You are on page 1of 10

LAMBE TURAH

Ing dina Sabtu warga Sidomuncul ngenekake kerja bakti ngresiki lingkungan sekitar.
Kerja bakti iku rutin di enekake warga Sidomuncul seminggu sepisan yaiku ing dina sabtu isuk.
Paiman, ketua RT ing desa iku, woro woro lewat toa mushola supaya wargane nglekasi anggone
kerja bakti resik-resik lingkungan.
Pak RT : “Assalamualaikum Wr. Wb.“
Warga : “Waalaikumsalam Wr. Wb.”
Pak RT : “Poro sedulur warga Sidomuncul, …. Wassalamualaikum Wr. Wb.“
Warga : “Waalaikumsalan Wr. Wb.”
Bu Tejo ngajak Yu Srini lan Bu Siti masak ning omahe kanggo tajilan bapak-bapak sing
kerja bakti. Nanging Bu Siti ora iso melu kumpul amarga anake lagi rewel. Semono uga Pak Jo,
deweke ngejak bapak-bapak liyane nglekasi resik-resik supaya cepet rampung sakdurunge
bedhug .
Bu Tejo : “Yu, Yu Srini, Bu Siti meng nyandi to kok rung ketoro irunge??”
Yu Srini : “Kono maeng jare anake sek rewel Bu.”
Bu Tejo : “Ealah ngono to.”
Yu Srini : “Iyo Bu”
Ing panggonan liyo
Pak Jo : “Ran Jiran, jenengono mbubuti suket kawet maeng kok rung bar bar jane njebol suket
opo mbiyaki tumo?”
Jiran : “Ora lo Pak Jo, kawet maeng di jak omong omongan Baron kui to.”
Pak Jo : “Ngomongne babagan opo lo Ron Baron?”
Baron : “(Parikan). Tentang manuke icul.”
Sukri : “Wes, wessss lek Baron ki seng di omongne seliane manuk ra enek.”
Jiran : “Lah nyatu jan koplo tenan lek Baron.”
Kang Darmo : “Hoe lurr ojo umek ae, reneo ewangono aku!”
Baron : “Ojo alay to Kang.”
Kang Darmo : “ Jiangkrek tenan, garapan iki isek akeh lo lur”
Pak Jo : “Ayo-ayo gek enggal dirampungne”
Sukri : “Budial”
Ing pawon omahe Bu Tejo.
Yu Srini : “Bu, iki brambange ning seh ngendi? Aku arep gawe sambel.”
Bu Tejo : “Ning rak iku lho, cedeke rodong uyah.”
Yu Srini : “O, yo bu.”
Bu Tejo : “Yu, Yu Srini, iki mau Pak Bambang ora teko yonan?”
Yu Srini ; “Ora Bu tak tekokne bojoku kae mau.”
Bu Tejo : “Kok iso yo Yu ngono ki? Sak omah kok ra melu kabeh, Ra ketang-ketang
anak lanange seng gedhe dewe kae.”
Yu Srini : “Alah Buuu Buuu, jenengane yo wong sugih. Eman tangane ngge ngene iki.”
Bu Tejo : “Sampean yo sugih lho Yu, wong garwane pejabat RT.”
Yu Srini : “Alah Bu, ora peh ngono kuwi. Lek Pak RT ora nyambi ngeslot, sekolahe
bocah-bocah ambi kuliahe mbake sing gedhe ora iso mbayari. Mangan paling muk tahu tempe.”
Bu Tejo : “Pak Jo takkon ngepet yo ndak gelem to Bu.”
Yu Srini : “Astagfirullah, doso Bu.”
Ocol : “Assalamualaikum….Buk, Ocol wangsul.”
Bu Tejo : “Waalaikumsalam….lho anakku kok wis muleh? Sik jam piro iki?”
Ocol : “Wangsul enjing Buk, gurune rapat.”
Bu Tejo : “Eeealah, youwes gek ndang salin gek wenehno wedang iki ning ngarep kae.”
Yu Srini ; “Eh Col, jale aku takon, Radit anake Bu Siti iku kanca sak kelasmu?”
Ocol : “Enggeh.”
Yu Srini : “Bocahe lek ning sekolahan piye? Apa ya ora gelem awor kancane koyo
awakmu ngono kuwi?”
Ocol : “Menengan larene, lek mboten kulo kaih kanca-kanca sing jagongi nggeh mboten purun
jagongan.”
Yu Srini : “Lho kan Bu, sak anak-anake yo padha ae.”
Bu Tejo : “Alah embuh Bu, lek nyritakne eleke uwong ora enek enteke. Wis ayo metu ae,
lakyo wis bar lekmu gawe sambel?”
Yu Srini : “Uwes Bu, ayo.”
Sakbanjure kerja baktu rampung, bapak-bapak lan ibu-ibu padha nyangkrung ning ngarep
omahe Pak Jo sing amba. Lan jelase Free WiFi
Bu Siti : “Assalamualaikum warahmatullahi wabarokatu Bapak-bapak, Ibu-ibu.
Ngapunten telat.”
Baron : “Wa'aikumsalam warahmatullahi wabarokatu. Enggeh Bu, mboten napa-napa
sing penting niku (nunjuk jajan sin digawa Bu Siti) hehe.”
Pak Jo : “Heh, lambemu Ron aja jujur-jujur ngono. Ngapunten Bu.”
Bu Siti : “Mboten napa-napa Pak, niki kulo gawakne panganan kanggo ngisi weteng.”
Warga : “Matur suwun Bu.”
Sukri : “Pak Bambang teng pundi, kok mboten mriki?”
Bu Siti : “Oalah bapak isek teng kantor wonten rapat isuk mau.”
Sukri : “Oalah ngono. Sakjane aku yo enek rapat iki mau tapi kepekso tak tinggal.”
Pak Jo : “Gayamu rapat nengdi Kri.”
Sukri : “Rapat ning sawah ambi Baron, HAHAHA.”
Baron : “Ra lucu.”
Yu srini : “Mriki lho Bu Siti lenggah riyin.”
Bu Siti : ”Mboten Bu matur suwun, Radit mau teng omah rewel awake rodok panas, gek
tak tinggal sedeluk mau rene.”
Yu Srini : “Kakean dolanan HP kuwi Bu, gam gem gam gem ngono ke.”
Bu Siti : “Paling kok enggeh Bu.”
Baron : “Napa Bu game e? Lek Free Fire ben mabar kalih Jiran niku HAHAHA.”
Jiran : “Aku meneng lho ket meng aku meneeeng.”
Bu Tejo : “Oalah Radit lara tenan to Bu tibakne, tak kiro mek alesan Ben ora melu kerja
bakti
Bu Siti : “Yo mboten lho Bu, youwes lek ngono kulo rumiyin sedaya.”
Baron : “Enggeh Bu ngantos-ngantos, mbenjeng malih.”
Sesoke, esuk-esuk ana ing ratan, tukang sayur teko karo ngunekake klaksone. Banjur Bu
Tejo lan Yu Srini ekat-ekat ngendek tukang sayure.

