You are on page 1of 23

WULANGAN 6

PITUTUR LUHUR ING TEMBANG MACAPAT


Kompetensi Dasar dan Indikator

3.6 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis puisi tradisional atau


modern sesuai dengan karakteristik.
3.6.1 Menjelaskan jenis tembang macapat
3.6.2 Menjelaskan ciri-ciri tembang macapat
3.6.3 Menjelaskan isi tembang macapat .
4.6 Membaca, mencipta, dan mempublikasikan puisi tradisional atau
modern.
4.6.1 Mengarang tembang macapat .
4.6.2 Mempublikasikan tembang macapat hasil karya sendiri.
4.6.3 Melagukan tembang macapat karya sendiri di depan kelas.
4.6.4 Menceritakan isi tembang macapat karya sendiri

Pasinaon ing bab iki, gegayutan karo tembang macapat. Kanthi nyinau teks tembang macapat
kaangkah para siswa bisa ngandelake sipat jujur, andhap asor, disiplin lan tanggungjawab.
Kaendahan tembang macapat minangka karya asli susastra Jawa kaajab bisa nuntun para siswa
marang budi pekerti luhur kang migunani banget ing tata pasrawungan bebrayan lokal minangka
bageyan saka bebrayan nasional lan global.

A.

Gb. 6.1 Hiromi Kano


Sumber Gambar : ulasan-dunia.blogspot.com Gb. 6.2 Elizabeth Karen
Sumber Gambar : www.kaskus.co.id

Sastri Basa / Kelas 10 117


Mbabar Wawasan
Bab Tembang Macapat lan Pitutur Luhur

Ing Wulangan 6 iki para siswa bakal sinau tembang macapat. Tembang macapat
mujudake karya sastra Jawa kang unggul. Tumekaning saiki tembang macapat isih
ngrembaka lestari. Akeh sing padha kasmaran marang tembang macapat. Tembang
macapat kang wujude ringkes lan kaiket paugeran, pranyata nduweni daya pangaribawa
kang gedhe marang kabudayan Jawa. Nggumunake banget yen wong manca padha
kapiadreng nliti, ndhudhah kaendahan tembang macapat; wong Jawa (para siswa) ora
gelem melu nguri-uri, ora cancut gumregut kanggo cawe-cawe nglestarekake, nyinau, lan
nemokake mutyara pitutur luhur kang kinandhut ing endah lungite kasusastran Jawa,
tembang macapat.
Sadurunge dibacutake, wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1) Kabudayan Jawa iku tansah njaga kasalarasan, memayu hayuning bawana. Kepriye
panemumu?
2) Urip ing alam donya iki kudu becik lan tatakrama marang sapa bae?
3) Pitutur luhur Jawa iku yen karo agama mikuwati apa lelawanan? Tuduhna sawetara
buktine!
4) Sapa lan apa sing wis ditindakake dening putri lelorone, kang ngagem busana Jawa
ing dhuwur?
5) Ing jaman saiki ―akeh wong Jawa wis ilang Jawane‖ apa bener mangkono? Apa
sebabe?
6) Apa para siswa isih sering matur nganggo tembung ―nuwun sewu‖, ―nyuwun
pangapunten‖? Kapan?
7) Ana pitutur luhur mangkene; ―ngalah iku luhur wekasane‖, apa maksude?
8) Manut panemumu, ―wong Jawa‖ iku sing kepriye?

Pasinaon tembang macapat iki kaperang dadi telung perangan, yaiku (1) mbabar
wawasan lan tuladhane tembang macapat, (2) Garapan kelompok nyinau tembang
macapat, lan (3) Garapan mandhiri nyinau tembang macapat. Lumantar telung perangan
iku para siswa bisa ngerteni paugerane tembang macapat, nerangake kawruh basa kang
ana ing tembang macapat, nemokake pitutur luhur ing tembang macapat, ngripta lan
mbiwarakake tembang macapat, lan kang ora kena kari para siswa bisa nembang
macapat. Kanthi pembelajaran saintifik lan penilaian autentik, para siswa bakal gegulang
garapan kanggo nggayuh ancasing pasinaon tembang macapat.

118 Sastri Basa / Kelas 10


Pasinaon 1
Modhel teks pinilih : Nyinau Pitutur Sajrone Tembang

Sajrone nyinau tembang macapat, kaajab para siswa ngandelake rasa syukure
marang Gusti Kang Maha Suci. Kanthi ridhane Gusti, wong Jawa kaparingan
sastra tembang macapat kang kebak pitutur luhur.
Lelandhesan sipat jujur, tresna budaya, disiplin lan tanggung jawab para siswa
diajab bisa nemokake pitutur luhur mau lan ngecakake piwulang becike ing
pasrawungan. Para siswa uga diangkah bisa ngripta tembang macapat,
nerangake kaendahan basa, nyritakake surasane tembang karyane uga
nembangake kanthi titilaras lan trapsila kang becik.

Tembang Dhandhanggula ing ngisor iki pethikan saka Serat Wulangreh, reriptane Sri
Susuhunan Paku Buwana IV, pujangga kang uga raja ing Surakarta Hadiningrat (1788-
1820). Serat Wulangreh iku dumadi saka 13 pupuh tembang. Isine Serat Wulangreh iku
pitutur luhur kang dadi paugeran laku utama tumekane saiki.

Ayo disemak lan ditembangake bebarengan!

