You are on page 1of 10

Tugas Bahasa Jawa

Naskah Drama

Oleh :
 Cindy Calista Aurellia Busri (08)
 Dwi Kusuma Ardyanti (10)
 Rafinta Mega Wahyu Kinanti (28)
 Sely Damayanti (30)
 Soleh Satrio (32)
Gulo abang gulo putih
Ing sawijining deso ono putri ayu kang becik sifate yaiku gulo putih, mula mula
uipe gulo putih ayem tentrem kalian wong tuane.ananging ing sawijine dino
ibune gulo putih loro-loroen kahanan iku digae kesempatan karo ibune gulo
abangkanggo ngrebut posisi ibune gulo putih.
Gulo Putih : “Bapak….(karo kebingungan)”
Bapak : “Ono opo nduk….ojo gupuh to,sek sek”
Gulo Putih : “Ibu gerah pak….”
Bapak : “(langsung mlayu nang kamar),Ya Alloh awak e ibumu
Awak e ibumu panas nduk”
Gulo Putih : ”Loh pak obate telas”
Bapak : “Yawes nduk iku duwek e tukokno nang warung”
Gulo Putih : “Inggih pak”
Gulo putih mlayu soko omah arep yuku obat gae ibuk e nang warung,ing tengah
tengah dalan gulo putih kepetok Gulo Abang
Gulo Abang : “Eh eh eh,saka endi?”
Gulo Putih : “Iki aku saka warung”
Gulo Abang : “Laiku seng ndek tanganmu apa?”
Gulo Putih : “Oh ikia,iki obat gae ibukku”
Gulo Abang : “Loh ibumu loro ta?”
Gulo Putih : ”Iya,wes ya aku selak dienteni bapakku!”(karo mlayu)
Saktekane ing omah
Gulo Putih : “Niki pak obat e”
Bapak : “Yo nduk, saiki jupukno banyu putih”
Gula Putih : “Nggeh pak. (mlayu menyang pawon) ,niki pak”
(Bapak ngombek ake obat e menyang ibu)
Bapak : “Ayo buk tangi sek, obat e di ombe”
Ibu GP : “Iyo pak” (karo ngombe obat e)
Bapak : “Wes saiki ibu turu o wae, Ayo gula putih melu bapak, ben ibu
Ngasuh”
Gula Putih : “Nggeh pak, pun bu istirahat mawon”
Bapak lan gula putih metu saka kamar kaliyan wajah sedih ,belih menawa ing
omahe Gulo Abang deweke karo ibuke lagi seneng amarga eroh yen ibuke Gulo
Putih loro ibuke Gulo Abang duwe rencono ala
Gulo Abang : “Ibu ibu ono kabar bu!”
Ibu GA : “Aduh-aduh,ono opo ta anakku seng ayu dewe iki kok bengok” ae”
Gula Abang : “Ibu ngertia lek ibune gulo abang loro?”
Ibu GA : “Hah iyo a? kowe jare sopo?”
Gula Abang : “Iki maeng aku ketemu gula putih ,deweke mari tuku obat gawe
gae ibuke”
Ibu GA : “(mlaku) hahaha iki kesempatan gawe awake iso nduweni posisi ing
Omah iku nduk”
Gula Abang : “(marani ibune) sek sek tapi piye carane bu?
Ibu GA : “(mikir, moro metik jari) ibu duwe ide ,wes saiki kowe siap* o
Mariki melu ibu”
Gula Abang : “Oke bu (mlaku nang kamar)
Gulo Abang lan ibunemlaku menyang omahe Gulo Putih karo nggowo o rantang
kang isine bubur sing wes di campuri racun
Gulo Abang : “Assalamualaikum”
Gulo Putih : “Wa’alaikumsalam,eh Gulo Abang lan ibune,wonten
nopo?
Ibu GA : “oh iki loh nduk jare Gulo Abang ibumu loro ta?”