TET… TET … TET … (klakson


tukangsayur)

Tukang Sayur : “Yo ayo bu-ibu monggo


sayuranipun.”

Yu Sirni : “Sugeng Enjing Bu Tejo”

Bu Tejo : “Enjing Yu, kepriye iki mau arep masak opo?”


Yu Srini : “Oalah niki lho Bu, Bapake anak-anak ngersakake
sayur sop”

Tukang Sayur : “Niki lho monggo sop-sopanipun 5.000 mawon”

Bu Tejo : “Yu, Bu Siti sampean ngrasa ndak sih, Bu Siti wingi gawakne jajan pas kerja
bakti mesti ana karepe.”

Yu Srini : “Oalah iyo lho Bu, dekwingi iku kok mara-mara ketibaan nukokake jajanan,
mesti ana kekarepane”

Bu Tejo : “Yo jelas to Yu, Bu Siti iku kepengen di puja puji kaya ta dewa”

Yu Srini : “Wong koyo mekono lho, pehne deweke duwe duit akeh kok yo eram emen ale
golek rai.”

Bu Tejo : “Jelas Yu ra salah, wong ngono iku butuh panggung gawe mamerake
kekayakane.”

Yu Srini : “Coba lho yo jajale lek menawa bojone iki ora ngasilake duit akeh, mesti Bu Siti
bakal megat bojone.”

Bu Tejo : “Kae lho yo coba sawangen, kalung, anting, ali-ali lan emas-emasan liane,
jarene ana 100 gram, opo yo tenan?”

Yu Srini : “Opo sing digawe ngalor ngidul kemrempyeng drembel


kae ta Bu?”

Bu Tejo : “Iyo bener, ora lumrah Bu Siti kaya ta sapi kalungan”

Bu Siti nyawang ana tukang sayur mandek, Bu Siti yo kepingin tuku sayur digawe masak.
Ketepakan kok ana Bu Tejo lan Yu Srini nimbrung ana kono. Bu Siti penasaran karo opo sing
diomongake Bu Tejo lan Yu Srini, banjur Bu Tejo mindik-mindik depis ana ing uwit pinggir
dalan amprih ora keruhan Bu Tejo lan Yu Srini gawe nguping sing diomongake.

