You are on page 1of 6

WULANGAN 3

Pawarta

What Apa
Why Geneya
Where Ing Ngendi
When Kapan
Who Sapa
How Kepriye
Saiki, wacanen pawarta – pawarta ing ngisor iki, banjur golekana 5W lan 1 H ne!
Pawarta 1

Pusat Vulkanologi Mitigasi Bencana Geologi (PVMBG) nyatakake Gunung Agung ing
Kabupaten Karangasem, Bali njelblug Slasa sore (21/11). Njebluge Gunung Agung kaperbawa
dening uap banyu kang nduweni tekanan kuwat, mula kagolong letusan “Freatik”. Kepala Pusat
Data Informasi lan Humas Badan Nasional Penanggulangan Bencana (BNPB), Sutopo
Purwonugroho, kandha uap banyu iku kabentuk dening panase banyu, ditambah dening resepan
banyu udan, saengga mimbuhi dhesegan magma saka njero kawah.
Kapethik saka Panjebar Semangat no 48, 2 Desember 2017
Pawarta 2
Umat Hindhu Nindakaken Upacara Melasti

Gunung Kidul (Kuthane Dhewe)- Dungkap dinten Riyaya Nyepi, warsa enggal Saka
1936, rikala surya kaping 30 Maret 2014, atusan Umat Hindhu saking wewengkon
Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun nindakaken upacara Melasti, ing Pesisir Ngobaran,
Gunungkidul. Ancasing upacara kangge sesuci dhiri utawi buwana alit lan buwana agung utawi
jagat raya.
Upacara Melasti kangge mahargya dinten Riyaya Nyepi, tandha gumantosing warsa enggal
Saka 1936, dipuntindakaken ing Pura Segara Wukir, Pesisir Ngobaran, Saptosari, Gunung Kidul
dinten Minggu (30/3) siyang. Upacara Melasti dipunestreni dening atusan Umat Hindhu
sawewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa tengenipun, kalebet Umat Hindu saking 15 pura ing
Gunung Kidul. Umat Hindhu katingal tumemen nindakaken upacara ingkang dipunpandhegani
dening Pendheta Puja Bratha Jati.
Miturut Ketua Persatuan Hindu Dharma Indonesia (PHDI) Gunung Kidul, Purwanto,
Upacara Melasti mengku werdi sesuci dhiri lan jagat raya, kangge manunggalaken trihitakarana,
sarta minangka rerangkening upacara lan brata penyepian ingkang badhe dhateng. Kajawi
punika, Melasti ugi mengku ancas kangge sesuci asil pertanian, kanthi nyawisaken sesaji utawi
banten, pekuluh, tumpeng, sarta gunungan.
Upacara Melasti, dipunpungkasi kanthi nglarung sesaji dhateng seganten, kangge mbucal
watak manungsa ingkang awon, kama utawi nafsu biologis, srakah, murka, mada utawi wuru,
bingung sarta drengki lan srei.

1
Pawarta Apa Pawarta Apa
1 2
Kapan Kapan

Ing ngendi Ing ngendi

Geneya Geneya

Kepriye Kepriye

Sapa Sapa

GLADHEN
Para siswa didhawuhi supaya maca pawarta pawarta ing ngisor iki, banjur menehi tandha
ing pratelan pratelan sangisore kanthi aksara B manawa jumbuh karo pawartane, S Manawa
luput saka pawartane.
Jokowi ngadani lawatan menyang Pulo Rote ing Nusa Tenggara Timur, Senen (8/1). Kejaba ameng-ameng
ngematake kaendahane pulo kasebut, Jokowi uga dum-dum serttifikat lemah marang warag masarakat.
Presidhen ngendika, kanthi ngrawuhi Pulo Rote panjenengane wis rumangsa jangkep midak pulo-pulo kang
mapan aneng tapel wates paling njaba wilayang RI, jalaran Presidhen wis nate rawuh ana Sabang, Merauke,
lan Miagas. Bupati Rote Leonard Haning ngandharake Jokowi mujudake Presidhen kapisan kang rawuhing
Pulo kang wewatesab klawan wewengkon Australia kasebut.
Kapethik saka Panjebar Semangat no.3- 20 Januari 2018.
1. Pawarta kasebut katitimangsan 20 Januari 2018.
2. Jokowi menyang Pulo Rote amung saprelu menehake sertifikat lemah.
3. Pulo Rote kerep dirawuhi Presidhen RI amarga sesawangane endah.
4. Pulo Rote dadi wewatesan nagara kita karo Australia.
5. Jokowi wis jangkep anggone nekani panggonan panggonan tapel wates RI.
6. Unsur pawarta “geneya” ora tinemu ing pawarta kasebut.
7. Pawarta kasebut kapethik saka kalawarti.
Difteri yaiku infeksi bakteri sing umume nyerang selaput lendir ing irung lan tenggorokan, sarta kadhang
kala bisa tumuju kulit. Penyakit iki gampang nular lan mbebayani jiwane kurbane. Miturut WHO ing taun
2016 cinathet ana 7.097 kasus difteri sing dilaporake ing saindhenge donya. Ing kasus kasebut, wiwit taun
2011 ing Indhonesia ana 342 kasus engga KLB kanggo kasus Difteri ing Indonesia dadi kasus mirunggan.

