You are on page 1of 1

Assalamualaikum Warahmatulahi Wabarakatu...

Ingkang kawulo urmati Bapa RW 01 Dk. Majegan


Ingkang kawulo urmati Bapa BPD RW 01
Ingkang kawulo urmati Bapa Takmir Masjid RW 01
Ingkang kawulo urmati Ketua Panitia Pengajian
Maulid Nabi
Ingkang kawulo urmati lan kula tresnani Jamaah
Masjid Al Amin Dk. Majegan

Sepindah, monggo sami nderekaken puji syukur


dumateng Allah Maha Kuwaos ingkang kanthi
kathah nikmat barakahipun kito sedoyo saget
kumpul dalu menika wonten ing acara Pengajian
mapan ing Masjid AL Amin Dukuh Majegan

Kaping kalih, kawulo ngaturaken sugeng rawuh


dumateng sedaya poro rawuh jamaah pengajian.
Kawulo minangka talanging atur Bapa Ketua Panitia
inggih menika Bapa Andi Kristanto ngaturaken
panuwun ingkang kathah sanget kersa ndumugeni
pepanggihan ingkang sae ing dalu puniko, wonten
ing Masjid Al Amin Dk. Majegan.

Bapak/Ibu Jamaah Masjid Al Amin ingkang kawula


hormati,

Mugi acara punika mampu dadosaken kito sekalian


tansah eling dateng Gusti ugo saget dadosaken kita
sekalian pribadi ingkang takwa dumateng Allah
ingkang Maha Kuwaos.

Salajengipun, mbok bilih menawi anggen Panitia


nyambut panjenengan sedoyo, nyiapaken papan
panggenan ugi sak mangke unjukan kalebet ubo
rampenipun wonten ingkang kirang mranani
panggalih poro jamaah ing dalu punika, nyuwun
agunging manah poro rawuh, kersaa maringi
pangapunten.

Mbok bilih cekap semanten atur kula ing dalu


punika. Menawi wonten klenta klentunipun kulo
matur, nyuwun agunging pangapunten.

Akhirul kalam
Wassalaamu’alaikum wa rahmatullaahi wa
barakaatuh

You might also like