Gulo putih : “oh inggih bu,niku ibu wonten kamar”
Bapak : “Ana sapa nduk (metu) oh Gulo Abang karo ibune,manga-mangga
Mlebet”
Ibu GA : “Nggeh pak matursuwon,niki loh kulo mbeta bubur damel ibune
Gulo Putih tirose gerah”
Bapak : “oalah niku wonten ten kamar”
Ibu GA : “Oh enggeh pun kersane cek istirahat mawon,kulo nggih matur lek
Mangke Gulo Putih wonten napa-napa kulo siap mbantu”
Gulo Putih : “oh mboten usah repot-repot bu insyaalloh kulo saged kiambek”
Gulo Abang : “uwes toh ora usah sungkan toh engkok lek kesepian nango omah
Dulinan karo aku”
Bapak : “wes inggih nduk bener iku,oh…enggeh matur suwon nggeh bu,
Ngapunten lek ngrepoti”
Ibu GA : “Nggih pak mboten napa-napa,oh inggih pun kulo pamit wangsul
Rien”
Bapak : “Nggeh bu”
Gulo Abang lan ibune balek mulih
Bapak : “Putih,bubur kuwi dulangno menyang ibu!”
Gulo Putih : “Nggih pak!(mlaku nang kamar e ibune)
Bu, niki nedha bubur rien”
Ibu GP : “Emoh nduk ibuk munek-munek”
Gulo Putih : “Loh niki damel ibu,monggo kulo dulang”(ndulang ibune)
Sakwise bubur mau entek Gulo Putih ninggalno kamar lan ibune turu,ora suwe
ibune Gulo Putih mau moro-moro magep-magep karo nyeluk-nyeluk Gulo Putih
lan bapak
Ibu GP : “Gulo Putih,bapak”(kejang-kejang)
Bapak : “Ya Alloh ibuk,ibuk opo o,?Gulo Putih-Gulo-Putih ibumu nduk cepet
Rinio!”
Gulo Putih : “nopo o pak,Ya Alloh ibuk.Pak nopo o ibuk?”
Bapak : “ora eruh nduk”
Gulo Putih : “ibuk…ibuk Ya Alloh ibuk!”
Ora suwe ibuk e gulo ngembusno ambekan terakhir
Bapak : “loh,ibuk(mrikso Nadine) innalillahiwainnalillahiroji’un”
Gulo Putih : “Hu hu hu hu ibu-ibu (nangis karo ngerangkul ibune)
Ibu Gulo putih sedo krungu kabar yen ibune Gulo Putih sedo Gulo Abang lan
ibune langsung nang omahe Gulo putih, deweke arep golek perhatian saka
bapake gulo putih lan pingin nguasani hartane gulo putih
Ibune GA : “Wes gulo putih ojo sedih, saiki kowe iso nganggep aku dadi ibumu
Dewe kok.ora usah sungkan mulai saiki kowe oleh nyelok aku ibu”
Gulo Abang : “iyo gapapa gulo putih kowe saiki tak anggep adekku dewe!”
Gulo Putih : “iyo gulo abang(karo mesem)”
Bapak e gulo putih duweni pikiran arep ngrabi ibune gulo abang ben gulo putih
ora kesepian yen ditinggal ibune
Bapak : “ibune gulo abang”
Ibu GA : “nggih pak”
Bapak : “kulo bade ngomong kale njenengan,nanging njenengan mawon
Ibu GA : “Oh nggeh monggo”
Bapak e gulo putih mlaku disekkan nang ngarep
Ibune GA : “(Mbatin) hahaha pasti bapak e gulo putih kate ndadekno aku
Garwane”(mlaku marai gulo putih)
Ibu GA : “Nggeh wonten nopo pak?”
Bapak : “kulo kepingin ndadosaken panjenengan ibune gulo putih ben
mangke
gulo putih mboten dewekan ten griyo lek kulo tinggal kerjo”
Ibu GA : “Emm kulo asline kulo nggeh purun pak,nangin nopo gulo putih
Purun nerami kulo?”
Bapak : “empun kuwatir gulo putih pasti purun”
Ibu GA : “Nggeh kulo purun!”
Sak minggu sakwise bapak gulo putih rabi karo ibune gulo abang bapak e gulo
putih bali menyang luar negri
Bapak : “bapak berangkat sek yo buk”
Ibu GA : “Nggih pak”
Gulo Putih nangis ditinggal karo bapak e.ora suwe gulo putih entok kabar yen
bapak e kecelakaan
Gulo Putih : “ibu mbak bapak kecelakaan”
Ibu GA : “Iyo ta jare sopo kuwi?”