Dhandhanggula Slendro 9
. . . . .
2 5 6 6 6 1 1 1 1 1
(1) //Pa-me- dhar-e/ wa-si- ta- ning/a- ti,
. .
1 1 6 6 6 6 6 6 6 6
Cu-man-tha- ka/ a- ni- ru/ pu- jang-ga,
5 6 6 6 6 6 6 5 5
Da-hat mu-dha/ ing ba- tin- e,
.
5 6 6 6 6 1 6
Na-nging ke- dah/ gi-nung- gung,
5 5 2 2 2 2 2 2 16
.
Da-tan wruh yen/ a- keh/ nge-sem- i,
1 2 2 2 2 2 2
a- mek-sa/ a- ngrum-pa-ka,
1 1 6 6 16 5
. . . .
Ba-sa/ kang ka- lan-tur,
1 2 2 2 2 2 2 2
Tu-tur/ kang ka- tu-la-/ tu- la,

Sastri Basa / Kelas 10 119


2 2 16 6 6 6 6 6 6 1 2 2
. . . . . . .
Ti- na- la- ten/ ri- nu- ruh/ ka- la- wan ri-rih,
5 6 1 6 2 1 61
. . . .
Mrih pa-dhang-ing/ sas- mi- ta//
(2) Sasmitaning ngaurip puniki,
mapan ewuh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sampun udani,
tur durung wruh ing rasa,
rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira.

(3) Nanging yen sira ngguguru kaki,


amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang wirangi,
sokur oleh wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawewehing liyan,
iku pantes sira guronana,
sartane kawruhana.

Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu kang
pangucape kudu nggunakake kagunan swara. Mulane ing tembang macapat ana perangan
rasaning swara (titilaras) lan rasaning basa (sastra). Ing rasaning swara dikenal anane
titilaras slendro lan titilaras pelog. Titilaras slendro iku ana telung pathet, yaiku slendro
pathet nem, slendro pathet sanga, lan slendro pathet manyura. Ing titilaras pelog uga ana
telung pathet, pelog pathet nem, pelog pathet lima, lan pelog pathet barang.
Ing tembang iku rasaning swara winengku ing rasaning basa, tegese nalika nembang
kudu ngutamakake basa utawa sastrane. Mula banjur ana pedhotan kendho lan pedhotan
kenceng. Pedhotan kendho iku pedhotan kang manggon ing wekasaning tembung lan ora
medhot wandaning tembung, dene pedhotan kenceng iku pedhotan kang ora manggon ing
wekasaning tembung.
Serat kang tinulis kanthi tembang macapat lumrahe dumadi saka pirang-pirang
pupuh. Saben pupuh mau dumadi saka pirang-pirang pada. Ing saben pada bisa
ditemokake guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu/swara. Arane saben pupuh mau bisa
dideleng saka sasmitaning tembang lan paugerane tembang macapat.

120 Sastri Basa / Kelas 10


bagan 6.1 perangan tembang macapat

Garapan 1 : Ngerteni Jinis lan Paugerane Tembang Macapat

Tembang Macapat iku nduweni paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.

Bagan 6.2 Paugeran Tembang

Tembang Dhandhanggula pada (1) ing dhuwur yen digoleki guru gatra, guru
wilangan lan guru lagune kaya ing ngisor iki;

Guru Wilangan lan


Gatra Cakepan
Guru Lagune

1 Pamedhare wasitaning ati, 10i,


2 Cumanthaka aniru pujangga, 10a,
3 Dahat mudha ing batine, 8e,
4 Nanging kedah ginunggung, 7u,
5 Datan wruh yen akeh ngesemi, 9i,
6 Ameksa angrumpaka, 7a,
7 Basa kang kalantur, 6u,
8 Tutur kang katula-tula, 8a,
9 Tinalaten rinuruh kalawan ririh, 12i,
10 Mrih padhanging sasmita 7a.

Sastri Basa / Kelas 10 121


a. Golekana guru gatra, guru wilangan lan guru lagune tembang dhandhanggula ing
pada (2) lan pada (3) ing dhuwur!
b. Apa guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune padha persis karo pada (1)? Yen
ngono apa dudutan kang bisa dijupuk?

Tembang Macapat iku jinise ana 11, gampange karingkes kanthi sebutan MasPuKi
SiDurGamMi MeDhanPangkAs. 11 jinis tembang macapat mau ditata runtut kaya
lelakune wong urip ing alam donya; yaiku : Maskumambang, Pucung, Kinanthi,
Sinom, Durma, Gambuh, Mijil, Megatruh, Dhandhanggula, Pangkur, Asmaradana.
Dene teges lan wewatakaning tembang iku kaya ing ngisor iki;

