You are on page 1of 4

Ora Oleh Rame - Rame

Ing sawijining dina, aku pindah ing kost an sing cedhak karo kampusku. Aku iki
mahasiswa semester 2 lan saiki wis umur 20. Pemilik e grapyak lan lingkungane apik makane
aku milih kost ing kene. Ing kene uga ana 2 wedok sing ngekost yaiku mbak Lela lan mbak Tika
dadi aku ora dewean. Ing kene aku wis oleh kamar mandi jero lan kamar sing yo… ora pati cilik
lah, cukup kanggo siji wong. Ing kost iki uga ora ana peraturan sing aneh-aneh. Intine aku
sueneng oleh kost ing kene. Wis murah, lingkungane apik, sing due grapyak, ana kanca sing
padha ngekost pisan, beuh beuhh wis cocok banget lah.

Jenenge mahasiswa yen ora mulih bengi ora afdol. Bener aku mesti mulih bengi lan
kabeh wis padha turu, dalan uga padha sepi. Aku lak melbu kost wis kaya maling amarga saking
sepi e, untung wae ibu kost iki durung turu. Aku takon ing ibu kost “bu, wis bengi sampean kok
durung turu kenopo?”. “ora kenopo kenopo, Mbak. Wis sampean langsung munggah ae, aku
ancene durung ngantuk kok.” Jare ibu kost. Aku munggah tangga karo mbatin “ora ngantuk
apane bu… bu… mripate sampean wis kari 5 watt ngunu”. Aku yo ora peduli karo jam turune ibu
kost banjur tutuk kamar aku langsung resik-resik awak lan turu.

Isuk e mbak Lela lan aku dijak sarapan bareng karo ibu kost, amarga ibu kost iki maeng
ora due bojo. Mbak Tika wis budal isuk mau amarga jare ana tugas sing kudu dikumpul
sakdurunge jam 7. Yowis banjur aku lan mbak Lela sarapan bareng, dino iki ibu kost masak
jangan asem lan dadar jagung. Aku sing paling semangat sarapan amarga wingi bengi aku
durung mangan. Sabanjure iku mbak Lela budal dhisiki, aku lanjut turu amarga kelasku mulai e
siang jam 11.

Pas arepe budhal ngampus aku pamit ing ibu kost sing lagi ndeleng tv “buk kula pamit
nggih”. Ibu kost banjur ngadek lan ngomong “eh sik mbak, aku arep takon sampean bengi mau
krungu wong gedor-gedor opo ora”. Aku yo bingung wong aku ora krungu apa apa, turuku yo
tanek enak banget. Maringunu aku bajur njawab “lha suoro napa bu? Kula ora krungu niku.
Paling tonggo sebelah bu, kamar kula kan ing tengah coba ibu takon ing mbak Lela lan mbak
Tika.”. “oooo yawis mengko ibu takon ing mbak mbak mu iku. Yawis kowe ati ati yo” ibu kost
jawab. “nggih bu assalamualaikum” pamitku. Rai ne ibu kost garai aku mikir, koyoke temenan
ana suoro nanging aku ora krungu. Ah tapi aku ora urus, aku cepet cepet budhal amarga wis
arep telat.

Kaya biasane aku yo mulih bengi jam 10 an, aku disambut eneh karo ibu kost seng
durung turu lan lagi ngombe teh. “wis mulih mbak?” takon ibu kost. “sampun bu, lho ibu kok
durung turu kenopo?” aku takon amarga ibu kost kaya e wis ngantuk banget, sampe ngisor
mripate ana warna ireng, aku kan yo mesakake delok e. Ora iku tok rai ne yo kaya wong
keweden ngunu, aku kan tambah bingung padahal gaono apa apa. “iku lo mbak sampean apa
ora krungu suorone?” ibu kost takon nyambi ngombe teh. “suoro napa nggih bu, kula ora
krungu napa napa”. “niku lo mbak ana sing nyeluk-nyeluk ibu teka dukur” ibu kost ngomong e
karo gemeteran. Aku banjur munggah tangga lan delok keadaan kamar e mbak Lela lan mbak
Tika. Sepi ora ana apa apa, kaya e mbak Lela durung mulih, lan mbak Tika wis turu. Aku mudun
maneh marani ibu kost “mboten wonten napa napa kok bu, ibu kurang sare kaya e, ayo tak
terno ing kamar wae”. Ibu kost ora ngomong apa apa, wonge kaya wis linglung dan melu aku
menyang kamar. Sabanjure ngirim ibu kos ting kamare, aku banjur mendukur lan ngerungokake
sapa sing celuk-celuk ibu kost. Aku sadar yen suasanane lantai 2 iki pancen rada medeni yen
bengi. Nanging aku ora wedi marang ngunuan lan lanjut melbu kamar wae.

