You are on page 1of 2

Watu Dodol

Bengen magih wayah penjajahan, ana wong landa arane Residen Schophoff kepingin nggawe
dalan teka Panarukan sampik Banyuwangi. Naming sayah iyane mangkat tandang, tibane ana ganjelan.
Kencenge galur kang digawe, ana gumuk watu kang ngalangi. Residen Schophoff nganggo system
“Tanam Paksa” lan “Kerja Rodi” kanggo kabeh warga Banyuwangi.

Kala iku kang mimpin Banyuwangi magih Tumenggung Wiraguna 1. Ndeleng rencanane
Residen Schophoff kang mulasara rakyate, iyane nyacak ngerembug Kepala Residen Besuki sampik
ana ucapan teka Landa, kadhung Tumenggung Wiraguna 1 (Mas Alit) bisa ndodhol mbingkar gumuk,
lan sampik bisa dadi dalan kang nyambungaken Banyuwangi lor lan kidul. Landa semaya arep
genthengaken pegaweane warga Banyuwangi.

Tumenggung Wiraguna 1 mutusinganakaken sayembara. Sapa kang bisa ngelih gumuk, arep
diumani tanah kang werane sakat gumuk iku mau ngidul sampik teka dhaerah sukowidi. Wis ulanan
sayembara dianakaken, naming durung ana sing bisa ngelih gumuk iku.

Saben dina iyane mikiraken kelendi carane makene sayambarane bisa kelaksan. Pungkasane
iyane iling nang penasehate, kanga aran Ki Buyut Jaksa. Ki Buyut Jaksa uga wis dianggep guru ambi
Tumenggung Wiraguna 1, merga kesaktiane. Ki Buyut Jaksa urip ana ring pinggiran gumuk boyolangu
kang dikancani ambi anak angkate, kanga ran nuriman.

Gancange cerita, Ki Buyut Jaksa gelem dijaluki tulung Tumenggung Wiraguna. Kadhung Ki
Buyut Jaksa bisa nggawe dalan ngeliwati gumuk watu ambi ditulungi para jin kang di pimpin
Nuriman, anak angkate Ki Buyut Jaksa. Naming, njaluk pitulunge Jim iku ana saratekang kudu njaluk
di saur yaiku:

1. Sing ulih ndodhol watu sampik entek.


2. Kudu ditinggali watu ring pinggire pesisir kanggo pelungguhane Jim
3. Ki Buyut Jaksa lan putu-putune kudu nekani panggonan mau, paling sithik setahun sepisan.

Sakat kedadean iku, sisane watu iku diarani Watu dodol. Lan merga penjaluke para Jin iku,
warga boyolangu sampik saiki, saben tahun nganakaken tradhisi nunggang dhongkar bareng-
bareng sampik watu dodol, kang arane tradisi “Puter Kayun”

You might also like