You are on page 1of 5

YAYASAN KYAI HAJI SUFYAN TSAURI

MA PESANTREN PEMBANGUNAN MAJENANG


PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL
TAHUN PELAJARAN 2022/2023
NASKAH SOAL

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/Tanggal : Selasa, 29 November 2022

Kelas/Program :X Waktu : 11.30 – 13.00 WIB

Perhatian : a. Berdoalah sebelum mulai mengerjakan !


b. Semua jawaban dikerjakan di lembar jawab yang tersedia !
c. Nomor Tes dan nama siswa ditulis pada sudut kanan atas pada lembar jawaban !
d. Gunakan waktu yang tersedia dengan sebaik-baiknya !

I. Wenehana tandha ping (X) ing wangsulan A, B, C, D, atau E!

Mulok Basa Jawa Perlu Dievaluasi


Nasib basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara latin ing titi wanci iki pancen sansaya bubrah.
Pilihane tumrap generasi mudha Jawa jaman saiki mung ana loro. Pilihane, melu nut bubrahe basa
Jawa lan ejaan basa Jawa ing aksara latin utawa ngudi murih basa Jawa lan ejaan basa Jawa ing
aksara latin kuwi tetep nut ing paramasastra.
Yen ta pilihane sing kapindho, mula pamulangan basa Jawa kudu diwiwiti nalika bocah ajar
ngomong, nalika bocah mlebu Pendidikan Anak Usia Dini (PAUD), Taman Kanak-kanak (TK), lan
SD. Sing wigati dhewe, kudune basa Jawa digunakake minangka basa panglantar ing TK lan SD
kelas I – III saben dina.
“Sabanjure, ing kelas IV – VI bisa sinau paramasastra, geguritan lan liyane”, piterange
Supardjo. Kanthi mantha pamulangan basa Jawa sithik mbaka sithik, bocah bisa luwih tumemen
jaman saiki, ora mung saklebat, mlebu kuping tengen metu kuping kiwa.
Kajaba kurikulum, mutu guru basa Jawa uga kudu didandani. Nalika Pemerintah Provinsi
(Pemprov) Jawa Tengah (nalika kuwi gubernure Mardiyanto) netepake aturan sing majibake kabeh
sekolah ing tlatah Jawa Tengah kudu mulangake basa Jawa, akeh pawiyatan luhur sing mbukak
Jurusan Pendidikan Basa Jawa. Ananging, iku kabeh ora limbaran kabisan utawa kompetensi.
Dosen Linguistik ing Jurusan Sastra Daerah FSSR UNS, Yohannes Suwanto, mratelakake
buku-buku sing kaanggep dadi sumber pamulangan basa Jawa sing saiki mratah ing madyaning
bebrayan agung Jawa uga kudu didandani. Sapa wae sing mbabar buku-buku sing dianggep dadi
sumber pamulangan basa Jawa kudu duwe rasa tanggung jawab. “Aja mung waton mbabar buku.
Editor buku-buku basa Jawa kudu ngerti temen-temen bab tata basa, paramasastra, ejaan, lan
sapiturute. Aja mung mbabar buku jajaran ngajab bathi sakakeh-akehe kang kawusanane malah
ngrusak basa Jawa,” pratelane Suwanto.
Kajaba kuwi, Suwanto mrayogakake lamun ana sing mbabar buku lan kamus basa Jawa apike
kudu mepaki buku-buku kuwi kanthi pandom utawa tuntunan carane ngucapake, carane nulis lan
sapiturute.
“Tandha diakritik apike diuripake lan digunakake maneh ing panulisan basa Jawa ing aksara
