ayo, biyen rak tau janji ta, yen kepilih arep bali maneh andum sedhekah minangka
syukurane," cluluke liyane. Wong-wong kuwi padha adu rikat gemruduk marani priyayi kuwi
malah ana emak-emak sing lali kewajibane ninggalake anake sing isih cilik nangis kejret, uga
embah-embah sing kejengkang
ketabrak wong akeh.
"Mas Doktor aku nyuwun dhuwite seket ewu wae!" pambengoke wadon enom sing rambute
dicet abang.
'Aku iya, Mas, seket ewu!" sambunge kanca sandhinge.
"He, aja ngawur! Gawe apa dhit seket ewu? Aja sakepenakmu dhewe!" sinoman lanang sing
ana mburine nyentak, "Dhit seket ewu kuwi lho oleh apa?" bacute nyeneni bocah wadon mau.
"Hla pira ta Kang?"
"Paling ora ya rongatus ewu isa gawe ngombe mengko bengi saktambule!" jawabe karo
lambene sing kandel ireng ngakep rokok. Sinoman dhempal sing dhadhane kebak tato kuwi age-
age miyak wong-wong sing nyumpeti dalan sangarepe kanggo nyedhaki Doktor Durmogati,
nanging isih kalah trengginas karo wadon loro sing wis nggandholi lengene Durmagati ngiwa
nengen.
"Ayo ta kangmas, endi janjimu biyen kae! Jaremu yen kepilih arep dum-dum rejeki ta Kangmas
doktor?" clathune prawan loro kuwi rada aleman, ya gene wani ngrangkul pundhake barang.
Sanalika wong-wong padha surak weruh tingkahe wadon loro sing wani pamer saru kuwi.
Durmogati mung klecam-klecem rumangsa bombong atine.
"Sareh, sareh, sabar ya lur, aku tak sambang wong tuwaku dhisik!" jare Doktor Durmogati
ngleremake wong-wong sing wiwit kesruh kuwi.
Srengengene tansaya semelet. Doktor Durmogati, awan kuwi banjur mbacutake laku
menyang omahe wong tuwane. Ngulon parane nyabrang kali, liwat tengah sawah. Ditutake
wong-wong kanthi baris urut kacang. Wong-wong sing biyen dadi pendukunge kuwi kala-kala uga
jejogetan. Saka kadohan lenggak-lenggok kaya ula nurut sadawane galengan sawah. Doktor
Durmogati saya aleman melu gegojegan, nembang lan jogetan ditabuhi nganggo swara dening
warga sing tutwuri.
"Hidup Durmogati! Hidup Durmogati!" pambengoke ngucapake "yel-yel" pangalembana sing
dadekake Durmogati tansaya cubriya, rumangsa densuyuti karo warga ing desane.
"Mandheg dhisik luur...! " prentahe Durmogati sawise tekan ngarep omahe wong tuwane.
"Entenana sawetara, aku tak sapatemon karo bapaku sinambi ngetung dhuwit nggo sampeyan
kabeh, setuju....?"
"Setuju Bose....!" unine koor bareng. Wusana wong-wong kuwi pada lesehan ing latar ; ana
sing lungguhan ing tumpukan bata ngarep omah, ana sing nginceng liwat sela-selane lawang lan
cendhela, malah uga ana sing nganti penekan wit nangka nrempol ing pang-pange. Dene Doktor
Durmogati isih sapajagong karo bapake.
"Wong-wong kuwi sapa ta Dur?" takone bapake sajak kaget campur gumun.
"Kabeh kuwi pendhukungku Pak, rikala pilihan biyen!"
"Njur ana apa kok padha gemrudug mrene?"
Durmogati ora njawab, kejaba mung thenger-thenger katon yen nggembol surasa sing sajak
nyumelangi atine.
"Perkara apa kok warga gemrudug mrene. Blakaa wae karo bapak, Dur. Aja kok tutup-tutupi"
clathune wong tuwa kuwi.
"Anu, Pak..." Durmogati rangu-rangu.
"Anu piye?" alise bapake njenggureng.
"Wong-wong kuwi nagih janji, Paki. Biyen, lamun aku kepilih dadi pejabat legislatif, arep bali
maneh saperlu andum rejeki, syukuran."
"Terus?" bapake mandeng.
"Nanging dhuwitku ora cukup, Pak," Durmogati dhingkluk, nalika ndhangak praupane katon
bingung.
