You are on page 1of 2

Santo Reinardus, Uskup dan Pengaku Iman

Ing sawijining dina, ono wong sing ziarah ning Kebun Zaitun, Bukit
Golgota ing Yerusalem kanggo ngayati dalan salib Yesus, ketingal siji
peziarah liyane sing ketok melas lan sengsara. Suwene telu dina peziarah
iku poso tanpa ngombe, mangan, utawi tilem. Reget lan lungsed
sandhangane ketok saka tampilan jabane, nanging padhang njinggrang
iman peziarah iku. Yaiku Reinardus, uskup kutha Luttich, Belgia,
kasunyatanipun Reinardus ziarah amarga badhe martobat, awit
piyambake mundhut jabatan uskup. Dek Bapa Paus mireng tandha
pamartobat kang sejati iki, Reinardus dipundhawuhi ben tetep dadi
uskup. Sawise iku, Reinardus sregep ngrawuhi kabeh paroki-paroki ing
keuskupan Luttich, kanggo ngayahi tugas-tugasipun yaiku khotbah lan
ngabaraken kabar bungah, mbangun irigasi lan kreteg, ngedum
panganan, lan paring tetulung dhateng tiyang-tiyang ingkang sengsara.
Perayaan Santo Reinardus dipunrayakaken saben tanggal 26 Agustus.
Santo Reinardus, nyuwun pangestu dalem.

You might also like