a. Maskumambang;
Maskumambang nggambarake jabang bayi kang isih kumambangan ana ing
kandhutane Ibu. Tembang Maskumambang iku yasane Sunan Maja Agung. Watake
nelangsa, prihatin, sedhih banget. Sasmitaning tembung kumambang, ketimpul,
kambang, kencana, timbul.
b. Mijil;
Mijil = lair. Tembang Mijil iku nggambarake laire si jabang bayi. Tembang Mijil
diripta dening Sunan Gunung Jati. Watake tembang gandrung, prihatin. Sasmitane
wijil, mijil, wiyos, rarasati.
c. Sinom;
Sinom tegese anom, enom, timur; nggambarake kahanan sing isih enom nalika si
bocah kudu ngangsu kawruh, golek elmu saakeh-akehe kanggo keslametane.
Tembang Sinom karipta dening Sunan Gunung Jati. Watake tembang; wantah.
Sasmitane tembang Sinom ing antarane: anom, taruna, srinata, ron kamal,
pengrawit, logondhang.
d. Kinanthi;
Kinanthi tegese digandheng, dikanthi. Tembang macapat Kinanthi nggambarake si
bocah kang digandheng, dituntun supaya bisa slamet uripe. Kinanthi iku yasane
Sunan Adi Erucakra. Watake yaiku asih-asuh. Sasmitane asring nggunakake
tembung kinanthi, kanthi, sinartan.
e. Asmaradana;
Tembang Asmaradana iku tegese rasa seneng, tresna kang diparingake Gusti
marang manungsa. Urip ing alam donya mesthi nduweni rasa seneng, tresna. Rasa
iki kudu dijaga supaya ora mbebayani tumrap jiwane manungsa. Tembang
Asmaradana iku yasane Sunan Giri. Watake tembang Asmaradana iku luwes,
manis. Sasmitane tembung kasmaran, asmara, brangti, kingkin, dana.
f. Gambuh;
Tembung Gambuh maksude jumbuh utawa sarujuk. Yaiku gegambarane wong
ngancik alam kulawarga. Sawise padha jumbuh utawa cocog banjur dadi
kulawarga. Lumantar kulawarga manungsa bisa memayu hayuning bawana, dalan
kang becik lan bener. Watake rada sereng. Sasmitane Gambuh, anut, wimbuh,
tambuh.
g. Dhandhanggula;

122 Sastri Basa / Kelas 10


Dhandhanggula nggambarake kahanan kang nyenengake, kebak memanis sebab
kang digegadhang bisa kasembadan. Watake luwes, manis. Sasmitane tembung
sarkara, manis, madu, hartati, dhandhang.
h. Durma;
Durma asal saka tembung ―darma utawa weweh‖. Maksude sawise uripe
manungsa seneng, sarwa kecukupan banjur bisa darma, weweh utawa tetulung.
Tembang Durma iki yasane Kanjeneg Sunan Bonang. Tembang macapat Durma
ngelingake yen manungsa tansah mbutuhake bantuwane wong liya, ora bisa urip
dhewe mula kudu rukun lan tansah nandur kabecikan. Watake seru, sereng
banget. Sasmitane durma, mundur.
i. Pangkur;
Tembang Pangkur artine mundur utawa mungkur, maksude wis mungkurake
kabeh hawa nepsune. Uripe manungsa ora selawase, mula kudu tansah eling lan
waspada. Kudu sneng darma, ngedohi/ngungkuri angkara. Watake sereng.
Sasmitane pungkur, kur, kepungkur.
j. Megatruh;
Tembang Megatruh –dhudhukwuluh- iku yen dipirid asal saka megat roh, artine
wis wektune nyawa, yitma, atmane pisah lawan raga. Bali marang sangkan parane
dumadi, sowan ing ngarsane Gusti. Mula kudu tansah angati-ati, prasasat wong
utang bakale nyaur, sapa kang tumindak becik oleh kebagusan, sapa kang dhemen
tumindak ala/cidra bakal ginanjar neraka. Tembang Megatruh iku karipta dening
Sunan Giri Prapen. Watake prihatin, getun, keduwung. Sasmitane andhudhuk,
truh, pegat, megat.
k. Pucung;
Wis tekan ing akhire lelakon, raga kang wis koncatan nyawa mau diarani layon,
mayit utawa jisim. Si layon banjur binungkus mori sarwa putih arane dipocong,
yaiku werdine tembang Pocung. Tembang Pucung karipta dening Sunan
Gunungjati. Watake sasenenge. Sasmitane pucung, cung, kaluwak
Goleka tuladha 11 tembang macapat kanthi luru kawruh saka buku, majalah, internet;
sabanjure isenana tabel ing ngisor iki!

Guru
Arane tembang Guru wilangan lan guru lagune
gatrane
Maskumambang 4 12i, 6a, 8i, 8a

Mijil
Sinom
Kinanthi
Asmaradana
Gambuh
Sastri Basa / Kelas 10 123
Guru
Arane tembang Guru wilangan lan guru lagune
gatrane
Dhandhanggula 10 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

Durma
Pangkur
Megatruh
Pucung

Garapan 2 : Ndhudhah Kawruh Basa ing Tembang Macapat

Kaendahan basa ing tembang macapat iku werna-werna. Gumantung marang


pujangga utawa panganggite. Kabeh mau kanggo nglairake gagasane. Gatekna bagan ing
ngisor iki !

Bagan 6.3 kawruh basa ing tembang

Wenehana tandha pedhotan kendhone!


Tembang Gambuh Laras Slendro Manyura

2 3 5 56 53 5 6
(1) Se- kar gam- buh ping ca- tur,
124 Sastri Basa / Kelas 10
3 5 3 2 2 3 5 53 5 6
kang ci- na- tur po- lah kang ka- lan- tur,
2 1 6 12 2 2 2 2 3 1 6 5
. . .
Tan- pa tu- tur ka- tu- la- tu- la ka- ta- li,
1 2 2 2 3 1 2 3
Ka- da- lu- war- sa ka- tu- tuh,
3 5 5 5 6 3 53 2
Ka- pa- tuh pan da- di- a- won.

Tembang Gambuh Gancarane


(2) Aja nganti kabanjur, Aja nganti padha kebanjur ing
sabarang polah kang nora jujur, sabarang tumindak sing ora jujur.
yen kabanjur sayekti kojur tan becik, Yen nganti kebanjur, dadine cilaka
becik ngupayaa iku, tur ora becik. becike tansah goleka
pitutur ingkang sayektos. pitutur kang temen.

