You are on page 1of 12

LAMBE TURAH

Ing dina Sabtu warga RT 86 desa Marga Satwa ngenekake kerja bakti ngresiki
lingkungan sekitar. Kerja bakti iku rutin di enekake warga RT 86 desa Marga Satwa seminggu
sepisan yaiku ing dina sabtu isuk. Paiman, ketua RT ing desa iku, woro woro lewat toa mushola
supaya wargane nglekasi anggone kerja bakti resik-resik lingkungan.
Pak RT : “Assalamualaikum Wr. Wb.“
Warga : “Waalaikumsalam Wr. Wb.”
Pak RT : “Para sedulur warga RT 86 desa Marga Satwa, salah siji kegiatan sing paling
penting ing deso iki yaitu resik desa ing saben dino sabtu amarga deso kita iki wes
di pandang apik karo warga deso liyane mergane taman deso iki kelebu paling
apik lan banyu kaline paling bening timbangane liyane. Dadi ayo bare-bareng kita
jogo deso kita amrih tetep resik. Para sedulur iki mau dino sabtu, aja lali marang
kewajibane kabeh. Matur sembah thankyou sedulur, wassalamualaikum wr.wb. “
Warga : “Waalaikumsalan Wr. Wb.”
Bu Tejo ngajak Yu Srini lan Bu Siti masak ning omahe kanggo tajilan bapak-bapak sing
kerja bakti. Nanging Bu Siti ora iso melu kumpul amarga anake lagi rewel. Semono uga Pak Jo,
deweke ngejak bapak-bapak liyane nglekasi resik-resik supaya cepet rampung sakdurunge bedhug
.
Bu Tejo : “Yu, Yu Srini, Bu Siti meng nyandi to kok rung ketoro irunge??”
Yu Srini : “Kono maeng jare anake sek rewel Bu.”
Bu Tejo : “Ealah ngono to.”
Yu Srini : “Iyo Bu”
Ing panggonan liyo
Pak Jo : “Ran Jiran, jenengono mbubuti suket kawet maeng kok rung bar bar jane mbubut
suket opo mbiyaki tumo?”
Jiran : “Ora lo Pak Jo, kawet maeng di jak omong omongan Baron kui to.”
Pak Jo : “Ngomongne babagan opo lo Ron Baron?”
Baron : “Menyang sawah nggowo pacul, iki lo pak jo manukku ucul”
Sukri : “Wes, wessss lek Baron ki seng di omongne seliane manuk ra enek.”
Jiran : “Lah nyatu jan koplo tenan lek Baron.”
Kang Darmo : “Hoe lurr ojo umek ae, reneo ewangono aku!”
Baron : “Ojo alay to Kang.”
Kang Darmo : “ Jiangkrek tenan, garapan iki isek akeh lo lur”
Pak Jo : “Ayo-ayo gek enggal dirampungne”
Sukri : “Budial”
Ing pawon omahe Bu Tejo.
Yu Srini : “Bu, iki brambange ning seh ngendi? Aku arep gawe sambel.”
Bu Tejo : “Ning rak iku lho, cedeke rodong uyah.”
Yu Srini : “O, yo bu.”
Bu Tejo : “Yu, Yu Srini, iki mau Pak Bambang ora teko yonan?”
Yu Srini ; “Ora Bu tak tekokne bojoku kae mau.”
Bu Tejo : “Kok iso yo Yu ngono ki? Sak omah kok ra melu kabeh, Ra ketang-ketang anak
lanange seng gedhe dewe kae.”
Yu Srini : “Alah Buuu Buuu, jenengane yo wong sugih. Eman tangane ngge ngene iki.”
Bu Tejo : “Sampean yo sugih lho Yu, wong garwane pejabat RT.”