latin. Pamrihe supaya bisa dadi pandom cara maca sing bener lan pener,” Suwanto nandhesake
panemune.
Kapethik saka:http://solopos.com,
Wacan ing dhuwur kanggo mangsuli pitakon no 1-8
1. Paragraf sepisan wacan ing dhuwur pokok pikirane ngenani bab....
a. Generasi mudha wis ora ngerti basa Jawa.
b. Nasib basa lan ejaan basa Jawa saiki sansaya bubrah.
c. Basa Jawa nut ing paramasastra.
d. Aksara Jawa lan aksara latin dipadhakake.
PAS GASAL /B. JAWA/X/KURIKULUM MERDEKA/2022-2023 1
e. Basa Jawa wajib diwulangake ing kabeh sekolah ing tlatah Jawa Tengah.
2. Tembung nut ana ing ukara nomer 2 lan 3 paragraf sepisan tembung liyane ....
a. Nurut d. Eling
b. Katut e. Tutut
c. Nunut
3. Paragraf katelu ana tembung paramasastra. Tembung liyane paramasastra yaiku ....
a. Kawruh kasusastran d. Tata sastra
b. Kawruh sapala e. Tata basa
c. Tata wicara
4. ‘ ... paramasastra sing bener lan pener” tegese ....
a. Bener miturut wewaton lan pener miturut situasine wektu nganggo basa
b. Bener miturut situasine wektu nganggo basa lan pener miturut wewatone
c. Bener amarga nganggo basa krama lan pener amarga bener
d. Bener miturut situasi lan kondisi pener miturut para ahli
e. Bener miturut udha usuk basa Jawa
5. Wacan ing ngarep migunakake unggah ungguh ….
a. Basa ngoko d. Basa krama inggil
b. Basa madya e. Basa bagongan
c. Basa krama lugu
6. Sing dimaksud ejaan basa Jawa yaiku ….
a. Aksara Jawa
b. Carane nulis aksara Jawa
c. Carane nulis aksara Jawa nut karo wewaton
d. Kaidah nggawe ukara
e. Kaidah ngenani piye nulis tembung, ukara lan tandha waca
7. Miturut wacan ing ngarep ukara iki bener, kajaba ....
a. Pemprov Jateng netepake aturan majibake kabeh sekolah ing tlatah Jawa Tengah mulangake basa
Jawa.
b. Ana guru-guru basa Jawa sing ora bisa nemtokake endi sing bener lan endi sing kleru nalika
nyocogake pitakon.
c. Ing pamulangan basa Jawa ora kudu nyakup kabeh bab ing :jagad basa Jawa.
d. Basa Jawa ora kudu ditepungake wiwit bocah isih balita.
e. Mutu guru lan kurikulum kudu didandani.
8. “Tandha diakritik apike diuripake lan digunakake maneh ….”
Tembung diakritik tegese ....
a. Tandha titik ing sadhuwure huruf
b. Tandha koma
c. Tandha tambahan, kayata wulu, pepet, lan sapanunggalane
d. Tandha wacan kanggo mungkasi ukara
e. Tandha tambahan ing sandhuwure huruf, kayata é
9. Serat Wedhatama kang ngripta .…
a. Sri Paku Buwana IV d. Sultan Agung
b. R.Ng. Ranggawarsita e. Panembahan Senapati
c. K.G.P.A.A. Mangkunegara IV
10. Macapat uga sinebut ....
a. Tembang gede d. Tembang dolanan
b. Tembang ageng e. Tembang alit
c. Tembang tengahan
11. Guru lagu ana ing tembang Pangkur yaiku ….
a. a – i – u – a – u – a – I d. a – u – u – a – u – a – u
b. a – i – a – a – i – a – i e. a – u – i – a – u – a – i
c. i – a – e – a – a – u – a

