You are on page 1of 2

‫لسلَامُ َعلَ ْيك ُْم َو َر ْح َمةُ اللهُ َو َب َركَا تُه‬

َّ َ‫ا‬
‫السلاَمُ َعلَ ُى‬
َّ ‫لاة َُو‬
ُ ‫الص‬ ُ ‫ب ال َعالم ْي َُن َُو بُه ن َْس َتع ْينُ َعلَ ُى ام‬
َّ ‫ور الدنْ َيا َوالد ْينُ َُو‬ ُ ‫لح ْمدُ للهُ َر‬
َ ُ‫ا‬
َُ ‫اُ ْص َرفُ الأنْب َياءُ َُو الم ْر َسل ْي َُن َُو َعلَ ُى الهُ َُو‬
‫اُ َّما َب ْع ُد‬. ُ‫ص ْحبهُ ا ْج َمع ْين‬
Para dewan juri ingkang kula hormati, para rawuh ingkang minulya
Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun
Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat, taufiq saha
hidayahipun, satemah kita saged makempal adhep-adhepan wonten ing majelis
menika ingkang insya Allah kebak berkah, aamiin. .
Sholawat saha salam tansah kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung
Muhammad SAW. Sosok Kamil ingkang sipatipun sae lan ingkang paling trep
dipuntindakaken kaliyan solah bawa saha tindak tandukipun.
Dewan Juri ingkang wicaksana ingkang kula hormati.
Kanca-kanca pangajeng-ajeng bangsa lan para rawuh ingkang bingah.
Ing kalodhangan menika keparenga kula ngaturaken pidato kanthi irah-irahan
“munggah manunggal ing madrasah mandhiri”.
Ing jaman globalisasi menika kathah tantangan ingkang kedah dipun adhepi dening
kita para siswa. Wiwit saka tantangan perkembangan teknologi ingkang mboten
saged dikendhaleni, kita uga ngadhepi tantangan sosial ingkang kedah dipun
siapake. Awit saking menika, kita kedah saged ngatur strategi boten namung
lungguh-lungguh nanging kedah bangkit kanthi gagah prakosa ngadepi prakawis
punika supados boten getun ing tembe.
Dewan Juri ingkang wicaksana saha wicaksana ingkang kula hormati.
Ing antarane tugas-tugas kita kanggo ngatasi kabeh, mesthine sinau, sinau lan
sinau.
Ing sinau.... ampun salah milih papan kanggo sinau, milih papan sinau sing bisa
nuntun kita, uga menehi semangat kanggo entuk kawruh ilmu umum lan ilmu
agama.
Dados,,, menyang Madrasah kita dermaga sinau .... kanthi nuwuhake semangat
golek ngelmu ugo bermadrasah, tentu onten kalodhangan kang gedhe banget
kanggo kita bangkit kanthi kiyat nggayuh madrasah kang dadi pangarep-arep kita
saiki lan ing tembe.
Madrasah berprestasi minangka idaman kita sedaya, madrasah minangka
panggenan pucuking bangsa, madrasah nyiapake lan ndadosaken sukses ing donya
ugi ing akherat. Amarga kanthi ilmu, kita saged sukses ing donya uga ing akherat,
amarga ilmu uga manungsa bakal nduweni drajat kang dhuwur ing ngarsaning
Allah.
Allah dawuh wonten ing Al Qur'an surat Al Mujadalah ayat 11 :
ٰ َ َ َ ْ ْ ُ ْ ُ َ ْ َّ َ ْ ُ ْ ْ ُ َ ٰ َ ْ َّ ُ ‫َ ْ َ ه‬
ٍۗ‫يرف ِع اّٰلل ال ِذين امنوا ِمنكمْۙ وال ِذين اوتوا ال ِعلم درجت‬

Tegese; "Allah bakal nambahake wong-wong sing iman ing antarane sampeyan lan
wong-wong sing diwenehi ilmu pirang-pirang derajat."
Wonten ing gesang padintenan, tiyang ingkang ngelmu lan pitados gadhah
kalenggahan ingkang pinunjul ing masarakat lan menika minangka salah
satunggaling tuladha wohing pasinaon wonten ing madrasah ingkang berprestasi.
Para juri ingkang kula hormati... para rawuh ingkang kinurmatan.
Minangka umat Islam ingkang sampun mangertos wigatosipun ngelmu, mugi-mugi
kita lan madrasah kita kedah langkung sregep anggenipun ngudi ngelmu senajan
kathah alangan ingkang dipun adhepi.
Kados dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

‫ا ْطلبُ الْعلْ َُم َولَُْو كَا َُن َب ْي َنكَُ َو َب ْي َنُه َب ْحرُ م َُن ال َّن ُار‬
Tegese "Ngudi ngelmu senajan ing antarane sira lan ilmu iku ana segara geni".
Hadits iki mbuktekake sepinten pentinge mados ilmu, muga-muga kanthi sinau kita
bisa bangkit kanthi kuwat lan ora kekirangan, amarga….
Kun'aliman, utawa muta'alliman,
au mustami'an, utawa muhibban.
{Wala takun khoomisan (2x fatahlika)}2x
“Sira dadia wong kang ngelmu, utawa wong kang ngudi kawruh, utawa wong kang
ngrungokake kawruh, utawa wong kang seneng marang kawruh. lan aja dadi wong
kang kaping lima, supaya kowe bakal cilaka utawa rusak.”
Para dewan juri ingkang kula hormati... para rawuh ingkang minulya
Mekaten pidato ingkang kula aturaken, mugi-mugi migunani
Kupat disiram santen
sedaya lepat nyuwun pangapunten
Wallohul Muwafiq Ilaa Aqwamit Thooriq

ُ‫الله َو َب َركَاته‬ َّ ُ‫َو َعلَ ْيكم‬


ُ ُ‫السلاَمُ َو َر ْح َمة‬

You might also like