(3) Pitutur bener iku, Pitutur kang temen iku pitutur


sayektine apantes tiniru, kang bener. Temenan iku pantes
nadyan metu saking wong sudra papeki, ditiru. Senajan pitutur mau saka
lamun becik nggone muruk, wong sengsara kang uripe papa.
iku pantes sira anggo. Watone becik olehe muruk,
pituture kena kokanggo.

Bausastra
 Tembung Kawi = tembung kang asale saka basa Jawa Kuna; Kawi =Jawa Kuna
 Tembung Saroja = tembung loro ukang padha utawa meh padha tegese
dianggo bebarengan
 Tembung garba = tembung loro kang kagandheng kanthi nyuda cacah wandane
 Baliswara = ukara kang diwalik papan panggonane kanggo nuhoni guru lagu
 Purwakanthi = nggandheng sing ngarep; swara, sastra, basa kang nggandheng
runtut karo wanda, tembung, gatra sadurunge
 Sandhi asma = asma, nama pengarang kang sinandhi ing karya.
 Sengkalan = ukara kang nduweni teges angka taun
 Pedhotan kendho = pamedhoting wanda ing tembang manut tembunge
 Pedhotan kenceng = pamedhoting wanda tanpa nggatekake tegese tembung

Tembang Gambuh ing dhuwur nggunakake tembung kawi : catur, pan, nora, sayekti,
tan, sudra.

Sastri Basa / Kelas 10 125


Tembung Kawi digunakake ora mung kanggo nambah kaendahan bae, nanging uga
kanggo nyukupi guru lagu, guru wilangan, lan purwakanthi. Buktine ing tembang Gambuh
pada (1). Tembung ―catur‖ tegese papat. Yen gatra kapisan unine sekar Gambuh ping
papat (7a) dadi ora mathuk karo paugeran guru lagu tembang Gambuh, yaiku 7u.

Mengkono uga ing pada (2) gatra katelu yen kebanjur sayekti kojur tan becik. (12i)
Digunakake tembung ‗tan‖ tegese ora. Umpama diganti tembung ―ora‖ utawa ―nora‖ guru
wilangane dadi luwih sawanda: yen kebanjur sayekti kojur nora becik (13i)

Tembung saroja ing tembang Gambuh manggon ing pada (3) ―sudra papeki‖.
Tembung ―sudra papeki‖ uga tuladhane tembung garba. ―sudra‖ tegese ora duwe, padha
karo ―papa‖. Tembung loro padha tegese dianggo bebarengan ―sudra papa‖ diarani
tembung saroja. Tembung ―papeki‖ asale saka tembung ―papa‖ + ―iki‖ = papeki.
Digunakake tembung garba ―papeki‖ kanggo ngugemi guru wilangan lan guru lagu 12i.
Kliru yen unine mangkene : nadyan metu saking wong sudra papa iki (13i).

Purwakanthi ing tembang Gambuh pada (1) manggon ing tembung : ―catur‖,
―cinatur‖, ―kalantur‖ , ―tutur‖. Tembung-tembung mau kalebu purwakanthi swara ur/tur.

Purwakanthi sastra ing pada (1) nggunakake aksara sigeg ―t‖ lan ―l‖. tanpa tutur,
katula-tula katali, kadaluwarsa katutuh, kapatuh . Tembung-tembung ing tembang
Gambuh pada (1) iku nggunakake aksara ―l‖ lan ―t‖. Luwih cetha ing tembung katula-tula
katali tegese urip sengsara kadawa-dawa kaya tali. Swara lan surasane mbangetake.

a. Ing pada (2) lan (3) kepriye purwakanthine? Golekana lan terangna!
b. Apa tembang Gambuh ing dhuwur ana baliswara, sandhi asma, lan sengkalane?
c. Pitutur apa kang ana ing pada (2)?
d. Pitutur bener kang metu saka wong asor apa kena dianggo ing bebrayan?
Terangna wangsulanmu!

Ora kabeh kaendahan mau ditemokake ing sapada tembang macapat. Nanging
kaendahan mau mesthi ana ing tembang macapat. Semaken tembang Megatruh ing ngisor
iki!

Megatruh Laras Pelog Barang

7 5 6 7 7 6 7 5 3 5 6 7
Ha-wya pe-gat ngu-di- a rong- ing budya yu (12u)

7 7 7 7 6 6 76 5
Marga- ne su- ka ba- su- ki (8i)

2 3 5 5 5 6 6 6
dimen lu- war kang ki- na- yun (8u)

126 Sastri Basa / Kelas 10


3 2 2 2 2 2 32 7
.
Ka- lis- ing pang- ga-we si- sip (8i)

3 5 6 6 7 5 65 32
Ing-kang ta-be- ri pri- ha- tos (8o)

Saka tuladha tembang ing dhuwur isenana tabel ing ngisor iki!
a. Arane tembang Megatruh
b. Guru gatrane
c. Guru wilangan lan guru lagune
d. Kaendahan-Kawruh Basa
i. Tembung Kawi
ii. Tembung Saroja
iii. Tembung Garba
iv. Bali swara
v. Purwakanthi swara
vi. Purakanthi sastra
vii. Purwakanthi basa
viii. Sandhiasma
ix. Sengkalan

Tembang ing ngisor iki golekana sengkalane, lan terangna tegese taun pira?

Gambuh
Nadyan bisa mbarenjul,
Tanpa tawing enggal jugrugipun,
Kalakone karsaning Hyang wus pinasti,
Yen ngidak sangkalanipun,
Sirna tata esthining wong.

