You are on page 1of 1

LATIHAN SOAL PAS SEMESTER 1 KELAS 2 SD/MI

BAHASA JAWA
1. Jalaran sinau kuwi tugas utamane bocah sekolah. Jalaran padha tegese karo . . .
a. Supaya b. Amarga c. Wiwit
2. Pamacane aksara u miring dumunung ing tembung . . .
a. Guru b. Mathuk c. Sabtu
3. Tembung-tembung ing ngisor iki sing pamacane aksara u jejeg yaiku . . .
a. Keruk b. Turu c. Manut
4. Ibuku nggoreng tempe nganggo sothil.
Pamacane aksara i ing tembung sothil, padha karo pamacane i ing tembung . . .
a. Ngalih b. Nututi c. Kopi
5. Ukara ing ngesor iki sing nganggo aksara o jejeg yaiku . . .
a. Pipin tuku soto b. Yesi tangane gosong c. Lungguh ing pojok
6. Ukara ing ngesor iki sing tatanane bener yaiku . . .
a. Ing kertas Yunita nulis
b. Yunita nulis wis ing kertas
c. Yunita nulis ing kertas
7. Doni diutus guru nggarap Bahasa Jawa kaca 23. Ibune Doni takon tugase saka sekolah.
Doni laporan: . . .
a. Ora ana tugas saka sekolah.
b. Tugasku nggarap Bahasa Jawa wis rampung.
c. Tugasku nggarap Bahasa Jawa kaca 23.
8. Rina nalika ulangan entuk biji 6. Rina teka omah sedih banget.
Rina laporan ibune: . . .
a. Bu, ulanganku entuk enem.
b. Ora apa-apa ulanganku entuk enem.
c. Saiki biji enem, sesuk mesti sepuluh.
9. Isine laporan kudu kahanan sing . . .
a. Digawe-gawe b. Sanyatane c. Bisa diowahi
10. Bakul : “Tuku apa ndhuk?”
Sari : “ . . . gendhis setunggal kilo.”
Genepe pacelaton ing duwur yaiku . . .
a. Nyuwun b. Nyambut c. Tumbas
11. Tembung maca, pira, lan lara kalebu swara . . .
12. Tembung kangkung, pikun, lan weruh kalebu swara . . .
13. Bapak (niteh) sepeda menyang Bandung. Penulisan tembung ing njero kurung benere . . .
14. Sebutna 3 dolanan tradisional sing isih ana ing desamu . . .
15. Dolanan sing nganggo piranti kecik yaiku dolana . . .
16. Ibu mundhut loro semongko kabehe 3 kilo. Tembung sing pamacane aksara o padha karo tembung loro
yaiku . . .
17. Yoyon kuwi oleh dhuwit saka ibune.
Tembung ing duwur sing pamacane kalebu aksara i miring yaiku tembung . . .
18. Nalika wayah istirahat ing sekolah Isma mlaku bareng karo Risma tumuju ing kantin.
Paraga ukara ing nduwur yaiku . . . . . . . . lan . . . . . . . .
19. Latar wayah ukara ing ndhuwur yaiku . . .
20. Blajar – Emilia – sepedhah – dalan – ing. Tembung kasebut yen dirakit lan ditulis nganggo aksara jejeg
sambung yaiku . . .

You might also like