You are on page 1of 7

SOAL PAS BAHASA JAWA XII

MULTIPLE CHOICE

1. Babon cariyos wayang menika wonten kapendhet saking India. Wonten Ramayana kaliyan
Mahabarata. Ingkang nganggit cariyos Ramayana inggih menika….
A. Empu Walmiki / Balmiki
B. Begawan Byasa / Wiyasa
C. Empu Prapanca
D. Empu Panuluh
E. Empu Sedah

ANS: A

2. Wonten ing ngandhap menika, ingkang boten kalebet tegesipun wayang inggih menika….
A. Gegambaraning jalma
B. Wayahipun sholat
C. Panggenan utawa prantara
D. Panggenan utawi prantara saking Gusti ingkang hakarya jagad.
E. Panglipur kagem jalma

ANS: E

3. Nalika mirsani wayang, saged mendhet dudutan utawi piwulang luhur saking cariyos wayang
ingkang dipunbabar. Menika trep kaliyan fungsi wayang minangka….
A. Panglipur
B. Hiburan
C. Medhia dakwah
D. Pendidikan
E. Tuntutan

ANS: D

4. Wayang ingkang boten kalebet jenis wayang purwa inggih menika….


A. Wayang Thengul
B. Wayang Kulit Purwa
C. Wayang Krucil
D. Wayang Golek Menak
E. Wayang Beber

ANS: E

5. Wayang ingkang salah setunggal lakonipun Jaka Kembang Kuning kaliyan Dewi Sekartaji
inggih menika wayang….
A. Wayang Thengul
B. Wayang Beber
C. Wayang Kulit Purwa
D. Wayang Golek
E. Wayang Krucil

ANS: B

6. Wayang ingkang dipunsungging banjur dipunbeber, inggih menika wayang….


A. Wayang Golek
B. Wayang Thengul
C. Wayang Beber
D. Wayang Krucil
E. Wayang Purwa Gedhog

ANS: C

7. Wayang Purwa Gedhog adatipun mendhet lakon….


A. Raden Panji Inu Kertapati kaliyan Dewi Sekartaji
B. Amir hamzah
C. Babad
D. Rama Shinta
E. Kurawa

ANS: A

8. jenis wayang menika dipunwastani ….


A. Wayang Golek
B. Wayang Menak
C. Wayang Purwa
D. Wayang Krucil
E. Wayang Potehi

ANS: D

9. Wayang ingkang dipunparagakaken kaliyan tiyang kanthi njoged sarta dipungameli, inggih
menika wayang….
A. Wayang Wong
B. Wayang Betawi
C. Wayang Golek
D. Wayang Krucil
E. Wayang Betawi

ANS: A

10. Wayang ingkang asringipun mendhet cariyos Damarwulan inggih menika wayang….
A. Wayang Gedhog/Klithik
B. Wayang Potehi
C. Wayang Wahana
D. Wayang kancil
E. Wayang golek

ANS: A
11. Kumbakarna menika satriya paes diyu. Tegesipun tembung paes diyu ...
A. Dedegipun inggil
B. Pawakanipun ageng-inggil
C. Wujudipun buta
D. Watakipun kados buta
E. Praupanipun bagus
ANS: C

Kacarita, Dewi Sukesi nganakaké sayembara sing sapa bisa ngudhar Sastra Jendra Hayuningrat,
yèn wadon bakal dadi sedulur sinarawèdi, yènta putra dadi garwané. Resi Wisrawa saguh lan kasil
mbabaraké Sastra Jendra hayuningrat marang Dewi Sukesi. Bab mau ndadèkaké gègèring kayangan
kadewatan, sebab sastra mau klebu laranganing dewa. Bathara Guru lan Dewi Uma banjur mudhun
manjing anèng badané Wisrawa lan Sukesi, mula dadi kontak asmara kang ora samesthiné kalakon.
Sukesi ngandhut banjur nglairaké Rahwana, Kumbakarna, Sarpakenaka, lan Wibisana minangka
pralambang nepsuné Wisrawa lan Sukesi. Ngerti kedadeyan mau, Arya Jambumangli minangka senopati
perang andalan Alengka kang satemené tresna marang Sukesi dadi duka. Satemah dadi perang tandhing
Wisrawa lawan Jambumangli. Jambumangli kasor, ditugel-tugel dening Wisrawa. Sadurungé mati,
Jambumangli nyupata yèn bésuk bakal kalakon salah sawijining putra Wisrawa
bakal nemahi lelakon kang padha. Ing crita Ramayana sawijining putra Wisrawa kang nemahi lelakon
mau ora liya ya mung Kumbakarna.

