You are on page 1of 10

LAPORAN BAHASA JAWA

TINGKEPAN

Disusun Oleh :
1) Vano Andrean
2) Wicky Satria Arya duta
3) Zeffa bintang
4) Sava dwi N.R
Atur Pambuka

Puji syukur dhumateng Gusti Kang Maha Kuaos, Ingkang sampun maringi rohmat lan
hidayahipun saenggo makalah niki saged dados ingkang sae. Mboten kesupen kita ngucapaken
matur nuwun ingkang katah kagem pihak-pihak ingkang sampun mbiyantu maringi sumbangan
materi kalihan pikiran.
Mugi-mugi makalah niki saged nambah pengetahuan Ian pengalaman kagem para pamaos,
sakngajengipun saged ngapiki bentuk utawi nambah isi makalahipun supados saged dados
ingkah nganti sae banget.
Amargi kekuranganipun pengetahuan lan pengalaman kita, kita yakin katah kekuarangan wonten
makalah niki. Kita nyuwun kritik Ian saranipun ingkang mbangun supados makalah niki saged
sampurno.

Bendo,25 November 2021

Penyusun

Sekretariat

ii
DAFTAR ISI
Halaman Sampul.............................................................................................................................i
Atur Pambuka..................................................................................................................................ii
Daftar Isi ........................................................................................................................................iii
BAB 1. Pambuka
A. Landhesan Panaliten.................................................................................................................1
B. Tujuan Panaliten ......................................................................................................................1
C. Guna Panaliten .........................................................................................................................1
BAB II. Isi
A. Pengertian Tedhak diten...........................................................................................................2
B. Umbarampre Upacara Tedhak Siten........................................................................................4
C. Urutane Upacara Tedhak Siten.................................................................................................5
BAB III. Penutup
Simpulan ................................................................................................................................

iii
BAB 1
PAMBUKA

A. Landasan Panaliten

Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah
umur 7 wulan utawa 6 lapan. Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan

masarakat Jawa yen lemah iku duwé makna ghoib lan dijaga Bathara kala. Kanggo nolak
kadadéan kang ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bathara
kala minangka kang njaga lemah. Anggoné nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.

B. Tujuan Panaliten
1. Ngerteni arti Tedhak Siten
2. Ngerteni piranti lan umbarampe Tedhak Siten
3. Ngerteni urutane Tedhak Siten

C. Guna Panaliten
1. Supaya ngerti Tedhak Siten iku apa
2. Supaya ngerteni tata caranipun laksanakaken Tedhak Siten
3. Amrehe Tedhak Siten saget dilestariaken lan mboten punah
4. Kagem pembelajaran

1
BAB 2
ISI

A. Pengertian Tedhak Siten

Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah
umur 7 wulan utawa 6 lapan. Upacara iki ing laladan liya ing Nuswantara uga ana,

contoné kang diarani upacara injak tanah ing laladan Jakarta déning suku Betawi utawa


uga ana kang ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan" .

Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn (saka

tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah kang siyap-
siyap nglakoni urip liwat tuntunan wong tuwa lan diadani yèn umur bocah wis

7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).

B. Umbarampe Upacara Tedhak Siten


 Pengaron kang diisi kembang setaman.
 Klasa kang isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.

2
 Kurungan, kanggo nggambaraké yèn donyané anak isih sithik utawa ciut.

 Warna-warna barang kang diséléhaké sajeroning kurungan kang nggambaraké


suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk “nafkah”, kaya ta:
1. Pari sabengket
2. Kapuk sabengket
3. Piranti nulis
4. Bokor kang diisi beras kuning
5. Warna-warna jinis dhuwit
6. “Perhiasan”
 Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
 Tangga tebu “arjuna”, yaiku tebu kang wernané ungu kang nggambaraké undhak-
undhakané urip kang arep dilakoni anak.

3
 Jadah pitung warna, ya iku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesé
kanggo ngemutaké anak yèn urip kudu waspada saka godaan warna-warna.

 Bancakan, kaya ta sega gudhangan kang dibagékake marang para tamu kang teka.

4
C. Urutane Upacara Tedhak Siten
 Tedhak jadah pitung warna
Ya iku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang diréwangi ngidak
déning ibu, jadah ditata saka warna kang padhang nganti warna kang peteng, iku kabèh
perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh alangan kang dirasakaké mengko
mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.

 Munggah andha tebu arjuna


Tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip ning donya iki bakal
manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak kang munggah tebu iku bisa duwé solah
bawa kaya déné arjuna.

5
 Kurungan

Kurungan iku pralambang urip ing donya iki, ing jero kurungan diwénéhi akèh
dolanan lan ubarampé pagawéan kaya ta kertas, gunting, pethèt lan liya-liyané, dolanan utawa
ubarampé pagawéan kang dipilih déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwé pagawéan
mau.

 Siraman

Kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga-muga bisa gawa jeneng arum kanggo kulawarga
kaya ta banyu kembang kang kanggo acara siraman anak mau.

6
BAB 3
PENUTUP

 Simpulan
Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah
umur 7 wulan utawa 6 lapan. Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan
masarakat Jawa yen lemah iku duwé makna ghoib lan dijaga Bathara kala.

You might also like