You are on page 1of 3

DENING :

1. RACHEL RENITA PUTRI (26)


2. ORBITA YANUAR (23)
3. QONITA KHANSA (24)
4. STEFFANI ELSHA (29)

SUGENG AMBAL WARSA SMAN 1 PONGGOK

Esuk iki ora ana sejene karo dina-dina sadurunge, kerasa seneng lan lega ing njero ati.
Aku sebut kaya niku amarga esuk iki kabeh warga sekolah kang ana ing sekolahku yaiku
SMAN 1 Ponggok padha ngerayakake acara kang sanget meriah lan bakal dikenang kabeh
warga sekolah. Acarane yaiku HUT utawa dina ulang taun saka sekolahku kang wis nduweni
umur 22 taun.
Acara HUT iki saben taun dilaksanakake ing panggon sekolahku lan sakniki
dilaksanakake ana ing sekolahku dina Senin, Selasa, lan Rabu sarta wektune saka isuk nganti
sore. Sadurunge iku, ana kagiyatan kanggo meriahake HUT ing masing-masing saka 3 dina
iku mau kang kagiyatane iku beda jinise. Kayata ing dina Senin kagiyatane yaiku ana
penampilan kreasi kelas saka saben kelas kang ana ing sekolahku, bazar saka saben kelas,
seleksi duta SMA lan penyambutan saka kepala sekolah. Selanjute, ing dina Selasa ana
kagiyatan kayata penampilan kreasi kelas kang during tampil saka dina Senin wingi lan
lomba futsal sarta fashion show lanang wadon saka saben kelas kang ngerebutake final utawa
juara 1,2, lan 3. Ing dina rabu wis tibane acara puncake yaiku HUT SMAN 1 Ponggok.
Ananging, ing dina Rabu iki ana kagiyatan-kagiyatan kanggo nambahi meriahne saka acara
iki yaiku jalan santai, pembagian rapot kang ditujukake kanggo wali murid saka
perkembangan belajar anake sarta penyambutan kepala sekolah lan penampilan-penampilan
liyane. Ditambah maneh kayata pelepasan balon lan pembagian saka lomba-lomba kang
diadakake kanggo meriahake acara kasebut.
Lain ceritane, aku lan sakabehe kancaku kelas 12 IPA 5 padha seneng lan deg-degan
ing dina Senin iki, amarga arep tampil paduan suara kelas. "Adduhh.. yak opo iki.. kok
nderedeg ya.." pitutur Shodiq, " Podho wis, aku pisan, sakabehane kabeh wis" tambahe cah-
cah.Kabis wis nyiapne saka intonasi lagune, lan alat peragane musik. Kelasku tampil nomer
12 saka penampilan paduan suara kelas, aku lan sakabehe kancaku padha nyiapake kabeh
mulai saka pakaian, make up, alat peragane musik, lan property liyane. Sadurunge tampil,
aku lan sakabehe kancaku padha dunga mugi-mugi sukses, lancer, lan bismillah menang.
Sanadyan ing njero atiku lan kancaku, ngerasa yen apa mungkin kelase kita menang? Amarga
sadurunge ana kelas kang tampil lan penampilane iku apik banget. “Apa mungkin ya, yen
kelasku bisa nampil luwih apik saka iku, muga-muga wae wis bisa InsyAllah”, pituturku.
Aku lan sakabehe kancaku padha optimis muga-muga iso tampil luwih apik saka kelas liyane.
Kita kabeh wayahe nampilake dikancani marang Pak Nur Siddiq saka wali kelas 12 IPA 5
suatu kesenengan bagi kita kabeh. Bismillah lancar, sukses, lan menang, Amin.
Sak marine tampil, akeh bocah kelas liyane lan para guru padha tepuk tangan ananging
aku lan sakabehe kancaku padha ngerasa deg-degan. "Huuuuu..., wow apik" pitutur saka
sakabehane kanca lan adik kelas padha menehi tepukan yen kelasku tampil apik. Aku lan
sakabehe kancaku padha ngerasa yen pas nampil mau ana kesalahan, amarga iku kita kabeh
ngerasa yen bakal kalah. Wali kelasku tetep menehi semangat, yen ancen kalah ora apa-apa
kang utamane kita kabeh sampun nampilake awit nganti terbaik. “Apik penampilan saka
kalian sakabehane, ora apa-apa yen senadyan kita kabeh kalah, kang pentinge kita kabeh wis
