You are on page 1of 9

Crita Rakyat

CRITA
RAKYAT

Crita kang asale saka rakyat, sing


dirembug babagan rakyat lang
ngembang ngrembaka ing
satengahe masyarakat wiwit
jaman biyen kang dadi ciri khase
saben dhaerah tartamtu
Titikane Crita Rakyat

Dicritakake turun-temurun

Dicritakake kanthi lisan

Akeh pasemon jroning crita

Ora ngerti sapa sing nganggit

Asipat tradhisional

Akeh versi lan variasi


Rawa
Pening

Kancil Nyi Roro


lan Baya kidul

Bandung
Bandawasa lsp
1. Fabel
Dongeng sing paragane kewan kang duwe watak wantu lan tindak tanduk
kaya manungsa. Tuladha: Kancil lan Baya
2. Legenda
Crita sing ana gegayutane karo dumadine sawijining papan panggonan, ana
gandheng cenenge karo sawijine paraga lan diyakini nate dumadi. Tuladha:
Rawa pening
3. Mite
Crita sing ana gegayutane karo kepercayaan marang bab-bab sing aneh
utawa ajaib, paragane dewa/dewi utawa manungsa sing nduweni
kaluwihan. Tuladha:Nyi Roro Kidul
4. Sage
Crita kang ana sambung rapete karo sejarah, ananging wis kacampuran
karo angen-angene manungsa satemah critane wis akeh sing geseh karo
kasunyatane. Tuladha: Bandung Bandawasa
Unsur-unsur Crita Rakyat kaperang
dadi loro
 Unsur Ekstrinsik
Unsur kang mbangun crita rakyat saka sanjabane crita. Antarane:
Agama, ekonomi, sosial, pendhidhikan, budhaya

 Unsur Intrinsik
Unsur kang mbangun crita rakyat saka njero crita.
Antarane:
• Tema
• Alur
• Paraga
• Watak Paraga
• Latar
• Amanat
Unsur Intrinsik
• Tema
 yaiku gagasan baku kanggo landhesan nganggit crita sing bisa
dijupuk saka pengalaman, panaliten, gagasan utawa pengangen-
angen.
• Alur
 yaiku lakuning crita saka awal nganti akhir.
 Jinise: alur maju, alur mundur, alur campuran
• Paraga
 yaiku tokoh sajroning crita nyakup paraga antagonis, protagonis
dan tritagonis
• Watak Paraga
 yaiku sipat utawa wewatekane para paraga
• Latar
yaiku katrangan papan, wektu lan swasana kedadeyan
• Amanat
 yaiku piweling utawa pitutur luhur kang kakandhut ing sajroning crita
Cara gawe Sinopsis
1. Teks diwaca bola-bali nganti ngerti tenan
isine
2. Nalika maca lan nemokake bakune ukara
perlu digaris ngisor
3. Bakuning ukara kasebut catheten lan
kembangna nganggo basamu dhewe
4. Gunakna basa kang gampang dingerteni lan
ora perlu nggunakake basa rinengga
5. Wacanen maneh tulisanmu lan tatanen
maneh kanthi ukara kang runtut
Maturnuwun

You might also like