Yu Srini : “Alah Bu, ora peh ngono kuwi. Lek Pak RT ora nyambi ngeslot, sekolahe bocah-
bocah ambi kuliahe mbake sing gedhe ora iso mbayari. Mangan paling muk tahu
tempe.”
Bu Tejo : “Pak Jo takkon ngepet yo ndak gelem to Bu.”
Yu Srini : “Astagfirullah, doso Bu.”
Ocol : “Assalamualaikum….Buk, Ocol wangsul.”
Bu Tejo : “Waalaikumsalam….lho anakku sing bagus dewe kok wis muleh? Sik jam piro
iki?”
Ocol : “Wangsul enjing Buk, gurune rapat.”
Bu Tejo : “Eeealah, youwes gek ndang salin gek wenehno wedang iki ning ngarep kae.”
Yu Srini : “Eh Col, jale aku takon, Nikom anake Bu Siti iku kanca sak kelasmu?”
Ocol : “Enggeh bu”
Yu Srini : “Bocahe lek ning sekolahan piye? Apa ya ora gelem awor kancane koyo awakmu
ngono kuwi?”
Ocol : “Menengan larene, lek mboten kulo kalih kanca-kanca sing jagongi nggeh mboten
purun jagongan.”
Yu Srini : “Lho kan Bu, sak anak-anake yo padha ae.”
Bu Tejo : “Alah embuh Bu, lek nyritakne eleke uwong ora enek enteke. Wis ayo metu ae,
lakyo wis bar lekmu gawe sambel?”
Yu Srini : “Uwes Bu, ayo.”
Sakbanjure kerja bakti rampung, bapak-bapak lan ibu-ibu padha nyangkrung ning ngarep
omahe Pak Jo sing amba. Lan jelase Free WiFi
Bu Siti : “Assalamualaikum warahmatullahi wabarokatuh Bapak-bapak, Ibu-ibu.
Ngapunten telat.”
Baron : “Wa'aikumsalam warahmatullahi wabarokatuh. Enggeh Bu, mboten napa-napa
sing penting niku (nunjuk jajan sin digawa Bu Siti) hehe.”
Pak Jo : “Heh, lambemu Ron aja jujur-jujur ngono. Ngapunten Bu.”
Bu Siti : “Mboten napa-napa Pak, niki kulo gawakne panganan kanggo ngisi weteng.”
Warga : “Matur suwun Bu.”
Sukri : “Pak Bambang teng pundi, kok mboten mriki?”
Bu Siti : “Oalah bapak isek teng kantor wonten rapat isuk mau.”
Sukri : “Oalah ngono. Sakjane aku yo enek rapat iki mau tapi kepekso tak tinggal.”
Pak Jo : “Gayamu rapat nengdi Kri.”
Sukri : “Rapat ning sawah ambi Baron, HAHAHA.”
Baron : “Ra lucu.”
Yu srini : “Mriki lho Bu Siti lenggah riyin.”
Bu Siti : ”Mboten Bu matur suwun, Nikom mau teng omah rewel awake rodok panas, gek
tak tinggal sedeluk mau rene.”
Yu Srini : “Kakean dolanan HP kuwi Bu, gam gem gam gem ngono ke.”
Bu Siti : “Paling kok enggeh Bu.”
Baron : “Napa Bu game e? Lek Free Fire ben mabar kalih Jiran niku HAHAHA.”
Jiran : “Aku meneng lho ket meng aku meneeeng.”
Bu Tejo : “Oalah Nikom lara tenan to Bu tibakne, tak kiro mek alesan Ben ora melu kerja
bakti
Bu Siti : “Yo mboten lho Bu, youwes lek ngono kulo rumiyin sedaya.”
Baron : “Enggeh Bu ngantos-ngantos, mbenjeng malih.”
Sesoke, esuk-esuk ana ing ratan, tukang sayur teko karo ngunekake klaksone. Banjur Bu
Tejo lan Yu Srini ekat-ekat ngendek tukang sayure.
Ethek-ethek ethek ethek sayur sayur sayur