PAS GASAL /B. JAWA/X/KURIKULUM MERDEKA/2022-2023 2


12. Guru wilangan tembang Pangkur yaiku…
a. 8 – 10 – 7 – 7 – 12 – 8 – 8 d. 8 – 11 – 8 – 7 – 12 – 9 – 8
b. 8 – 11 – 8 – 7 – 11 – 7 – 8 e. 8 – 11 – 8 – 7 – 12 – 8 – 8
c. 8 – 11 – 7 – 8 – 12 – 8 – 8
13. Guru gatra tembang Pangkur ana ....
a. 5 d. 8
b. 6 e. 9
c. 7
14. “Ilmu luhung” kang sinebut ana ing Serat Wedhatama nggambarake nilai ….
a. Agama d. Pendhidhikan
b. Kabudayaan e. Sosial
c. Politik
15. “Nulodo laku utomo” ngandhut kesalahan ejaan. Yen disunting kanthi bener dadi ….
a. Nulado laku utama d. Nuladho laku utama
b. Nuloda laku utama e. Nulada laku utama
c. Nuladha laku utama
16. Basa Jawa kuna uga disebut …
a. Basa Jawa tengahan d. Basa Jawa modern
b. Basa Jawa anyar e. Basa Majapait
c. Basa Kawi
17. Unsur-unsur kang mbangun cerkak kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ….
a. tema lan amanat d. riwayat pangripta
b. alur lan setting e. setting lan tema
c. penokohan lan sudut pandang
18. Urut-urutaning teks crita sinebut ....
a. Tema d. Point of view
b. Alur e. penokohan
c. Setting
19. Ringkesan crita cekak sing wis kok garap sinebut ….
a. Sinopsis d. Kerangka
b. Abstrak e. Cekakan
c. Inti Sari
20. Struktur pawarta disusun kanthi cara ….
a. Piramida d. Deduktif
b. Induktif e. Piramida kuwalik
c. Deduktif – Induktif
21. “Dina Minggu ing sekolahku dianakake pengetan Maulud Nabi …”
Pethikan pawarta iki dhuwur ngemot unsur pawarta ....
a. Who d. What
b. When e. How
c. Where
22. Yen wong-wong guneman nganggo basa ngoko utawa krama sejatine iku dideleng saka .…
a. Ukarane d. Ejaane
b. Ater-atere e. Pocapane
c. Diksine
23. Tembung liyane unggah-ungguh yaiku tembung ....
a. Tata karma d. Tata makna
b. Tata basa e. Tata laku
c. Tata ukara
24. Tegese teks diskripsi yaiku ....
a. Bukti-bukti kanggo mbenerake pranyatan d. Nggambarake
b. Nyritakake e. Menehi andharan
c. Menehi pengaruh

