You are on page 1of 8

Basa Rinengga

A. Pangerten Basa Rinengga


Basa Rinenga yaiku basa sing dirangkai kanthi cara tembunge digabung karo tembung liya
saengga dadi basa sing endah lan nresepake ati. Basa Rinengga biasane digawe ana ing acara
pedhalangan, pranata cara (sambutan temanten, pengetan taun anyar lsp).Utawa basa rinengga
yaiku karangan kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah. Endahing karangan
kasawung sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake, sarta basa kang edi peni. Edi
penining basa warna-warna, lan katon manawa diucapake. Racikaning basa kang edi peni karana
rinengga-rengga lan warna-warna rerengganing basa. Kajaba marga endahing basa, karangan
katon endah marga becik pangrakite, laras pangrumpakane. Iku katon ing prakara runtut lan
mathis panataning tembung lan ukarane. Endahing karangan marga cocog pamilihing tembung.
Upamane, bab anggone migunakake tembung camboran , dasanamaning tembung. Luwih-luwih
bab pamilihing tembung lan kridhaning swara ing sajroning ukara. Kadhang kala endahing
karangan utawa rumpakan karana mathis pamilihing busananing basa. Upamane, bab
pangraciking swara lan pangrakiting tembung. Ing istilah Jawa ana kang ingaran purwakanthi.
Istilah purwakanthi cupet banget pangertene, yaiku padha karo kang sinebut ing istilah Indonesia
sajak utawa rima.

B. Tujuan Basa Rinengga :


Kang dadi ancas (tujuan) digunakake basa rinengga yaiku kanggo nambahi kaendahaning ukara(pepaes).

C. Jinis-jinise Basa Rinengga :


1) Tembung saroja, yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dianggo bebarengan.
Tuladha: a. Wayang iku minangka budaya kang adi luhung.
b. Supaya Koperasi Sekolah maju, para pengurus kudu nggunakake akal budi.
2) Tembung entar, yaiku tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné (kata kiasan).Utawa
tembung kang ora kena ditegesi sawantahe baé sinebut uga ing basa Indonesia tembang silihan
(kiasan).
Tuladha : a. Para warga pada wedi amarga ana wong lara owah.
b. Sanajan rupane ayu, akeh sing ora seneng amarga tipis lambene.
3) Wangsalan, yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean utawa cangkriman nanging dibatang
(dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé.
Tuladha : a. Sarung jagung, abot entheng ayo ditanggung (klobot)
b. Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)
4) Paribasan, unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning
paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok.
Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar.
Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon).
Tuladha : a. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
b. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
5) Bebasan, unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan.
Kang dipindhakake kaanan utawa sesipatane wong/barang. Wonge uga katut ing sajrone
pepindhan nanging kang luwih ditengenake kaanane utawa tindak-tanduke
Tuladha :
1. Kocak tandha lukak
tegese : wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe.
2. Sedhakep ngawe-awe
tegese : wis mareni marang tumindak ala nanging ing bathin isih kepingin nindakake maneh.
3. Ngubak-ngubak banyu bening
tegese : gawe kerusuhan ing papan kang tentrem.
6) Saloka, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan.
Nanging kang dipindhakake wonge
Tuladha :
1. Gajah ngidak rapah
tegese : wong kang nglanggar wewalere dhewe
2. Sumur lumaku tinimba
tegese : wong kang kumudu-kudu dijaluki warah
3. Lahan karoban manis
tegese : wong bagus/ayu rupane tur becik bebudhene
7) Purwakanthi, Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara
ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.
Tuladha :
 Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.
 Ana dina ana upa, ana awan ana pangan
 Kala kula kelas kalih, kalung kula kolang-kaling keli ing kalen kilen kula
 Pak Kreta, nunggang kreta mudhun kreteg Kertasana.
Purwakanthi ana werna telu yaiku :
1. Purwakanthi guru swara: yaiku purwakanthi kang runtut swarane.
 Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati.
 Yen gelem obah bakal mamah.
2. Purwakanthi guru sastra : yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane.
 Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed.
 Sing sapa salah bakale seleh.
3. Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa : yaiku purwakanthi sing
tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake. Tembung guru ing kene
tegese paugeran utawa pathokan. Purwakanthi guru swara ateges purwakanthi kang nganggo
pathokan swara.
Urip iki ora angel,
 angele sok ginawe dhewe,
 dheweke tan ngrasa bisa,
 bisane mung nyadhong dhawuh,
 dhawuhe Kang Murba Amasesa.
 Ngelmu iku luwih pangaji,
 ajine datanpa tandhing,
 tandhingna bandha lan arta,
 arta iku gampang sirna,
 sirnane tan petung wektu,
 wektune ilang saben mangsa,
 mangsa iku gunakna ngupadi ngelmu.
8) Parikan, unen – unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten,
lan ukara kapindho minangka isi.
Parikan iku kaya pantun nanging mung rong larik, parikan migunakake purwakanthi guru swara.
Paugeran utawa pathokane parikan
Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
Ukara sing ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi, wos.
Tibaning ukara kang kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho.
Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra.

Tuladha parikan
Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2
a. Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi
b. Wajik klithik, gula Jawa. Luwih becik, sing prasaja.
c. Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen.
d. Plesir sore, dina ahad. Naksir kowe, kakehan ragat.
e. Plesir sore, dina minggu. Naksir kowe ora kewetu.

Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2


Bisa nggender, ora bisa ndemung. Bisa jejer, ora bisa nembung.
Bisa nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.
Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, sing sregep sinau.