Tukang Sayur : “Yo ayo bu-ibu monggo


sayuranipun.”

Yu Sirni : “Sugeng Enjing Bu Tejo”

Bu Tejo : “Enjing Yu, kepriye iki mau arep masak opo?”

Yu Srini : “Oalah niki lho Bu, Bapake anak-anak ngersakake


sayur sop”

Tukang Sayur : “Niki lho monggo sop-sopanipun 5.000 mawon”

Bu Tejo : “Yu, sampean ngrasa ndak sih, Bu Siti wingi gawakne jajan pas kerja bakti mesti
ana karepe.”

Yu Srini : “Oalah iyo lho Bu, dekwingi iku kok mara-mara ketibaan nukokake jajanan,
mesti ana kekarepane”

Bu Tejo : “Yo jelas to Yu, Bu Siti iku kepengen di puja puji kaya ta dewa”

Yu Srini : “Wong koyo mekono lho, pehne deweke duwe duit akeh kok yo eram emen ale
golek rai.”

Bu Tejo : “Jelas Yu ra salah, wong ngono iku butuh panggung gawe mamerake
kekayakane.”

Yu Srini : “Coba lho yo jajale lek menawa bojone iki ora ngasilake duit akeh, mesti Bu Siti
bakal megat bojone.”

Bu Tejo : “Kae lho yo coba sawangen, kalung, anting, ali-ali lan emas-emasan liane, jarene
ana 100 gram, opo yo tenan?”

Yu Srini : “Opo sing digawe ngalor ngidul kemrempyeng


drembel kae ta Bu?”

Bu Tejo : “Iyo bener, ora lumrah Bu Siti kaya ta sapi kalungan”

Bu Siti nyawang ana tukang sayur mandek, Bu Siti yo kepingin tuku sayur
digawe masak. Ketepakan kok ana Bu Tejo lan Yu Srini nimbrung ana kono. Bu Siti penasaran
karo opo sing diomongake Bu Tejo lan Yu Srini, banjur Bu Tejo mindik-mindik depis ana ing
uwit pinggir dalan amprih ora keruhan Bu Tejo lan Yu Srini gawe nguping sing diomongake.

Bu Siti : “Lho lho kae apa ta sing dirembukake Bu Tejo lan Yu Srini, wis iki ora beres
kudu diselidiki” (mindik-mindik)

Yu Srini : “Ora lho kae Bu Siti jenengana kok enek wong sing demen
mamerake kekayaane”

Bu Tejo : “Ora pamer ora urip Yu, urip foya-foya”

Yu Srini : “Bener visi foya misi foya, visi misi foya-foya”

BT YS TS : “HAHAHAHA”

Bu Siti : “Oalah ngono kuwi to sampean lek ning mburiku, titenono ae. Boh wis! Malih
cegeh tuku jangan, tak go food ae.”

Yu Srini : “Wis piro iki kang sayurku?”

Tukang Sayur : “15.000 mawon”

Bu Tejo : “Naaku kang?”

Tukang Sayur : “17.000 mawon Bu Tejo”

Yu Srini : “Nyoh iki duite!”

Bu Tejo : “Wis wis buyar, bye!!!”