Bu Siti : “Lho lho kae apa ta sing dirembukake Bu Tejo lan Yu Srini, wis iki ora beres kudu
diselidiki” (mindik-mindik)

Yu Srini : “Ora lho kae Bu Siti jenengana kok enek wong sing demen mamerake
kekayaane”

Bu Tejo : “Ora pamer ora urip Yu, urip foya-foya”

Yu Srini : “Bener visi foya misi foya, visi misi


foya-foya”

BT YS TS : “HAHAHAHA”
Bu Siti : “Oalah ngono kuwi to sampean lek ning
mburiku, titenono ae. Boh wis! Malih cegeh tuku jangan,
tak go food ae.”

Yu Srini : “Wis piro iki kang


sayurku?”

Tukang Sayur : “15.000 mawon”

Bu Tejo : “Naaku kang?”

Tukang Sayur : “17.000 mawon Bu

Tejo” Yu Srini : “Nyoh iki duite!”

Bu Tejo : “Wis wis buyar, bye!!!”

Bengi iki mau ana pertandingan bal-balan. Kaya biasane, ning pos kampling mesti
digawe nobar bapak-bapak.
Jiran : “Peeehhhh, karek ditembung lho kuwi baleeee.”
Baron : “Menengo ae Ran lambemu, mbangane protes ae.”
Jiran : “Delok bal-balan ki yo ngene iki lho Ron. Mangkane aja panggah ndelok ikatan
cinta ae.”
Baron : “Kemeruh, wes ganti saiki. Layangan Putus.”
Jiran : “It`s my dream Mas Barooon it`s my dreaaamm, Not Heeer. (Karo njarak
Baron)”
Bapak-bapak : “(Ngakak)”
Pak Bambang : “Rame temen Pak, apa wis ngegolne?.”
Pak Jo : “Eh Pak Bambang, saking pundi badhe teng pundi Pak.”
Pak Bambang : “Saking griya, badhe ten mriki. Melu nonton Pak.”
Pak Jo : “Dengaren Pak, nopo mboten lemburan teng kantor?”
Pak Bambang : “Alhamdulillah ora ana Pak, wis tak rampungne awan mau ben isa ndelok bal-
balan.”
Baron : “Garapane ngoten niku nyapo wae to Pak? Kok sampek bengi?”
Pak Bambang : “Rapat kalih klien sing paling sering iku. Bengine garap project bangunane. Lek
uwes dadi dikonsulne ambi sipil e terus golekne proyek sing iso mborong. Kesel bianget, tapi
wis resiko perusahaan bangunan ngene iki. Gajine yo endak setitik, kuwi sing garai semangat
garap.”
Baron : “Getun aku tekok (Suara lirih)”
Jiran : “GOOOLLLL!!!! MASUK ASNAWI HUUUEBAT.”
Baron : “GOOOLLL (ethok-ethok eruh)”
Pak Jo : “Kok wis gol ae iki meng ditinggal jagongan.”
Pas blonjo neng bakul ethek maneh, Bu Siti gawe kalung gedhi ngge pamer neng
yu Srini lan bu Tejo
Bu Siti : “oee kang ethek, ana sawi apa ora ?”
Bakul ethek : “Wonten bu, monggo di pundhut. Niki tasik gres sayure”
Bu Siti : “wooo iyo kang , sek tak njumuk duit”
Nalika bu Siti njumuk duit nyang njero omah, yu Srini karo Bu Tejo moron yang nggon
bakulethek
Bu Tejo : “srinnn yu srini, ora ser golek bakal jangan mumpung etheke mandek neng
ngarep omae bu Siti?”
Yu Srini : “Wah yo ser no bu, ayo gek diparani, mumpung bakule isek mandek”
Bu Tejo : “Iyoo ayo selak ana Bu Siti kampret”
Yu Srini : “Lhaiyo bu, lek ana wong kae wis angel ndonyane.”
Bu Tejo karo Yu Srini mlaku bareng marani baku ethek
Bu Tejo : “ Kang bakale jangan isek ?”
Bakul Ethek : “Tasik katah bu, monggo di pundhut!”
Yu Srini : “Sayurane isek gres bu, seger iki lek dikelan asem”
Nalika Yu Srini karo Bu Tejo omong-omongan bu Siti sing mau njumuk duit metu ko ngomah
karo nggawe kalung kemerlop marani bakul ethek karo bu tejo lan yu srini
Bu Siti : “Bu Tejo karo Yu Srini, iki pada arep mundhut apa ?”