Parikan (3 wanda + 5 wanda) x 2


Bayeme, wis kuning – kuning. Ayeme, yen wis nyandhing.
Timune, diiris – iris. Gumune, ora uwis – uwis.
Sirahe, dianguk – anguk. senenge, yen wis kepethuk.

Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2


Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit. Isih murid aja seneng keceh dhuwit.
Kembang menur, sinebar den awur – awur. Yen wis makmur, aja lali mring sedulur.
Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong. Yen wis condhong, tindakena gotong royong.
Tawon madu, ngisep sari kembang jambu. Aja nesu, yen ditudhuhna luputmu.

Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2


Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu. Aja awatak gumampang, den sengkud
nggregut sinau.
Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring pra siswa, aja wedi ing
rekasa.
kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati. Uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati

Parikan padinan
Kece, ora enak. Melu kowe ora kepenak
Ngetan, bali ngulon. Tuwas edan, ora klakon.
Peyek diremet – remet. Ngenyek, aja banget – banget.
Pitik walik, jambu wulung. Dilirik, wadul mring kakung
Pitik walik saba kebon. Ketoke cilik jebul babon.
Manuk emprit nucuk pari, dadi murid bukune keri.
9) Pepindhan, iku unèn-unèn jroning kang mindhakake barang, kahanan siji karo barang utawa
kahanan liyane, lumrahe nganggo tembung panggandheng : kaya, lir, pindha, kadya, lir pendah.
Pepindhan asring dipigunakaké ing pacelathon padinan, panyandra jroning adicara penganten,
pagelaran wayang utawa jroning babagan sastra

Tuladhané Pepindhan
Pepindhan kanggo nyandra putri kang sulistya.
 Ayune kaya dewi Ratih
 Dedege ngringin sungsang
 Lembéyané mblarak sempal
 Kulite kuning nemu giring pindha mas sinangling
 Lakuné putri Sala kaya macan luwé
 Luruhe pindha Dewi Sembadra
 Aluse kaya sutra
 Jogede kaya merak kesimpir
 Jogede mucang kanginan
 Kenese kaya Dewi Srikandi
 Janggute pindha tawon gumantung
 Antenge kaya temanten ditemokke
 Mendhak-mendhak kaya sata manggih karma.
Panyandra kanggo satriya utawa priya
 Baguse kaya bathara Kamajaya tumurun
 Brengose nglaler mencok
 Brengose nguler keket
 Dedeg piadege gagah prakosa kaya Raden Werkudara
 Tandangé cukat kaya jangkrik mambu kili
 Tandange kaya jangkrik mambu kili
 Tandange kaya sikatan nyamber walang
 Tandange kaya banteng ketaton
 Tekade kaya geni lan urupe
 Lakune sang sinatriya nusup-nusup pindha ayam alas

Pepindhan kang kanggo nyandra kahanane wadyabala.


 Abang kumpul padha abang kaya alas kobong
 Dawane barisan anglur selur pindha sela brakithi
 Ijo kumpul padha ijo kaya bethet sayuta
 Ireng kumpul padha ireng kaya gagak reraton
 Kuning kumpul padha kuning kaya podhang reraton
 Ramen suraking wadyabala ambata rubuh
 Swarane kaya mbelahna bumi
 Wangsulane saur manuk
 Akehe pepati ing prang Baratayuda kaya babadan pacing
 Akehe pepati kaya sulung lumebu geni
 Untabe wadyabala kaya samodra rob
 Ramene lir prahara nempuh wukir
 Polahé wadyabala Ngastina tinrajang prajurit Pandhawa kaya gabah diinteri

Pepindhan kanggo nyandra wong nesu utawa nantang perang


 Soca bang angatirah
 Jaja bang mawinga-winga sinabet merang sagedheng bel mubal dahana.
 Sang Prabu duka yayah sinipi lir sinebit talingane.
 Sumbaré kaya bisa mutungna wesi gligèn
 Kekejera kaya manuk branjangan
 Kopat-kapita kaya buntut ula tapak angin
 Pintera kaya bisa njara langit

Pepindhan kanggo nyandra kahanan


 Abote kaya watu
 Adheme kaya es
 Antepe kaya wesi
 Anyepe kaya gedebog
 Asine kaya uyah
 Atose kaya wesi
 Bantere kaya angin
 Dhuwure kaya othak-othak méga
 Empuke kaya gudir
 Enthenge kaya kapuk
 Gampang kaya empol pinecok
 Gelise kaya banyu sinaring
 Kaku kaya kena nggo pikulan
 Kesite kaya kadhal
 Kesité kaya laler
 Klular-klulur kaya tuma kathok
 Landhepe pitung penyukur
 Padhangé kaya rina
 Panase kaya mecah-mecahna sirah
 Petenge ndumuk irung
 Polahe ngaru napung
 Rikate kaya angin

Pepindhan liya-liyane
 Akehe lelara kaya kena pageblug
 Ali-aliné nggunung sapikul
 Bebedané ngadhal mèlèt
 Bedane kaya bumi karo langit
 Begjane kaya nemu cempaka sawakul
 Begjane kaya nemu emas sakebo
 Begjane kaya nemu emas salaka
 Begjane pindha karubuhan gunung menyan karoban segara madu.
 Bungahe kaya ketiban ndaru
 Cahyane bingar kaya lintang johar
 Cahyane nglentrih kaya rembulan karahinan
 Cep klekep kaya orong-orong kepidak
 Cethile kaya cina craki
 Cumlorot kaya lintang alihan
 Cumlorot kaya ndaru
 Dalane nggeger sapi
 Domblong kaya sapi ompong
 Dondomane kaya tutus kajang
 Galake kaya buta
 Galake kaya macan manak

You might also like