Pasinaon 2 :
Makarya Bebarengan : Ngripta Tembang Macapat

Ing pasinaon 2 para siswa kaajak nggawe lan ngerteni isi, pitutur luhur kang
ana ing tembang macapat bebarengan karo kelompok. Kabeh tingkatan
gegladhen mau kanggo nggayuh ancasing pasinaon. Kanthi jujur, disiplin,
lan tanggungjawab pasinaon bakal mupangati tumrap para siswa. Rasa
tresna marang agunge kabudayan Jawa bakal sansaya ngrembuyung mekar
ngrembaka.

Sastri Basa / Kelas 10 127


Garapan 1 : Mranata Gatrane Tembang
Tembang iku nduweni paugeran baku. Paugeran mau urut runtut manut guru gatra,
guru wilangan lan guru lagune. Kang uga perlu diruntutake yaiku surasa utawa artine.
Bebarengan karo kancamu, gatra-gatra ing ngisor iki urutna manut paugerane tembang
lan runtut surasa/artine.
a. Pangkur (8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i)

Teks saben gatra Tembang Pangkur


Deduga lawan prayoga,
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,
Duga-duga nora kari,
Tan kena tininggalan,
Myang watara reringa aywa lali,
Iku parabot satuhu,
Ngucap meneng miwah nendra.

b. Asmaradana (…………………………………….)

Teks saben gatra Tembang Asmaradana


lan aja para wadulan.
aja idak aja nyepak,
aja jail para padu,
lengus lanas langar lancang,
lan aja siya-siya,
Lawan aja angkuh bengis,
calak ladak sumalonong.

c. Sinom (………………………………….)

Teks saben gatra Tembang Sinom


Nulada laku utama,
pinesu tapa brata,
amamangun karyenak tyasing sesama.
tanapi ing siyang ratri,
Panembahan Senopati,
tumrape wong Tanah Jawi,
kepati amarsudi,
Wong Agung ing Ngeksiganda,
sudane hawa lan nepsu.

Bausastra

Deduga = duga-duga, pangira-ira, pangati-ati, weweka, reringa


Myang =
Para wadulan = gampang/seneng wadul
Lengus = lanas, angkuh, ladak
Kepati = banget
128 Ngeksiganda = ngeksi +Sastri Basa / Kelas
ganda = ndeleng/mripat-arum= 10
mataram
Garapan 2 : Njangkepi Guru Wilangan

Sawise bisa ngurutake gatra tembang macapat manut tata paugeran lan endah
surasane tembang, sabanjure para siswa diutus njangkepi cakepan tembang.
Bebarengan karo kancamu, rembugen tembung-tembung apa kang bisa njangkepi
gatraning tembang ing ngisor iki.

Cakepan ing ngisor iki jangkepana supaya dadi tembang sing becik!

No Tembang lan Cakepane


a. Asmaradana (8i, 8a, 8o/e, 8a, 7a, 8u, 8a)

Aja …………………. kaki,


………………………. nganglang jagad,
nyangking bokor ……………………….,
isine ……………………………………,
……………………………… pangan
yaiku …………………………………,
wong …………………………………. .

b. Dhandhanggula (……………………………………….)

Memanise…………………….. urip ………………,


Bisa gawe ……………………………………………,
Tumungkul ………………………………………….,
Aja ……………………………………………………..,
sabar nrima ……………………….………………,
sumeh ……………………………….……………….,
………………………………………… dintenipun,
Ora gampang ………………………………………,
Ati tentrem ………………………………………….,
…………………………………………… estokna.
c. Kinanthi (……………………………………….)

S esantine …………………. Ngelmu,


I…………………. purun ………………….,
Niyat …………………. …………………. utama,
Upayanen………………. ………………….,
Nora …………………. …………………. Sasar,
Gumbireng tyas…………………. …………………. .

Sastri Basa / Kelas 10 129


Garapan 3 : Nggancarake Tembang Macapat

Lungguha karo kelompokmu (saben kelompok 4 siswa). Sabanjure kanthi makarya


bebarengan ing kelompokmu, gancarna cakepan tembang Dhandhanggula pethikan
saka Serat Wulang Sunu, ISKS Pakubuwana IV, ing ngisor iki kanthi basa krama kaya
tuladhane!

Tembang macapat Basa Gancarane

a. Mapan sira mangke anglampahi,


Menawi mangke Panjenengan saged
ing pitutur kang muni ing layang, nglampahi. Ing pitutur ingkang wonten
pesthi becik setemahe,
ing Serat Wulang Sunu menika, tamtu
bekti mring rama ibu,
bakal sae menawi Panjenengan bekti
duk purwa sira udani, dhateng Rama lan Ibu. Nalika wiwitan
karya becik lan ala,
Panjenengan tedahaken samukawis
saking rama ibu,
ingkang sae lan awon. Saking Rama lan
duk sira tasih jajabang, Ibu duk nalika tansih bayi, Ibu ingkang
ibu ira kalangkung lara prihatin,
sanget rekaosipun lan gerah prihatos.
rumeksa maring sira. Sedaya wau kangge njagi putranipun.

b. Nora eca dahar lawan guling,


ibu nira rumeksa ing sira,
dhahar sekul uyah bae,
tan ketang wejah luntur,
nyakot bathok dipunlampahi,
saben ri mring bengawan,
pilis singgul kalampahan,
ibu nira rumeksa duk sira alit,
mulane den rumangsa.
c. Duk sira ngumur sangang waresi,
pasti sira yen bisa rumangkang,
ibumu momong karsane,
tan ketang gombal tepung,
rumeksane duk sira alit,
yen sira kirang pangan,
nora ketang nubruk,
mengko sira wus diwasa,
nora ana pamalesira ngabekti,
tuhu sira niaya.
d. Lamun sira mangke anglampahi,
nganiaya ing wong tuwanira,
ingukum dening Hyang Manon,
tembe yen lamun lampus,
datan wurung pulang lan geni,
yen wong durakeng rena,

130 Sastri Basa / Kelas 10


Tembang macapat Basa Gancarane
sanget siksanipun,
mulane wewekas ingwang,
aja wani dhateng ibu rama kaki,
prentahe lakonana.
e. Parandene mangke sira iki,
yen den wulang dhateng ibu rama,
sok balawanan ucape,
sumahir bali mungkur,
iya iku cegahen kaki,
tan becik temahira,
donya keratipun,
tan wurung kasurang-kasurang,
tembe mati sinatru dening Hyang widhi,
siniksa ing Malekat.