12. Kumbakarna menika putranipun sinten….


A. Resi Burisrawa lan Dewi Sukesi
B. Resi Suwanda Geni lan Dewi Pertiwi
C. Resi Wisrawa lan Dewi Sekartaji
D. Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi
E. Resi Suwanda Geni lan Dewi Sukesi
ANS: D

13. Kumbakarna menika awujud denawa, tegesipun


A. Garudha
B. Buta
C. Manuk
D. Munyuk
E. Manungsa
ANS: B

14. Kacarita, Dewi Sukesi nganakaké sayembara sing sapa bisa ngudhar Sastra Jendra
Hayuningrat, yèn wadon bakal dadi sedulur sinarawèdi.
Tembung ingkang kacithak kandel tegesipun ....
A. garwa
B. semah
C. rayi
D. sedherek caket
E. sedherek tebih
ANS: D

15. Piwulang budi pekerti ingkang saking paraga kumbakarna inggih menika ....
A. sanajan awon wujudipun kedah tetep sinau
B. sanajan putra resi, kedah tumindak sae
C. kedah belani bebener
D. kedah mblenjani tumindak sae
E. Kedah bela tuindak ingkang grusa – grusu
ANS: C

Raden Gathotkaca, satriya ing Pringgadani, putrane Raden Werkudara


karo dewi Arimbi. Sebutan liyane Bambang Tetuka, Kacanegara, Senaputra,
Bimasuta, Arimbatmaja, Krincingwesi. Gathotkaca kondhang satriya otot
kawat balung wesi, bias mabur tanpa swiwi amarga nganggo kotang
antrakusuma, nganggo caping basunanda, sing dayane yen panas ora
kepananes, yen udan ora kodanan. Tandange Raden Gathotkaca trengginas
kaya sikatan nyamber walang.

16. Raden Gathotkaca menika putranipun ....


A. Raden Sadewa lan Dewi Arimbi
B. Raden Nakula lan Dewi Arimbi
C. Raden Yudhistira lan Dewi Arimbi
D. Raden Janaka lan Dewi Arimbi
E. Raden Bima lan Dewi Arimbi
ANS: E

17. Ingkang boten kalebet sebatanipun Raden Gathot kaca inggih menika....
A. Bambang Tetuka
B. Kacanegara
C. Senaputra
D. Bimasuta
E. Bambang Atmaja
ANS: E

18. Saged mabur tanpa elar awargi ngagem ....


A. Caping Basunanda
B. Otot Kawat
C. Kotang Antrakusuma
D. Balung Wesi
E. Krincing Wesi
ANS: C
19. Tandange Raden Gathotkaca trengginas, kaya sikatan nyamber walang. Ukara ingkang
kacithak kandel tegesipun ....
A. alon
B. galak
C. kesed
D. cepet
E. sabar
ANS: D
20. Cariyos Dasamuka nyulik Dewi Sinta, kaandharaken wonten ing Kitab …
A. Ramayana
B. Mahabharata
C. Sutasoma
D. Udyoga Parwa
E. Wulang Reh
ANS: A
Prabu Puntadewa menika nata saking negari Ngamarta, putra pembayunipun
Prabu Pandhu Dewanata patutan kaliyan Dewi Kunthi Talibrata rayinipun Prabu
Salya. Prabu Puntadewa wiwit mudha taruna sampun misuwur minangka satriya
ingkang adil paramarta, sabar drana, boten nate dora, tansah welas asih, lan lila
legawa. Sinaosa asring dipunpilara sedherekipun, para Kurawa, dipunarah pati uga
garwa kinasihe, Prabu Puntadewa tansah sabar.

Sang Prabu ugi dados patuladhan minangka jejering satriya ingkang tansah mikul
dhuwur mendhem jero dhumateng tiyang sepuh ugi gurunipun. Bab menika katitik
nalika gurunipun, Resi Durna madeg dados senapatinipun Kurawa nalika perang
Bharatayuda. Nalika semanten, Prabu Puntadewa kadhawuhan supados matur dora
menawi sang Resi mundhut pirsa bab pejahipun Aswatama. Resi Durna menika
salah satunggaling guru ingkang dipuntresnani para Pandhawa, utaminipun Sang
Puntadewa. Sinaosa sampun dipunpeksa, nanging Puntadewa boten purun dora.

Nanging, kanthi iguh pratikelipun Prabu Kresna, Puntadewa wusananipun saged


ndadosaken Resi Durna pitados bab warta pejahipun sang putra, Aswatama, lan
ndadosaken penggalihanipun. Kanthi mekaten, para Pandhawa, kanthi lantaran
Dresthajumena, saged ndadosaken sang Durna pecat nyawanipun

21. Prabu Puntadewa menika nata saking negari Ngamarta, putra pembayunipun Prabu Pandhu
Dewanata kaliyan Dewi Kunthi. Tembung ingkang kacetak miring tegesipun....
A. anak mbarep
B. anak lanang
C. anak pupon
D. anak kowar
E. anak ragil
ANS: A

22.Ingkang dipunsebat Prabu Puntadewa inggih menika.....

