You are on page 1of 4

BAHASA JAWA KELAS XI SEMESTER 2

WULANGAN 5

TEMBANG MACAPAT

A. MBABAR WAWASAN
Kabudayan Jawa umure wis ewon taun. Salah sijine yaiku kesenian sing awujud tembang. Seni tembang ing kabu
dayan Jawa kasebut ngandhut unsur estetis, etis, lan historis. Unsur estetis utawa kaendahane seni tembang yai
ku dulce et utile sing tegese nyenengake utawa migunani. Nilai rekreatif tembang bisa nyenengake pikiran sing l
agi bingung dadi ayem tentrem. Nilai utilitaris tembang sing gandheng karo gunane tembang ana praktik ritual m
asyarakat Jawa. Umpamane, ajegan macapatan, panembrama, ura-ura, lan gegendhingan, nuduhake menawa se
ni tembang tansah diuri-uri murih lestari.

Nilai etis utawa kasusilan awujud tata krama, unggah-ungguh, budi pakerti, wejangan, wedharan, sopan-santun,
pranatan, lan duga prayoga. Mula akeh banget kitab-kitab Jawa kang ngonceki babagan unsur etis mau

B. STRUKTUR TEKS TEMBANG MACAPAT


a. Paugeran tembang macapat, yaiku :
 Guru gatra : cacahing wilangan larik / gatra saben pada (basa Indonesia: bait).
 Guru wilangan : cacahing wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
 Guru lagu : tibané swaraing pungkasaning saben gatra.

Panyekaring tembang macapat menika temtunipun kedah kaselarasaken kaliyan titi laras (notasi), lar
as, saha pathetipun gamelan. Dénéurut-urutanipun sekar macapat menika sami kaliyan lampahing m
anung sasaking jabang bayi abang dumugi tumekaning pejah. Mungguh urut-urutanipun sekar, kados
ta mekaten:

•  Maskumambang    : Gambaranipun jabang bayi ingkang taksih wonten ing kandhutan ibunipun, dè
rèng kawruhan  jalèr utawi èstri. Mas tegesipun dèrèng ningali kakung utawi èstri, kumambang tegesi
pun gesang ngambang wontening kandhutan ibunipun.

•  Mijil : tegesipun sampun miyos saha cetha kakung utawi èstri.

Kinanthi :Saking tembung kanthi utawi tuntun ingkang ateges dipuntuntun supados saged mlampah
ngambah panguripaning alamn donya.

•  Sinom : tegesipun kanoman, minangka kalodhangan ingkang paling wigati kanggenipun tiyang ano
m supados saged ngangsu kawruh sakathah-kathahipun.

•  Asmarandana  :  Ateges  rasa   tresna, tresna  marang   liyan (jalèr saha   èstri saha   kosokwangs
ulipun) ingkang sedaya wau sampun dados kodrat Ilahi.

•  Gambuh : Saking tembung jumbuh / sarujuk ingkang ateges bilih sampun jumbuh / sarujuk lajeng d
ipungathukaken antawisipun kakung saha jaler ingkang sami-sami nggadahi raos tresna wau, ing pan
gangkah supados saged agesang bebrayan.

•Dhandhanggula : Nggambaraken gesangipun tiyang ingkang saweg remen, menapa ingkang dipun


gayuh saged kasembadan. Kelakon gadhah sisihan / kulawarga, gadhah putra, gesang cekap kangg
é  sakulawarga.  Pramila   menika  tiyang  ingkang  saweg  bungah/ bombong penggalihipun, saged d
ipunwastani sekar dhandhanggula.

•Durma : Saking tembung darma / wèwèh. Tiyang bilih sampun rumaos kacukupan gesangipun, banj
ur tuwuh raos welasasih marang kadang mitra sanèsipun ingkang saweg nandhang katresnan, pramil
a banjur  tuwuhraos kekarepan darma/wèwèh marang sapadha-padha. Sedaya  wau  dipunsengkuyu
ng  ugi  saking  piwulangipun  agami  saha  watak  sosialipun manungsa.

•  Pangkur : Saking tembung mungkur ingkang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. ingkang
dipunpenggalih kekarepan tansah wèwèh marang sapadha-padha.

•Megatruh  : Saking tembung megat roh utawi pegatrohipun /nyawanipun, awit sampun titiwancinipun
katimbalan marak sowan mring Sang Maha Kawasa.

•Pocung          : Bilih sampun dados layon/mayit banjur dipunbungkus mori putih utawi dipocong sadè
rèngipun kasarèkaken.

JENENGE TEMBAN guru gat guru lagu lan guru wilangan


NO
G ra 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10
1 maskumambang 4 12i 6a 8i 8a            
2 Pocung 4 12u 6a 8i 12a            
3 Megatruh 5 12u 8i 8u 8i 8o          
4 gambuh 5 7u 10u 12i 8u 8o          
5 Mijil 6 10i 6o 10e 10i 6i 6u        
6 Kinanthi 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i        
7 Durma 7 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i      
8 Pangkur 7 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i      
9 Asmarandana 7 8i 8a 8e/o 8a 7a 8u 8a      
10 Sinom 9 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a  
11 Dhandhanggula 10 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a

b. Sekar macapat dhuweni watak dhewe-dhewe, kaya ing ngisor iki:


1. Dhandhanggula  : ngresepake, kewes, luwes. Mathuk kanggo nggambarake rasa apa bae, pitutur, mbabar rasa su
sah lan uga kanggo pambuka gendhing
2.      Sinom                        : canthas, ethes, grapyak. Prayoga kanggo aweh pitutur, sok uga kanggo gandrung.
3.      Pangkur                     : sereng, nepsu, kejem, nantang. Mathuk kanggo pepenget, uga kanggo suka pitutu
r/piwulang kang dhuwur.
4.      Asmaradana               : sengsem, sedhih, prihatin ing asmara. Gunane mratelakake rasa susah karana asmara.
5.    Durma                        : nesu, galak, muring, muntab. Mathuk kanggo medharake rasaning ati kang nesu/gregede
n, utawa kanggo carita perang.
6. Kinanthi : seneng, tresna lan asih. Mathuk kanggo ngemu rasa katresnan, uga mituturi kanthi rasa tresna.
7.     Mijil                           : wetuning rasa, mituturi. Kanggo carita kang ngemu rasa kasedhihan/pangudhar rasa
prihatin, pitutur kang melas asih, utawa kanggo gandrung.
8. Megatruh                   : trenyuh, memelas, gela kang mbangeti, getun, prihatin. Mathuk kanggo carita kang ngemu
rasa susah.
9.     Gambuh                     : wani wanuh, kulina lan rumaket. Mathuk kanggo aweh pitutur utawa sesorah kan
ggo ngelingake tumindake manungsa/ mulang muruk.
10. Maskumambang        : prihatin, nalangsa utawa keranta-ranta, ngeres-eresi. Mathuk kanggo nggambarake ras
a susah karanta-ranta
11. Pocung                       : sakpenake, kendho tanpa greget, sembrana. Gunane kanggo guyonan, cangkriman, pitutur,
uga mathuk kanggo crita kang sakpenake

c. Laras lan pathet macapat


Laras yaiku urut-urutane swara wiwit saka sing paling gedhe nganti sing paling cilik tetep lan runtut swarane
/ angka pinangka gantine swara gamelan supaya bisa beda ing antara wilahan gamelan siji lan sijine.
Laras kaperang dadi 2 yaiku laras slendro lan laras pelog.
Laras slendro luweh tuwa tinimbang laras pelog.
Laras slendro duweni 5 laras, yaiku : barang, janggi, dhadha utawa tengah, gangsal, lan enem.

Titi laras slendro : 1 2 3 5 6 1


Ji ro lu mo nem ji ( slendro )

Laras pelog iku uga nduweni 5 laras kang arane padha ing laras slendro, nanging swarane ora padha.laras bar
ang karo janggi gedhe, janggi dhadha cilik, dhadha ganggsal gedhe, gangsal enem cilik,enem barang cilik.

Titi laras pelog : 1 2 3 4 5 6 7 1


Ji ro lu pat mo nem pi ji ( pelog )

Pathet yaiku : ukuran cendhek dhuwure swara sajroning gendhing.


Tuladha : pathet 9, pathet 6, pathet manyura, pathet barang, lsp.

d. DASA NAMA
Dasa nama asale saka tembung “ dasan “ kang ateges sepuluh.” Nama “ ateges jeneng utawa aran. Dasanam
a ateges jeneng nganti sepuluh akehe darbake wong siji.
Tuladha :
1. Jeneng dasanamane, yaiku asma, aran, jejuluk, tetenger, rum-rum, wewangi
2. Misuwur dasanamane, yaiku kaloka, misuwur, kawentar, kongas, kombul, kasusra, pratita, prakasit
a, kaonang-onang
3. Wasis dasanamane, yaiku pinter, lebda, widagda, limpat, widura, wignya, guna, limpat
4. Mati dasanamane, yaiku antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, murud, palastra, seda, mancal
Donya
5. Anak dasanamane, yaiku atmaja, putra, siwi, sunu, suta, weka, yoga, tanaya

e. TEMBUNG GARBA ( SANDI )


Tembung garba yaiku tembung kang kadadeyan saka gandhengake tembung loro utawa luwih.
Tuladha :
1. Aglis = age + gelis
2. Aneng = ana + ing
3. Sireku = sira + iku
4. Araneki = arane + iki
5. Dhemenyar = dhemen + anyar
6. lsp
f. TEMBUNG KAWI
Tembung kawi yaiku tembung – tembung ing bsa Jawa Tengahan utawa jawa Kuna.
Tuladha :
1. Sira ateges kowe
2. Rinten ateges siyang
3. Ratri ateges dalu
4. lsp

TUGAS
1. Jlentrehno guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan sarta jinise tembang

Ana kidung rumeksa ing wengi

Teguh hayu luputa ing lara


Luputa bilahi kabeh
Jim setan datan purun
Paneluhan tan ana wani
Miwah panggawe ala
Gunaning wong luput
Geni atemahan tirta
Maling adoh tan ana ngarah ing mami
Guna duduk pan sirna

Dipun sami ambanting sarira nira


Cegah dhahar lan guling
darapon sudaa
Nepsu kang ngambra-ambra
Lerema ing tyas sireki
Dadi sabarang
Karsa nira lestari

Duh grawaku banowati


Sira kariya raharja
Ingsun anemahi layon
Mring becik pamomong ira
Mring para putra nira
Dhuh nyawa atmaja ingsun
Dadya kariya raharja

You might also like