(ekspresi pamer kalung)
Bakul Ethek : “Monggo dipun pilih-pilih piambak bu sayurane”
Bu Tejo : “Bu, Bu Siti jan ketok kaya bocah enom neh, kaya bocah sekolahan jan kinyis-
kinyis”
Bakul Ethek : “Lha enggeh ta bu Tejo, Bu Siti jan kaya prawan maneh, kalunge barang jan
kondang gemebyar ketok kemerlap”
Bu Siti : “halah alah kok iso-iso ae ta smean iki kabeh, kalung iki pancen larang regane”
Bu Siti : “Kalung iki ale nukokne bojoku nalika dinas ing korea, mangkane ketok nggilap
banget”
Yu Srini : “ Gek niku regine pinten bu ?”
Bu Siti : “Halah larang pokoke, lek awakmu mesti ora kuat tuku”
Bu Tejo : “Halah bu Siti kui kumat ale onggrongan”
Bu Siti : “Paiyuhh,kui pakta lho bu Tejo”
Yu Srini : “Halahhh pancen bener kandane bu Siti”
Bakul Ethek : “Uwis-uwis aja pada padu gara-gara kalung, ayo saiki gek ndang sat set milihi
bakal jangane selak kawanen niki kulo.”
Bu Siti : “Kang, sayurane sing di tuku bu Tejo karo Yu Srini tak bayarane”
Bakul Ethek : “Wahh ashiapp bu Siti”
Bu Tejo : “Wah matursuwun lho bu siti, mbenjeng-mbenjeng maleh”
Yu Srini : “Matursuwun lo bu Siti”
Bu Siti : “Alah iyo pada-pada, andak regane ora sepiro”
Bu Siti : “ Ayo lek uws ale blonjo gek enggal bali, gek masak”
Yu Srini : “Enggeh bu Siti”
Yu Srini : “Bu Tejo ayo gek muleh”
Bu Tejo : “ Ayoo ayoo”
Kabeh pada dampyak-dampyak mlaku muleh
Urung sampek mlebbu nngomah Bu Tejo lekas ngajak ngrasani Bu Siti
Bu Tejo : “Srin srini, kok eram yo bu Siti modele koyo sok yes”
Yu Srini : “Alah bu, cara wong sugih ki bebas, arep nyapo ae iso”
Bu Tejo : “Iyo sak jane, nanging aku weruh suwe-suwe pegel”
Yu Srini : “Alah bu kui gara-gara sampean wae sing iri karo bu Siti, hahahaha”
Bu Tejo : “Hust, wis-wis ayo masak”
Yu Srini : “Lho baperan to, hiihihih”
Kenza ambi Radit tukran ng kelas mergne Kenza ndk sengojo nyenggol HPne Radit. Hpne
ora rusak tapi Radit muring-muring padahal ng sekolahan ora diolehi gawa HP
Bengine, Pak Jo budal mak srantal menyang omahe Pak Bambang, amarga dheweke ora
trimo krungu critane anake maeng sore.
Pak Jo : (Gedor-gedor omahe Pak Bambang ) “Assalamualaikum, assalamualaikum….
Pak, Pak Bambang…..”
Pak Bambang : (Karo mlayu cepet-cepet) “Sek sek…. Ana opo iki kok rame rame??”
Pak Jo : “Kui maeng anakku kok omong yen tas tukaran karo anakmu.”
Pak Bambang : “Iyo to le??” (Takon menyang Radit)
Radit : (Karo gugup) “ ee,e e, injih pak”
Pak Bambang : “Perkara opo to le,awakmu kok ora cerita??”
Radit : “Kui lo Pak, Ocol maeng ning kelas nyenggol HP ku sampek cublok.” (Karo
nyuding Ocol)
Pak Bambang : “Gek piye saiki HPne??”
Radit : (Karo ndudohne HP ne), “Iki”
Pak Jo : “Wong yo ra gene gene ngono lo Dit.”
Ocol : “lha nggih to pak. Salahe dewe, wong nang sekolahan ora di olehi nggowo HP
malah ngeyel. Peh anake wong sugeh gek ning sekolahan sak penake dewe.”
Pak Jo : “Atu ngono kui, wes enek aturan ra oleh nggowo HP, dadak ngowo HP. Ancen
yo niate pamer kui to.”
Radit lan Pak Bambang muk iso meneng.
Pak Jo : “Woooo, iyooooo. Sak liyane kui, Pancen lak wong sugeh ki ra tau gelem melu