Bengi iki mau ana pertandingan bal-balan. Kaya biasane, ning pos kampling mesti
digawe nobar bapak-bapak.
Jiran : “Peeehhhh, karek ditembung lho kuwi baleeee.”
Baron : “Menengo ae Ran lambemu, mbangane protes ae.”
Jiran : “Delok bal-balan ki yo ngene iki lho Ron. Mangkane aja panggah ndelok ikatan
cinta ae.”
Baron : “Kemeruh, wes ganti saiki. Layangan Putus.”
Jiran : “It`s my dream Mas Barooon it`s my dreaaamm, Not Heeer. (Karo njarak Baron)”
Bapak-bapak : “(Ngakak)”
Pak Bambang : “Rame temen Pak, apa wis ngegolne?.”
Pak Jo : “Eh Pak Bambang, saking pundi badhe teng pundi Pak.”
Pak Bambang : “Saking griya, badhe ten mriki. Melu nonton Pak.”
Pak Jo : “Dengaren Pak, nopo mboten lemburan teng kantor?”
Pak Bambang : “Alhamdulillah ora ana Pak, wis tak rampungne awan mau ben isa ndelok bal-
balan.”
Baron : “Garapane ngoten niku nyapo wae to Pak? Kok sampek bengi?”
Pak Bambang : “Rapat kalih klien sing paling sering iku. Bengine garap project bangunane. Lek
uwes dadi dikonsulne ambi sipil e terus golekne proyek sing iso mborong. Kesel
bianget, tapi wis resiko perusahaan bangunan ngene iki. Gajine yo endak setitik,
kuwi sing garai semangat garap.”
Baron : “Getun aku tekok (Suara lirih)”
Sukri : “GOOOLLLL!!!! MASUK ASNAWI HUUUEBAT.”
Baron : “GOOOLLL (ethok-ethok eruh)”
Pak Jo : “Kok wis gol ae iki meng ditinggal jagongan.”
Jiran : “Ayo gek bubar ae, andak wes jelas menang”
Pak Jo : “Ayooo, ora mampu musuhe wisan hahahah”
Pas blonjo neng bakul ethek maneh, Bu Siti gawe kalung gedhi ngge pamer
neng yu Srini lan bu Tejo
Bu Siti : “oee kang ethek, ana sawi apa ora ?”
Bakul ethek : “Wonten bu, monggo di pundhut. Niki tasik gres sayure”
Bu Siti : “wooo iyo kang , sek tak njumuk duit”
Nalika bu Siti njumuk duit nyang njero omah, yu Srini karo Bu Tejo moron yang
nggon bakulethek
Bu Tejo : “Yu, ora ser golek bakal jangan mumpung etheke mandek neng ngarep omae bu
Siti?”
Yu Srini : “Wah yo ser no Bu, ayo gek diparani, mumpung bakule isek mandek”
Bu Tejo : “Iyoo ayo selak ana Bu Siti kampret”
Yu Srini : “Lhaiyo bu, lek ana wong kae wis angel ndonyane.”
Bu Tejo karo Yu Srini mlaku bareng marani baku ethek
Bu Tejo : “ Kang bakale jangan isek ?”
Bakul Ethek : “Tasik katah bu, monggo di pundhut!”
Yu Srini : “Sayurane isek gres bu, seger iki lek dikelan asem”
Nalika Yu Srini karo Bu Tejo omong-omongan bu Siti sing mau njumuk duit metu
ko ngomah karo nggawe kalung kemerlop marani bakul ethek karo Bu Tejo lan Yu Srini
Bu Siti : “Bu Tejo karo Yu Srini, iki pada arep mundhut apa ?”
(ekspresi pamer kalung)
Bakul Ethek : “Monggo dipun pilih-pilih piambak bu sayurane”
Bu Tejo : “Bu, Bu Siti jan ketok kaya bocah enom neh, kaya bocah sekolahan jan kinyis-
kinyis”
Bakul Ethek : “Lha enggeh ta bu Tejo, Bu Siti jan kaya prawan maneh, kalunge barang jan
kondang gemebyar ketok kemerlap”
Bu Siti : “halah alah kok iso-iso ae ta smean iki kabeh, kalung iki pancen larang regane”
Bu Siti : “Kalung iki ale nukokne bojoku nalika dinas ing korea, mangkane ketok nggilap
banget”
Yu Srini : “ Gek niku regine pinten bu ?”
Bu Siti : “Halah larang pokoke, lek awakmu mesti ora kuat tuku”