nampil lan Pak Sidiq dungani mugi-mugi bisa menang juara 1, Aminnn." pitutur saka Pak
Siddiq. "Aminnnn......'’.
Sak marine iku, saiki aku lan sakabehe kancaku padha ngenteni pengumuman sapa
kang juara utawa menang saka saben lomba, kang utamane yaiku penampilan paduan suara.
Tiba wektune pengumuman khusus lomba paduan suara kelas saka saben kelas diumumake
ing dina selasa iki sak marine kabeh tampil. Hasile yaiku kanggo juara 3 kang menang saka
kelas 11 IPA 3, juara 2 kang menang saka kelas 12 IPS 4, lan juara I yaiku saka kelasku 12
IPA 5. Aku lan sakabehe kancaku padha ngerasa ora nyongko yen menang amarga kita kabeh
ngerasa ana lirik kang lumayan akeh salahe. "Ya Allah... kelase kita menang...
Alhamdulillah", pituture Dika Ardianta kang sanget terharu lan kaget ora nyongko.
"Wuuuuu... kelase kita menang juara 1, yey..", pitutur saka kancaku kabeh. Syukur
Alhamdulillah aku lan sak kabahe kancaku padha seneng sanget lan terharu. Ngelepas
perasaan iku, aku lan sakabehe kancaku 12 IPA 5 langsung foto bareng wali kelas kang bakal
dadi kenangan sejarah saka kelas 12 IPA 5. "Ayo wis foto cah, gawe kenang-kenangan kita
kabeh, terakhir kita menyang kene", pitutur Anton Waluyo saka ketua kelas 12 IPA 5. "Gaya
fotone aja nganti lali, rek”. Kayata 5 jari, iku tandane kelas 12 ipa 5, oke.
Sakdurunge pengumuman lomba liyane, kita kabeh warga sekolah kang ana ing SMAN
1 Ponggok padha ngerayakake HUT. Kagiyatane yaiku awale kita kabeh padha jalan sehat,
pembagian rapot, penampilan sapanunggalane, lan tiba wektune yaiku pengumuman saka
lomba-lomba kang diadakake sadurunge HUT. Pengumuman lomba kayata futsal, estafet,
fashion show, lan paduan suara diumumake langsung ing panggung. Kelasku nampa juara
lomba-lomba kang ana ing smaga kanggo ngerayakake HUT SMANEPO ke-22 yaiku juara 1
lomba paduan suara, juara 1 lomba fashin show, juara 1 lomba estafet, lan juara 1 lomba
kebersihan kelas.
Perayaan saka acara puncak HUT iki sanget meriah amarga ana artis-artise SMANEPO
kang nyanyikake macem-macem lagu mulai saka dangdutan, pop, lan reggae. Kahanane
nganti rame sanget ing ngarep panggung kabeh kanca lan liyane padha njoget kabeh.
Ditambah pelepasan balon kang wis dadi tradisi saka SMANEPO yen saben ngerayakake
HUT. Pelepasan balon dilakokake saka kepala SMAN 1 Ponggok yaiku Ibu Wiwik
Dwiastutik. Saka acara iki kita kabeh padha seneng sanget amarga acara iki dilakokake mung
sepisan saben taun. Sahingga, dina iki yaiku dina kang lagi seneng-senenge ngelepas penat
kang ana ing pikiran lan ati. Kang utamane kelas 12 iki, kita kabeh kudu seneng-seneng
amarg acara iki yaiku acara terakhir kanggo aku lan sakabehe kancaku. Aku lan sakabehe
kancaku bangga nduweni sekolah kang saged bisa dadi sekolah tertib, disiplin, lan teges. Aku
mung ngarepaken yen kedepane mugi-mugi sekolahku iki SMAN 1 Ponggok bisa ngalahake
sekolah liyane lan tetep dadi sekolah kebanggaane saka Ponggok. Sarta muride kang
berprestasi lan juara. Selamet dina ulang taun kang wis nduweni umur 22 taun sekolahku,
sekolah kowe, lan sekolah kita kabeh SMAN 1 Ponggok.
Matur nuwun kangge saben guru kang wis ngajarake nganti susah seneng marang kita
kabeh, jasa panjenengan kabeh sanget berharga kangge kita kabch. Mugi-mugi Tuhan kang
bales jasa panjenengan kabeh. Amin... Tetep jaya lan terus berjaya ing taun iki lan kedepane.
SMANEPO JAYA.

You might also like