Garapan 4 : Ngonceki Pitutur Luhur Sajrone Tembang

Tembang-tembang kang dirembug ing pasinaon iki kapilih kang ngemu pitutur luhure.
Tembang-tembang mau kapethik saka Serat Wedhatama, Serat Wulangreh, Serat
Sabdajati, lan serat liyane. Serat yasane para pujangga mau ngandhut mutyara pitutur
luhur kang gedhe banget guna paedahe tumrap tata panguripan saben dinane.
Kepriye carane supaya bisa nemokake pitutur luhur ing tembang macapat?
Salah siji cara kanggo nemokake pitutur luhur ing tembang macapat yaiku kanthi
mangsuli ukara pitakon kang nggunakake tembung pitakon ―apa‖, ―sapa‖,
―geneya/ya‘apa‖, lan ―kepriye/ya‘apa‖.

1) Tembang-tembang ing ngisor iki gatekna!


2) Bebarengan karo kancamu sabangku gawea ukara pitakon kanthi tembung ―apa‖,
―sapa‖, ―geneya/ya‘apa‖, lan ―kepriye/ya‘apa‖, paling sithik 3 pitakon.
3) Sabanjure pitakon mau ijolna karo bangku/kelompok sandhingmu.
4) Wangsulana pitakon-pitakon ijolan sing koktampa mau!
5) Tulisen maneh wangsulanmu, dadi dudutan pitutur luhur kang ana ing tembang!

Sastri Basa / Kelas 10 131


Pethikan serat Wulang Sunu lan Wulangreh iki golekana pitutur luhure!

Tembang Pitakon lan Wangsulan


a. Dhandhanggula -sapa sing ora eca dhahar lan sare?
Nora eca dahar lawan guling, +Ibu nira.
ibu nira rumeksa ing sira, -sapa sing direksa Ibu?
dhahar sekul uyah bae, +(kula) putrane
tan ketang wejah luntur, -Menapa ingkang dipunlampahi Ibu?
nyakot bathok dipunlampahi, +Wejah luntur, nyakot bathok, pilis
saben ri mring bengawan, singgul kalampahan dening Ibu.
pilis singgul kalampahan, -Kepriye kudune anak iku?
ibu nira rumeksa duk sira alit, +Mulane kudu rumangsa
mulane den rumangsa. *Pitutur luhure :
Ibu sengsara ngreksa putrane. Prasasat
wejah luntur, nyakot bathok, pilis singgul
kalampahan. Anak kudu bisa rumangsa
marang wong tuwa (Ibu)

b. Dhandhanggula -sapa sing …………………………..?


Dhaharira mangke pait getir, + …………………
ibu nira rumeksa ing sira, -Kepriye anggone …………… Ibu?
nora ketang turu samben, +
tan ketang komah uyuh, -Lamun putrane …………………. kadospundi
gupak tinja dipun lampahi, Ibu?
lamun sira wawratana, +
tinatur pinangku, -
cinawikan ibu nira, +
dipun dusi esuk sore nganti resik, *pitutur luhure:
lamun luwe dinulang. ……………………………………………………

c. Durma -……………..
Bener luput ala becik lawan begja, +……………..
cilaka mapan saking, ing badan -……………..
priyangga, +……………..
dudu saking wong liya, -……………..
pramila denngati-ati, +……………..
sakeh durgama, *Pitutur Luhure :
singgahana den eling. ……………………………………

132 Sastri Basa / Kelas 10


Pasinaon 3
Pakaryan Mandhiri :

Gladhen mandhiri mujudake sarana kanggo mbuktekake asil pasinaonmu bebarengan


kelompok. Pasinaon 3 Gladhen Mandhiri bakal njelasake watak jujur, disiplin lan
tanggungjawabmu marang dhiri pribadimu, marang pasinaon, lan marang sakiwa
tengenmu.

Para siswa wis mangerteni jinis, tata paugeran, kawruh basa, titilaras lan pitutur luhur
sajrone tembang. Para siswa kudu bisa ngripta tembang macapat kanthi mandhiri.

Garapan 1 : Ngripta Tembang Adhedhasar Teks Gancaran

Basa kang digunakake ing tembang, geguritan, parikan iku nduweni titikan ringkes,
padhet, kebak isi. Tembang macapat tansah kaiket ing paugeran guru gatra, guru
wilangan, guru lagu. Mula kudu milih tembung sing bisa nuhoni guru wilangan lan guru
lagu, uga bisa nglairake gagasan pitutur luhur kang pengin dinyatakake dening
pangriptane.

Basa tembang bisa diowahi dadi basa gancaran. Mengkono uga suwalike, basa
gancaran bisa diowahi dadi tembang macapat.

1) Kaya tuladhane, gawea tembang macapat adhedhasar gancaran ing ngisor iki!
2) Rancangen sandhi asma ing jroning tembang macapatmu!

