You are on page 1of 4

DOKUMEN NEGARA PTS-2 /B.

JAWA / 2022
SANGAT RAHASIA

PENILAIAN TENGAH SEMESTER GENAP


DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN KABUPATEN NGAWI
TAHUN PELAJARAN 2021/2022

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama : ………………………………


Hari/Tanggal : Kelas/No : 3/………………………….
Waktu : SD : ……………………………..

KD 3.5
A. Wenehana tandha ping (x) aksara a,b,utawa c ing sakngarepe wangsulan kang
trep!
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1 lan 2!
Ameh kabeh kagiyatan menungsa ing era globalisasi mbutuhake energi listrik.
Nanging energi listrik nyatane duweni dampak negative menawa digunakake kanthi
boros. Pemanasan global njalari cuaca ora ajeg lan musim panas kang dawa.
Manungsa kaancem habitate amarga pemanasan global. Kanggo uwal saka pemanasan
global bisa kanthi nindakake irit listrik.
1. Energi listrik kajaba diperlokake manungsa kanggo urip saben dina. Energi
iku uga bisa ngandut dampak negatif menawa …
a. Digunakake kanti irit
b. Digunakake kanthi boros
c. Ora bayar tagihan listrik saben sasi
2. Pemanasan global njalari cuaca kang ora ajeg amarga …
a. Manungsa ora gelem jaga lingkungan
b. Manungsa bisa kaancem habitate
c. Manungsa gelem gawe nindakake reboisasi
3. Sapa sing saben isuk mbantu ibune nyapu?
Ukara iku kagolong ukara …
a. Pakon
b. Andharan
c. Pitakon
4. Kucingku gondhol tikus ing ngisor lemari.
Wasesane ukara iku yaiku …
a. Gondhol
b. Tikus
c. Lemari
5. Tuladha tembung wilangan yaiku …
a. Mangan
b. Roti
c. Sepuluh
6. Ita ora gugu ngendikane ibune. Ita ngengkel gunakake energi listrik kanthi
boros. Saben nonton TV ora tau gelem mateni yen arep ditinggal lungo.
Alesane mengko ono sing mateni tv ne. Akibate tagihan listrik ing omahe Ita
mesti okeh. Bapak ndukani Ita kang ora bisa ngirit nganggo energi listrik.
Tumindake Ita sing becik yaiku …
a. Tetep ngengkel boros listrik
b. Luwih irit gunakake listrik
c. Genti ora gelem mateni lampu

B. Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!
7. Fitri tuku roti ing pasar. Jejere ukara iku yaiku…
8. Gunakake kendaraan umum nalikane lelungan klebu tumindak …
9. Ing sawijine wacan dumadi saka pirang – pirang …
10. Piranti kaya TV, kulkas, kipas angin, lan lampu kelebu piranti elektronik.
Piranti kasebut mbutuhake energi …

C. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi trep lan bener!
11. Gatekna wacan ing ngisor iki!
Angin ngerupakake sumber energi. Ing Belanda kincir angin digunakake
kanggo sumber energi kang utama. Belanda gunakake kincir angin kanggo
nyiptakake energi listrik. Kincir angin uga digunakake kanggo ngolah kasil
pategalan lan ngompa banyu.
Tulisen informasi babagan sumber energi ing wacan dhuwur!
Wangsulan :.................................................................................................
.....................................................................................................................
.....................................................................................................................
12. Geneya kita kudu tansah ngirit gunakake energi listrik?
Wangsulan:..................................................................................................
.....................................................................................................................
.....................................................................................................................
KD 3.6
A. Wenehana tandha ping (x) aksara a,b,utawa c ing sakngarepe wangsulan kang
trep!
Tembang dolanan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1-3!
Ya prakanca dolanan ing jaba
Padhang bulan padhange kaya rina
Rembulane sing ngawe – awe
Ngelingake aja padha turu sore

Ya prakanca padha mrene


Bareng – bareng dolanan suka-suka
Langite padhang sumebar lintang
Ya padha dolanan sinambi cangkriman

1. Padhang bulan padhange kaya rina.


Tembung kang kacethak miring tegese…
a. Wayah awan
b. Bengi
c. Lampu
2. Tembang kasebut ditembangake kanthi rasa...
a. Sedhih
b. Kuciwa
c. Bungah
3. Rembulane ngelingake aja .. wayah sore.
a. Sinau
b. Turu
c. Mangan
4. Tembang dolanan iku lumrah dilagokake bocah – bocah kala…
a. Sinau
b. Menyang pasar
c. Dolanan
5. (1) Jamuran
(2) Cublak – Cublak Suweng
(3) Ibu Kita Kartini
(4) Dhandang Gula
(5) Gambang Suling
Klebu tembang dolanan yaiku nomer…
a. (1) lan (2)
b. (2) lan (4)
c. (3) lan (5)
6. Tegese tembang dolanan yaiku tembang kanggo …
a. Ngusir grahana
b. Seneng – seneng
c. Ngiringi pitulasan

B. Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!
7. Sluku – sluku bahtok, kidang talun klebu tembang …
8. Ibu …. Kantor, aku mangkat sekolah.
9. Supaya aman, anggone dolanan bal – balan ana ing …
10. Papan panggonan kanggo ngingu werna-werna kewan diarani …

C. Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi trep lan bener!
11. Aranana 3 wae tembang dolanan sing kok ngerteni
Jawaban :.....................................................................................................
....................................................................................................................
12. Gawea ukara nganggo tembung – tembung ing ngisor iki!
a. Listrik
b. Jamuran
c. Cuaca
Jawaban : ...................................................................................................
....................................................................................................................
....................................................................................................................

You might also like