You are on page 1of 2

Nama : DEVI TRIANA

Kelas : X MIPA 8

- NGINGU AYAM-

Dina Minggu esuk aku lan adiku malku mlaku marang alun alun,lagi mangsan covid merekna alun
alun ora patia rame ora kaya ganu sing mesti saben dina Minggu rame amarga akeh wong pada senam
pit pitan lan olahraga jogging lan ora kelalen kabean pada nganggo masker lan pada jaga jarak.Nang
kana aku lan adiku mlaku muter alun alun ping telu.Sawise rampung mlaku kue aku lan adiku mampir
sarapan bubur ayam,aku senenge bubur ayam sing pedes lan diaduk,adiku senenge bubur sing ora
disambeli lan kuahe setitik.Rampunge sarapan aku lan adiku mlaku bali nglewati pasar aku mampir ming
pasar,Nang pasar saben dina Minggu pasti rame lan dalane ditutup nggo para pedagang aku mlebu ming
njero pasar nggo ndeleng ndeleng apa bae sing nang pasar.Mlebu pasar aku langsung tumbas
risol,putu,lan jajanan pasar liane.Muteri pasar aku ora sengaja weruh bakul sing dodol ayam pitik lan
manuk mprit,banjur aku lan adiku langsung mereki bakul pitike sebabe pengin tuku pitik mergane
warnane lucu lucu ana ijo kuning abang,lan biru.Aku lan adiku masing masing pada tuku
loro,aku warna kuning karo abang adiku warna ijo karo abang,pitike regane Jane sedoso ewu
tigo,amarga aku tuku papat dadi regane kawanwelas ewu,aku banjur bayar lan ngetokna duit
gangsalwelasewu.Sawise dibayar pitik mau kue diwadaih kaya sarang manuk cilik lan diwehna marang
adiku aku muteri maning pasar nggo deleng deleng,ana bakul pukis amarga ketone kaya enak aku dadi
tumbas regane gangsal ewu isine sekitar sepuluhan.Sampun muteri pasar aku lan adiku banjur bali,gutul
ngumah aku langsung cuci tangan lan maskere dibuang marang tempat sapah sesuai karo protokol
kesehatan.Mlebu umah aku langsung resik resik yakuwe adus lan ganti klambi.

Rampunge aku adus banjur aku niliki pitike nang njaba jebule lagi disogna gerdus nggo tempat pitike
nang adiku.Aku langsung mrentah adiku resik resik disit amarga nembe bali lunga lunga,karna jaman
kaya kie dewek kudu waspada lan jaga diri dewek dewek nggo keslametan.Aku nggantini adiku njagani
pitike ngempani pitik.Pertama aku ngaweih empan pitik dedek disogi banyu,tapi malah pitike ora
doyan.Bapaku ngendika jere Ari pitik iku mangane Pur lan inume Inuman pitik.Ngerti kaya kue aku lan
adiku lunga Maring warung sing dodol empan karo inume.

Saben esuk aku ngetokna pitike kang gerdus men pada saba nang kebon,Ari wengi pitike tek sogna
gerdus lan nduwure di lampuni jere bapaku men anget.Ngingu pitik kaya kue Jane gampang gampang
angel,angele yakuwi pas arep ndikepe men mlebu marang gerdus.

Sue sue pitik sing maune cilik sing wis nggedeni dadi ayam,tapi siki tinggal telu amaraga pitik sing
nggone aku mati siji.Ayam ayam kue dikandangna nang kandang ayam sing.digawekna bapaku.Saben
esuk ayam ayam kue diempani dedek sing dicampur karo banyu.Ayam sing ana nang kandang uga udu
kue tok ana jago ana ayam kate,lan ana entog.Saben esuk aku mbantu bapak menehi pakan lan ngombe
gawe ayam supoyo gelis gede. Pakan ayam sing biasa digunakne ono berbagai macem, kadang dipakani
beras, jagung, utowo dedak.Pakan kasebut biasa ditumbas bapak ten tengkulak khusus sing wes
kerjasama suwe dadine iso oleh rego ingkang murah.Aku seneng belajar ngingah ayam langsung karo
bapak.

Akhire sebab aku seneng ngingu pitik aku kepengin tumbas maning pitik pitik sing warna warni Nang
pasar,dina minggune aku tindak maring pasar nggo tumbas pitik kue,aku tumbas warna ijone siji,kuninge
loro,lan abange loro.Sawise tuku aku banjur bali,sedurung mlebu omah nggo resik resik,aku ngandangna
pitike nang gerdus bekas pitik sing ganu,sawise kue aku mlebu omah nggo resik resik.Awane aku niliki
pitike sing moni piyak piyak wae,jebule amrag pitike kepengin mangan aku banjur aweh pakan pitik
yakue pur karo gawe inum pitike.Sawise digawe pakan kue disogna marang kerdus sing ana
pitike.Amarga esih dadi pitik,saben sore pitik pitik kue dilebokna marang omah lan diwei cahaya lampu
bohlam jarene bapaku men pitike pada anget.

Ora kerasa aku wis sue nginguni ayam lan pitik,ayam ayam sing ws gede ana sing ws di olah dadi
panganan.Tapi ayam kaya kue jebulane daginge sepetil amarga wulune sing kandel pisan,wektu kue aku
juga sempet ngingu meri.Meri nang bahasa jawa artine anakan entog,tapi ora sue amarga ngingu meri
menurutku lewih angel daripada ngingu ayam sing abang ijo.Aku seneng bisa ngingu pitik lan meri sebab
kue nambah pengalaman banget nggo aku.

You might also like