“AAAAAAAA”

Aku tangi amarga krungu wong jerit saka ngisor. Aku langsung mengisor gawe ngecek
situasi. Aku delok ibu kost sing kaya wong mari delok dhemit, keweden, lan uring-uringan. Aku
banjur nenangake ibu kost sing lagi kaget iki mau. Ibu kost banjur ngomong “mbak iku mbak,
ing ngarep kunu mau celuk celuk ibu mbak, mbak tulung iku sapa mbak.”. aku nenangno ibu
kost “mboten wonten napa napa bu, ibu kaya e lagi ngelindur. Ibu lo sare dewe ora ana sapa
sapa eneh. Mbak Lela kaya e durung mulih lan mbak Tika tasih tilem kok. Uwis bu panjenengan
sare mawon.”. “tapi kaya arep jaluk tulung mbak, tapi ibu wedi. Mbak iku sapa mbak?” tako ibu
kost. “wis ibu maca ayat kursi mawon yen arepe sare, dijamin aman wisss” saranku. Sabanjure
ibu kost tenang, aku balik kamar lan lanjut turu sampe isuk.
Aku kuliah lan ana kegiatan kaya biasane. Dina iki aku mulih jam 11 an, aku melbu omah
lan delok ana wong tuo sing lagi omong-omongan karo ibu kost. Tak kiro yo tamu biasa tapi kok
aneh, klambine ireng-ireng, gowo akeh godhong-godhongan sing aku ora weruh apa jenenge,
wonge mendelik delok aku. Aku langsung ngeh yen wong iki dukun utawa wong pinter sing
diceluk karo ibu kost. “bu kula mantuk, lho niki sapa kok bengi bengi ana tamu?” aku takon
amarga penasaran. “wis kowe langsung mendukur wae” kongkon ibu kost. Si wong tuo iki mau
sik delok aku terus sampe aku menduwur. “mbah dadi ana apa ing kene kok aku sering delok
dhemit?” ngandikane ibu kost. “iku maeng jenenge sapa?” mbah e takon. “oh niku asmane Sari
mbah, wonten napa?” ibu kost jawab. “iki ana garem lan godhong sirih, delehen ngarepe
lawang kamarmu dijamin ora ana sing nganggu.” Jare si mbah. “oh inggih mbah, matur nuwun”
Ibu kost jawab. Si mbah banjur langsung metu omah lan ora ngucap apa apa eneh. Aku sing isih
ngerungokake langsung cepet-cepet melbu kamar.

Bengi selanjute, aku mulih ibu kost wis turu. Lan aku langsung melbu kamar. Saben dina
tetep kaya ngunu. Aku wis sue ora ketemu karo mbak Lela lan mbak Tika. Aku yo ora takon ing
bu kost amarga aku lagi sibuk buanget lan ora ngurusi dunyo perkost-kost an ini. Mulih yo turu,
isuk budhal yawis ngunu terus.

Isuk – isuk aku arepe jukuk mangan ing ngisor amarga aku pesen online, ibu kost
dumadakan nyeluk aku “mbak mbak kene disek, ibu arep ngomong”. Aku banjur marani
“wonten napa bu?”. “ibu dino dino ora iso turu maneh mbak, amarga suoro jaluk tulung. Ora
pisan mbak ibu krungu suoro iku.” Sambat bu kost. “lho wingi wis ana dukun ngunu, sik ora iso
turu?” takonku marang ibu kost. “nah iku mbak wingi aku diwenehi garem lan godhong sirih,
jarene dikongkon deleh ngarep lawang kamar, tapi pas ibu tangi ngarep kamare ibu resik ora
ana apa apa. Lan sik diganggu ing jero kamar. Suorone kadang lirik mbak, kadang sampe jerit
jaluk tulung sampe ibu ora iso turu.” Cerito ibu kost. “ah paling ibu krungu krunguen. Kula ing
dukur ora krungu apa apa kok.” Jawabku. “tapi ora pisan mbak krungune, suorone ora mandek
nyeluk ibu bu…tulung bu… bu.. aku ing kene bu… rene lo bu tulungana aku.”. Aku yo bingung
arep jawab apa, aku ya wis risih ibu iki ngomong ngene terus. Akhire aku meneng ae
ngerungokake ibu sing isih ngoceh wae. Ero aku meneng ibu banjur narik tanganku ben aku
jawab ora meneng wae “mbak kowe ngerungokake kan? Mbak ibu wedi banget, ibu kudu
yaopo iki mbak. Ora iso turu terus amarga suoro iku maeng”. Aku sing wis ketok kesel
ngerungokake ibu kost ngomong banjur ngusap rai kasar. Ibu kost ngomong maneh “tapi bener
mbak, suorone mirip karo mbak Lela lan mbak Tika. Ibu apal banget suarane ora mungkin salah
krungu. Ibu yo pernah delok dhemit sing mirip karo mbak Lela lan mbak Tika.”. Aku wis kesel
karo ibu kost iki, wis bingung banget kok ora sadar-sadar wong iki. Banjur aku narik napas lan
ninggalake ibu kost sing sek uring-uringan amarga keweden

Ing dalan arep melbu kamar aku mbatin “mbak Lela lan mbak Tika iki kok sek rame,
sanajan wis dakgawe meneng salawase”. Banjur aku melbu kamar lan nutup rapet-rapet
kamarku.

NAIRA AYU GHANIA PUTRI

XII IPA 3 / 28

You might also like