You are on page 1of 3

Jawa 3

I. Pilihen Salah siji sing jawaban sing bener!


Kudungan ujungan

Dino senin watara jam 12.00 Bima lan kanca-kancane wis rampung olehe sinau ing sekolah. Nalika
mulih bebarengan karo kancane sing jenenge Rino, dumadakan udan riwis-riwis. Pancen saiki wis mangsa
rendheng, mula sawayah-wayah bisa udan tanpa dinyana.
Amarga udane saya deres, Bima nyoba nggoleki payunge. Sawise tas dibukak, payung sing digoleki
jebule kari ing omah. Tujune bocah loro mau ketemu pak sura, tangga cedhak omah e sing lagi ngarit. Pirsa ana
bocah cilik kudanan, pak sura banjur mecokake godhong gedhang sing pancen urip sakiwa tengene dalam desa
mau.
Rino age-age numpang ujungan sing di paringi pak sura, banjir digawe kudungan karo Bima. Sanajan tetep
kodanan, Bima lan Rino seneng banget kudhungan godhong gedhang mau nganti tekan omah.
1. Wacana ing dhuwur nyritakake nalikane mangsa.....
a. Ketiga b. Rendheng c. Bedhidhing
2. Kedadyean udan nalikane bocah – bocah padha. .........
a. Lagi dolanan b. Mulih sekolah c. Budhal sekolah
3. Bima nggolekki payunge ora ketemu jalaran........
a. Disilih kancane b. Keri ing omah c. Payunge ilang
4. Bima karo Rino akhire nggunakake kudhung.....
a. Tas kresek b. Jas hujan c. Godhong ujungan
5. Sing diarani godhong ujungan kuwi golongan.......
a. Jati b. Gedhang c. Klapa
6. Saiki usume mangsa ketiga.
Kosok baline mangsa ketiga yaitu....
a. Mangsa rendheng b. Mangsa panen c. Mangsa bedhidhing
7. Saben minggu para warga padha “gugur gunung “ ngresiki
got. Tembung “ gugur gunung “ tegese....
a. Munggah gunung b. Gotong royong c. Ngajak rekreasi
8. Sing duwe mangsa semi , mangsa panas, mangsa gugur, lan mangsa adhem iku pranata mangsa sing
dumadi ing.....
a. Eropa b. Asia c. Jawa
9. Budhe sarianikuwi wong pancen duwe watak
loman Tembung “loman “ tegese......
a. Seneng nulung b. Gampang njaluk c. Ora medhit
10. Dhek minggu keluwargaku plesiran menyang
malang. Tembung “plesiran “ tegese.......
a. Rekreasi b. Nyambut gawe c. Golek konco
11. Baya sing dedunung ing kali bengawan lagi golek pangan. Tembung dedunung tegese.......
a. Manggon b. Mangan c. Mertapa
12. Saya suwe olehe bengkerengan tansaya rame. Tembung bengkerengan tegese.....
a. Golek pangan b. Tukaran c. Seneng-seneng
13. Sura lan baya kekaroane padha degdayane . Tembung degdaya tegese.....
a. Kuat b. Suloyo c. Cekak
14. Nalikane sawijine crita pangucapan saben -saben tembung kudu.....
a. Banter b. Luput c. Bener
15. Pantai popoh iku dumunung ing kabupaten.....
a. Lamongan b. Tulungagung c. Bojonegoro
16. Pantai popoh iku mujudake taman wisata kang arupa.......
a. Alas b. Guwa c. Secara
17. Sakdurunge mlebu pantai popoh kudu menyang loket dhisik tuku.......
a. Karcis b. Oleh-oleh c. Jajan
18. Teks sing isine ngenalin cerit anggota ndeleng-ndeleng utawa tetinjo ong sawijine panggonan diarani
teks.....
a. Asli pelaporan b. Asli observasi c. Eksposisi
19. Struktur utawa tata aturan sing kudu ditulis jroning teks laporan asli observasi diarani.......
a. Struktur laporan b. Struktur organisasi c. Struktur teks
20. Bisa ngrasakake swasananing ati nalika macam geguritan diarani.....
a. Wicara b. Wiraga c. Wirasa
21. Wohing kasusastraan Jawa anyar kang awujud syair tanpo nganggo paugeran tantamtu diarani......
a. Parikan b. Tembang c. Geguritan
22. Basa sing digunakake jroning geguritan yaitu basa.....
a. Endah b. Lumrah c. Padinan
23. Obahe ( mbah mosike) awak nalika macam geguritan diarani.....
a. Wiraga b. Wirama c. Wirasa
24. Pengucapan swara, Wanda, lan tembung jroning macam geguritan diarani.......
a. Wicara b. Wiraga c. Wirasa
25. Bab – bab sing gegayutan karo banter litihe, cetak utawa samar nalika macam geguritan diarani......
a. Wirama b. Wirasa c. Wiraga
II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki !
1. Wong sing golek penggaweyane ngolek iwak iku diarani nelayan
2. Pengalaman sing ora bisa dilakekake dining saben – saben wong diarani pengalaman seng nabet ing
ati
3. Saben pengalaman sing tau dialami dhewe utawa wong liyo kuwi mesti pengalaman pribadi
4. Bantala tengkar iku candrane mangsa karo
5. Suta manut ing bapa iku candrane mangsa katelu
6. Candrane mangsa kasanga yaitu wedharing wacana mulya
7. Anake kucing diarani cemeng
8. Anakke sapi diarani pedhet
9. Wit pring enom diarani bung
10. Wit klopo diarani glugu
III. Soal ing ngisor iki garapen manut prentahe !
1. Terangane apa sing diarani geguritan!
Jawab: golongan sastra yang indah (puisi) Jawa
2. Sebutno ciri- ciri geguritan?
Jawab: gawe boso endah
3. Sebutno pranata mangsa kang lumrahe dumadi ing negara – negara Eropa!
Jawab: mangsa semi , mangsa panas, mangsa gugur, lan mangsa adhem
4. Apa bedane mangsa ketiga karo mangsa rendheng ?
Jawab: mangsa ketiga panas ora ono udan, mangsa rendeng adhem ono udan
5. Sebutno 3 arane anak e kewan ing ngisor iki !
a. Kucing = cemeng
b. Sapi = pedhet
c. Dara = piyik

You might also like