No Gancaran Tembang Macapat


a. Bener ngendikane Eyang Pangkur (8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i)
Ranggawarsita. Ing jaman edan uwong
wis padha ora nganggo aturan. LEres Njeng Ranggawarsita,
Tatakrama, budi pekerti embuh diseleh Jaman edan pakarti kentir kaLI,
ing ngendi, apa lali banjur keli ing kali Apa malah buwang sebrung,
apa malah dibuwang ngono bae? Anehe Judheg iSIne ilang,
watak ala malah dikatonake, tanpa WAtak ala dur angkara tanpa tutup,
ditutup-tutupi. Para siswa kabeh ayo emut bali PAra siswa,
padha eling, bali marang dhawuh tutur ala LAwan becik.
pituture leluhur. Becik Ketitik Ala
Ketara.

b. Isine tembang macapat iki bisaa manis Dhandhanggula


kaya sarkara tur migunani. Kanggone
para mudha kang dadi agul-agule
bangsa, bentenge praja tembang iki
muga bisa migunani. Ing jaman kang

Sastri Basa / Kelas 10 133


No Gancaran Tembang Macapat
sarwa maju. Globalisasi ora ana sing
bisa diwatesi. Mula sangune batin kudu
cukup. Umpamakna karung goni abot
antep kebak isi tur unggul ing pribadi.
Aja mung ela-elu tanpa ngerti sing
satemene. Aja mung aji mumpung, urip
sepisan aja kaya kebo longa-longo.
Mrana-mrene ora nduweni tujuwan
pribadi.

c. Tambuh-tambuh piwelingku marang Gambuh (7u, 10u, 12i, 8u, 8o)


para siswa sedaya. Sing tansah
makantar tekade ngupadi elmu.
Temenan kudu lair batin. Sangune ora
liya cukup bekti marang wong tuwa,
mbangun turut marang Bapak Ibu
Guru. Asih tresna marang sapepadha.
Sing ora oleh kari tansah muji syukur
lan ndedonga ing ngarsane Gusti Kang
maha kuwaos.

Garapan 2 : Muwuhi Kaendahane Tembang

Kanggo muwuhi kaendahan lan nuhoni paugeran, ing tembang macapat digunakake
kawruh basa kaya dene tembung kawi, tembung garba, tembung saroja, bali swara, lan
purwakanthi.

a. Tembung-tembung ing ngisor iki golekana dasanama ing basa kawine!


-tembang -praja -ora
-yen -batin -aja
-kebo -sedaya -temenan
-bapak -ibu -golek

b. Tembung-tembung ing ngisor iki dadekna tembung saroja!


-dhawuh -keli -watak
-kaya -mudha -negara
-kebak -temen -urip
-pribadi -tujuwan -sangu
-guru -syukur -temen

c. Tembung-tembung ing ngisor iki dadekna tembung garba!


-tan + liyan -tumeka + ing -ngupadi + elmu
134 Sastri Basa / Kelas 10
-sedaya + arum -tresna + asih -umpamane + iki

d. Goleka 2 (loro) tuladha sengkalan lan terangna tegese!


e. Tembang reriptamu ing dhuwur mau wuwuhana kaendahane. Carane yaiku kanthi
nggunakake tembung garba, tembung saroja, tembung kawi, purwakanthi, lan
sandhi asma ing dhuwur!

Garapan 3 : Nembang Macapat

a. Kabeh asil karya ing geGarapan kompok lan mandhiri iku kumpulna, dadekna
portofolio tembang macapat.
b. Bebarengan karo ketua kelompokmu, unggahen asil karya tembang lan gancarane
ing internet, bisa lumantar web sekolah utawa uga blog-mu!
c. Sabanjure pilihen salah siji tembang karyamu. Tembangna manut titilarase,
banjur critakna apa isine!

Sastri Basa / Kelas 10 135


Gladhen
Wulangan 6

A. Pilihen wangsulan sing paling bener!


1. Rumpakane basa kanthi paugeran tartamtu kang pangucape nggunakake
kagunan swara diarani ….
a. geguritan
b. parikan
c. tembang
d. gancaran
2. //Hawya pegat ngudia ronging budyayu/margane suka basuki/dimen luwar
kang kinayun/kalis ing panggawe sisip/ingkang taberi prihatos//
Pethikan tembang ing dhuwur ngemu pitutur luhur kaya ing ngisor iki….
a. Yen bisa kasembadan kekarepane, mesthi slamet saka tumindak ala.
b. Ora kena lumuh ing gawe, kudu sregep tumandang gawe lan bebantu.
c. Sing tlaten lan dalane wong nesu iku saka slamet prihatin.
d. Aja mandheg anggonmu ngudi dalan keslametan, kautaman.
e. Ayo golek dalan slamet kanthi cara urip jujur lan prasaja.
3. Pethikan tembang ing dhuwur (no.2) arane tembang ….
a. Macapat
b. Megatruh
c. Gambuh
d. Sinom
e. Dhandhanggula
4. //sekar Gambuh ping catur/kang cinatur polah kang kalantur/tanpa tutur
katula-tula katali/kadaluwarsa kapatuh/katutuh pan dadi awon//
Pranyatan kang bener mungguh Tembang Gambuh ing dhuwur yaiku….
a. ing sapada dumadi saka 6 gatra lan 58 wanda
b. nggunakake tembung-tembung kawi ping, dadi, awon, polah.
c. ana sengkalan kang unine kadaluwarsa kapatuh
d. nggunakake purwakanthi sastra k, l, t, r
e. guru wilangan lan guru lagune : 8u, 12u, 12i, 8u, 8o
5. //… kalakone karsaning hyang wus pinasthi/yen ngidak sangkalanipun/sirna
ilang estining wong//
Sengkalan ing pethikan tembang ing dhuwur tegese taun….
a. 1900
b. 2000
c. 1970
d. 1790
e. 1700