kerja bakti, mben wayah kerja bakti isine muk alesan thok. Ra anak, ra bapak, ra
embok, kabeh podo ae.”
Pak Bambang : “Jaran disabet taplak, Sampean omongane kok ngono to pak.”
Pak Jo : “Kenyataane pancen ngono. Setu isuk kae wayah kerja bakti Koe sak
keluargamu ra melu resik resik kabeh. Alesane mergawelah, sing anake rewel
lah.”
Sukri weruh ana rame rame ning omahe pak Bambang, banjur dheweke nginceng
Pak Bambang : (wis emosi, langsung nyandak gulon klambine pak Jo) Koe nyelot sui kok
nglunjak to pak.”
Pak Jo : “Peh wong sugeh, gek kudu di hormati ngono?? Bebek midek eri, ora sudii!!!”
Weruh kedadean kasebut, Sukri langsung moro menyang omahe pak RT Banjur omong
yen ana keributan ing omahe pak Bambang. Ing sisi liyo, Ocol karo Radit wes wedi Bapake koyo
mengkono. Bu Siti sing weruh kedadeyan kasebut berusaha misahne.
Bu Siti : “WISSS HOPPP CUKUP CUKUPPPPP….!!!! Kaya bayi dek ingi sore ae. Di
omongne apik apik sek opo ndak kenek??”
Pak Bambang : “Sampean gelem to Buk keluargane adewe di idek idek? Wes minggiro kono”
Pak Jo : “wis njaluk di hormati, Sombong pisan, blakraan koyo opo iki??”
Pak Bambang wis kudu njotos Pak Jo, Tikrih-tikrih Pak RT karo warga teko.
Pak RT : “ He he heeee….. Ana opo iki kok gegeran?? Jan ndak lumrah sampek krungu
tonggo teparo.”
Baron : “Jiarannnn tenan, nggrebeki wong leren.”
Kang Darmo : “Lha yo, arep ndelok tipi e kebrebeken”
Jiran : “Opo to kiiiihhhhh,”
Sukri : “Yo jenenge menungso, wong sugeh njaluke di hormati terus”
Baron : “Menengo cangkemmu Kri, mbangane melu kenek tinjune Pak Bambang.”
Yu Srini : “Pak, Pak, piye ikiii kok soyo rame??” (omong nyang bojone)
Pak RT : “WESSS HOP HOPPPP CUKUPPPP….!!! Wes wengi, ra penak di rungokne
liane, ayo podo bubar. Wargaku kudu rukun, ayo pak Bambang lan Pak Jo enggal
podo rukun.”
Sukri : “huu huuuuu telung ronde sek Pak. Jancuuuuocok.”
Jiran : “Wedhus tenan lek cangkeme Sukri.”
Bu Tejo : “Wes Pak Joo ayo mulehh. Ayo Col.”
Sek karo tatapan sinis, keluargane Pak Jo akhire muleh. Teko omah, Pak Jo isek emosi.
Bu Tejo amung iso nenangne bojone ben ora klewat emosi maneh. Pak RT uga njaluk saran
marang Yu Srini ngenani kedadehan iki.
Yu Srini : “Aja saiki Pak lek arepe nyeluk Pak Bambang ambi Pak Jo, isek pada panas.
Ngenteni wus pada adem atine disek.”
Pak RT : “Iyo Buk, tapi lek kesuwen-suwen yo ndak apik. Selak kesulut emosi maneh,
wong para warga malah pada ngompori.”
Yu Srini : “Sesok wae Pak, sampean krenahne Pak Jo disek ben gelem jaluk sepuro disek
mae Pak Bambang, ngerti dewe yen Pak Bambang wonge egoisan. Apa ya gelem
njaluk sepuro disek. Pak Jo ngono-ngono ritek lulusan pesantren, dadine panggah
manteb attitude e.”
Pak RT : “Iyo Buk. Sampean yo njaga sikap lho. Aja peh Bu Jo kuwi bestiemu malih kok
belani terus. Apa maneh melu-melu golek msalah. Sampean kudu netral, ngerti
dewe yen bojomu kuwi perangkat deso.”
Yu Srini : “Gampang kuwi Pak.”
Pak RT : “Gampang-gampang, apa mbok kira aku ora ngerti yen sampean ambi bu Tejo
ngrasani bu Siti pas golek janganan. Mbangane kakean doso Buk, mending ning
omah ae jogo lilin.”
Yu Srini : “Siap Pak Boosss.”

You might also like