PAS GASAL /B. JAWA/X/KURIKULUM MERDEKA/2022-2023 3


25. Tembung ewuh aya, japa mantra, lan rahayu slamet kalebu …
a. Tembung garba d. Tembung plutan
b. Tembung saroja e. Tembung keratabasa
c. Tembung entar
26. Wirotama, tumekeng, lan sitinggilkalebu ....
a. Tembung yogaswara d. Tembung plutan
b. Tembung saroja e. Tembung garba
c. Tembung entar
27. Tembung swiwi, prang, lan wor kalebu ….
a. Tembung garba d. Tembung plutan
b. Tembung saroja e. Tembung yogaswara
c. Tembung entar
28. ‘Cebol nggayiuh lintang” kalebu ....
a. Saloka d. Yogaswara
b. Parikan e. Sanepa
c. Rura basa
29. Kanggo menehi tandha wekasaning ukara sing aksarane panutup dipangku disebut .…
a. Pada lingsa d. Pada guru
b. Adeg-adeg e. wignyan
c. Pada lungsi
30. “ Prasetya saiki wis kerja.” Yen ditulis aksara Jawa yaiku.…
a. ?p]setVsaikiwisKe/j.
b. ?set-saikiwisKe/j.
c. ?p]set-saikiwisKe/j.
d. ?p]set(saikiwisKe/j.
e. ?p}setysaikiwisKe/j.
31. Manawa kowe omongan karo pakdhemu sing bener ukarane ….
a. Pakdhe, kula badhe wangsul d. Pakdhe, kula ajeng kondur
b. Pakdhe, kula arep wangsul e. Pakdhe, kula arep mulih
c. Pakdhe, kula badhe kondur
32. Manawa kowe omongan karo gurumu, ukara sing bener yaiku….
a. Pak, buku panjenengan sampun kula paringke Pak Harta
b. Pak, buku panjenengan sampun kula caosaken Pak Harta
c. Pak, buku panjenengan sampun kula paringaken Pak Harta
d. Pak, buku panjenengan sampun kula caoske Pak Harta
e. Pak, buku panjenengan sampun kula wenehaken Pak Harta
33. Kemajuan jaman sangsaya banter
Ukara ing dhuwur manawa ditulis nganggo aksara Jawa dadi .…
a. ?kemjuanJmnS=sybnTe/.
b. ?kemjuwnJmnTnSybnTe/.
c. ?kemjuwnJmnS=syb[nT/.
d. ?kemjuanJmnsS=syB[nT/.
e. ?kemjuwnJmnS=sybmTe/.
34. Bapak mundhut radhio regane satus ewu rupiyah. Manawa ditulis nganggo aksara Jawa dadi….
a. ?bpkM|nD|tRfi[yoxg[nstus[Hwurupiyh.
b. ?bpkM|nF|tRdi[yoreg[nstu[sHwurupiyh.
c. ?bpkM|nD|tRdi[yoxg[nstu[sHdurupiyh.
d. ?bpkM|nF|tRdi[yoreg[nstu[sHwurupiah.
e. ?bpkM|nF|tRfi[yoreg[nstu[sSwurupiyh.
35. Ing Magangan, kraton Ngayogyakarta sisih kidul wetan, ana pepethan wujud ula naga loro sing
pethite padha pepuletan iku uga sinebut sengkalan. Sengkalan iku kalebu sengkalan memet kang
wujude gambar, yen diwujudake tembung unine “Dwi naga rasa tunggal”. Surasane sengkalan iku
nuduhake taun….
PAS GASAL /B. JAWA/X/KURIKULUM MERDEKA/2022-2023 4
a. 1682 d. 1685
b. 1683 e. 1686
c. 1684
36. Mase bapakmu kok sebut ....
a. Paklik d. Paktua
b. Pakdhe e. Budhe
c. Simbah
37. Puisi Jawa anyar sinebut .…
a. Pupuh Pangkur d. Macapat
b. Kakawin e. Geguritan
c. Kidung
38. Dina minggu tanggal 27 Juli 2014 pasa dina pungkasan. Pak Kades sore iku nganakake buka puasa
bersama. Sing diundang para warga sak RT 06/RW 02. Buka puasa bersama iku ngiras pantes karo
sukuran putrane Pak Kades kasil ketampa ing UGM. Kabeh warga padha nekani undhangan mau.
Gedhe cilik, enom tuwa nekani kegiyatan buka puasa bersama mau. Kabeh padha seneng lan
marem awit suguhane pancen enak tenan.
Teks ing dhuwur klebu teks ….
a. Narasi d. Pawarta
b. Eksposisi e. Persuasi
c. Argumentasi
39. Bagian sing dinggo ngibadah ana ing omah adat Jawa sinebut ....
a. Gandhok d. Pringgitan
b. Gadri e. Pendhapa
c. Senthong tengah
40. Bapake simbah disebut ....
a. Wareng d. Simbah
b. Canggah e. Gantung siwur
c. Buyut

II. Wangsulane pitakon ing ngisor iki kanthi trep!


41. Sebutna guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan tembang Macapat pupuh Pangkur !
42. Aksara Jawa ngisor iki tulisen latine !
?tinbiys[nmulihse[kolhnumPkPi[tJ=ki.
43. Golekna unsur pawarta ing ngisor iki!
Dalan Rusak, Ora Ana Sing Ndandani
Dalan kabupaten saka wilayah kecamatan ngampel tumeka kutha weleri rusak lan padha growok,
kendaraan roda 2 utawa roda 4 sing arep liwat ing dalan iku kudu ati-ati lan waspada. Nganthi saiki
dalan iku durung didandani karo pemerintah daerah. Saiful (25 thn) warga sing sering liwat dalan
iku ngeluhake bab dalan sing rusak iku, “nganti saiki isih rusak nanging durung didandani” kandane
saiful wektu ditemoni radar Jawa post kala wingi. Akibat dalan sing rusak iku mau ndadekna akih
wong sing nganggo kendaraan roda 2 utawa roda 4 ngalami kecelakaan ana ing dalan iku.
44. Gawea tuladha teks deskripsi kanthi tema “omahku” !
45. Owahana ukara ing ngisor iki nganggo aksara jawa
a. Aku lagi sinau maca aksara jawa
b. Jer basuki mawa beya

PAS GASAL /B. JAWA/X/KURIKULUM MERDEKA/2022-2023 5

You might also like