Gulo Putih : “niku!”
Ibu GA : “Ya Alloh (etok-etok sedih)
Innalillahiwainnaillaihiroji’un”
Gula Abang : “Lho opo o bu, Bapak ganok?”
Gula Putih : “Ya Allah Bapak, Innalillahiwainnaillahiroji’un”
Sak wis e pemakaman Gula Putih sek nangis. Moro moro Gula Abang lan Ibune
marani Gula Putih. Semenjak iku sifate Gula Abang lan Ibune berubah menyang
Gula Putih.
Gula Abang : “Heh lapo kowe sek nangis wae?”
Ibu G.A : “Wes ora usah nangisi bapakmu sing wes mati, dadi arek kok
Gembengan”
Gula Putih : “Lhoo Ibu kok maleh ngoten seh?”
Ibu G.A : “Mulai saiki kowe ora usah nyeluk aku ibu! Kowe kudu nyeluk aku
Ndoro”
Gula Abang : “lan kowe kudu nyeluk aku tuan putri!”
Gulo Putih : “tapi bu?”
Ibu GA : “Gausa tapi-tapian, wes saiki kowe nango mburi njupuk o sapu karo
Pel. Rijik-rijik o omah”
Gulo Putih : “nggeh ndoro!”
Gulo Putih langsung nang mburi njupuk sapu banjur ngrijiki omah.
Ibu GA : “Saiki kowe nango kamare gulo abang! rijik ono kamare!
Gulo Putih : “nggeh bu (nang kamar e gulo abang),tuan putri aku arep ngrijiki
Kamar mu!”
Gulo Abang : “ya wes rijik ono seng rijik,eits ojo sampek ono barang ku seng
ilang!”
Gulo Putih : “enggeh tuan putri!” (banjur ngrijiki kamare gulo abang)
Ibu GA : “Gulo putih!”
Gulo Putih : “nggeh ndoro!”
Ibu GA : “Delok en iko kumbahan dek mburi wes numpuk,saiki nango kali
Umbah-umbah!”
Gulo Putih : “nggeh ndoro”(banjur nang kali)
Sak tekone ingkali.
Gulo Putih : “oalah nasib duwe ibu tiri”
Gula Putih nglamun, dheweke ora sadar yen klambine Gula Abang kenyut. Moro
gula putih sadar
Gula Putih : “Ya Allah klambine Tuan Putri” (Gula putih nguber klambi sing
kenyut mau)
Moro-moro ono samubarang mudun saka langit, gula putih kaget
Gula Putih : “Loh sopo kuwi?”
Ibu Peri : “Aku Peri saka khayangan”
Gula Putih : “Wonten nopo panjenengan mriki?”
Ibu Peri : “Aku arep ngejak kowe menyang kayangan. Mengko tak jelasno sak
tekane ing kayangan”
Sak tekani ing khayangan, Gula Putih tolah toleh ndelok sak kiwo tengene
khayangan. Ing kono peri ngongkon Gula Putih nenun. Sak marine nenun Ibu
Peri ngewenehi Gula Putih hadiah, ana 2 pilihan hadiah. Ing kotak cilik lak kotak
gede.
Ibu Peri : “Amerga kowe wes ngrampungake tenunan iki, aku arep
ngewenehi kowe hadiah. Saiki kowe miliho hadiah kuwi.”
Gula Putih : “Emm.. Kula milih sing niki mawon.” (milih kotakan sing cilik)
Sakwise milih hadiah Gula Putih mbalek moleh menyang omah e. Sak tekane ing
omah, dheweke arep mbuka hadiah e ananging ketemon karo Gula Abang. Gula
Abang ngrebut hadiah mau, lan takok saka ngendi Gula Putih entok hadiah
kuwi. Gula Putih nyreritakake. Banjur nang kali ngenyut no klambine lan akhir e
ketemu karo Ibu Peri.
