You are on page 1of 4

ِ ‫ال َّسالَ ُم َع َل ْي ُك ْم َو َرحْ َم ُة‬

‫هللا َو َب َر َكا ُت ُه‬


ِ ‫صاَل ةُ َوال َّساَل ُم َع َلى َأ ْش َر‬
‫ف‬ َّ ‫ َوال‬، ‫هلل َربِّ ال َعا َلـ ِمي َْن‬ ِ ‫الـحمْ ُد‬ َ
‫ُـح َّم ٍد َو َع َلى آلِ ِه‬ َ ‫ َن ِب ِّي َنا َو َح ِبي ِْب َنا م‬، ‫اَأل ْن ِب َيا ِء َوالـمُرْ َسلِي َْن‬
، ‫ْن‬ِ ‫ان ِإ َلى َي ْو ِمال ِّدي‬ ٍ ‫ َو َمنْ َت ِب َع ُه ْم بِِإحْ َس‬، ‫صحْ ِب ِه َأجْ ـ َم ِعي َْن‬ َ ‫َو‬
‫َأمَّا َبعْ ُد‬
Dumateng Dewan Yuri ingkang kulo bekteni
Poro tamu Undangan ingkang dhahat kinurmatan
Rencang-rencang ingkang kulo tresnani
Muji syukur dhumateng Gusti ingkang Moho Agung, ingkang sampun
ngluberaken barokah soho pitedah, sehinggo kito saged makempal wonten ing
acara “Lomba Pidato Bahasa Jawi” kanti kahanan sehat wal afiat.
Sholawat soho salam kaaturaken dhumateng junjungan kito Nabi Agung
Muhammad SAW mugi-mugi mbenjang kito ing dinten kiyamat keparingan
syafangatipun, Allohumma aamiin.
Sagung para rawuh ingkang sinuba ing pakurmatan. Sederenge kawolu
matur, kawulo kanthi lembah manah badhe ngenalaken piyambak. Nami kawulo
Akas Zuhair Chusnu Yustisia saking MI Ma’arif NU Pliken.
Sak lajengipun kawulo badhe ngaturaken satunggaling sesorah kanthi irah-
irahan “ CINTA NKRI”.
Cinta NKRI meniko raos kebanggaan, raos nggadhahi, raos ngaosi, uga
kagungan loyalitas dhumateng nigari panggenan piyambakipun tilar, rela nglabeti
demi kawigatan bangsa uga nagarinipun. Nresnani adat utawi budaya ingkang
wonten, ugo nglestantunaken alam ugo lingkungan sawentawisipun.
Bapak ibu guru ingkang kinurmatan soho rencang-rencang ingkang begya
mulya. Kitho sebagai pelajar tetep saged nunjukkaken sikap tresna dhateng nigari
inggih meniko kanthi coro : Sinau kaliyan telaten, supados saged nderek ngenger
lan ugo mungu nigari, supados nigari kitho mboten Kantun saking Bangsa
sanesipun.
Wonten jaman sakniki sampun kathah “Pengikisan Kebangsaan Nasionalisme”
meniko dipun sebabaken kathah kawulo mudho ingkang nglalekaken jatidirinipun
dados warga Indonesia. Para kawulo mudha langkung condhong dateng pergaulan
Barat, ingkang dugi saking medsos, media cetak, elektronik ingkang arupi: acara
televisi, majalah, serat kabar lan teksih kathah ingkang remen mundhut produk luar
negari amargi reginipun langkung mirah ugo kwalitasipun langkung sae.

Bapak ibu guru rencang-rencang sebangsa setanah air.


Masalah meniko saged dipun icalaken lan saged diwangsulaken inggih meniko
kaliyan salah sawijining cara antawisipun:
- Remen mundhut barang-barang produk Indonesia
- Menghormati jasanipun poro pahlawan lan poro pejuang kados dene tindhak
dateng musium-musium Nasional, monumen-monumen pejuang lan
sanesipun.
Kawulo raos kegiatan meniko saged ndatangaken perubahan lan saged
mangsulaken utawi nguataken rasa nasionalisme kitho sedanten.
Bapak ibu guru ingkang kinurmatan soho rencang-rencang ingkang begya
mulya.
Sakmeniko kitho sedoyo sampun wonten ing masa kemerdekaan, kitho sedoyo
mboten dipun tuntut nggelung senjata ugo majeng ing peperangan. Nanging kedah
kitho emuti, menawi negari kesetunggalan Republik Indonesia tetep sowani
rongrongan ugo ancaman. Sereh dinten meniko kitho sedoyo kedah ngaji sowani
samukawis bentuk rongrongan ugo ancaman demi kawigatian Bangsa lan negari
Republik Indonesia.
Sagung poro rawuh ingkang begya mulya.
Lumantaring atur wonten kesempatan meniko,kawulo mboten segan-segang
ngemutaken raos cinta NKRI tumprap pribadi kulo piyambak, soho poro rawuh
sedoyo kados doa Nabi Ibrohim As
.

‫ َربِّ اجْ َع ْل َه ٰـ َذا ْال َب َلدَ آ ِم ًنا َواجْ ُن ْب ِنيـ َو َبنِيَّ َأنْ َنعْ ُب َد اَأْلصْ َنا َم‬.
Rencang-rencang ingkang kawulo tresnani.
Kanthi raos cinta NKRI meniko kawulo yakin, “Bangsa Indonesia Tercinta”. Bakal
dados satunggaling bangsa ingkang kagungan kepribadian unggul soho penduduk
ingkang saged njunjung nilai-nilai kebangsaan. Kanti mekaten, negari kito mboten
gampil dipun adu domba soho mboten gampil nampi kebudayaan sanes ingkang
sebrangan kalih keyakinan Negari Indonesia tercinta.
Kangge nguataken cinta NKRI kitho monggo nyanyi sareng-sareng nggih.
“Sholatoloh salamuloh
Ngala toha Rosulillah
Sholatulloh salamulloh
Ngala yasiin habibillah
“Indonesia iku bangsa kita
Indonesia tanah air kita
Indonesia kebanggaan kita
NKRI harga mati
“Indonesia kebanggaan kita
Kita kabeh tresna maring Indonesia
Gendera abang putih kita
NKRI harga mati.
Dados generasi enem, kitho, kulo lan panjenengan kedah ngorbanaken raos tresna
NKRI kalih wantun bertaruh nyawa demi kawilujengan bangsa puniki, kados ingkang
wonten lampahipun para pahlawan ingkang sampun gugur. Saderengipun
mengakhiri pidato puniki kawula berpantun.
Mlampah-mlampah dhateng kotha kediri,
Pulangipun ngasto cenderamata
Mangga nepangi dhiri sendiri,
Supados thukul tresna wonten manah kitha
Pungkasaning atur, mekaten ingkang saged kawulo aturaken.
Kupat disiram santen menawi lepat nyuwun ngapunten

ِ ‫َوال َّسالَ ُم َع َل ْي ُك ْم َو َرحْ َم ُة‬


‫هللا َو َب َر َكا ُته‬

You might also like