Wiwit taun 2011 nganti 2016 cinathet aa 3.353 kasus sing dilapurake lan Indhonesia mapan ing urutan
nomer loro sawise India.
Kapethik saka Panjebar Semangat no.52-30 Desember 2017
8. Udheraning rembug pawarta kasebut babagan cara nanggulangi difteri.
9. Difteri disebabake dening infeksi virus lan gampang anggone nular.
10. Taun 2016 ing Indhonesia tinemu ana 7.097 kasus difteri.
11. Difteri amung nyerang selaput lendir ing irung lan tenggorokan.
12. Indhonesia kalebu nagara kapindho kang paling akeh tinemu kasus difteri.
13. Difteri minangka KLB ing Indonesia.
14. Unsur pawarta who ora tinemu ing pawarta kasebut.
15. Pawarta kasebut kalebu pawarta tulis.
Kanggo ngregengake pengetan HUT Kopri kaping 46 uga HUT PGRI kaping 72, Gubernur Jawa Tengah
H. Ganjar Pranowo lan Bupati Pati H. Haryanto, main kethoprak Praja Budaya kanthi lakon “Sumilaking
Pedhut ing Bumi Mataram.” Pagelarab mapan ing alun-alun kutha Pati. Sanajan udan riwis-riwis sing
nonton padha uyel-uyelan tumplek blek.
Kapethik saka Panjebar Semangat no. 51 – 16 Desember 2017
16. Kethoprak dimainake nalika HUT Kopri lan Kutha Pati.
2
17. Para warga padha nonton kethoprak sanajan udan.
18. Unsur pawarta “where” tinemu ing pawarta kasebut.
19. Unsur pawarta “why” ora tinemu ing pawarta kasebut.
20. Undheraning rembug pawarta kasebut HUT Kopri lan PGRI ing Pati.

UGM Ngusulake Dhokter Sardjito Antuk Gelar Pahlawan


Rektor UGM Yogjakarta, Panut Mulyono, ngadhep Jusuf Kalla ing istana Wakil Presidhen, Kemis
(12/4). Sowane Panut nggawa usulan marang pamarentah supaya Rektor UGM kapisanan, Sardjito,
dianugrahi gelar pahlawan nasional. Panut ngajab Kalla, sing tau njabat Ketua Palang Merah Indonesia
(PMI), kesenggol atine awit Sardjito mujudake perintis madege PMI ing jaman revolusi kamardikan.
Usulan ngajokake dhokter klairan Magetan, 13 Agustus 1891 iku minangka pahlawan nasional sejatine
kawit 2012. Kepara UGM wis ngleksanani seminar nasional kaping pindho minangka syarat nggayuh gelar
pahlawan. Ewasemono durung ana tanggapan saka pamarentah.
Sawise ngadhep Kalla, ana trontong trontong usulan mau ditanggapi. Sebab, kandhane Panut, Kalla
nyengkuyung Sardjito antuk gelar pahlawan. Kalla mundhut UGM terus ngupaya ndhudhah dhata dhata
labuh labete Sardjito amrih pamarentah yakin Manawa panjenengane pancen pantes nyandhang gelar
pahlawan. Guru besar sejarah UGM Djoko Suryo ngandharake labuh labete sardjito ing revolusi
kamardikan ora kena diarani cilik. Sebab, Sardjito rutin masok obat obatan marang pejuwang kamardikan
sing pinuju gerilya ing gunung gunung. Lulusan sekolah kedhokteran Stovia, Jakarta iku nemokake obat
anti infeksi sing uga dipasokake marang para gerilyawan.
(Kapethik saka Panjebar Semangat edisi 17 halaman 5)
21. Pawarta kasebut kajupuk saka kalawarti.
22. Pawarta kasebut unsur who: Panut.
23. Surasane pawarta babagan usulan menyang Jusuf Kalla supaya antuk gelar pahlawan.
24. Sardjito iku Ketua Palang Merah Indhonesia.
25. Yusuf Kalla ora nyarujuki manawa Sardjito dadi pahlawan Nasional.
26. Ora tinemu unsur pawarta why ing pawarta iki.
27. Sardjito iku kasil nemokake obat anti infeksi sing dipasokake marang para gerilyawan jaman
mbiyen.
Kreteg ing Tuban Ambleg, Wong 2 Tinggal Donya
Menteri Pekerjaan Umum lan Perumahan Rakyat Basuki Hadimulyo, Rebo (18/4), ngandharake
ambrole Kreteg Widang ing Kabupaten Tuban, Jawa Wetan, merga kabotan sesanggan. Nalika dina naas
kuwi, manut Basuki, ana trek telu sing gedhe gedhe liwat bebarengan kanthi nggawa momotan bobot 125
ton. Mangka, adhedhasar katemtuan, bobot kendharaan sing liwat paling abot 70-75 ton. Miturut Basuki,
kudune sadurunge munggah kreteg, trek momot barang luwih dhisik dipriksa ing jembatan timbang.

