You are on page 1of 2

Tembang Dhandhang Gula

1. Ana kidung rumeksa ing wengi, teguh ayu luput ing lara, luputa
bilahi kabeh. Jin setan datan purun, paneluhan tan ana wani, miwah
panggawe ala, gunane ing wong luput, geni atemahan tirta, maling
adoh tan ana ngarah kami, gana duduk pan sirna.

2. Sakehing lara pan samya bali, akeh ngama pan sami miruda, welas
asih pandulune, sakehing braja luput, kadi kapuk tibaning wesi,
sakehing wisa tawa, sato galak tutut, kayu aeng lemah sangar,
songing landhak guwane wong lemah miring myang pakiponing
merak.
3. Pakupaning warak sakedas winacakna ing segoro asat, temahan
rahayu kabeh, apan sarira ayu, ingideran kang midodari, rineksa
malaikat, sakathahing rosul, pan dadi sarira tunggal, ati adem
utegku baginda esis, pangucapku yang Nabi Musa.
4. Napasku Nabi Ngisa linuwih, Nabi Yakup pamiyarsaning wang,
Yusup ing rupahe mangke, Nabi Dawud swaraku, Kanjeng Nabi
Sulaeman kasekten mami, Nabi Ibrahim nyawa, Edris ing
rambutku, Baginda Ali kulit ing wong getih daging Abu Bakar,
Ngumar singgih balung Bagindha Ngusman.
5. Sungsum ingsun Fatimah linuwih, Siti Aminah bayuning angga,
Ayub ing ususku mange, Nabi Nuh ing jajantung, Nabi Yunus ing
otot mami, netraku ya Muhammad panduluku Rosul, binayungan
adam sarak, sampun pepak sakathahing para Nabi dadiyo sarira
tunggal.
Bismillah hirrohmanirrohim
Syahadatku panutup panoto agomo
Ngaweruhi ingsun kang jumeneng rohi illahi
Kang jumeneng ono thelenge galih kang pethak
Kang dadi panjere urip
Kang dadi lajeri Alloh
Kang madep maring Alloh
Yoiku kuwayan gone Nabi Muhammad
Yoiku sejatine menungso ujud iman kang sampurno
Slamet donyo slamet akhirat
Tahiyat awal :
Ashadu ana ingsun Illaloh rupane ingsun
Alloh madep maring ingsun
Alloh nduduhake margi padang langgeng
Tan ono peteng-petenge
Ilo ili ilo eleng, ilo madep ilo ngroso
Alloh ngawruhi ingsun, sak tuhune Alloh ingsun
Alloh madepe urip, Muhammad madepe urip
Tahiyat akhir :
Ashadu ana ingsun ya Robbi
Elingo rasane loro, elingo yen bakal mati
Eling tan keno lali, gumebyar cahayane Alloh
Gumilang cahayane gemilang
Liyep lindri yoiku arane sholat sejati
Ya hu Alloh sedoyo puji kagemane Alloh

You might also like