A. Yudhistira
B. Duryudana
C. Werkudara
D. Sadewa
E. Arjuna
ANS: A

22. Miturut waosan ing nginggil, ingkang saged mejahi Resi Durna inggih menika.....
A. Salya
B. Pandhu
C. Aswatama
D. Puntadewa
E. Dhestrajumena
ANS: E
23. “Puntadewa boten purun dora.” Tembung dora tegesipun....
A. Kalah
B. Rame
C. Goroh
D. Perang
E. Lunga
ANS: C
24. Piwucal budi pekerti ingkang boten trep kaliyan cariyos ringgit menika, inggih menika.....
A. Manungs a menika kedah sabar saking pacoban menapa kemawon
B. Dados manungsa menika kedah tumindak ingkang jujur
C. Minangka putra kedah saged njagi drajatipun tiyang sepuh
D. Tiyang ingkang jujur menika saged dados lantaraning pati
E. Satriya menika kedah kurmat dhumateng gurunipun
ANS: D
25. “Sang Prabu ugi dados patuladhan minangka jejering satriya ingkang tansah mikul dhuwur
mendhem jero.”Unen-unen mikul dhuwur mendhem jero tegesipun....
A. Tansah nyengkuyung kekajenganipun tiyang sepuh lan guru
B. Tansah suka pitulungan dhumateng tiyang sepuh lan guru
C. Tansah junjung drajating tiyang sepuh lan guru
D. Tansah junjung karsaning tiyang sepuh lan guru
E. Tansah damel remening tiyang sepuh lan guru
ANS: C

Ramawijaya

Ramawijaya menika putranipun Prabu Dasarata, nata Ayodya, saking


garwa prameswari Dewi Sukasalya. Ramawijaya gadhah sedulur tiga,
Laksmana, Bharata, lan Satrugna. Garwanipun Rama asesilih Dewi
Sinta, putri kedhaton Mantili ingkang kaloka kasulistyanipun.
Sasampunipun krama kaliyan Dewi Sinta, Rama badhe winisuda dados
ratu ing Ayodya, nanging meksa boten kaleksanan awit saka
panyuwunanipun Dewi Kekayi. Dewi Kekayi ngandharaken menawi
ingkang kedah dados ratu wonten Ayodya inggih menika putranipun
ingkang nama Bharata, lan Rama kedah nindakaken ukum buwang
dhateng wana. Bab menika kala wau ingkang ndadosaken
penggalihipun sang Nata nandhang sungkawa lan wusananipun dados
jalaran sedanipun. Pungkasanipun, Rama, lan Sinta kadherekaken
Laksamana lajeng nindakaken ukum buwang wonten wana Dhandhaka.
Wonten papan menika Sinta kadhusta dening ratuning buta ingkang
nama Rahwana. Sinta cinidra lajeng dipunbekta dhateng kraton
Alengka. Rama lan Laksmana, kanthi dipunbiyantu dening para wanara
kawulanipun Sugriwa, kanthi dipunpandhegani dening sang satriya
wanara seta ingkang kaloka kanthi peparab Anjaniputra,
pungkasanipun Alengka kawon. Rama lan Sinta saged nyawiji malih lan
peputra kalih, Kusa lan Lawa.

26. “... kanthi dipunpandhegani dening sang wanara seta.....”,Tembung wanara seta mengku
teges.....
A. kethek awarni cemeng
B. kethek awarni pethak
C. kethek awarni abrit
D. kethek awarni jene
E. kethek ingkang sekti
ANS: B

27. Saking waosan wonten nginggil, ingkang njalari sedanipun Prabu Dasarata inggih menika.....
A. Rama, Sinta, lan Laksamana katundhung saking kraton Ayodya nindakaken ukum buwang
B. Dewi Kekayi dipunukum buwang dhateng wana Dhandhaka
C. Dewi Sinta saking Mantili dados garwanipun Rama
D. Dewi Sinta cinidra dening Rahwana
E. Bharata dados ratu ing Ayodya
ANS: A

28. “Ing papan menika Sinta kadhusta dening ratuning buta ingkang nama Rahwana”. Tegesipun
tembung kadhusta ing nginggil inggih menika....
A. dipundherekaken
B. dipunsubya-subya
C. dipunpendhet kanthi sesidheman
D. dipuntresnani
E. dipunpejahi
ANS: C

29. Pitutur ingkang saged dipunpendhet saking waosan ing nginggil kados kaandharaken
ngandhap menika, kejawi....
A. kedah tresna dhateng sedherek
B. ingkang sabar nindakaken sedaya pacoban
C. sampun dados manungsa ingkang awatak culika
D. ingkang remen ngumbara dhateng wana supados sekti mandraguna
E. tumindak angkara wusananipun bakal sirna dening kabecikan
ANS: D

30. Putra cacah satus saking Prabu Dèstarastra kalihan Dèwi Gandari ingkang kawastanan
Kurawa, salah satunggalipun inggih menika èstri, ingkang katelah
A. Dèwi Drupadi
B. Dèwi Sumbadra
C. Dèwi Dursilawati
D. Dèwi Srikandhi
E. Dèwi Kunthi
ANS: B

You might also like