3
Nanging jembatan timbang ing sacedhake Kreteg Widang iku wis sawetara suwe ora digunakake merga
ana owah owahan aturan. Tundhone trek trek sing momotane kreteg sing umure wis 20 taun kuwi.
Basuki kandha bakal nguripke maneh jembatan timbang mau amrih ora gawe rusake kreteg.
Ambrole kreteg kang nyambung Kabupaten Tuban lan Lamongan kuwi kedadeyan Slasa awan (17/4).
Kreteg kang tumelung ana sandhuwure Bengawan Solo iku ujug ujug ambleg. Temahan truk telu sing lagi
liwat ceblok menyang dhasar bengawan. Wong loro, salah sijine supir truk, tiwas ing musibah kasebut.
Wakil Gurbenur Jawa Timur Saifullah Yusuf ngajap pamarentah pusat enggal mbangun maneh jembatan
iku amrih ora ngganggu mudhik lebaran. Sebab kreteg Widang wigati banget kanggo nyambung lalu lintas
ing wilayah pesisir lor Jawa.
(Kapethik saka Panjebar Semangat edisi 17 halaman 5)
28. Ora ana kurban jiwa saka kacilakan kasebut.
29. Unsur when ing pawarta kasebut 17 April.
30. Unsur who ing pawarta kasebut yaiku pamarentah pusat

Merapi Krodha Borobudhur Keslimutan Awu Tipis


Gunung Merapi ing wilayah Yogyakarta krodha minggu minggu pungkasan iki. Gunung geni paling
aktif sapulo Jawa iku kober watuk watuk ngudhal awu ngalor ngulon parane. Jeblugan sing ora sepirowa
gedhe iku dening Pusat Vulkanologi lan Mitigasi Bencana Geologi (PVMBG) diarani erupsi freatik. Kang
pungkasan Merapi erupsi entheng Kemis (24/5). Nadyan mung dhehem ewadene semburan awu Merapi
kabuncang nganti Magelang. Candhi Borobudhur andel andelane wisata Magelang katut keslimutan awu
tipis. Balai Taman Nasional Gunung Merapi (BTNGM) kober nutup papan wisata ing sakiwa tengene
Borobudhur, nanging candhi kang klebu keajaiban donya iku ora katut tinutup.
Manajer Umum Taman Wisata Candhi Borobudhur I Gusti Putu Ngurah Sadana Setu (26/5)
ngandharake nadyan kasempyok awu Merapi ewadene pangemonah papan wisata kuwi ora nganti nutup
candhi. Kabukten nadyan Merapi krodha wisatawan kang mara menyang Borobudhur ora tetep stabil.
Wisatawan manca isih ndlidir mbanyu mili. Wondene wisatawan lokal diakoni Putu, suda. Sudane
wisatawan local, ujare Putu, dudu krana erupsi Merapi, nanging luwih disebabake dening sasi pasa.

4
Dheweke optimis ngancik lebaran wisatawan pulih akeh. Sok ngonoa Putu ngelikake amrih wisatawan tetep
waspada marang Merapi kang bisa krodha sawayah wayah.
(Kapethik saka Panjebar Semangat no, 23 halaman 6)
31. Candhi Borobudur ditutup merga kejeblugan gunung Merapi
32. Unsur who ing pawarta kasebut yaiku I Gusti Putu Ngurah Sadana
33. Unsur where ing pawarta kasebut ana luwih saka siji.
34. Awune Merapi kabuncang dening angin nganti kutha Pati.
35. Turis mancanegara ora gelem padha dolan menyang Borobudhur amarga kena awu Merapi

18
5

You might also like