Bu Tejo : “Halah bu Siti kui kumat ale onggrongan”
Bu Siti : “Paiyuhh,kui pakta lho bu Tejo”
Yu Srini : “Halahhh pancen bener kandane bu Siti”
Bakul Ethek : “Uwis-uwis aja pada padu gara-gara kalung, ayo saiki gek ndang sat set milihi bakal
jangane selak kawanen niki kulo.”
Bu Siti : “Kang, sayurane sing di tuku bu Tejo karo Yu Srini tak bayarane”
Bakul Ethek : “Wahh ashiapp bu Siti”
Bu Tejo : “Wah matursuwun lho bu siti, mbenjeng-mbenjeng maleh”
Yu Srini : “Matursuwun lo bu Siti”
Bu Siti : “Alah iyo pada-pada, andak regane ora sepiro”
Bu Siti : “ Ayo lek uws ale blonjo gek enggal bali, gek masak”
Yu Srini : “Enggeh bu Siti”
Yu Srini : “Bu Tejo ayo gek muleh”
Bu Tejo : “ Ayoo ayoo”
Kabeh pada dampyak-dampyak mlaku muleh. Urung sampek mlebbu ning omah
Bu Tejo lekas ngajak ngrasani Bu Siti
Bu Tejo : “Srin srini, kok eram yo bu Siti modele koyo sok yes”
Yu Srini : “Alah bu, cara wong sugih ki bebas, arep nyapo ae iso”
Bu Tejo : “Iyo sak jane, nanging aku weruh suwe-suwe pegel”
Yu Srini : “Alah bu kui gara-gara sampean wae sing iri karo bu Siti, hahahaha”
Bu Tejo : “Hust, wis-wis ayo masak”
Yu Srini : “Lho baperan to, hiihihih”
Sakbanjure upacara, guru SMP 1 Marga Satwa pada ngenekake rapat ngenai
kelanjutane program adiwiyata sekolah. Pak Guru wis ngei tugas sing ditumpuk pas jam terakhir.
Nanging, Nicom malah dolanan HP padahal murid liyane padha sregep garap tugase. Ora anak
sing wani negur Nicom amarga padha wedi yen mengko diomongne bapake. Nanging, Ocol wis
srememeten ambi tingkahe Nicom
Ocol : “Kom, Nikom nyang sekolahan ora oleh gawa hp lo, tak omongne pak guru
kapok!”
Nikom : “Iwak teri iwak paus, ora ngurus”
Ocol : “Lho nantang, tak omongne pak guru tenan koe engko”
Nikom : “Geger geden pokoke lek sampek kok omongne”
Ocol : “Mulane hpmu patenono, selehno neng tas wae”
Nikom : “Sek to sek push rank babi”
Ocol : “Alah push rank taek a, ne kenee. Pilih kok umpetne apa pilih tak jaluk hpmu tak
omongne pak guru?”
Nikom : “Jueh weki col, jan babi”
Ocol : “Alah kene-kene” (Ngrebut hpne Radit, gek hpne radit ceblok)
Nikom : “Hoalah, hpku ceblok, jan asu tenan weki col” (Jotos Ocol)
Ocol : “Kok main kasar to le koe, wis dielengne apik-apik barang kok arep yakyakan”
Pak Guru : “Heyohh, iki onok opo kok mbengok-mbengok?”
Ocol : “Niki to pak Nikom sing mbeling”
Nikom : “Salahmu koe golek perkoro karo aku”
Pak Guru : “Yo saiki salaman, podo njaluk sepuro”
(Pas salaman ocol karo muni lek radit arep diomongne bapake)
Ocol : “Awas koe titenono ae, tak omongne bapakku koe”
Nikom : “Halah wadulan, kaya cah bayi hahahahah”
Ocol : “Anake Bambang jan koyo asu tenan”
Nikom : “Andak isek kaya ae, cara koe persis babi ahhahahah”
Pak Guru : “Lho boca hyo, wis salaman barang panggah gieger ae, wis kono kabeh gek
muleh. Aja dibaleni neh”
Nikom : “Nggeh pak”
Ocol : “Enggeh pak guru”
Ocol mlayu muleh ngomongne nyang bapake lek bar tukaran karo Nicom.
Bengine, Pak Jo budal mak srantal menyang omahe Pak Bambang, amarga dheweke ora trimo
krungu critane anake maeng sore.