"Janjimu kuwi kudu kok pinangkani jalaran kowe kadhung kewetu lho, Dur. Janji kuwi amanah
lan wong-wong kabeh kuwi kanthi tulus lan ikhlas nyengkuyung kepentinganmu.Apa iya sawise
saiki kowe wis kasil dadi pejabat wakile rakyat arep blenjani, arep laku cidra, wani ancik-ancik
kesengsarane wong cilik? Dene kowe mulih mung arep pamer kamukten palsu!" jarene bapake
nuturi kanrhi tembung-tembung sing ngiris ati. Dene sanjabane omah wong-wong padha pating
bengok ora karu-karuwan.
"Ayo, cepet selak panas iki lho! Ngetung dhit ora nganti samilyar wae mosok setaun ora mari!
Apa perlu tak dobrak laeangmu?" pambengoke saka njaba.
"Bener! Didobrak wae lawange kesuwen!" liyane wiwit mropokasi, malah karo nyawatake
watu ngener lawange omah.
Wong-wong wis ngesruh. Bola-bali nyawati lawang, cendela, uga gentheng.
"Durmogati metuwa! Aja gawe per kara kowe! Isa tak obong tenan omahe wong tuwamu!"
swarane wiwit ana sing ngancam.
"Diobong! Diobong! Omahe diobong!"
Doktor Durmogati tansaya gupuh. Wong-wong entek kesabarane. Watu pating bleber nyawati
omahe bapake.
"Iki aku wis oleh bensin ayo saiki diobong wae omahe ngenteni apa ta?" guneme salah sijine
wong sing nesu. Durmogati tansaya koplok, tangan lan sikile ngowel, ora sranta dheweke brosot
lewat lawang mburi. Nanging emane wong sing lagi penekan wit kiwa-tengene omah ngonangi
njur bengok seru.
"Wonge mlayu! Durmogati mlayu lewat buritan kae lho!"
"Wadhuh, ayo dibujung! Ayo dikepung! Dicekel urip utawa mati!" panyaute liyane. Sanalika
swasana dadi geger. Bapake Durmogati jelih-jelih nangis ngglolo nangisi nasibe anake sing dadi
buron kaya dene buron alas, dikepung wong sadesa. Malah ana sing nggawa arit, clurit,
penthungan, utawa granggang barang.
"Ngetan....ngetan....terus diburu dicekel urip-uripan utawa mati!" swarane wong-wong kaya
lampor, dene burone mlayu kepunthit-punthit niba tangi gulung gemak ora karuwan.
"Mati kowe!" jarene wong samburine Durmogati karo nylorong granggang utawa bambu
runcing, untunge mbleset. Durmogati kaya wong setanen mlupat galengan brobosan greng ori,
sikile ajurojeh ning ora rinasa tujuwane mung siji golek urip.
Srengengene wis keplorot ngulon. Durmogati sajake kentekan napas, wong-wong isih tetep
kebranang atine ngamuk, ingut-inguten. Dhasar apes, playune Durmogati kandheg ing tepising
jurang puluhan meter jerune. Wis kecepit ora bisa mlayu maneh nanging dheweke ora perduli,
wegah mati konyol ing tangane wong-wong wis gemruduk cedhak banget rebut dhisik arep
nubruk ndhekep dheweke. Durmogati nekad nyeplung jurang kanthi ninggal swara ngeres ati,
"Aaaauuuuw......! Mati akuu....!"
"He, Mas, tangi! Ana apa kok bengok-bengok barang! Mulane ta mulane yen wayah surup aja
ndhekok!" grenenge bojone karo ngabuk bokonge sing lanang. Durmogati gragapan, lungguh
thenger-thenger neng pinggire dipan. Ya gene dheweke mau keturon isih nganggo seragam
kantor komplit, stelan sapari soklat tuwa.
Saka langgar magersaren ana swara adzan ngelik-ngelik, Durmogati klithih-klithih metu saka
kamare banjur bukak gorden nginguk ruwang tamu. Ing kono wis ana wong papat sing ngenteni,
sing loro seragam aparat, liyane nyangklong kamera. Durmogati mundur nggoleki bojone
menyang mburi.
"Ndang dipethuki tamune, timbang sesuk geger mlebu koran. Mulane ta mulane...." grenenge
sing wedok maneh. Durmogati katon bingung, wira-wiri ana ngarepe...***

*) Alamat penulis : Herry Santoso, Jl. Dr. Saharjo Gg 1b RT. 12 RW.3 (Timur no Mushala "Tulus Al
Ikhlas' Campurejo, Mojoroto, Kota Kediri. HP. 081252065959. Norek BRI : 6150-01-007581-53-7

You might also like