You are on page 1of 2

Unggah ungguh basa

Unggah ungguh basa iku kaperang dadi loro :


basa ngoko lan basa krama.basa ngoko lan krama kaperang dadi loto uga: basa ngoko lugu(wantah) lan
basa ngoko alus(andhap) sarta basa krama lugu (madya) lan basa krama alus (inggil).
Ngoko lugu Yaiku basa sing tembung tembunge ing sajrone ukara minggunake tembung ngoko
kabeh, tanpa kecampuran tembung krama utawa krama inggil.

Titikan/ciri-cirine basa ngoko lugu (wantah) :


Tembung : - tembung -tembunge ngoko kabeh
- ater ater lan panambang ira di kramakake
Kanggone:
1. Omongane bocah podo bocah (sapantaran)
Tuladha: aku nyelang stipone, ya!
1. Omingane bapak ibu /wong tuwa marang bocah/anake
Tuladha: bubar sekolah enggala mulih, ojo dolan dhisik!
2. Omongane guru marang murid
Tuladha: sinaua sing sregep cah, ujiane wis cedhak lho!
3. Omongane wong tuwamarang wong enom
Tuladha: dhik, kapan bisa dolan bareng maneh!
4. Omongane bendara/juragan uga anak-anake marang rewange (pembantune)
Tuladha: mbok, budhala menyang pasar saiki!
5. Omongane wong ngunandika (grenengan)
Tuladha: wah wis gak main, bolak-balik di kongkoni wae!
6. Omongane bocahcilik sing durung bisa imong cetha/ora teteh
Tuladha: dhe, kowe mau tuku opo?
Ngoko alus Yaiku basa kang tetembungane ngoko, nanging kecampur temvung krama inggil,
tumrap di ajak guneman (wong kapindho) utawa wong sing di gunem (wong katelu).
Dene ater ater lan panambange tetep ngoko/ora di kramakake.

Tiitkane/ciri cirine basa ngoko alus (andhap) :


Tembung :
- tembunge ngoko, nanging kecampur tembung krama inggil
- -kang di kramakake inggil yaiku tembung kang ngandhakake : perangane
awak, sandhangan sarta kriyane (wong seng di ajak guneman utawa
wong sing di gunem).
- -ater ater lan panambange ngoko/ora di kramakake
- tembung 'aku' ajeg/tetep dadi 'aku'
- -tembung 'kowe' owah dadi 'panjenengan' utawa 'sliramu'

Kanggone:
1. Wong tuwa marang wong enom kang duwe kalungguhan/derajat/pangkat dhuwur
Tuladha: dhahare mengko ing ngomah apa ing kantor, jeng?
2. Sapadha-padha umure utawa pagaweane, kang padha dene ngajeni,
Tuladha: wingi nitih becak saka tindak ngendi?
3. Wong tuwa marang wong enom, kang wis suwe ora tau ketemu
Tuladha: suwe banget ora nate ketemu, sliramu ana ngendi saiki?
4. Wong wadon (bojo wadon) marang kakunge (bojo lanange)
Tuladha: mas, panjenengan sida tindak jam pira?
5. Priyayi marang priyayi kang wis kulina banget
Tuladha: taun ngarep iki panjenengan apa sida tindak haji?
Krama Lugu Yaiku basa sing tembung tembunge ing sajrone ukara migunakake tembung krama
kabeh, tanpa kacampuran krama inggil.
Titikan/ciri cirine basa krama lugu (madya) :
Tembung :
- tembung tembunge krama ora kecampur krama inggil
- ater ater lan panambang di kramakake
- tembung ku owah dadi kula
- tembung kowe owah dadi sampeyan

Kanggone
1. Omongane kanca padha kanca sing durung kulina
Tuladha: cak to, kula mangke ajeng mancing, sampeyan napa tumut?
2. Omongane wong tuwa marang wong enom sing durung kulina
Tuladha:nak, sampeyan napa ajeng wangsul sakmenika!
3. Omongane wong marang tepungan anyar (ing pasar, terminal)
Tuladha: lik, mangga tumut colt kula, niki pun enggal bidhal kok!
4. Omongane tenaga kasar marang juragane
Tuladha: bos, lare larewau dereng nedha sedaya!
5. Omongane batur marang juragane
Tuladha: bu, niki pun siyang, sampeyan siyos kesah jam pinten?
Krama alus Yaiku basa sing tembung tembunge ing sajrone ukara migunakake tembung krama lan
kecampuran krama inggil.
Titikan/ciri cirine basa krama alus (inggil) :
Tembung :
- tembung tembunge krama kecampur krama inggil
- ater ater lan panambang di kramakake
- tembung aku owah dadi kula
- tbung kowe owah dadi panjenengan
- kang di kramakake inggil: perangane awak, sandhangan, lan kriyane wong
sing di ajak guneman lan wong sing di gunem
contoh soal
Mas, sampeyan mengko didhawuhi bapak menyang daleme pakdhe.
Tataran basa kang digunakake ing ukara kasebut yaiku...
a. krama d. krama alus
b. ngoko e. madya lugu
c. ngoko alus

You might also like