You are on page 1of 3

PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA BAB KARNA MADEG SENAPATI

KELAS V SDN GEBANG SEMESTER 1 2022/2023

Nama : Kelas :
No Absen : Hari/Tanggal :
I. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe wangsulan kang trep!
1. Sajroning gelaran wayang bisa lumaku amarga dilakokake dening …
a. Waranggana c. Sindhen
b. Niyaga d. Dhalang
2. Garwane Werkudara yaiku …
a. Dewi Arimbi c. Dewi Surtikanti
b. Dewi Sumbadra d. Dewi Ulupi
3. Watake para satriya Pandhawa yaiku …
a. Becik lan seneng goroh c. Becik lan luhur
b. Murang tata d. Dengki srei
4. Gelaran wayang kulit ing tlatah Jawa wis ngalami owah-owahan. Salah siji
tuladhane yaiku anane paraga Semar, Gareng, Petruk, Bagong kang kaaran …
a. Puntadewa c. Punakawan
b. Pandhawa d. Kurawa
5. Pandhawa iku putrane Pandhu Dewanata kang duwe sedulur saka kakange Pandhu
Dewanata yaiku Drestarastra kang cacahe …
a. 10 c. 5
b. 100 d. 50
6. Putrane Puntadewa yaiku …
a. Gathotkaca c. Antasena
b. Antareja d. Pancawala
7.
Gambar wayang ing siseh iki jenenge ….
a. Adipate Karna
b. Gathotkaca
c. Puntadewa
d. Arjuna
8. Pandhawa iku cacahe lima. Pandhawa sing kembar, yaiku …
a. Arjuna lan Werkudara
b. Nakula lan Sadewa
c. Puntadewa lan Arjuna
d. Puntadewa lan Nakula
9. Bharatayuda dumadi amarga Pandhawa lan Kurawa rebutan …
a. Astina c. Awangga
b. Sawojajar d. Amarta
10. Tokoh Pandhawa iku ana ing lakon crita …
a. Tripama c. Mahabharata
b. Ramayana d. Brubuh Alengka
II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!
1. Adipati Karna madeg senapati ing pihak ….
2. Arjuna iku satriya ing …
3. Garwane Adipati Karna yaiku …
4. Sanjata Kuntawijayadanu iku pusakane ….
5. Pandhawa iku cacahe ana ….

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep lan bener!
1. Sebutna 5 cacahe Pandhawa!
2. Ing Bharatayuda, Adipati Karna gugur dening sapa lan kanthi gaman apa?
3. Sapa bae jeneng putrane Dewi Kunthi lan Pandhu Dewanata?
4. Tulisna dasanamane Adipati Karna!
5. Sebutna pusakane Raden Arjuna!

Kunci Jawaban Bahasa Jawa Karna Madeg Senapati


I.
1. D
2. A
3. C
4. C
5. B
6. D
7. A
8. B
9. A
10. C

II.
1. Kurawa
2. Madukara
3. Dewi Surtikanti
4. Adipati Karna
5. Lima / 5
III.
1. Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, Sadewa.
2. Adipati Karna gugur dening Arjuna kanthi gaman panah Pasopati.
3. Puntadewa, Werkudara, lan Arjuna.
4. Basukarna utawa Suryaputra.
5. – keris Pulanggeni
- Panah Pasopati
- Panah Sarotama

You might also like