136 Sastri Basa / Kelas 10


6. //jinejer neng wedhatama/mrih tan kemba kembenganing pambudi/mangka
nadyan tuwa pikun/yen tan mikani rasa/yekti sepi asepa lir sepah
samun/samangsane pakumpulan/gonyak-ganyuk nglelingsemi //
Pethikan ing dhuwur jenenge tembang ….
a. Pangkur
b. Asmaradana
c. Sinom
d. Gambuh
e. Dhandhanggula
7. Saka pethikan tembang ing dhuwur (no.6) gegambarane uwong kang ora
nduweni rasa pangrasa iku bakal ….
a. cepet tuwa lan kadunungan watak pikun
b. sepi lan sepa kaya sepah kosong tur ngisin-isini
c. dijereng-jereng ing wedhatama, diisin-isin
d. ora mandheg saka ngudi kautaman
e. ngisin-isini sebab ora bakal wani ing kumpulan
8. Serat Wulangreh iku yasane pujangga agung ….
a. KGPH Mangkunegara IV
b. Sri Susuhunan Pakubuwana IV
c. Yasadipura I
d. Yasadipura II
e. R.Ng. Ranggawarsita
9. Serat Wedhatama iku yasan pujangga agung ….
a. KGPH Mangkunegara IV
b. Sri Susuhunan Pakubuwana IV
c. Yasadipura I
d. Yasadipura II
e. R.Ng. Ranggawarsita
10. Tata Paugeran 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i arane tembang….
a. Mijil
b. Kinanthi
c. Sinom
d. Megatruh
e. Asmaradana
11. Ing ngisor iki tuladhane tembung saroja, yaiku ….
a. papa sudra
b. suryaputra
c. ingadegken
d. jalwestri
e. sepa sepi lir sepah samun

Sastri Basa / Kelas 10 137


12. //dhaharira mangke pait getir/ibu nira rumeksa ing sira/nora ketang turu
samben/nora ketang turu samben/tan ketang komah uyuh/gupak tinja dpun
lampahi/lamun sira wawratana/tinatur pinangku/cinawikan ibu nira/dipun dusi
esuk sore nganti resik/lamun luwe dinulang//
Pranyatan kang bener saka tembang Dhandhanggula ing dhuwur yaiku ….
a. Bapak tansah sabar rina wengi ngancani Ibu ngopeni putrane.
b. Yen bayi nangis enggal diganteni popoke lan didulang dening Ibu.
c. Bayi iku yen maem karo tinatur lan pinangku supaya cepet gedhe.
d. Bapak nganti komah uyuh lan gupak tinja supaya si bayi ora nangis.
e. Ibu dhahare tarak, sare ora jenak, kabeh mau kanggo putrane.

Kanggo nomer 13-15, jangkepana tembang Dhandhanggula ing ngisor iki


manut paugeran lan tata runtut surasane!
Memanise ing urip ………………(13),
Bisa gawe tentreme bebrayan,
Tumungkul lair batine,
Aja ladak gumunggung,
sabar nrima ………… ati (14),
sumeh manis esemnya,
saben dintenipun,
Ora gampang …………...(15),
Ati tentrem rinasa rina lan wengi ,
Becik padha estokna.
13. a. ayem
b. ayem tentreme
c. tentreme
d. kesengseme
e. memanise
14. a. tulusing
b. tumus sajrone
c. tumekan ing
d. kudu tulusing
e. aneng

15. a. duwe lara gela


b. lara ati
c. mutungan
d. murang-muring
e. gawe cuwa

B. Wangsulana kang patitis!

Dhandhanggula
Parandene mangke sira iki,
138 Sastri Basa / Kelas 10
yen den wulang dhateng ibu rama,
sok balawanan ucape,
sumahir bali mungkur,
iya iku cegahen kaki,
tan becik temahira,
donya keratipun,
tan wurung kasurang-kasurang,
tembe mati sinatru dening Hyang widhi,
siniksa ing Malekat.

1. Kepriye mungguh guru gatra, guru wilangan lan guru lagune tembang ing
dhuwur? Terangna!
2. Kanggo ngerteni isine tembang Dhandhanggula ing dhuwur, gawenen
gancarane!
3. Tembang Asmaradana ini ngisor iki terangna apa pitutur luhure!
Aja turu sore kaki,
Ana dewa nganglang jagad,
Nyangking bokor kencanane,
Isine donga tetulak,
Sandhang kalawan pangan,
Yaiku bageyanipun,
Wong melek sabar narima.
Kanggo nomer 4 lan 5 gatekna pethikan serat Wulang Sunu ing ngisor iki!
Nora eca dahar lawan guling,
ibu nira rumeksa ing sira,
dhahar sekul uyah bae,
tan ketang wejah luntur,
nyakot bathok dipunlampahi,
saben ri mring bengawan,
pilis singgul kalampahan,
ibu nira rumeksa duk sira alit,
mulane den rumangsa.
4. Terangna apa sing dikarepake karo : dhahar sekul uyah bae, tan ketang wejah
luntur, nyakot bathok dipun lampahi- ? Terangna panemumu!
5. Piwulang apa sing bisa kajupuk saka tembang Dhandhanggula ing dhuwur?

Sastri Basa / Kelas 10 139

You might also like