Pak Jo : (Gedor-gedor omahe Pak Bambang ) “Assalamualaikum, assalamualaikum….
Pak, Pak Bambang…..”
Pak Bambang : (Karo mlayu cepet-cepet) “Sek sek…. Ana opo iki kok rame rame??”
Pak Jo : “Kui maeng anakku kok omong yen tas tukaran karo anakmu.”
Pak Bambang : “Iyo to le??” (Takon menyang Radit)
Nikom : (Karo gugup) “ ee,e e, injih pak”
Pak Bambang : “Perkara opo to le,awakmu kok ora cerita??”
Nikom : “Kui lo Pak, Ocol maeng ning kelas nyenggol HP ku sampek cublok.” (Karo
nyuding Ocol)
Pak Bambang : “Gek piye saiki HPne??”
Nikom : (Karo ndudohne HP ne), “Iki”
Pak Jo : “Wong yo ra gene gene ngono lo Kom”
Ocol : “lha nggih to pak. Salahe dewe, wong nang sekolahan ora di olehi nggowo HP
malah ngeyel. Peh anake wong sugeh gek ning sekolahan sak penake dewe.”
Pak Jo : “Atu ngono kui, wes enek aturan ra oleh nggowo HP, dadak ngowo HP. Ancen yo
niate pamer kui to.”
Nikomt lan Pak Bambang muk iso meneng.
Pak Jo : “Woooo, iyooooo. Sak liyane kui, Pancen lak wong sugeh ki ra tau gelem melu
kerja bakti, mben wayah kerja bakti isine muk alesan thok. Ra anak, ra bapak, ra
embok, kabeh podo ae.”
Pak Bambang : “Jaran disabet taplak, Sampean omongane kok ngono to pak.”
Pak Jo : “Kenyataane pancen ngono. Setu isuk kae wayah kerja bakti Koe sak keluargamu
ra melu resik resik kabeh. Alesane mergawelah, sing anake rewel lah.”
Sukri weruh ana rame rame ning omahe pak Bambang, banjur dheweke nginceng
Pak Bambang : (wis emosi, langsung nyandak gulon klambine pak Jo) Koe nyelot sui kok nglunjak
to pak, masio aku ra melu kerja bhakti. Aku yo nyosoki urunan”
Pak Jo : “Peh wong sugeh, gek kudu di hormati ngono?? Bebek midek eri, ora sudii!!!”
Weruh kedadean kasebut, Sukri langsung moro menyang omahe pak RT Banjur
omong yen ana keributan ing omahe pak Bambang. Ing sisi liyo, Ocol karo Radit wes wedi
Bapake koyo mengkono. Bu Siti sing weruh kedadeyan kasebut berusaha misahne.
Bu Siti : “WISSS HOPPP CUKUP CUKUPPPPP….!!!! Kaya bayi dek ingi sore ae. Di
omongne apik apik sek opo ndak kenek??”
Pak Bambang : “Sampean gelem to Buk keluargane adewe di idek idek? Wes minggiro kono”
Pak Jo : “wis njaluk di hormati, Sombong pisan, blakraan koyo opo iki??”
Pak Bambang wis kudu njotos Pak Jo, Tikrih-tikrih Pak RT karo Pak RT lan
warga liyane teko.
Pak RT : “ He he heeee….. Ana opo iki kok gegeran?? Jan ndak lumrah sampek krungu
tonggo teparo.”
Pak Ustadz : “ASTAGFIRULLAHALADZIM.....”
Baron : “Jiarannnn tenan, nggrebeki wong leren.”
Kang Darmo : “Lha yo, arep ndelok tipi e kebrebeken”
Jiran : “Opo to kiiiihhhhh,”
Sukri : “Yo jenenge menungso, wong sugeh njaluke di hormati terus”
Baron : “Menengo cangkemmu Kri, mbangane melu kenek tinjune Pak Bambang.”
Yu Srini : “Pak, Pak, piye ikiii kok soyo rame??” (omong nyang bojone)
Pak RT : “WESSS HOP HOPPPP CUKUPPPP….!!! Wes wengi, ra penak di rungokne
liane, ayo podo bubar. Wargaku kudu rukun, ayo pak Bambang lan Pak Jo enggal
podo rukun.”
Sukri : “huu huuuuu telung ronde sek Pak. Jancuuuuocok.”
Jiran : “Wedhus tenan lek cangkeme Sukri.”
Pak Ustadz : “Nom-noman taek apa kowe kabeh ki, ora kok melu misahne malah sorak-sorak.”