Gula Abang : “ Ibu Peri klambiku kenyut”
Ibu Peri : “oh yen mengkono saiki kowe melok o aku menyang khayangan”
Sak tekane ing khayangan
Ibu Peri : “Nah cah ayu, saiki aku njaluk tolong menyang kowe nenun”
Gula Abang : “Hah.. Nenun? Emooh peri, aku gk iso nenun, aku mek pingin
hadiah”
Ibu Peri : “Yen kowe ora gelem, aku yo ora bakal ngewenehi hadiah marang
kowe”
Gula Abang : “Aduuh emoh emoh peri, wes saiki aku mek pingin oleh hadiah”
Ibu Peri : “Yo wes saiki kowe melu o aku (mlaku menyang nggen e hadiah)
Kowe meleh hadiah sing endi?” (Ibu Peri ngekek i 2 pilihan kotak
menyang Gula Abang)
Gula Abang : “Aku milih sing iki wae” (Milih kotak sing gedhe)
Sak wis e Gula Abang milih hadiah sing gedhe mau, dheweke mbalik menyang
omah e. Sak tekane ing omah, Gula Abang mbukak hadiah plihan e mau. Lan ora
disangka-sangka yen isine mau sampah. Gula Abang kaget, amerga isine ora
sesuai karo opo sing dipikirake. Gula Abang ngamuk, dheweke marani Gula
Putih.
Gula Abang : “Heh Gula Putih, kowe nggoro i aku yo? Aku mari saka khayangan
kuwi, lan milih hadiah, nanging hadiahku isine sampah. Kowe arep
njebak aku yo?”
Gula Putih : “Mboten Tuan Putri, mboten”
Durung sempet Gula Abang ngelanjutake nyeneni Gula Putih, Pangeran teko
menyang omah e.
Pangeran : “Assalamualaikum...”
Ibu G.A : “Waalaikumsalam.., Lhoo pangeran toh. Ayo ayo melbu lungguh
kene. Gula Abang, anakku iki nduk ana Pangeran.
G.A : (mlaku menyang ibu e) “Lhoo pangeran toh, ono opo pangeran?”
Pangeran : “Ora ono opo-opo Gula Abang, aku saking pingin mampir wae”
Ibu G.A : “Eh Nduk, Gula Putih kongkon nggawe wedang kanggo pangeran”
Gula Abang : “Gula Putih.. Gawekno wedang gwe tamuku”
Gula Putih : “Inggih Tuan Putri”
Gula Putih nggawe wedang, banjur ngeterake wedang mau
Gula Putih : “Niki unjukane, monggo..” (banjur mbalik nang mburi)
Pangeran : “Sapa kuwi Gula Abang?’
Gula Abang : “Emmm.. iku lhoo..” (Gula Abang bingung te njawab apa”
Ibu G.A : “Iku pembantuku pangeran”
Ora suwe pangeran penasaran karo Gula Putih, banjur etok-etok arep nang
jeding. Ing mburi Pangeran nemui Gula Putih, Pangeran omong-omongan karo
Gula Putih. Ndilalah Gula Abang ndelok, Gula abang ngamuk-ngamuk menyang
Gula Putih. Lan Akhire pangeran pamit moleh. Sak tekane ing Istana pangeran
duwe kekarepan kanggo ngungga-unggai Gula Putih. Menene pangeran mbalik
menyang omah e Gula Putih arep ngungga-unggai. Gula Abang lan Ibune kaget.
Pangeran : “Gula Putih apa kowe gelem dadi garwaku?”
Gula Putih : “Napa Pangeran mboten salah?”
Ibu G.A : “Heh Pangeran opo kowe ora salah milih Gula Putih? Wes jelas
ayuan anakku Gula Abang”
Gula Abang : “Iyo Pangeran, sak suwene iki kowe cedek karo aku, saiki kowe
malah arep rabi karo Gula Putih. Kowe tego ninggal aku dewi
wedokkan liyo?”
Pangeran : “Mboten buk.. kula pancen tresno marang Gula Putih. Piye Gula
Putih apa kowe gelem?
Gula Putih : “Yen panjenengan pancen tresno marang kula, inggih kula purun
panjenengan dadosaken garwa” (mesem menyang pangeran)
Akhire Gula Putih lan Pangeran urip bahagia

You might also like