Bu Tejo : “Wes Pak Joo ayo mulehh. Ayo Col, ayo Pak.”
Sek karo tatapan sinis, keluargane Pak Jo akhire muleh. Teko omah, Pak Jo isek emosi. Bu Tejo
amung iso nenangne bojone ben ora klewat emosi maneh. Pak RT uga njaluk saran marang Yu
Srini ngenani kedadehan iki.
Yu Srini : “Aja saiki Pak lek arepe nyeluk Pak Bambang ambi Pak Jo, isek pada panas.
Ngenteni wus pada adem atine disek.”
Pak RT : “Iyo Buk, tapi lek kesuwen-suwen yo ndak apik. Selak kesulut emosi maneh,
wong para warga malah pada ngompori.”
Yu Srini : “Sesok wae Pak, sampean krenahne Pak Jo disek ben gelem jaluk sepuro disek
mae Pak Bambang, ngerti dewe yen Pak Bambang wonge emosinan tur yo
egois. Apa ya gelem njaluk sepuro disek. Pak Jo ngono-ngono ritek lulusan
pesantren, dadine panggah manteb attitude e.”
Pak RT : “Iyo Buk. Sampean yo njaga sikap lho. Aja peh Bu Jo kuwi bestiemu malih kok
belani terus. Apa maneh melu-melu golek msalah. Sampean kudu netral, ngerti
dewe yen bojomu kuwi perangkat deso.”
Yu Srini : “Gampang kuwi Pak.”
Pak RT : “Gampang-gampang, apa mbok kira aku ora ngerti yen sampean ambi bu Tejo
ngrasani bu Siti pas golek janganan. Mbangane kakean doso Buk, mending ning
omah ae jogo lilin.”
Yu Srini : “Siap Pak Boosss.”
Ing omahe Pak Jo
Pak RT : “Pun to Pak, sing waras sing ngalah. Ndak penak ambi tangga teparo.”
Pak Jo : “HARGA DIRI PAK RT.”
Pak Ustadz : “Innallaha ma`ashobirin Pak.....”
Ocol : “Ocol sampun WAnan kalih Nikom, sampun maap-maapan Pak.”
Akhire Pak Jo, Pak RT, kalih Pak Ustadz menyang daleme Pak Bambang kanggo njaluk
sepuro Ketepaan Pak Bambang arep budal kerjo
Pak Jo : “Kulo sekeluarga nyuwun sepuro Pak ngenani kejadian wingi, amarga wis kegawa
emosi.”
Pak Bambang : “Enggeh Pak, kulo nggeh semono uga. Ngapunten yen keluarga kulo selama iki
gawe keresahan ing masyarakat. Kulo sekeluarga sadar yen lingkungan
bermasyarakat niku penting.”
Warga sing nguping : “ALHAMDULILLAH!!!”
Pak RT : “Lhoh kono maeng pada nguping????”
Pak Ustadz : “Astagfirullahaladzim...”
Bakul Ethek : “Kulo dijak Bu RT Pak.”
Yu Srini : “Hehe kepo aku Pak.”
Pak RT : “Pak Guru barang kok yo teng mriki?
Pak Guru : “Kulo di WA Ocol Pak.”
Ocol : “Sakjane kathah undanganku Pak, tapi sing dugi namung Pak Guru.”
Sukri : “Pun to Pak sing penting kabeh wis clear, masalah terselesaikan, warga
Sidomuncul damai sejahtera.”
Kang Darmo : “Ayo Pak Ustadz di dongani, sisan lodhonan lek perlu.”
Pak Ustadz : “Masyaallah Kang, iki sinng tak tunggu-tunggu. Apa-apa kuwi aja sampek lali
marang gusti Allah SWT. Bismillahirrahmanirrahim....Allahummabariklana
fima....”
Warga : “Heehhh Pak Ustadz! Iku doa makan.”
Pak Ustadz : “Lhoh piye to, porayo bener, jarene ape lodhonan.”
Baron : “Sampean mengko sing tak lodho Pak.”
Jiran : “Heh lambemu Ron, njaluk sepuro.”
Baron : “I am sorry Pak ustadz.”
Jiran : “Baron goblok, koplo tenan”
Warga : “Ngguyu kabeh, karo nggosek sirahe Baron”
Kata penutup
Perwakilan : “Cekap semanten tontonan ludruk saking kelompok kita sedanten, Sami mawi
sami mawon silit babi ke entup tawon menawi wonten lepate nyuwun pangapunten.
Wassalam”

You might also like